Ajian Kelonan Pangruwating Asmara
Nalika nonton twitter jebul wong-wong lagi padha rame, yaiku rame urusan RUU Ketahanan Keluarga. RUU-ne jenenge Ketahanan Keluarga, nanging njerone dilalah ana ukara bab senggaman (sex), utamane tumindak sanggaman nganggo tata cara BDSM (bondage, disipcine, dominance, submission, sadism, masochism).


RUU Ketahanan Keluarga kuwi diarani bocor. Maksude, lagi diproses karo DPR lha kok malah wong-wong padha ngerti tur bisa maca jerone. Klebu sing dadi masalah BDSM-e. Tak kira niyate pemerintah apik; aja nganti nglakoni hohohihek marai salah siji wong sing lagi hohohihek mati, apa meneh matine amerga nganggo cara BDSM.


Cilakane, BDSM iki uga ana sing mbelani. Kaya ta sing dilakoni Asumsi.co. Kanthi nggawe wawancara kalawan cah-cah enom sing doyan BDSM, Asumsi.co ngandhani menawa BDSM kuwi ora njuk meksa nanging ana MoU-ne.


Anane MoU kuwi jalaran saben wong duwe wates rasa lara. Kaya nek ditendhang pringsilane sing lanang dening wong wedok, lha sing wedok kudu ngerti sepira tenaga sing kudu ditokke tanpa marai lara sing lanang. Mengkono uga praktek sakwalike.


Asumsi.co duwe asumsi, apa wae tata carane kelon kuwi gumantung wong loro sing andon kasih. Anggere ora ana kekerasan fisik kanthi peksa, ora dadi ngapa, klebu nglakoni BDSM. Apa sing diulas Asumsi.co beda kalawan ulasane Vice sing luwih ngawedhar urusan privasi hohohihek. Cethane tur sajake, ulasan saka Vice iki sing mesthine dadi sorotan paling gedhe. Ora malah BDSM-e.


Pancen pener BDSM kuwi mesthi ana wates rasa larane. Ana perjanjene. Pitakonane, nek wis kadhung nglakoni BDSM banjur kelangan kontrol piye? Sapa sing bisa jamin slamete wong? Nanging nek wis kebacut kulina ya mbuh meneh. Kulina mecut-mecut, netesi lilin, utawa nganti nggebug nalika hohohihek.


BDSM mung pambuka, arep dilarang utawa ora ya ndelok kahanan. Perkara utamane yaiku kaya apa sing diomongke Vice bab privasi senggaman. Malah, saka artikele Vice mau jebul ana katrangan menawa hukum ing Indonesia ora bisa midana wong loro sing senggaman ana ruang pribadi tur ora ana aturan saka negara nek wong loro sing lagi senggaman kudu digropyok! Dadi wong nggropyok sing malah nglanggar hukum. Cek en kene


Wong loro senggaman lagi bisa dicekel nek jebul karo-karone posisi selingkuh, banjur salah siji bojo teka wong loro kuwi mau ana sing nggawe laporan marang pulisi.
Aja arani tulisan iki ngajaki tumindak senggaman tanpa tali nikah. Nek sirahmu metu gambar-gambar saru, kuwi lumrah. Iki mono klebu sex education. Mula aja mung mikiri patut utawa ora, saru utawa ora, budaya Jawa isine ora mung babagan tata krama.


Pujangga Jawa lan Gambar Senggaman


Iki ana kasus sing aneh. Lagi wae tak elingi. Umume wong Jawa mesthi omong bab tata krama, mula ngglibet ing perkara patut utawa ora. Mungguhe kahanan (situasi-kondisi), penganggep patut utawa ora patut pancen bisa mathuk. Sakumpama wayah tahlilan lha kok malah misuh-misuh, kuwi salah. Kelakon diantemi wong sak desa nek nglakoni ngono.


Klebu wayah njero kelas malah ngunekke kancane sing gundhul kanthi omongan, “Ndasmu kaya pukon!” Kelakon di DO kowe engko.


Nanging nek kanggo konteks ilmu utawa kawruh, ora ana sing jenenge saru. Klebu unen-unen tempik, konthol, pringsilan, penthil, lan sakpiturute. Ya aja banjur takon, “Kena ngapa ora nganggo ukara alat kelamin utawa vagina utawa rudhal?” Nek kowe takon ngono keri diwalik, “Lha neng basa Jawa ana istilahe dhewe kena ngapa nganggo ukara sing non-Jawa?”


Ing omah, ing sekolah, pos rondha, lan ing ngendi-ngendi wewulang senggaman utawa omong-omongan bab senggaman mesthi diarani saru. Tibane, cah enom ngerti tata cara senggaman kanthi ora langsung; saka omongane wong liyan sing wis dewasa lan saka nindakake dhewe. Cilakane, wong dewasa bisa ngerti carane senggaman ya kaya awak dhewe, krungu omongane wong sing luwih tuwa lan nglakoni dhewe.


Engko mesthi ana wong sing maca tulisan iki banjur aweh bantahan ngene,”Wis dilarang wae akeh sing senggaman, apa meneh nek diwulangke!” Bantahan iki ana penere, nanging sepira gedhe penere? Anggere senggaman sing ditindakake ora mbribeni wong liya lan ora nglarani siji lan sijine, ya ora dadi ngapa ta? Tur anggere senggamane isih nyekel laku senggaman Jawa, kena ngapa kuwatir?


Prelu dimangerteni, sanggaman kuwi tandha manungsa. Nek ditutupi terus kanggo cah-cah enom, kelakon cah-cah enom bakal golek cara dhewe kanggo sinau senggaman. Padahal, para pujangga Jawa wis ngewenehi ilmu sanggaman, kena ngapa kok ora dinggo? Kena ngapa sing dikandeli ing batine wong Jawa mung babagan tata krama? Padahal meneh, pujangga Jawa ngarani nek senggaman uga butuhake tata krama!


Ana akeh karya sastrane pra pujangga Jawa sing ngawedhar perkara sanggaman. Sok-sok senggamane kanthi tembung langsung ana sing disamarake. Dadi ora mung Centhini lan Kamasutra. Kamasutra dhewe dudu asli Jawa. Kuwi mung istilah saka Sansekerta. Turahan liyane isih akeh banget; Perangan judhul karya sastra sing ngomongke bab hohohihek iki dijupuk saka artikele Soeharto Mangkusudarmo, Erotisme dalam Sastra Jawa Kuno, Kakawin Arjunawiwaha (pupuh XV), Kakawin Sarasamuccaya, Kakawin Subhadarawiwaha (pupuh XLIV), Kakawin Bharatayudha (pupuh XII bait 28 – 29), Serat Centhini, Bauwarna Djawa, Kawruh Sanggama, Susila Sanggama, lan isih akeh meneh tunggale.


Nek awak dhewe ngarani nulis babagan sanggaman kuwi saru lan ora entuk ngomongake babagan saresmi kanthi alesan saru, banjur piye leh awak dhewe ngarani para pujangga Jawa? Apa awak dhewe bakal ndakwa nek pujangga Jawa kuwi dha saru?


Anane wong ngarani saru nyata amerga dheweke ora dhong utawa cupet pikir. Pujangga Jawa minangka gambar intelektual Jawa kaya sing diarani Prof. Margana buktine nyante-nyante wae ngomongke bab kelon.


Tumindak sanggama utawa hohohihek dilakoni dening kabeh titah, klebu manungsa. Ing seratan Kawruh Sanggaman, anonim, 1935 saka website Sastra.org, dicethakake menawa kabeh titah pancen lumrahe saresmi nanging kanggo manungsa ana tata carane lan tata kramane.


Kapisan, kaya dene sing diserat ing Kawruh Sanggama, pisanan sakdurunge makenthu, wong lanang lan wong wedok kudu adhep-adhepan dhisik nganggo posisi lungguh tahiyat awal. Patrap pratingkah luwih cethane kaya ngene sing kaserat ing Kawruh Senggaman:

Citra Kawruh Senggama


Manawi badhe matrapakên sacumbana, punika utaminipun priyantun kakung kalihan putri lênggah rumiyin ajêng-ajêngan, ardaning driya dipun asrêp-asrêpa, păncadriya kalêrêmna, sawarni kados badhe muja sêmèdi.

Kawruh Sanggama, sastra.org


Nuntên astaning priya ingkang têngên anyêpênga dariji manisipun wanita ingkang kiwa, lajêng kapijêta sawatawis, supados wanita kraos manahipun, gadhah grêgêt saut pyur tratab, ngantos karaos ing jisimipun èstri, titikanipun kêkêtêkipun èstri mungêl dhêg-dhêg, asring kêpirêng ajêng-ajêngan.

Kawruh Sanggama, sastra.org


Nuntên kakung angastaa gigiripun èstri dumugi walikatipun, tuwin angarasa poking karna ingkang wradin ngantos dumugi grananipun wanita.

Kawruh Sanggama, sastra.org


Tumuntên angalapa napasipun èstri, katarik ing napasipun kakung, ing batos nyiptaa ngalap manahipun wanita wau. Lajêng angarasa larapanipun èstri, sarta anyiptaa malih: ngalap warni, kalakuan tuwin nyawanipun wanita wau sarana dipun aras êmbun-êmbunanipun. Sadaya wau kêdah katindakakên kalayan sabar sarèh.

Kawruh Sanggama, sastra.org


Sanggaman dipercaya minangka salah siji dhawuhe Gusti marang Kanjeng Nabi Muhammad SAW sing banjur ditularake tekan Walisongo. Dening Walisongo, kawruh sanggaman saka Arab dilarasake marang Aji Asmaragama. Maksude, supaya para manungsa nyebar winih kabecikan kanthi senggaman, kaya ta sing kaserat ing Susila Senggaman:

Citra Susila Sanggama, sastra.org


Wondene piwulang asmaragama wau asli kêkaranganing panjênênganipun walisanga, kala sabibaring jumênêngipun karaton Dêmak, amarêngi taun 1445 amêthik sangking gubahanipun Sèh Jafar Sidik, ing tanah Arab, akalihan kapêthikakên sangking aji asamaragama, inggih ingkang kawastanan aji ginêng, asmara cipta, asmara turida, amung kapêthik tatakramaning ênêng êningingipun, ingkang kalampah kala jaman purwa minggah dumugi jaman Adzam, sadèrèngipun dhahar wohing kuldi, lajêng kacampur saha dumunung dados dhapur tatakramaning sanggama punika.

Susila Sanggama, sastra.org


Wewulang Sajroning Senggaman


Ilmu sanggaman utawa kelonan utawa hohohihek duweni aranan dhewe dhewe. Budaya Jawa ngaranine Aji Asmaragama, Aji Gineng utawa Aji Gineng. Ing tembung Sansekerta diarana Pranamaya Kusha, bahasa Arab ngarani Roh-Rabbani, banjur ing basa Walanda arane Archisclie Haam.
Meh kabeh karya sastra Jawa anyar nyebutake menawa sakdurunge hohohihek ora entuk ujug-ujug foreplay apa meneh langsung numpaki kaya kewan. Becike kudu adhep-adhepan dhisik, donga neng jero ati dhewe-dhewe.


Syarat sing kaya ing dhuwur kuwi ngawenehi ngerti menawa wong kenthu kudu sadhar mring Gusti, lan tumindake senggaman pancen saka karsaning Gusti. Dudu malah karepe dhewe arep uwal-uwal kabecikan.


Sakwise ngetut laku kaya ngono, wong lanang alon-alon nindihi sing wedok. Pupu ketemu pupu, sikil loro rada dibenggangake. Tangan kiwane sing lanang dadi bantal cengele sing wedok, tangane sing tengan nyekeli ubun-ubun sing wedok. Nalika arep nglebokake konthol, maca donga dhisik miturut agama sing dianut. Sakwise maca donga, lagi ngrapal wacanan Aji Asmaragama:


Hong Hyang Hyang Kamajaya Ratih, surapsara surapsarièng asmara, ulun mamisik wanita, matêmah yumana kang rahsa, sing dayèng aji asmaragama, myang wisesèng paduka.

Kawruh Sanggama, sastra.org


Hong Hyang Hyang Jagad Pratingkah, ulun manuhun lumerahèng wijining manungswa kang minulya, măngka sutèng ulun, sing wisesèng paduka.

Kawruh Sanggama, sastra.org


Ilmu Aji Asmaragama ora bisa langsung dinggo, kudu ana mesu tapa bratane lan tirakate. Ora bisa ujug-ujug dinggo.
Kirane cukup semene dhisik. Jawasastra bakal rutin nerangake bab sanggaman minangka jejibahan tukar kawruh sex education ala Jawa, tinimbang ora andang dimiwiti sekolah-sekolah lan pemerintah.


Kanggo cathetan wae. Aji Asmaragama lan khususe sanggaman iki klebu ranah privat. Sakumpama ana pol PP nggrebek, wenehane cara nglakoni aji asmaragama wae. Lha meh piye? Masa wong lagi andon tresna kok diribeti. Lha aparate nek pas ngonokan diribeti cetha ora gelem ta? Elinga rat aparat, lan para pamerinrah kabeh, urusana wae sing ketara mata, ora prelu ngurusi rasaning ati rakyatmu.

Latest posts by jiwajawasastra (see all)