Tahlil Alam Sabrang

Tahlil alam sabrang – Satekane omah saka gaweyan, sedurung nguntir kunci lawang, Karjo njupuk undhangan kertas sing kaselip ing ngisor lawang omah. “Kang Harto mesthi nggoleki aku iki mau.” Grenenge Karjo sinambi mbukak lipetan kertas undhangan.

Kamangka undhangan wis dibukak, nanging ora njur diwaca. Karjo nguntir lawang dhisik, mlebu ngomah, nuli nyelehake undhangan sadhuwure meja.

Ngombe dhisik, adus, Maghriban. Karjo pesen Shopyfut. Sate lonthong sing dipesen. Dheweke ngenteni tekane pesenan ing lincak pelataran ngomah. Lincak sing dipayungi wit maja.

Samar keprungu wara-wara saka corong mesjid. Karjo ora nggape awit suwarane sing pating kemrosak, “dhateng para…. (rskkksksk)…. mang (rksksksk)…. Isya (rsksksk)…. ing dalemi…. (rskskksk) No…. (rskshsk)…. nuwun…”

Karjo mencureng, alise ameh gathuk banjur komentar. “Corong wis rusak kok ya ora ndang diganti, mau ki aweh informasi apa malah ora cetha. Iki ya ngono, suwe tenan satene, neng aplikasi jam 18.25 kudune wis tekan.”

Bungkus Dji Sam Soe dibukak Karjo. Lambene sing wis pait amerga asam lambung wiwit munggah dipeksakake ngemut udud. Pikire Karjo, ududan bisa nyuda anggone kaliren.

Rokok wis entek separo, pesenan sate durung wae teka. Karjo wiwit gliyengan. Pandelengane semu samar. Lampu dalan katon ana loro, kamangka mung ana siji.

Nalika ngenteni sate dumadakan ana Kang Harto teka. Dheweke wis sarungan lan kopyahan. Alok-alok saka adohan, “Jo ayo budhal.”

Anggone Kang Harto jumangkah nganti keprungu. Pawakane sing lemu bisa marai bumi aserehe a rehe – rehe rehe. Tekan ngarepan omah suwarane sansaya sora, “Jo ayo budhal kok.”

Karjo sing wis meh keturon amerga ngenteni sate glageban sadhar, “Kang Harto? Budhal menyang ngendi?”

“Lah, kowe ki piye, saiki kuwi 1000 dinane Mbah Japar!”

“Heh? Masa? Kok aku ra ngerti? Sakelingku lagi sasi wingi Mbah Japar anggone ra ana.”

Kang Harto nyedhak marang Karjo sing isih durung menyat saka lincak, “Lha apa kowe rung maca undhangan sing takselipake ngisor lawang?”

“Wadhuh, iya kang, aku lali. Ya wis ayo…” Karjo ngadeg, arep njupuk kopyah, nanging mandheg. “Eh kang, aku pesen sate, masa taktinggal?”

“Kowe ki piye, engko ki entuk mangan barang lho. Ya wis nek ngono chaten drivere, omongo nek pesenan satene kon nyelehke ngendi ngono.” Usule Kang Harto.

“Wah, cemerlang! Ya wis. Enteni dhilit, takjupuk kopyah ro ngandhani driver.”

Papringan Sintru

Karjo lan Kang Harto budhal menyang omahe swargi Mbah Japar. Dalan sing dipilih ngeliwati papringan sintru.

“Kok ora liwat dalan biasa wae kang?” Takone Karjo karo rada mrindhing.

“Mundak telat engko. Liwat kene wae ben gelis tekan.”

Karjo sadhar menawa dalan sing dipilih nuju omahe Mbah Japar pancen luwih cepet tinimbang dalan biasa. Nanging dalan sing dipilih wis kondhang sangare.

Papringan sing rungkut sisih kidul kerep dadi panggon muncule genderuwo. Wis ana akeh wong desa sing nyekseni wujude genderuwo ing papringan kuwi.

Ilutrasi genderuwo saat menuju undangan tahlil
Ilustrasi genderuwo. Sumber: Pinterest

Kandhane wong desa sing nate ngaweruhi. Untune genderuwo kuwi tajem, matane abang mbranang, awake wulu kabeh. Rupane ora ketara amerga uga ketutup wulu ireng.

Sing aneh, nalika bulan sumunar banjur nyorot wulune genderuwo, cahya bulane malah dipantulake saengga genderuwone sansaya katon cetha wujude!

Ana crita meneh nek dalan papringan kuwi uga kerep nyasarake wong sing liwat. Dadi ora langsung metu saka dalan papringan nanging ana makhluk sing sengaja nggawa muter-muter tanpa paran.

Ing liya crita, jare nate ana wong ilang nalika liwat dalan alas papringan. Dilalah sing ilang kuwi wong neneka, dudu wong asli desa. Konon wonge lagi ketemu sakwise patang puluh dina.

Isih akeh crita aneh, senadyan mangkono, Karjo lan Kang Harto nekad nerusake laku, amerga dha mangerteni nek wong sing biyasane entuk kedadeyan aneh neng dalan alas papringan kuwi rata-rata dudu wong asli desa utawa dudu wong sing laire ing desa kuwi.

Ana kaparcayan menawa wong sing asli lair ing desa kuwi nora bakal kena perkara aneh nalika liwat dalan alas papringan.

Riwayat Mbah Japar

Jangkrik nyauti keprungune swara azan Isya saka mesjid, diseseli swara maruta sing mbelah pring njur ndadekake unine kaya bocah-bocah cilik tetangisan. Mlakune cah loro mau dicepetake. Malah bisa diarani rada mlayu.

“Kang, kowe ngerti rerasanane wong desa iki ngenani Mbah Japar?”

“Rerasanan sing ngendi?”

“Jare wong-wong, Mbah Japar sejatine ora mati, jasade pancen mati nanging nyawane dipindhah dhewe menyang ula ingonane. Lha ula ingon-ingone Mbah Japar kuwi asline naga!” Kandhane Karjo sinambi ngupaya ngetutake jangkahe Kang Harto.

“Mula ulane ilang pas Mbah Japar seda, ngono nalare?” Kang Harto mbethek pikirane Karjo.

“Hla, betul kang…” Saute Karjo.

Amerga wis kebacut kepenak anggone wong loro mau rasan-rasan, tanpa padha sadhar, wong loro mau wis ora mlayu meneh nanging mlaku biasa.

“Senadyan jare Yai ngelmune Mbah Japar kuwi klebu golongan ireng, ning dheweke sok aweh tetulung liyan. Masa ya tetep ora klebu wong apik kang?” Karjo takon kanthi sereng.

“Ora ngerti Jo, aku ya ra wani ngukumi. Yai pancen kandha nek ngelmune Mbah Japar kuwi ngelmu ireng, nanging Yai ra nate dhawuh nek Mbah Japar kuwi wong ala.” Jawabe Kang Harto.

“Hah? Masa kang?” Karjo ora percaya.

“Lha tenan, jal eling-elingen saben pengajiane Yai sing ngomongake Mbah Japar, apa Yai nate matur nek Mbah Japar wong ala?”

Karjo meneng sawetara, sajak ngeling-eling, “Rumangsaku pancen ora nate kang.”

“Lha mula kuwi. Sok-sok wong sing ora teliti ngarani Mbah Japar ki diomong ala karo Yai, padahal Yai dhewe ra tahu ngomong Mbah Japar kuwi wong ala.”

Karjo tumuli uga kelingan nalika wong tuwa lelorone lara banjur seda amerga pandemi. Sedurung wong tuwane loro seda, Mbah Japar sing mesthekake butuh saben dinane Karjo sakulawarga.

Malah, Mbah Japar sing aweh dana kanggo berobat nalika wong tuwane loro lara lan dana pemakaman wong tuwane.

Minangka anak ontang-anting, pitulungane Mbah Japar yekti ngenthengake abot sanggane kahanan. Kabare, ora mung wong tuwane Karjo sing ditulungi, nanging kabeh wong desa sing nandang lara amerga pandemi ditulungi kabeh karo Mbah Japar.

“Ala utawa apike manungsa kuwi mung Gusti sing wenang ngukumi, Jo.” Imbuhe Kang Harto.

“Iya kang, nanging mesakake jane Mbah Japar sedane amerga kena teluh dukun saingan.” Pocape Karjo lirih.

Ora kerasa Karjo lan Kang Harto wis ngliwati pring awujud gapura sing dadi tandha nek dalan alas papringan wis entek.

Ora adoh saka kono, ana omah sing duweni pendhapa, katon. Ya kuwi omahe Mbah Japar swargi.

Pimpinan Tahlil

Satekane Karjo lan Mbah Harto, jebul wis wong-wong wis padha teka. Wis njupuk panggon lungguh dhewe-dhewe. Tahlilan dianakake aneng pendhapa. Klasa-klasa wis digelar. Wong-wong sing melu tahlilan wis padha marep mengulon.

Karjo lan Kang Harto nyopot sandhal banjur lungguh ana ing pojokan mburi cedhak saka paling pojok sisih wetan-lor.

Aeng tur aneh, swasanane khusyuk tenan. Wong-wong sing teka ora omongan siji lan sijine babar blas. Kepara ora ana sing ududan barang. Lumrahe nek ngenteni tahlilan lekas mesthi dha ududan sik ro omong-omongan.

Karjo nyawang para undhangan sing ana sacandhake baka siji. Ana Darto, Karno, Apri, Suyat, Didin, Bindheng, Ndombleh, lan Adam.

Karjo ndulit Darto, “wis ket mau pa To?”

“Hmmm….” Jawabe Darto karo manthuk alon.

“Piye gaweyanmu neng pabrik? Lancar?” Karjo takon meneh.

“He’em…”

“Si Jihan kapan e kok lamar? Hehe… Nek ora arep koklamar, luwung kene taklamare… Piye?” Karjo takon rada guyon.

Ujug-ujug Darto noleh karo rada mendelik. Matane katon kuning. Embuh apa sing dadi alesane, Karjo sakdheg saknyet mingkem karo mesem sithik.

Karjo noleh marang Kang Harto, bisik-bisik, “Kang, si Darto rupane kaya nantang gelut kamangka mung taktakoni bab hubungane ro Jihan. Eh, malah mendeliki aku.”

Kang Harto meneng. Meneng cep ora sumawur. Ora wangsulan. Awake ndredheg. Kringete katon sakjagung-jagung. Polahe kaya patung kepanasen.

“Kang….” Karjo mbisiki meneh.

Ilustrasi tahlil alam sabrang
Swasana tahlil

Urung sempet diwangsuli, ujug-ujug ana wong mlangkah mlebu pendhapa karo uluk salam saka njero omah.

“Sugeng dalu, Assalamualaikum… Mangga tahlil dipunwiwiti nggih…”

Sedurung diwiwiti, wong sing uluk salam uga sing dadi pimpinan tahlil mau ngirimake Patehah. Urut saka Njeng Nabi, Syeh Abdul Qodir Jaelani, lsp. Nganti tekan, “khususon ila ruhi Baruklinting, Al Patehah…”

Tahlil banjur diwiwiti. Ayat-ayat Qur’an sing dirangkai dadi sing arane tahlil ngumandhang satengahing wengi. Swara tahlil ngambang tumuju angkasa, ngeterake panyuwunan marang Gusti Pengeran.

Angin sumribit, napuk godhong-godhong gedhang sing ngupengi pendhapa. Kabut tipis mudhun kanthi lerep-lerep, anutupi baka sethithik suket sing ana pekarangan.

Wong-wong padha khusyuk anggone ngetutake pimpinan tahlil. Ora ana sing ora khusyuk. Kabeh manteb anggone ndedonga lan ngrapal wacan suci.

Saben awak para tamu obah kanthi runtut. Anggone nyondhong kiwa utawa tengen tansah bebarengan.

Kang Harto sansaya gemeteran. Kanthi alon Karjo lagi sadhar lan ngrasa menawa ana sing aneh. “Kayane ana sing aneh saka Patehahe mau, apa ya?” Karjo nyoba nelateni.

Suwarane wong sing salam uga sing mimpin tahlil kok kaya ora panggling. Karjo rada ngadeg, numpu ing dengkule.

Mak dheg.

Karjo lemes awake amerga weruh saka mripate dhewe. Tanpa goroh. Sing mimpin tahlil ora liya Mbah Japar dhewe.

Rampung

Tulisan Gombalamoh Lainnya

Gombalamoh

nDilalah founder Jawasastra Culture Movement. Pecinta sastra Jawa, novel grafis, dan pengetahuan ekologi tapi tidak yakin dalam hal praktek lapangan. Penggembala dosa.

Satu komentar di “Tahlil Alam Sabrang

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan.

Kembali ke atas
%d blogger menyukai ini: