Bangsat, Lelakon Bangsat
Bangsat, Lelakon Bangsat

Bangsat, Lelakon Bangsat9 min read

Mungkur, iku kang bisa dilakoni Dirman. Donya wis ora dadi panggonan sing endah kanggo dheweke. Susah nistha kebak ngisi lelakune.    

   //Apa ta kang aran tresna/ rasa seneng dumunung ana ati/ tan samar saben dinulu/ ana uga kang wuta/ saniskara sarwa endah saben wektu/ thukul kembang jroning dhadha/ dadi manising pepesthi//    

”Bangsat…, kabeh bangsat.”

“Ana apa, Kang Dirman?” Pitakone Badra.

”Tantri dirudapaksa brandalan neng etan desa. Apa wis ora ngerti sapa aku iki?”

Dirman lumaku rikat. Golok kang digawa ing tangan tengene medeni. Wong Desa Cuwilan wis ngerti sapa si Dirman. Cilikane wis ditinggal mati ibune. Ibune mati nalika nglairake dheweke. Durung genep setaun dawane umur neng donya, bapakne nusul ibune.

Dirman ora duwe sapa-sapa maneh. Uripe mung melu pakdhene, Pak Wasis. Pak Wasis salah sawijine pedagang sayur ing Pasar Bekel. Uripe Dirman awit cilik akeh dilakoni neng pasar. Weruh brandal pasar, ciblek-ciblek kang nggodha wong lanang sing teka neng Pasar bekel, wis biasa. 

Dirman cilik seneng gelut. Dhasare bocahe nakal. Sapa wae bakal dilawan. Kamangka awake luwih cilik saka mungsuhe, Dirman ora wedi. Kabeh iku amarga dheweke kerasa uripe sepi. Ora ana wong tuwa sing ngupakara dheweke.

ilustrasi rasa sepi Dirman

“Man, ngapa kowe kok gelut wae tah? Apa ora mesakake pakdhemu iki?” Kandhane Pakdhe Wasis.

”Aku ki wis sabar, Pakdhe. Tapi, njenengan kudu pirsa kae, cembre-cembre pada gawe masalah karo aku. Aku diunekke bocah brangasan, ora duwe tata krama, bocah ra duwe wong tuwa. Aku ki asline ya lara ati Pakdhe, nanging piye meneh. Nyatane aku ki ya mung cah brangasan kang saba turut pasar.”

”Terus?”

”Aku pengin dadi wong sukses. Aku kudu duwe dhuwit akeh.”

”Lah, kowe ki ngewangi pakdhe wae, dagang. Mbesuk, yen wis gedhe, kowe ngganteni pakdhemu iki dodolan sayur neng pasar kene. Saka dodolan mau, kowe bakal duwe dhuwit.”

”Wegah, Pakdhe. Aku pengin dadi gali.” Semune Dirman karo mesem.


Wong pasar padha ngawasi Dirman. Raine abang murub. Aloking Dirman nggoleki para brandalan keprungu neng ngendi-ngendi. 

”Kowe ngerti bocah-bocahe sing biasane nongkrong neng etan desa?” 

”Ora ngerti, Mas Dir,” Jawab salah sawijine pedagang.

”Uasuuu!!!” 

Brukkk, suara banter, pedagang mau kena bogeme Dirman.

Dirman dadi gentho neng Pasar Bekel wus cukup suwe. Nalika isih rumaja, Dirman nantang kabeh gento-gento Pasar Bekel. Blas ora ana wedine. Kabeh kaya wis dadi legendha ing pasar kono. Anak brangasan sing wis ora duwe wong tuwa dadi jagoan gelut sing diwedeni. Nalika iku isih rumaja. Dirman ora duwe kanca. Kabeh gentho dadi anak buahe.


”Mas, aku titip Dirman marang awakmu. Jaganen, Mas. Wulangen ngelmu babagan urip lan agama.” Penjaluje Karman marang Wasis.

”Kowe arep menyang ngendi?” 

”Aku arep lunga menyang Jakarta, Mas.”

”Nang desa wae. Melu aku dagang nang Pasar Bekel.”

”Ora, Mas. Aku pengin duwe dhuwit akeh. Aku pengin nyenengake  anakku, si Dirman. Arep daksekolahke sing dhuwur bocah iku supaya bisa dadi wong pinter. Ora kaya aku sing bodho ngene iki, Mas.”

”Ya, wis. Yen pancen mangkono, sing ati-ati, Man.”

Karman wis mantep mangkat menyang Jakarta. Modhal nekat kabeh bakalan dibabat. Mung siji sing dadi kepenginane. Bisa gawe seneng Dirman, anake.

Esuk umun-umun Karman wis menyang stasiun. Manawa isi kereta wis kebak, Karman niyat mangkat munggah ana dhuwur kereta. Ndilalah, kereta pancen wis kebak. Ora ana dalan liyane. Karman kudu numpak neng dhuwur gerbong kereta. Ora ana rasa wedi neng atine Karman.  

Sepur lekas mlaku. Mlakune banter. Kaya ula sing nyebrang satengahe Pulo Jawa. Karman nyawang sakiwa tengene. Kabeh sawah ijo sing wis siyap dipanen. Adhem rasa atine Karman.

Gludak. Swara iku banter banget. Getih mili neng cedhak rel. Rel kang atos nampani sirahe Karman. Surub iku candhikala sumunar samar. Samare kaya Karman sing mati. Karman ora nganti tekan Jakarta. Sajak Karman saiki wus tekan suwarga. Nanging, bisa uga Karman malah tekan neraka. Sapa sing bakal peduli? Dirman, bocah cilik iku ora ngerti apa-apa.


”Awakmu pengin dadi gali, Man? Gali kuwi ala. Pagaweyane ora becik. Malah gawe susah wong liya. Bener, kowe bakal diwedeni, diajeni, lan oleh dhuwit akeh saka pedagang-pedagang neng Pasar Bekal kene. Nanging, aku kelingan welinge bapakmu, si Karman, biyen,”

“Aku diweling kon njaga awakmu. Aku diweling supaya awakmu dadi wong pinter, wong kang ngerti agama. Iku mau dadi salahku maneh. Aku ora bisa menehi awakmu ngelmu, ngelmu donya, apa maneh ngelmu agama. Aku dadi kepikiran bapakmu, Man.”

 “Ora apa-apa, Dhe Wasis. Aku wis gedhe. Aku iki cubluk, bodho, ora pinter, uteke cethek. Gelut wis dadi kesenenganku. Saka gelut, aku oleh dhuwit. Aku wis bacut dadi bocah brangasan sing ora ngerti tata krama, Pakdhe.” Ujare Dirman.

”Kali mili ana cawange, Man. Kowe wis gedhe. Sakkarepmu, lelakumu kuwi uripmu. Aku pakdhemu iki mung bisa nggedhekake awakmu kaya ngene. Yen aku iki gagal anggone nggedhekake kowe, mugi Gusti paring kawelasan. Mugi awakmu tembe burine bisa sadhar, Man.” 


Dirman lagi lungguh ana jaban Pasar Bekel. Kaya biasanae, Dirman njaga parkir sinambi njaga keamanan Pasar Bekel. Saben dina, anak buwahe Dirman nagih dhuwit keamanan marang pedagang-pedagang Pasar Bekel. Gunggunge ora akeh, namung rong ewu. 

”Mas, kula nitip sepedha nggih.”

”Iya, Mbak.” Jawabe Dirman.

Wong wadon ayu. Rambute dawa. Pasuryane sulistya. Katon prasaja numpak pit kanggo blanja ing Pasar Bekel. 

Wong wadon mau pancen saben esuk blanja neng Pasar Bekel. Suwene-suwe, Dirman apal karo wong wadon mau. Suwene-suwe, Dirman duwe ati marang wong wadon mau.  Dhasare wong brangasan, Dirman tanpa tedheng aling-aling langsung njaluk kenalan karo wong wadon mau.

”Mbak, jenenge sampeyan sapa? Dakgatekake, kok saben esuk mesthi blanja neng pasar iki.”

“Tantri, Mas.” Jawabe sinambi mesem.

“Aku Dirman, Mbak. Saben dina aku kerja neng pasar kene. Biyasa, dadi keamanan. Gawe ayeme para pedagang ing pasar kene.”

”Ooo, Mas Dirman. Inggih, Mas. Wah, sampun siyang, Mas. Kula wangsul rumiyin, nggih.”

”Iya, Mbak. Eh, iya Tantri.”

Tantri njupuk sepedhane. Pit mau diobel alon-alon. Sumerbak angin gawe rambute mabur. Ora mabur, mung sumilak kena angin.

“Tantri!” Dirman alok banter.

Dumadakan Tantri mandheg. Dheweke ngawasi memburi.

“Ana apa Mas Dirman?”

“Ban pitmu mubeng, Tan.” Kandhane Dirman kanthi ngguyu lakak-lakak.

“Walah, wedhusi!!” Tantri krasa anyel marang Dirman.

”Ati-ati, Tan. Kapan-kapan dakdolan menyang omahmu.”

”Huuu…” Sambate Tantri sinambi ngobel sepedhane.


”Kang Dirman, aku weruh ana wong loro sing lagi nongkrong neng etan desa, Mas.” Palapure Badra, salah sawiji anak buwah Dirman.

“Bangsat!! Ayo diparani! Aja nganti ucul!!”

Dirman karo Badra menyang ing pinggir Desa Cuwilan. Temtu wae, arep nggoleki wong kang ngrudapaksa Tantri. Motor RX King taun 1994 digeber banter. Swarane mbrebegi kuping. 

Satekane neng etan Desa Cuwilan, Dirman lan Badra langsung nggoleki brandalan sing kerep nongkrong neng kana. Brandalan mau ora ngerti masalah sing bakal ditemoni. Pancen brandalan cacah loro mau sing ngrudapaksa Tantri. Nanging, sakloron ora ngerti sapa iku Tantri. Sakloron mung ngerti yen Tantri iku kenya desa kang mendhak dina liwat etan Desa Cuwilan.


Atine Tantri dheg-dhegan. Sabubare kenalan karo Dirman mau, pikirane mung mikirke Dirman. Sadawane dalan, dheweke mesam-mesem dhewe. Rumangsa nek iku sing diarani tresna. Dheweke ora nyawang Dirman sing brangasan. Pokokmen, kanggone Tantri, Dirman iku bocah bagus sing bisa gawe atine dheg-dheg ser.

Semana uga Dirman. Dirman uga duwe rasa kang padha karo Tantri. Kaya-kaya ketaman asmara. Dirman pengin banget ketemu karo Tantri. Apa maneh, Dirman durung bisa ngeterake mulih Tantri. 

Ndilalah kersane Gusti. Satekane etan Desa Cuwilan, ana brandalan sing lagi nongkrong ana kana. Brandalan mau pancen wis biyasa nongkrong neng kana. Biyasane ora tau ngganggu Tantri. Nanging, embuh kepriye kadadean iku kalakon. 

 Tantri dirudapaksa bocah loro. Badan wadage wong wadon ora bisa nglawan. Nanging, Tantri nglawan. Tantri tansah nyoba nglawan. Nyikut, nendhang, lan nyakar wis diupayakake. 

Odhal-adhul. Klambi morak-marik. Rambute awut-awutan. Prastawa kang ina. Prastawa kang ora bakal dilalekake Tantri. Iluh mili netes saka soca. Batine campur rasa kang saya ndadra. Saya susah. 

“Dhuh… Gusti!!! Lelakuku kok kados mekaten….”

Sumber gambar: Fredml.com

”Ana apa Mas Dirman? Kok kadingaren dolan menyang etan desa kene.”

”Bangsat kabeh!!” Dirman ninju salah sawijine berandalan mau. 

Bruuuk, swara pawongan tiba neng lemah.

”Kosik ta, Mas. Iki ana apa saktemene?” 

“Rasah kakehan cangkeman!!” Timpale Badra.

”Apa bener awakmu wong loro sing ngrudapaksa Tantri?” Pitakone Dirman.

 “Tantri sapa ta, Mas?” 

“Wong wadon sing wingi lewat kene!” 

“Ampun, Mas Dirman. Aku gak ngerti yen iku kenalane Mas Dirman.”

“Bangsat kowe. Iku wog wadon sing daksenengi!!” Pocape Dirman  kanthi ndhupak wetenge brandalan mau. 

”Tangia!! Ayo, dirampungke! Dina iki kudu rampung. Kepriye carane kudu bisa nemoni dalan padhang.”

“Maksude, Mas?” 

”Duel!!” Tantange Dirman.

”Yen mangkono, ayo Mas!”

”Kowe mungsuh aku. Kowe, mungsuh Badra.”

Badra nyauri, ”Siyap, Mas Dirman.”

Duel tanpa gaman gayeng kalakon. Badra ora kalah eloke karo Dirman. Mungsuhe padha kewalahan. Dhasare Dirman lan Badra iku jagoan kampung. 

Brandalan sakloron ambruk. Dirman nangis. Ana ing atine dheweke mesakke karo brandalan mau. Nanging, dheweke wis kebacut murka. Wewayangane Tantri sing nangis tanpa daya tansah kumleyang neng pikirane Dirman. 

“Badra, jupuke golokku neng montor kae! Cepetan!!”

”Iya, Mas!” Badra njupuk golok ana motore Dirman.

Golok mau wis dicekel Dirman. Wus cedhak karo gulune brandalan mau. 

Wuusss, goloke diayunake. Nanging ora kena gulune brandalan sakloron. Golok mung tumancep ana lemah. 

Dirman nangis. Dirman mbengok banter banget, ”Dhuh Gusti, iki ta lelakonku…”


”Mas, tangi, Mas. Mas Dirman, tangia!” Kandhane Badra.

Glagapan. Dirman tangi. Napase banter, munggah-mudhun. Kringete ndlewer kotos-kotos.

“Ana apa, Dra?” Wangsulane Dirman sawise ngimpi kang aneh mau.

“Kae, Mas. Dogoleki wong wadon. Jenenge Tantri. Ban sepedhane bocor. Kowe dijaluki tulung ngeterake mulih.”

”Tantri, sing wingi kenalan karo aku. Dheweke ora apa-apa, kan?”

”Ya ora ta, Mas. Tangia sik. Ngimpi kok suwe-suwe. Kana, gek diterke mulih. Yen ora gelem, takterke dhewe wae.”

”Rupamu..! Kowe neng kene wae. Jaga parkiran. Dakterke.”

Dirman mungkur saka ambene. Dijupuk montor RX King taun 1994. Banjur nyedhaki Tantri.

”Piye?”

”Piye apane?”

”Gek numpak, ndak dicegat brandalan etan desa!”

”Brandalan sapa je, Mas?”

“Ah, dudu sapa-sapa. Ayo, dakterke mulih.”

“Bangsat, ngimpiku pancen bangsat. Luwih bangsat tinimbang uripku!” Kandhane Dirman sajroning ati. Dirman banjur ngeterke Tantri mulih. Lewat etan Desa Cuwilan. Nanging, ora ana sapa-sapa neng etan Desa Cuwilan. Bangsat, lelakone Dirman pancen bangsat. Gayenge mung sajroning ngimpi. Blaik

Apriyanto D Santoso
Latest posts by Apriyanto D Santoso (see all)

One comment

  1. Pingback: Sebelas Tulisan Terpopuler 2020 di Jawasastra - Jawasastra

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *