Banyu Tangi Turu4 min read

Ora kabeh wong kulina ngombe banyu pas tangi turu. Nyatane, akeh kancaku sing malah langsung nyumet rokok angger tangi turu. Nek keconangan aku mesthi takseneni, ora urusan dina kuwi dina Senen apa dina Sabtu. “Tangi turu langsung rokokan! Mbok ya ngombe banyu putih sik!” Kurang luwih kaya ngono tembunge.

Umpama sik ngeyel wae, mesthi takpeksa. Engko ora ketang telung tenggakan dheweke ngombe banyu putih dhisik. Aja ngarani aku ra duwe toleransi. Mlebu babagan prinsip, sakwajare wong nek bakale meksakake. Tur lehku meksa supaya ngombe banyu putih sakwise tangi turu mau kanggo becike kancaku dhewe.

Pakulinan ngombe banyu putih pas  tangi turu iki takentuk saka bapakku. Nalika SD, angger tangi turu, mesthi nemoni bapakku nggaglak banyu putih sakgelas gedhe. Wiwitane aku ra nggatekake, ning suwe-suwe malah gumun. Tau taktakonke neng ibuk, ngapa bapak ngombe banyu putih gelas gedhe saben tangi turu.

Wangsulane ibuk, “wis kulinane bapakmu” Gandheng kurang manteb, taktakokne neng bapak langsung. Semaure bapak, “ben sehat, ben seger, ben ginjele bapak kuat.”

Sakngertiku bapak ra duwe masalah kesehatan ginjel. Takkira amerga wonge cen kulina ombe banyu putih pas tangi turu.

Saka kunu akhire taktiru. Biyen pisanan njajal nenggak banyu putih gelas gedhe pas tangi turu. Lahdhalah malah keseleg njur watuk. Wekasane takwiwiti gelas cilik. Ngancik SMA lagi isa gelas gedhe.

Ngombe banyu putih pas tangi turu sawangane wae sepele, nanging akeh banget manfaate. Ujare mayoritas pakar kesehatan, ngombe banyu putih pas tangi turu, pas weteng lagi kosong, kuwi bisa ngilangi racun jero awak; nyegerake badhan; lan mbalekke kesadaran kanthi luwih cepet

Kultus Tirta

Miturut konsep Panca Maha Bhuta, satengahing urip manungsa ora bisa ucul saka anasir lima: Geni, angin, lemah, banyu, lan cahya.

Jagad gedhe wis cetha kasusun saka elemen lima, mengkono uga neng jagad cilik, yaiku badhan pribadi iki. Ngelingi konsep Panca Maha Bhuta kuwi, anane banyu ora bisa ditawa utawa diganti elemen liyane.

Ing wayah awak dhewe tangi turu, kahanan awak iki ibarat hape dibalekke neng setelan pabrik. Sakojur awak miwiti dina lan mlakune elemen.

Mripat nampa cahya, otot balung dipanasi, ambegan wiwit dirasakake, lan kulit malih ketarik pas mulet. Supaya fungsi badhan sing nggawa elemen papat mau lancar, kudu diombeni banyu putih dhisik.

Mungguhe wong Jawa, banyu kuwi anasir paling cedhak tur paling disakralake. Karya-karya sastra Jawa mbuktekake bab iki. Misale crita Sena sing dikon golek Tirta Marta dening Bhagawan Durna; crita Samudramanthana; Legenda Rawa Pening lansakpiturute.

Wong Jawa sing omahe cedhak umbul utawa thuk utawa sumber rata-rata duwe upacara tatemtu nggo rasa syukur awit anane sumber banyu neng daerahe. Mengkono uga wong Jawa sing aneng segara lan wukir. Kandhane Dwi Cahyono, sumber banyu neng Jawa pancen disucekake.

Ritual upacara Hindhu ing Jalatundha. Sumber: Sindunews

Mula ana anggepan mistis tatemtu marang sumber banyu. Kaya ta Umbul Sanjaya ing Semarang sing dianggep biyen panggon samadi Jaka Tingkir lan bisa marai awet nom; Patirthan Jalatundha sing konon kualitas banyune nomer loro sakdonya sakwise Zamzam tur dianggep bisa ngluruhake penyakit.

Senadyan wong Jawa ngancik jaman modern, nyatane efek mistis banyu sumber tetep kajaga.

Coba saiki niliki kultur wong NU. Neng daerah Jatim, isih ana lho pakulinan nggawa banyu sakbotol nalika pengajian. Botol isi banyu putih mau banjur diselehke cedhak sound supaya kena swara ngaji utawa dongane kyai.

Konon, cara mengkene mau bisa nambahi berkah lumantar banyu putih. Tekan omah, banyu sing wis kena wacan suci mau bakal diombe lan didumke nyang wong omah.

Banyu Jaman Industri

Pancen neng agama Katolik/Kristen banyu sing dianggep mulya kuwi banyu anggur; neng agama Islam banyu susu lan banyu madu; njur neng Hindhu banyu arak kerep nggo sarana ibadah.

Njur piye banyu putih kok ora disakralke? Ya amerga dhasare banyu putih kuwi babagan wajib tur wis sakral kanggo urip. Ora  perlu disakralke meneh.

Tekane mangsa industri banyu neng Jawa nggawa akeh kabecikan. Wong sing adoh saka akses banyu bisa entuk banyu nggo ngombe lan adus. Nilai sakral banyu nyata isih ana.

Emane, ora sithik industri banyu sing malah ngakali masyarakat cedhak sumber banyu. Nek digoleki, mesthi ana industri banyu sing ngepek dhewe sumber banyu lan masyarakate malah disingkirake. Kamangka masyarakat kunu wus jaga sumber atusan taun suwene.

Apa meneh kae sempet ana peristiwa unik ustad adol banyu kemasan sing neng pabrike disetel suwara wong ngaji. Ngono kuwi rak termasuk ngakali ta? Mbok timbang tuku banyu syariah kuwi mendhing niru carane wong NU.

Saiki ing jaman industri, nilai sakral banyu dudu mung urusan mistik nanging fungsi. Sedurung wara-wara bab nakale industri banyu lan regete banyu, awak dhewe prelu ngrumangsani wigatine banyu minangka apresiasi rasa sukue marang banyu. Diwiwiti wae saka ngulinakke ngombe banyu putih nalika tangi turu

Gombalamoh

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *