Dongenge sato sing jebul paham donya politik. Kaya mengkene caritane nalika para sato didhapuk dadi titah sing duwe kuwasa ing jagad alam gumelar

Sumunaring surya wanci gagat rina sumarambah aneng telenging wana Ranuangker. Embun kang tumetes mratandhani, hawa adhem kang rumasuk. Swara manuk oceh-ocehan pating cruit nggenter angebaki jroning wana.

Kaya dene padatan saben dina, sato wana nindakake pakaryane dhewe-dhewe. Ora ana sing wani nerak pranatan, kabeh sarwa tumata. 

Dina iki anggonku budhal kantor pancen tak gawe rada kasep, esuk-esuk paling pepak yen leyeh-leyeh sinambi udud neng emperan omah.

Wis dadi jamak lumrahe ing jagad iki yen para panguwasa lan para nayaka praja sing mbedhangkrang ing dhampar kencana kae, padha sakarepe dhewe anggone makarya. Ya rada kasep sithik ora dadi ngapa. Sapa sing wani karo aku? Ngene-ngene aku ya bupati.

“Eeerr bapak kok malah leyeh-leyeh neng emper, apa ora tindak kantor?” Tembunge bojoku ngaggetake aggonku leyeh-leyeh.

“Eeerr arep ngapa budhal esuk-esuk? Esuk apa awan bayare ya padha wae.” Wis dadi pambekane bojoku sing seneng mejang kaya pandhita. E.. nanging ya ora dadi ngapa, idhep-idhep kanggo rungon-rungon wayah esuk.

“Eeerr aja kaya ngono pak sampeyan kuwi bupati lho, yen tumindake diconto marang para abdi kabupaten rak ya kurang prayoga.” Kaya-kaya wangsulane bojoku uga ana benere, nanging aku ora nggagas.

“Eeerr liyane ora kena melu-melu, sing oleh tumindak sakerepe dhewe ora ana liya kajaba mung aku! Aku Baya sing dadi Bupati Ranuangker, yen ana sato wana sing wani karo aku, kalakon tak pangan urip-uripan!” Anggonku wangsulan karo menyat mlebu omah.

Udakara jam sepuluh esuk, aku wis tekan ing kantor kabupaten. Jebul Camat Macan lan Camat Singa wis nunggu neng kantorku. Bareng aku mlebu kantor, praupane katon kecut kaya wis nunggu sawetara suwe.

Ben kapok, arep ketemu wong penting kaya aku iki pancen kudu wani rekasa. Tekane Camat Macan lan Camat Singa tak jaluk saperlu ngrembug kahanan ing Kecamatan Gedhangmas lan Kecamatan Tela Pohung kang ketaman banjir. 

Ilustrasi Wana. Sumber gambar: laredoute.fr

Aja dikira yen aku bakal aweh pitulungan marang rong kecamatan kasebut, malah kosok baline bakal tak reka daya supaya aku bisa antuk untung saka bancana banjir iku. Mula, aku butuh pambiyantune Camat Macan lan Camat Singa kanggo nggancarake lakuku. 

“Hrrr nyuwun pangapunten Pak Bupati Baya, kula ajrih menawi mangke wonten ingkang pirsa.” Ujare Camat Macan katon keweden.

“Hrrr kula nggih nyuwun pangapunten pak bupati, kula ajrih.” Camat Singa uga urun rembug.

“Eeerr ora bakal ana sing ngerti yen kowe sakloron ora kandha sapa-sapa. Bakune kowe lan para andhahanmu kudu manut apa kang dadi dhawuhku. Prakara liyane aku sing nanggung.”

Sejatine wangsulanku mono amung kanggo lelamisan, supaya Camat Macan lan Camat Singa gelem nuhoni dhawuhku.

Aku bakal gawe pangrenah supaya sumbangan kang awujud panganan lan jajampi saka Gubernur Andaka Suta tumiba marang sliraku.

Supaya para sato ora cubriya, bakal tak wenehi sumbangan pangan, nanging panganan kang wis bosok sing wis ora ana ajine. Panganan bosok mau ora tak wenehake kanthi gamblang, nanging tak campur karo panganan lan tanduran sing isih seger supaya katon becik.

Mula, para sato ing Kecamatan Gedhangmas lan Kecamatan Tela Pohung bakal ngira yen aku bupati sing loma lan gemati. 

“Eeerr Camat Macan, aku duwe pakaryan kanggo kowe. Golekana juru warta Gagak Setra, Kutut Manggung, lan Jalak Harupat kinen nggiyarake anggonku weweh sumbangan ing Kecamatan Gedhangmas lan Kecamatan Tela Pohung.” Tri juru warta kasebut wis dadi langganan yen aku ana perlu.

Dadi panguwasa pancen kudu pinter, pinter sembarang kalir. Kudu bisa olah tataning kaprajan, kudu bisa katon becik ing ngarepe wong akeh, lan paling wigati yaiku kudu bisa ngrengkuh bandhane negara saakeh-akehe.

Ora dadi ngapa, anggepe biyen jamanku macung bupati ora butuh ragad akeh, iku kang dadi salah siji jalaran kena ngapa aku nyolong bandhane negara.

Sawise rembug tumrap kahanan Kecamatan Gedhangmas lan Kecamatan Tela Pohung, apa kang dak gadhang tiba titi wancine kalakon. Sumbangan saka Gubernur Andaka Suta dak rengkuh kabeh, dene para sato ing Kecamatan Gedhangmas lan Kecamatan Tela Pohung oleh lirune saka sumbanganku yaiku panganan bosok kang siningid.

Eba bungahe atiku sawise nampa sumbangan saka Gubernur Andaka Suta. Sato sing nampa sumbangan saka Gubernur Andaka Suta ora ana rasa cubriya. Malah kepara jenengku Bupati Baya Dilaga dadi arum lan kuncara amarga wis aweh pisumbang marang sato kang ketaman banjir.

Gantya kang cinarita, dina iki beda kalawan padatan. Hawane krasa sumuk, kamangka isih esuk, jago pangalasan uga datan kluruk. Sumunaring diwangkara kasaput ampak-ampak peteng anggegana.

Swasanane tintrim kaya-kaya dumadi bab kang ora lumrah. Luwih-luwih aku mau bengi ngimpi yen kantorku diobong dening para sato kang ora trima marang kawicaksananku. Jan-jane ana apa iki?

“Ngok ngok kula nuwun, ngok ngok kula nuwun?” Swarane celeng bengak-bengok ing ngarep lawang omah mbuyarake lelamunanku.

“Eeerr.. wah jebul Celeng Boleng, ana apa?!” Pitakonku karo setengah nggetak.

“Ngok ngok ngaturaken ketiwasan Pak Baya, kathah sato ingkang pejah. Pejahipun boten karu-karuhan, wonten ingkang dhateng margi, wonten ingkang dhateng lepen, dhateng griya, lan ing pundi-pundi papan.” Ujare Celeng Boleng malah nambahi pitakon  jroning batinku tumrap kahanan kang beda kalawan padatan iki.

Ora watara suwe, krungu swarane Kuda Bujana. Tekane Kuda Bujana saperlu tak wenehi pakaryan supaya ngabari para nayaka praja yen mengko bakal ana parepatan wigati ing kantor kabupaten. 

Nuju wektu kang wis pinilih, kantor kabupaten kebak jejel riyel nayaka praja kang marak seba. Ancase parepatan ngrembug, lelakon kang beneh kalawan padatan. Akeh sato sing esuk lara sore mati, sore lara durung nganti gagat rina wis tekane pati.

Senajan aku dhewe ya bingung arep tumindak kepiye, nanging ingadhep dening nayaka praja samene akehe aku kudu katon lantip. Udakara wis rong jam nanging durung ana, kang bisa mbabarake sejatine ana kadadean apa.

Anggep wae dhuwurane Baya di Laga. Sumber gambar: devianart

“Guk guk guk… Nyuwun keparengipun badhe munjuk atur Pak Baya.” Swarane Asu Sadu miyak umyege para nayaka kang padha padudon dhewe-dhewe.

“Eeerr… Ya mara gage enggal matura.” Pancen ora bisa diselaki maneh yen Asu Sadu kuwi sing paling wasis ing babagan ngusadani.

“Guk guk guk… Menawi miturut pamanggih kula, Kabupaten Ranuangker saweg kataman pageblug ingkang awujud sesakit. Pramila boten mokal menawi kathah sato ingkang dumadakan pejah, adhedhasar jinisipun menika kalebet sesakit Gelak Pati.”

“Sesakit menika gampil anggenipun nular dhateng sato sanes, lan boten saged katitik tiyang ingkang sakit lan tiyang ingkang waras.” Wangsulane Asu Sadu kang kaya mangkono agawe atiku tratapan. 

“Au.. Au.. Au.. nuwun sewu Pak Baya kepareng matur.” Durung rampung anggonku mikir kandhane Asu Sadu, dumadakan kasaru swarane lurah Srenggala.

“Eeerr ana apa Pak Lurah Srenggala, tanpa tinimbalan sliramu wani munjuk atur.” Aku duwe panyakrabawa yen Lurah Srenggala sengit marang aku.

“Au.. Au.. Au.. saderengipun nyuwun pangapunten Pak Baya menawi miturut kula, jalaran kathah ingkang culika lan angkara murka saya ngambra-ambra, Kabupaten Ranuangker nampi welak saking Hyang Suksma.”

Ujare Lurah Srenggala ngabangake kupingku. Getih ing awak rasane kaya munggah ing sirah kabeh. Wani-wanine Srenggala ngilani dhadhaku ing ngarepe nayaka praja.

“Eeerr, bangsat elek! Kurang Ajar kowe Asu Ajag! Kowe padha karo nuduh aku lan para nayaka praja liyane tumindak culika! Minggat kowe! Ora minggat kalakon tak gaglak urip-uripan eeerr.”

Tanpa asil, parepatan dak bubarake. Ora nggagas marang para sato wana, bakune aku urip mulya lungguh dhampar sila tumpang sinambi kendhangan dhengkul.

Udakara telung sasi sawise perapatan kuwi, pageblug saya ndadra. Sato wana sing mati uga saya akeh, pating glethak bathange ora ana sing ngupakara. Dayane Kabupaten Ranuangker uga anjlog, pasar wis ora ana wong dol tinuku.

Ananging kaya ana damar ing telenging samudra laya, yen dina iki Gubernur Andaka Suta bakal andum jampi kang bisa ngusadani pageblug iki. Ananging sing dadi underane, jampi kuwi bakal dak singidake lan tak dol kanthi rega larang. Aja diundang Baya Dilaga yen ora bisa golek untung sajrone kahanan buntung.

Ora butuh wektu suwe, jampi kanggo ngusadani sato wana wis tak singidake lan kalakon tak dol kanthi rega sing larang. Sapa sato sing pengin waras kudu tuku, yen ora duwe bandha kanggo tuku aluwung mati.

Nanging datan kanyana datan kinira, nalika aku lagi suka parisuka dumadakan katekan Lurah Srenggala lan Kadal Ijo saka PCK utawa Paguyuban Cekel Korupsi. Aku diglandhang menyang kantor pangadilan.

Hakim ndakwa yen aku nyingidake jampi kanggo ngusadani pageblug. Ananging sapisan maneh tak baleni, aja diundang Baya Dilaga yen ora pinter lelamisan. 

“Eeerr apa buktine yen aku nyingidake jampi? Aja waton ngarani tanpa bukti! Nanging kae! Kae Camat Macan saka Kecamatan Gedhangmas kang nyingidake! Kabeh barang bukti ana ing panggonane Camat Macan. Mula aja kesuwen, rangketen maling kae!”

Sawise kuwi, aku lolos ora kena pandakwa apa-apa. Pancen dadi panguwasa kuwi kudu lamis, nanging aja dikira aku sing paling lamis. Panguwasa sandhuwurku lan para nayaka praja liyane malah kepara luwih lamis tinimbang aku. Urip mulya kinemulan bandha donya.

Rio Wahyusandy
Latest posts by Rio Wahyusandy (see all)