Senadyan wis liwat pirangane dina, bab rencana dianakake event Festival Santet dening Perdunu (Persatuan Dukun Nusantara), isih tetep wae ana rasa pengen ‘cawe-cawe’ marang rencana event kuwi. ‘Cawe-cawe’ neng kene bisa diarani melu campur, bisa rupa pro bisa rupa kontra. Ana kelompok sing ora kabotan nganakake acara kuwi, ana pihak sing kabotan, lan ana pihak sing ‘biasa’ wae. Saben kelompok duweni alasan lan hak kanggo nyampekake kabeh uneg-uneg sing diduweni bab rencana acara Festival Santet.

Kelompok setuju kalawan rencana Festival Santet cetha isine wong-wongan sing saba jagad supernatural lan mistik, utamane supernatural-mistik lokal (Jawa). Sakwalike, kelompok sing ora setuju marang Festival Santet ngewenehi rasa kabotan marang acara ing atase nama agama. Pihak loro sing ora gathuk mau wekasane wis ketemu, lan kasile kelompok sing setuju milih kanggo mundur.

Acara Festival Santet rencanane dianakake ing sasi Sura suk mben, karepe pengin ‘nglurusake’ anggepane masyarakat sing ora trep marang ‘dukun’ lan ‘santet’, uga ngilangi akehe praktek abal-abal dukun ing jagad media sosial. Kasarane, kanthi ora langsung, Festival Santet mau bakal digawe papan kanggo verifikasi kompetensi dukun.

Sasuwene iki, ukara ‘dukun’ lan ‘santet’ kerep dadi salah kaprah, malah didakwa minangka gaweyan mistik sing sesat dening liyan. Nanging, apa iya ‘dukun’ lan ‘santet’ kuwi pancen pakaryan lan praktek kerja sing negatif tur aweh dampak elek marang kabeh wong?

Wangsulane, iya lan ora. Kasuse padha karo pitakonan, ‘internet kuwi apik apa elek?’ Wong bisa milih dhewe lan nemtokake bakal dinggo apa internet sing dinggo, embuh dinggo nyawang bokep utawa dinggo maca kitab. Internet nyatane mung piranti, dudu hakikat tumindak sing saktemene. Mengkono uga dukun lan santet, duweni macem-macem dimensi sing ora dimangerteni. Bukane awak dhewe iki kebacut kulina nggrabag kulit banjur ujug-ujug ndakwa apik eleke perkara?

Piwulang lokal lan agama ora kabeh bener tur ora kabeh salah, sing bermasalah kuwi ndhisikake dakwa ala.

Niat Perdana bisa uga becik, nanging kabecikan sing dibungkus nganggo ‘basa sing ora trep’ malah murungake kabecikan, amarga kurang nimbang aspek konteks kondisi sosial masyarakat sakubenge. Ing sisih liya, kelompok sing langsung ora bisa nrima Festival Santet luwih condhong nganggep mentah menawa dukun lan santet kuwi wujuding angkara, tanpa gelem anggoleki tegese dukun lan santet.

Pangerten bab dukun lan santet sakjane wis suwe tumancep satengahing kabudayan Jawa. Prakteke padha karo praktek supernatural lan mistik saka agama liyane, bedane mung ing perkara metode lan dalan sing dinggo. Emane sansaya mrene pangerten marang dukun lan santet malah tambah negatif. Apa meneh nek ngelingi akehe acara-acara tipi sing mendikotomikan antaraning pamuka agama kalawan dukun. Pamuka agama tansah diselehake minangka ‘protagonis’ banjur dukun didadekake ‘antagonis’.

Ngelmuning Dukun

Dening wong Jawa, dukun bisa diarani minangka wong sing duwe kaluwihan tatemtu, lan pancen spesialis ing kaluwihan iku. Dukun ana macem-macem jenise, lan ora kabeh duwe urusan marang perkara-peraka mistik ghaib.

Ana uga dukun sing pancen duwe sambungan marang perkara ghaib nanging gaweyane malah katon nyata kasile, kaya ta dukun bayi sing mbiyantu proses kelahiran lan dukun calak sing dadi tukang ngethok manuke calon wong lanang.

Sajroning Babad Tanah Jawi, ana adegan Panembahan Senapati aweh wasiyat marang Pangeran Banawa, isine yaiku supaya Pangeran Banawa nduweni wong telu sing mbiyantu ing panguwasa ngurusi negara:

salwir bawane kang sinung wadi | kinarya mong jagat jaga-jaga | arja ing ratu èsthine | gulang-gulangên iku | dipun yatna ulah nagari | duwea wong têtiga | rumuhun wong iku | pandhita ing wong atapa | lawan malih wong petangan iladuni | palakiyah lan ramal ||

yèn sirayun wêruha ing wèsthi | pranatane wong dadi narendra | atakona dipun age | iya marang sang wiku | lamun ayun uningèng wadi | takona wong petangan | ingaran dhêdhukun | yèn ayuning pangawasa | kang kajaba saking wirayating tulis | takona wong atapa ||

Saka rong bait Babad Tanah Jawa ing dhuwur kuwi, ana tulisan sing dikandeli, yaiku duwea wong tetiga, pandhita, wiku, lan dhedukun. Panembahan Senapati, critane, ngandhani alesan kena ngapa kudu nduweni wong telu iku. Pandhita supaya raja bisa weruh wisik ramal, wiku wong kang weruh pranatan negara utawa kasarane negarawan, lan dhukun kanggo sing ngurusi perkara petungan.

Nitik saka konteks Babad Tanah Jawi ing dhuwur, perkara kuwi bisa dikonfirmasi menyang Pusaka Jawi, Java Institut, 1931. Dijelasake menawa babagan padhukunan saka jaman dhisik kuwi luhur, “asor tuwin remehipun punika boten dumunung ing kawruhipun, dumunung wonten tiyang ingkang nglampahi.” Mengkono ujare ing Pusaka Jawi. Banjur uga diwenehi kasuse Dr. R. Sasrakartana sing duweni kawruh padhukunan nanging ngelmu padhukunan mau dinggo aweh pitulung liyan sing nandang sakit.

Dadi, gaweyan dadi dukun ora ateges fokus garapane kuwi nyanthet. Tur ora kabeh dukun bisa nyanthet. Kudu didelok dhisik spesialise apa. Mengko nek wis kecekel tur diweruhi spesialis apa sing diduweni salah sijining dukun, ukara dukun mau bakal lengser ginanti tembung ‘tukang’ utawa ‘juru’. Nanging maksud utamane tetep dianggep nek dukun kuwi wong sing duwe kaluwihan tatemtu dibandingake kalawan wong biyasa.

Emane, awit anane geger numpes dukun-dukun taun 1998 ing daerah Jawa Timur, pakaryan dukun miwit malih dadi pakaryan sing ala lan marai liyan cilaka. Korban paling akeh neng geger numpes dhukun kuwi saka Banyuwangi, nganti Banyuwangi dicap minangka kuthaning Santet (R.P.Juang, Tedi Ervianto & Ali Azhar, 2016: 2).

Padahal, kandhane Fausi (2015: 2), sakdurunge ana geger iku, salah siji kelompok masyarakat pesisir Banyuwangi duweni tradisi  ‘nyabis’, mara menyang dukun utawa kyai jaluk sarat supaya diwenehi gampang nalika budhal menyang segara.

Babagan Santet

Prelu dielingi meneh, dukun ora mesthi nyantet. Pancen ana dukun sing gaweyane nyantet lan marakake wong liya lara, nanging sakliyane disebut dukun wong iku luwih cocog nek diarani tukang santet utawa tukang teluh utawa luwih spesifik menehdiarani dukun santet. Dadi ora angger ndakwa dukun.

Miturut tafsire wong Banyuwangi, tembung santet kuwi sakjane akronim saka tembung ‘mesisan kenthet’ utawa ‘mesisan benthet’. ‘Kenthet’ lan ‘benthet’ neng kene maksude katutan. Katut dening donga-donga sing sengaja dibudhalake menyang kurban. Umpama donga lan mantrane marai weteng lara, si kurban bakal katut ngrasakake weteng lara tanpa sebab.

Santet uga bisa diarani teluh. Salah siji pawongan sajroning kaparcayan Jawa sing diyekteni duwe daya teluh kuwat kuwi Calonarang. Ing Serat Calonarang sing digarap Balai Pustaka taun 1931, ana bait sing mestekake Calonarang minangka tukang teluh, utawa dukun santet. Senadyan sakjane Calonarang dhewe minangka pamuja Durga duweni karep sing ora ala.

Mangkana wus sawatara | ana leletuh dhatengi | mingip aneng desa girah | mangkene ingkang dadi wit | ana warandha nami | Calon Arang tukang teluh | tuju lan taragnyana | rendha sekti sugih murid | ahli ngelmu duwe kitab pepithingan

Teluh duweni tembung liyane yaiku tenung. Neng Bausastra Djawa, Poerwadarminta, dicethakake menawa teluh utawa tenung mau ngelmu kang bisa anjalari wong liya mati. Maksud saka ‘teluh taragnyana’ ing pethikan bait dhuwur asline kata majemuk sing kegabung dadi teluh tenung.

Calon Arang lan Mpu Baradah. Credit ing pojok ngisor

Santet, teluh, tenung, apa wae jenenge, kuwi kabeh pancen salah siji wujuding ngelmu ghaib. Ora bisa dimangerteni nalar lan ‘ngelmu kampus’ kaya piye larah-larahe. Ibarat kaya angin, bisa dirasa nanging ora katon wujude. Sakdurunge angin lumaku, ora bakal dimangerteni saka ngendi lan arep menyang ngendi budhale.

Sajroning konteks kabudayan Banyuwangi, yaiku kanggone wong/lare Using, ngelmu bab santet mau duweni patang jenis. Dening S.P. Saputra (2001 :263) dibagi, miturut mantra sing dinggo dening dukun, dadi magis hitam, magis merah, magis kuning lan magis putih.

Magis hitam kuwi nggunakake mantra-mantra tatemtu kanthi tujuwan kanggo nyirnakake liyan utawa mateni wong liya. Magis merah, sipate meh padha kaya magis hitam nanging ora nganti nggawe mati wong liya, biyasane mung nggawe kelara-lara. Sakbanjure, magis kuning, sipate ngiket karepe liyan, kaya ta pengasihan, lsp. Magis kuning luwih digunakake kanthi cara antarindividu. Pungkasan yaiku magi putih, sing tujuwan utamane ngadhang magis hitam (S.P. Saputra, 2001 :263).

Balik ing Festival Santet, sajake Perduni duwe karep mung nglebokake kriteria magis kuning lan magis putih sajroning acara Festival Santet. Cilakane, gandheng neng KBBI santet diartikan: sihir, tanpa ana penjelasan konteks, dadine padha ngira menawa Festival Santet mau papan kanggo duduhake ngelmu sihir sing dikira bakal dadi sebab ngadohake janma saka Gustine.

Kapan-kapan, sukmben bar Covid-19, kanthi miturut pribadiku dhewe, apike tetep dianakake, nanging ganti jenenge, kaya sing wis direncanakan dening Perdunu menawa istilah santet bakal digenti. Bisa diganti kanthi tembung Festival Ngelmu Tradisional utawa Festival Ngelmu Leluhur. Menawa diganti kaya mengkono engko bakal luwih jembar panampane masyarakat.  

Sumber Wacanan

  • Fausi, M. (2015). TAFSIR SOSIAL ATAS NYABIS (Kebiasaan Berkunjung ke Ulama Atau DUKUN oleh Nelayan Desa Kedungrejo, Kecamatan Muncar, Kabupaten Banyuwangi) Jurnal Mahasiswa Sosiologi, 2 (2).
  • Juang, R.P., Erviantono, T.,& Azhar, M.A (2016) HAM dan Politik Kriminal Pasca Orde Baru (Konstruksi Pelanggaran HAM pada Kasus Pembantaian Dukun Santet di Kabupaten Banyuwangi Tahun 1998) (Doctoral Disertation, Udayana University)
  • Saputra, Heru S.P. (2001). Tradisi Mantra Kelompok Etnik Using di Banyuwangi, Humaniora, 13 (3).
Gombalamoh
Latest posts by Gombalamoh (see all)
Last modified: February 13, 2021

Comments

Avatar

Hmmm menarik

Write a Reply or Comment

Your email address will not be published.