Aja sok gampang nitipake nasibe dhewe marang samubarang sing durung pesthi kalakone, nanging urip pancen jalaran kabegjan

Dina kuwi srengenge wis mlaku mengulon. Larto karo isih ngeler dhadhane sing kileng-kileng dilebur adus kringet lungguh dhelog-dhelog ing ngemper omahe. Awake dilunggukae ndheprok ing jogan. Sikile slonjor, klambine sing kebes kringet disampirne ing pundhak kiwa lan pisan-pindho dikebut-kebutne kareben nyuda sumuke awak.

Sajake neng omah isih suwung. Nalika dheweke mulih mangan awan mau, bojo sakanake uga ora ana. Menawa pancen wis kedhisikan metu lunga sadurunge dheweke teka. Nanging lungane kuwi menyang ngendi kok mblunus wae ora pamit. 

Dijingglengi dene sepedha motor supra weton rong ewu limalas sing biasane dijagang ing ruwang tengah ora ana. Helm sing cumanthel ing paga sing cacahe telu mung kari siji. Gek menyang ngendi kowe bune, batine Larto nggresah. 

Merga sing digoleki ora ana, bacute Larto mbalik lungguh nyang ngemper maneh. Ngulati sok sapaa tangga teparo sing liwat bisa ditakoni. Nanging emane ora ana sing kemliwer babar blas. Kajaba mung bakul bakso sing disurung nganggo rombong werna ijo. 

“Bakso pak..!?” pambengoke bakul bakso sing tawa sinambi nuthuki tugelan pring sing dawane mung udaraka sakilan.

Sing ditawani mung menjep banjur godheg. Pikirane isih tumlawung marang bojone sing isih durung mulih saka paran. Ora let suwe sawise bakul bakso nyurung maneh mlaku ngiderake dagangane, keprungu swara motor sansaya nyedhak. Jebul bener, sing dienteni teka tenan. 

Marini, wadon ontang-anting sing mboncengake ibune iku ngendhekake motore pas ing ngarep ngemper omahe. Karo isih neng ndhuwur motor, sing maune kaling-kalingan gegere agahan mudhun saka jok motor.

Tangane grewelan, rumangsa yen kabotan. Dheweke bengak-bengok marang Larto njaluk pitulungan nanging sing diceluki kapatuh kamitenggengen kebak nggumun. 

“Ndang ta pak, rewangana nggawa iki lho. Tangan lan sikilku gringgingen kawit mau ngempet obah nggoceli samene akehe.”grenenge dhewe. 

Anggone nggagas Riyem durung tinemu ngakal. Ya Marini sing wusanane nggawa kresek putih cacah loro mlebu ngomah. Disusul karo Riyem sing mlaku lon-alonan karo gage nyepot helm merga sirahe selak nyelot kemeng. 

Sawise kelorone mlebu omah, Larto enggal mlayoni bojone kanggo miterang. Riyem isih lungguh sendhen ing kursi omah dene Marini wis mlebu kamar. Larto lungguh njejeri bojone sing krengosan nata ambegan.

“Sik ta bune. Kok blanja semene akehe iki kanggo apa? Njur dhuwit saka ngendi?” Ora sranta pitakone mbuka rembug. Sing ditakoni sanalika rumangsa kebrongot atine.

“Ya dingge jagan urip ta pak. Iki mono wis dakitung keperluane sesasi, ya mesthi gunggunge akeh samene.” Wangsulane rada ngegas, genah yen jengkel karo bojone sing katon utun kuwi. Njur kandhane mandheg sedhela karo mripat mentheleng.

Ilustrasi blanja. Sumber: Lauren Tamaki (klik gambar)

“Hmm yen urusan dhuwit rausah sumelang pak, iki dudu utangan merga dhuwit asile adol gabah telung dina kepungkur wis cukup.” Eseme Riyem tandha yen lega. 

Seje karo Larto sing sansaya sungkawa, mung cep lakep blangkemen ora bisa omong. Dompete Riyem sing rupa dompet kanthong nglemprak ing meja dhesel-dheselan karo blanjan. Nuduhake yen isine mung hawa tanpa rowang.

Larto ndudut kertas nota sing sumlempit ing ngisor dompete. Mripate langsung njujug ing perangan ngisor dhewe. Total rupiah sing kudu dibayar.

Sanalika dheweke nglemesi, kayadene balung tuweke dilolosi.  Lenger-lenger ngeletne boyok ing sendhenan kursi. Ya gene blanja semono akehe, yen njur ora nyisihne dhuwit babar blas?

Riyem mbukaki kreseke lan ngudhunake isine, menawa ya sengaja karo nduduhake apa wae sing diblanja tanpa ana sing keliwatan. 

Sabun adus salusin, sabun kumbahan sewuan sarenteng ditambah sing bungkus sekiloan loro, pewangi kumbahan, kapur barus telung plastik, sabun cuci piring botolan jangkep isi ulang sing isi setegah literan, gula limang kilo sing merk kualitas paling rame ing desane, minyak goreng botolan, kecap, saos, sosis, roti tawar, selai, mi instal rong bal… 

Larto mlengak kresek siji sing durung dibuka bojone, katon wedak lan sapiturute. Banjur tangane ditlangkupne ing bathuke sing sansaya klemun-klemun. 

“Geneya ta bune kok dadi keladuk kaya ngene. Apa ya entek kui barang-barang samene akehe. Blanja kok ngungkuli kulakan. Biasane kan ya blanja menyang Yu Ti wae wis cukup ta bune, prasasat mesthi semadya tanpa kekurangan,” Swarane Larto sansaya dhuwur. 

Sing dipaido njomblak. Ora mikiri bener salahe apa sing wis dumadi, malah sansaya ndadi mbela penere dhewe. 

“Pak, aku ki blanja kaya ngene ora tanpa sebab lan tujuan. Adoh-adoh teka kutha, trima numpak motor lawas sing mlakune rindhik, tak kon mbonceng Marini kuwi merga apa ? Ya merga supaya bisa duwe motor anyar pak!”

Sing lanang mendelik. “Genahe?!”

“Supermarket neng kutha kana padha nggelar promosi, diskonan, lan kupon berhadiah. Mung perlu tuku barang keperluan padinan kaya mengkene iki, banjur oleh kupon. Cekake kupon kuwi mengko bakal diundhi telung dina sadurunge riyaya pakne. Pangaji-aji motor matic weton paling anyar.”

“Apa sampeyan ora marem ta, bakdan menyang tangga lan sedulur wis ngreyen motor gres dudu kredhitan. Wis ta pak, ora susah kwatir ora nyekel dhuwit sedhela wae sing kanten penting kan bar iki oleh montor anyar.”

“Bisa kokgawe daptar ojek online yen ngepasi sawahe rampung tandur. Lak wangun ta pak, bisa oleh dhuwit tambahan kanggo kuliyahe Marini taun ngarep. Eling pak rega gabah ora mesthi bisa dipesthekake aweh kaya, ya yen rega apik yen pas njeplug ya cilaka tenan!”

“Nanging bune…” Swarane sing asale banter lan ngempet nesu, wis lerem. Malah krungu kaya keranta-ranta.

“Wis..wis..wis.. gek ndang adus kana lho pak, selak magrib!” Kandhane munggel sing lanang. “Marini.. nduk… iki ndang adusa kana!”


Genep seminggu sawise kedayean iku, Larto wis ora mikiri maneh. Jenenge wis kelakon, bakal diapakne ya wis ora kena. Umpamaa duwe kuwasa nyeneni sing wadon, ora guna yen wusanane malah lelara ati merga Riyem ora ngrumangsani lupute, luwih-luwih yen nganti diunggahi sing wadon malah sansaya ngenes uripe.

Budhal isuk, mulih awan, leren sedhala banjur budhal maneh lan mulih sore. Nandangi sing bisa dilakoni ing sawah, senajan gluprut lendut ora dadi ngapa bisa nambani atine sing kekes daksiya. 

Sorene kuwi nalika Larto mulih ndhaut, bojone umyeg ing pawon. Ora kaya adate sing sumringah, Riyem ngupaya nginggati sing lanang nalika simpangan ing pawon njupuk ngombe. Sawise ngombe, Larto menyat mbukak tutupe wajan sing tinumpang ing ndhuwur kompor. 

Isih ana mi goreng sosis campur jamur nget-ngetan sisane wingi, dene sisihe panci tim-timan ora ana isine. Majic jar ya kothong mlompong. Wetenge krasa ngelih, merga awan ora mangan. Arep takon bab sega, ah.. dislimur adus dhisik wae supaya seger lan resik. 


Wengine …

Larto, Riyem lan Marini lungguh ngedhep meja makan. Mung ana mi goreng sing ditemokake Larto mau sore. Tanpa sega, tanpa lawuh liya. Ora ana sing ngawiti mangan. Larto lan Marini mung sawang-sawangan.

Arep mangan apa anane ki weteng rasane wis sebah isuk, awan, bengi suwene telung dina mung mangan mi. Arep ora mangan, weteng wis perih njaluk isi. 

Dumadakan swasana pecah merga tangise Riyem. 

“Huhuhu… Sepurane ya pak, ndhuk, berase dhewe wis gusis, simpenan gabah ora duwe, dhuwit apa maneh. Sajane wis dakuwat-kuwatne arep utang menyang  warunge Yu Ti gedhene rong kilo utawa telung kilo kanggo nggandhengi mi, tapi ya kepriye maneh aku isin pak”

“Sasi kepungkur eling isih duwe utang blanjan. Saiki arep utang maneh wingi mulih saka kutha pethuk simpangan ing dalan dheweke bubar blanja kulakan saka pasar karo anake lanang. Aku isin pak, aku bingung…” Rupane ndingkluk dikekep karo tangane sing tumlangkup. 

“Bune, Bapak ki ora kok maido apa maneh menging kekarepanmu blanja menyang kutha sing ana iming-iming promosi, diskonan, lan motor anyar. Nanging bapak luwih seneng yen bune blanja menyang Yu Ti wae.”

“Kena ngapa ta? Luwih cedhak bune. Ya senajan regane kacek kan ora sepiraa, tinimbang keraya-raya teka kutha doh kene doh kana rugi bensin iya, isih urun tenaga. Karo dene yen kita blanja menyang tangga dhewe, irip-irip aweh pambiyantu bune.”

“Nglarisi bathi sing ora sepira murih bisa nyukupi kebutuhan kulawargane, nyekolahake anak-anake, uga yen kepepeto bune nembung utang ya ora papa,” Jlentrehe Larto karo ngelus gegere sing wadon.

Ilustrasi motor undian. Sumber: Takashi Art (klik gambar)

“Supermarket nyang kutha kae, ora bakal rugi yen ora kok tukoni. Lha warunge Yu Ti, sapa sing nukoni yen ora awake dhewe ngene iki?” Larto unjal ambegan landhung.

“Wis ta bune, prekara motor anyar lak bisa dipetung ta. Motore dhewe ya isih kena dinggo. Ora susah mburu kupon berhadiah sing nyatane mung ngumbar pangangen-angen tangeh lamun.”

Saka katrangane bojone iku, Riyem awit lilih. Pamikire sing bundhel wis wudhar. Dina candhake isih umun-umun dheweke budhal menyang warunge Yu Ti, arep blaka yen dina kuwi seja ninggal bon dhisik. 

Sawise nimbangake beras kaya panjaluke Riyem, Yu Ti ngelungake kanthi esem semanak. “Yu Riyem, iki mono seja kanggo sampeyan sakluarga. Kamangka wis dakenteni ket wingi-wingi sampeyan ora katon blas. Dakanggit wis mudhik menyang Wonogiri kana lho. Begja temen saiki bisa ketemu.”

Senajan mung langganan utang, jebul Riyem tetep oleh persenan. Kaya tumrape tangga teparo sing langganan tetap ing warunge Yu Ti ora kepencut aba diskonan supermarket.  Nanging nyatane paseduluran pancen ora bisa diijoli nganggo apa wae.

Riyem nampani pawewehe Yu Ti karo atur panuwun, sejatine pengin uga ngruket awake Yu Ti kang wis sansaya dipangan mangsa, nanging ora kuwawa. Riyem ngempet eluhe pengin enggal mulih, pengin ngruket anak lan bojone.

Swarane takbir wengi kuwi marakake nelangsa ngelingi kupon sing isih sumempen rapi ing njero laci. Wewayangan bisa nyengklak motor anyar sakala muspra. Ing pangarepane mung siji, wit pari sing awit mranjak. 

(Cuthel)

Syafi Rilla
Latest posts by Syafi Rilla (see all)