Bucin Legendaris Tlatah Jawa
Bucin Legendaris Tlatah Jawa

Bucin Legendaris Tlatah Jawa4 min read


Ing jaman sing sansaya ora mbejaji iki, mecungul meneh istilah aneh yaiku Bucin. Ngertiku malah teka adhiku, sakbanjure lagi weruh kanthi dhong sakwise nyawang postingan-postingan ing sosial media bab apa ta bucin kuwi. Sok-sok rupa video nalika cah lanang ngrayu cah wedok sing lagi nesu, ing bagiyan caption banjur katulis, ‘bucin’ ngono.


Tegese bucin yaiku budak cinta. Sakumpama dipindhah menyang basa Jawa, dadine paling abdi dalem tresna. Sik, kosik. Ana pitakonan sing kudu diwangsuli. Nek dadi abdi dalem tresna, lha keratone ‘tresna’ ana neng ngendi?


Miturut omongane wong-wong, jenenge wae omongan ora prelu digagas tenanan anggep wae mung selingan, bucin kuwi bisa ditenger saka tumindak nglabuhi urusaning tresna nganti anjlog bumi mabur langit utawa apa wae bakal dilakoni angger sing ditresnani rumangsa seneng. Contone, sakumpama arep ngedhuk lemah teles tujuwane golek emas kanggo mahar nikah bakal dilakoni senadyan mung nganggo sendok.


Dadi bucin ora ana salahe kok. Angger tetep ana sajroning nalar uga moral sing kelakon ing tlatah Jawa kanggo wong Jawa. Aja nganti saking bucine dikon uda blejit pinggir dalan kanggo membuktikan cinta langsung dilakoni. Mengkono kuwi jenenge goblok.


Malah sing kelakon kecekel polisi, banjur mlebu kurungan rong sasi amerga gawe risi masyarakat. Eh, nalika metu penjara wong sing dadi panggonmu ngabdekake tresna rabi karo wong liya. Jebul syarat sing kok lakoni mung akal-akalane wong sing tresnani supaya kowe mlebu kunjara banjur ora ngerti nek ditinggal rabi. Sadis.


Bucin ora kudu dibuktekake kanthi uda pinggir dalan. Isih ana coklat, kembang, kondom, lan parfum. Kanggo aweh warah wae, coklat, kembang, kondom, lan parfum dicipta dening Gusti kanggo bukti tresna nalika teka wayah valentine, dadi ora kanggo dipangan. Masa iya arep mangan kondom kuah parfum?


Kanggone wong sing sugih pitung turunan, omah gedhe lan latar amba, tumpakane pesawat, nek dadi bucin mesthi ngawenehi kado saham, tiket umroh, wisata, lan barang-barang larang liyane. Nanging nek kanggo wong ‘apa anane’, ngewenehi kado sing paling duweni makna yaiku nandur wijining kauripan sajroning guwa garba.

Tradisi Bucin Jawa


Wong Jawa modern nek mbucin palinga wis menstrem. Ora adoh teka coklat lan kembang. Padahal, leluhur legendaris Jawa wis ninggali akeh conto kaya apa wae sing pantes diwenehake kanggo wong sing ditresnani. Ing ngisor iki ana jeneng-jeneng tokoh sing pantes dinggo tuladha.

Bandung Bondowoso


Kanggo conto sing paling sejati cetha Bandung Bondowoso. Mung pengin nyandhing Roro Jonggrang, wani nganti nekat mbangunake candhi amerga dinggo syarat tinampane tresna.

Bandung Bondowoso ngerti nek dheweke mbangun candhi dhewean bakal rekasa. Durung ngudak semen, nata pondasi, ngunggahake molo lan blandar. Mula supaya bisa nyuda tenaga, Bandung Bondowoso migunakake ilmu batin.


Nekakake para wadyabala jim kanggo ngewangi mbangun candhi. Pintere Bandung Bandowoso sing mbukak lowongan kerja tumrap para jim, ben para jim ora kepenak lungguh jegang ngenteni suguhan sajen. Kudu wani makarya.


Wekasane, Bandung Bondowoso bisa kasil ngedegake candhi. Nalika kurang nyelehake sakbata, ujug-ujug keprungu swara pitik kluruk, tandha nek wates wektu sing diwenehi Roro Jonggrang entek. Ing papan liya, Roro Jonggrang cekakakan seneng bisa uwal saka cilakaning urip amerga nglabuhi tresna kalawan Bandung Bondowoso.


Mesakake tenan Bandung Bondowoso, dadi tumbal rasa tresnane dhewe, tiwas ngajaki para jim mbut gawe barang.

Joko Seger lan Rara Anteng


Iki crita klebu mitos ing dhaerah gunung Bromo. Nek dikreta basakake bakal dadi Tengger (Rara Anteng lan Seger). Emane urip katresnane Joko Seger lan Rara Anteng dikisruhi dening Kyai Mahesa sing sekti amerga arep nglamar Rara Anteng.


Pelamar sekti kuwi mau banjur diwenehi syarat gawe segara pasir, gunung, lan kawah. Dilalah jalaran kasektene bisa kelakon kabeh. Rara Anteng bingung, mengkono uga Joko Seger. Bejane Joko Seger duwe ide. Nalika lagi ngeduk nggawe kawah, Kyai Mahesa diwutahi watu saka dhuwur nganti kependhem ana sajroning gunung.


Mesakake ta Kyai Mahesa. Salahe dhewe dadi wong ketelu ing njero hubungan tresna.

Ki Ageng Mangir


Sapa sing durung kenal Ki Ageng Mangir. Nek ngarani Ki Ageng Mangir minangka pemberontake Keraton Yogyakarta cetha ora patia pener. Nyatane Ki Ageng Mangir dhaup kalawan Rara Pembayun putrine Panembahan Senapati.


Klebu crita sedhih sing nyeseg ing ati. Nalika wis rabi, Ki Ageng Mangir kautus sowan Yogyakarta. Dheweke budhal bebarengan kalawan abdi uga Rara Pembayun. Tekan latar keraton, sakdurung mlebu dikon nguculi kabeh gaman. Ki Ageng Mangir manut.


Tanpa nyekel gaman, Ki Ageng Mangir sowan ing ngarsaning Panembahan Senapati. Dening wong keraton dikon ngaturake sembah bekti. Pisan meneh, Ki Ageng Mangir manut. Rikala nundukake sirah kanggo sungkem, ujug-ujug sirahe Ki Ageng Mangir dibandhem watu dening Panembahan Senapati dhewe.


Ing wayah sempoyongan mlaku, Ki Ageng Mangir diudani tunjepan keris nganti ilang nyawane. Rara Pembayun sing weruh kedadeyan mengkono nangis, nesu, lan kuciwa. Rara Pembayun banjur nyenyepi nganti tumekaning pati.


Ukuraning Tresna


Miturut guneme Didi Kempot, ukuraning tresna dudu bandha donya nanging wingiting asmara. Tegese, mung butuh mantebing ati nalika nglabuhi tresna. Anane butuh bandha donya mung sarana kanggo lumakuning urip bebarengan.


Mula ing jaman saiki, nek bisa tetep nirun carane tokoh-tokoh legendaris bucin tlatah Jawa ing dhuwur kae mau. Ora prelu wedi rekasa, rugi, lan cidra. Pokoke teteg atine. Ditolak urusane Gusti, sing penting wis ngupaya. Nek isih kerasa lara ing ati, ijolke karo warung kopi.


Lha salahe duwe ati kok mung dinggo mampir. Ati kok dipadhakake manuk, manuk bener wae golek susuh tekan ngendi-ngendi, nek ati ya kudu tetep siji kanggo wong siji.

Jawasastra

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *