Dene riwayat pengarang mratelakake crita urip, laku-laku kang ditindakake si pengarang minangka seniman. Babagan ngono dadi greget tumrap para sutresna sastra Jawa. Kala-kala uga nularake semangat berkesenian tumrap sok sapaa sing maca.

Awal November 2017, digelar dhiskusi ngenani Any Asmara. Adicara sastra kasebut mapan ana ing Balai Soedjatmoko, Kota Solo. Dhiskusi kala semana mbabar riwayate Any Asmara, kiprahe ing sastra Jawa, lan karya-karyane.

Kanggo nambahi gayeng sarta mantebing adicara, panitya ngundang Iman Budhi Santosa, sawijining penyair kaloka saka Ngayogyakarta, putrane Any Asmara.

Lumantar foto-foto kang dibagekake ing sawijining medhia sosial, ketara pepak banget Balai Soejatmoko kala semana. Miturut Impian Nopitasari, kang kadhapuk minangka moderator adicara, dhiskusi kasebut mbedani tinimbang adicara-adicara babagan sastra Jawa kang digelar sadurunge.

Saiki pepak ruwangane lan samya aktif sadhawane dhiskusi. Apa maneh Iman Budhi Santosa kang bisa disebut minangka seksi-urip lakune Any Asmara, dadi magnet kang ngedab-edabi.

Pawarta ngenani dhiskusi babagan Any Asmara menehi sawijining sasmita, sastra Jawa tansaya disenengi. Saperangan kalangan kang nyenengi sastra Jawa ketara kepingin mangerti ngenani ketokohan, sawijining laku urip memper biografi ngenani pengarang sastra Jawa. 

Ana sawijining tokoh sastra kang ngomong menawa nggatekake sawijining pengarang, kreator luwih nyenengake tinimbang nggatekake karya-karyane. Yen dirasa-rasa ana benere tetembungan kaya mangkana. Sabab karya sastra kuwi wis asil.

Dene riwayat pengarang mratelakake crita urip, laku-laku kang ditindakake si pengarang minangka seniman. Babagan ngono dadi greget tumrap para sutresna sastra Jawa. Kala-kala uga nularake semangat berkesenian tumrap sok sapaa sing maca.

Poster acara ing Balai Soedjatmoko. Sumber: pawonsastra.com

Emane, ing jagating sastra jawa durung ana buku kang mujudake sawijining biografi pengarang sacara jangkep. Babagan kasebut bisa tinilik awit buku-buku kang sumebar.

Dojosantosa, kang kawentar uga kanthi nama Muryalelana, nate nerbitake buku Taman Sastrawan (1990). Buku kasebut nembe mratelakake para pengarang sastra Jawa sacara ringkes.

Apa kang ditindakake dening Dojosantosa, diambali lan disampurnakake dening Balai Bahasa Yogyakarta (BBY) kanthi nerbitake buku Antologi Pengarang Sastra Jawa Modern (2004).

Buku kasebut nyuguhake paparan kang nora beda adoh karo gagrak paparane Dojosantosa, ringkes. Amung bedane, buku kasebut ambagi para pengarang kang binabar dadi rong periode, periode pra-kamardikan lan periode pasca-kamardikan.

Prelune Biografi Pengarang Sastra Jawa

Ana sawijining buku kang rada lumayan mbabar biografine pengarang sastra Jawa sing fokus marang sawijining pengarang muncul ing taun 2012. Buku kasebut yaiku R. Intojo: Pengarang Duwa Bahasa karyane Tirto Suwondo. Sanadyan fokus marang sawijining pengarang, eman buku karyane Tirto isih luwih akeh diiseni kanthi tilikan gayutane Intojo kalayan karya-karyane.

Alon-alon kabayangake, menawa ora ana buku kang mbabar sawijining tokoh sacara jangkep, paling ora mujudake biografi, kirane bisa ana wong lali marang Any Asmara, Esmiet, Tamsir AS, lan sapiturute. Utawa wong mung kenal sacar ringkes ngenani wongane, lan paling banter ngerti yen kuwi jeneng sawijining pengarang karya sastra Jawa.

Yen ta bakale kaya ngono, eman banget. Apa maneh gempuran suguhan budaya saka manca nora kurang-kurang ditampa. Babagan kang kaanggep sepele.

Sumber gambar: kajiansastra.com

Kayadene biografi sawijining pengarang Jawa bakal kasilep lan ing sawijining wektu bakalane dadi bom wektu kang jumedhere kawistara nalika dhirining wong Jawa nora tepung karo kridhawan-kridhawan sastra Jawa.

Dhata-dhata ngenani sastrawan Jawa sajane bisa diakes lumantar jagat maya. Ananging paling adoh mujudake dhata sing kecer, lan durung karuwan jangkep. Ngandhalake buku-buku kang wus terbit, kaya kang dipratelakake ing ndhuwur, uga dudu cara kang trep. Sabab dhatane mung ringkes.

Buku-buku kasebut prelu anane sabab bisa dadi warisan tumrap generasi ing mbesuk. Supaya para generasi ing tembe nora kelangan lacak sapa ta kuwi tokoh-tokoh sastra Jawa.

Kayadene generasi saiki, nora akeh kang ngreti crita urip lan kiprahe mpu-mpu jaman wuri. Sapa wonge kang ngreti sujarahe Mpu Monaguna, mpu Tantular, lan sapiturute?

Anane buku biografi tokoh iku uga bisa dadi pemantik semangat berkarya ing sastra Jawa. Yen ta sastra Jawa tenanan arep bangkit, anane buku kasebut bisa minangka booster, penambah daya kanggo laku nresnani sastra Jawa.

Jaman tansaya maju, maneka piranti tekonologi tansaya nggawe praktis lakune manungsa, apa maneh kang kudu tinunggu? 

Cover salah siji roman karya Any Asmara. Sumber gambar: koleksi kemala atmojo

Pitakonan kaya mau sajane kayadene retorika, pitakonan kang nora prelu jawab. Sabab ora akeh lembaga-lembaga kang suka gati, predhuli marang babagan kaya mangkana. Paling banter kang nindakake nembe lembaga kaya dene balai bahasa. Ananging umume mung mujudake saweneh panaliten. 

Pancen nyata, mbangun donya kasusastran minangka bageyan budaya, dudu barang sing sipate praktis. Sastra nora langsung metu asile. Ning bibite kaanam sajeroning jiwa minangka garan lakuning urip manungsa. Nanging wong jaman saiki pancen mayoritas seneng kang instan. Apa-apane kudu serba cepet, age-age dadi.

Kamangka, kang sinebut proses nora kalah penting karo asile. Proses kang apik temtu bakale ngasilake asil kang apik. Durung karuwan, asil kang cepet iku apik. Cepet nora padha karo apik. 

Anane buku biografi sastra Jawa uga dudu barang kang entheng sipate. Butuh tim khusus, lan wektu kang temtune nora sithik. Kegiyatan mangkan mbokmenawa bakale mbutuhake riset kang nora baen-baen. Cetha banget yen ta ora diwiwiti saka saiki, barang iku mung dadi angen-angen. Sawijining pangarep-arep kang mung tansah diarep-arep.

Baturraden, 2017

Jefrianto
Visit
Latest posts by Jefrianto (see all)