Jomblo utawa Wahdat iku Pilihan

Jomblo atau wahdat memang bagian dari takdir, tapi bisa jadi jenis takdir yang dipilih secara sadar dan sengaja. Menjadi jomblo bisa berarti punya spiritualitas tinggi

Persembahan kanggo para jomblo…

Jejere para taruna utawa kawula mudha kang urip ing jaman biyen apa ing jaman saiki, sanyata pancen ora bisa uwal saka rasa kang dumadakan teka. Yaiku rasa tresna.

Rasa tresna kang ujug-ujug thukul saka prenthuling ati lumrahe teka nalika ngancik ing umur diwasa. Watara umur 25 utawa selawe (seneng-senenge lanang lan wadon), ujare wong Jawa jroning kawruh othak-athik gathuke.

Katresnan utawa kasmaran yaiku rasa tresna lan asih kang tinuju marang sir-sirane. Katindakake dening priya lawan wanita, uga kosok baline.

Ing tembang macapat, ana tembang kang ngemu surasa utawa filosofi kauripane manungsa utawa gegambaraning manungsa kang wis tiba titi wancine nuwuhake rasa tresna lan asih.

Tembang mau arane Asmaradana. Asmara tegese tresna lan asih. Dana yaiku paweweh.

Cethane, tembang Asmaradana iku gegambaran babagan menehi-diwenehi rasa tresna lan asih tumrap pacangan.

Yen katresnane pacangan antuk nugrahaning Gusti utawa kang sinebut wahyuning jodho, tali katresnane mau bisa langgeng.

Ora Krama Salawase

Maharesi Bisma. Wong kang seneng marang crita wayang mligine Mahabharata, mesthi wis ngerti sapa ta Bisma iku.

Bisma yaiku putraning narendra utawa ratu, pepundhenne para Pandhawa. Ramane Bisma jejuluk Prabu Sentanu nata ing nagara Hastinapura. Dene ibune, Dewi Gangga, widadari kang bali menyang kahyangan sabubare Bisma dilairake.

Nalika Bisma isih timur mudha tumaruna, jenenge yaiku Raden Dewabrata. Dheweke minangka putra makutha, kang bakale nglintir kaprabone ramane, utawa calon narendra ana ing nagara Hastinapura sawise Prabu Sentanu.

Cekak aose crita, sawijining ari Dewabrata nemoni ramane lagi ketaman sungkawa utawa susah.

Jalaran kuwatir, dheweke tetakon marang kusir kreta Hastinapura, apa ta kang dadi sabab wong tuwane anandhang susah.

Kusir kreta mau banjur crita manawa wingi dina, Prabu Sentanu kapanggih karo wanita ayu kang sesilih Dewi Satyawati.

Nalika Prabu Sentanu nyuwun idi palilah marang bapake Satyawati manawa putrane arep dipundhut garwa, calon maratuwane mau nduweni bebana. Besuk yen Satyawati nglairake putra, bocah mau kudu dadi ahli-waris utawa ratu ana ing Hastinapura.

Sakala Prabu Sentanu sungkawa. Mangka calon ratu wis ditetepake marang putrane, Raden Dewabrata.

Sabubare mangerteni jalaran kang ndadekake ramane susah, banjur Dewabrata sowan manggihi bapake Satyawati.

Dewabrata banjur ngucap sumpah manawa ora bakal dadi ratu ing Hastinapura. Nanging, Dewi Satyawati ora pracaya marang kandhane Dewabrata. Karana, rebutan kalenggahan ratu iku bisa kedadeyan marang tedhak-turun kang sabanjure.

Dewabrata/Bisma memilih jomblo seumur hidup
Ilustrasi Dewabrata/Bisma. Sumber: DevianArt

Banjur Dewabrata ngucap sumpah kang angka loro, yen dheweke bakal nglampahi wahdat, ora palakrama (rabi) sajroning urip.

Sakala kedadeyan mau gawe kaget ramane Dewabrata, Prabu Sentanu. Banjur Dewabrata diwenehi jeneng Bisma marang ramane. Sarta diparingi bebungah yen ta bisa paseduluran karo kala (wektu), supaya bisa nemtokake dina patine dhewe.

Dadi, Bisma iku jejere janma kang milih urip wahdat utawa ora palakrama sajroning gesange.

Ora liya mung kanggo kabungahane wong tuwane, supaya ramane tetep bisa mengku garwa marang Dewi Satyawati.

Milih Jomblo/Wahdat Miturut Agama

Ing sudut pandang agama, wahdat iku lakune wong kang milih manunggal rasa marang Sang Pangeran.

Nyingkirake rasa kadonyane. Wahdat ora mung bisa ditindakake dening priya, nanging uga tumrap para wanita.

Ing sawijining agama, wong kang rasa spiritualitase wis luhur, ana sing bakal nglakoni wahdat utawa jomblo saumur urip.

Uripe mung kanggo manembah sarta ngurusi perkara agama. Tuladhane: resi, biarawan, biarawati, wiku, lan liya-liyane.

Nanging uga ana, agama kang ora ngeparengake wong ora palakrama. Kabeh iku mau wis dadi kaputusan saben para manungsa. Uga ana manungsa kang milih ora palakrama amarga sabab tartamtu.

Yaiku wong kang wis rumangsa bisa seneng tanpa sisihan utawa pacangan, wong kang wis bisa seneng nalika dhewekan, wong kang ora pracaya yen kabungahan bisa digawe kanthi mbangun kulawarga dhewe, wong kang ora krama mung amarga umume wong liya uga milih krama, lan sabab-sabab liyane.

Wahdat utawa jomblo iku minangka kaputusan lan pilihan. Wong kang mundhut kaputusan, mesthi uga wis nduweni alesan.

Leave a Reply

%d blogger menyukai ini: