Cerita Rakyat – Ronggo Blimbing

RONGGO Blimbing mujudake panggedhe ing tlatah Blimbing kang tansah setya lan bekti marang Nata Mataram, Sultan Agung Anyokrokusumo. Saben-saben tinimbalan marak sowan menyang Mataram, ora nate madal ing dhawuh.

Kepara angger ngepasi sowan menyang Mataram, Ronggo Blimbing asring ngajak anake lanang kang aran Joyo Ketok.

Merga asring diajak menyang Mataram, Joyo Ketok kang mujudake jejaka gagah lan bagus njalari asring ketemu karo putra-putrine Sultan Agung, ing antarane Rara Pembayun.

Mbokmenawa merga asring ketemu, suwening suwe antarane Joyo Ketok lan Rara Pembayun dadi padha seneng lan tresnane. Kepara kekarone asring nganakake patemon kanthi cara sesidheman.

“Gusti Putri, kula ingkang namung anakipun Ronggo, menapa pantes menawi cecaketan kaliyan Panjenengan, putri Nata agung ing Mataram?”

Tembunge Joyo Ketok ing sawijining sore nalika sapatemon karo Rara Pembayun. Joyo Ketok nganti duwe tembung kaya ngono satemene mung kanggo njajagi atine Rara Pembayun.

Rara Pembayun mesem. Joyo Ketok disawang ora uwis-uwis, nuli kandhane, “Geneya Kakang bisa kandha kaya mangkono?”

“Ingkang kula aturaken menika dhapur kasunyatan, menapa wontenipun, Gusti Putri. Kula kaliyan Panjenengan saestu adoh sungsatipun, ibaratipun bumi kaliyan langit.”

“Ora, ora kaya ngono, Kakang. Sing jenenge wong seneng kuwi ora nyawang apa lan sapa. Mung ati lan rasa sing nyawijekake.”

Joyo Ketok meneng, ora age-age kumecap. Rara Pembayun disawang tanpa kedhep sawetara suwene, nuli kandhane,

“Kula mangertos babagan menika, Gusti Putri. Nanging kados pundi aloke tiyang kathah menawi nyumerapi kula ingkang namung kawula alit cecaketan kaliyan putri raja agung ing Mataram.”

“Uwis, uwis, Kakang, aja omong kaya mangkono. Butuhku mung bisa cecaketan karo Kakang.”

Joyo Ketok meneng. Atine sanalika mekar bareng krungu tembunge Rara Pembayun sing kaya ngono. Ora let suwe banjur keprungu tembunge, “Menika saestu, Gusti Putri?”

“Ya tenan ta, Kakang. Yen mung lelamisan geneya ndadak dakrewangi nempuh cara dhedhemitan perlune mung bisa ketemu karo Kakang.”

Joyo Ketok mesem, atine sansaya mekar. Semono uga Rara Pembayun. Kekarone anggone ngronce rasa kaya angel didhelikake.

Dina-dina sing dilakoni mung tansah rinengga gegambaran kang endah-endaha. Rara Pembayun lan Joyo Ketok kaya-kaya ora gelem pisah.

Nanging yen wektu wis mbuka wiwarane wewadi, ditutup-tutupana bakal kadenangan. Dialing-alingana bakal kaweruhan.

Semono uga sesambungane Joyo Ketok karo Rara Pembayun, senajan dilakoni kanthi cara sesidheman, nanging wusanane dingerteni dening salah sawijining prajurit Mataram.

Crita ora mung mandheg tekan semono, apa sing wis dilakoni dening Joyo Ketok lan Rara Pembayun mau nyatane banjur dilapurake marang Sultan Agung.

“Sinuwun, abdidalem pun prajurit ingkang tinanggenah njagi kaputren badhe caos atur palapuran,” ature prajurit mau karo manembah.

“Arep caos atur palapuran apa, prajurit?” pandangunge Sultan Agung klawan aris.

“Nyuwun tadhah deduka ingkang kathah, menawi ingkang badhe kula aturaken mboten mranani penggalihipun Sinuwun.”

“Iya, iya prajurit. Age-age matura mungguh wigatine sira ngadhep ing ngarsaningsun.”

“Caos kawuningan, Sinuwun. Bilih Gusti Putri Rara Pembayun asring sapatemon kalih Joyo Ketok ing kaputren.”

“Joyo Ketok anake Ronggo Blimbing?”

“Kasinggihan, Sinuwun.”

Mireng ature prajurit sing pinercaya njaga kaputren kang kaya ngono, sakala Sultan Agung duka. “Apa sing mbokkandhakake bener, prajurit?” dhawuh pangandikane sabanjure.

“Kasinggihan, Gusti. Kula nyipati piyambak, Sinuwun.”

Sultan Agung kendel sawetara. Saka pasuryane katon yen ora karenan sawise antuk palapuran kaya mangkono. “Prajurit,” dhawuh pangandikane sabanjure.

“Nyadhong dhawuh, Gusti,” ature prajurit karo manembah.

“Dina iki uga sira dakutus menyang Blimbing. Kandhaa marang Ronggo Blimbing yen daktimbali. Joyo Ketok, anake sisan-sisan kon ngajak.”

“Ngestokaken dhawuh, Sinuwun.”

Prajurit mau banjur madal pasilan. Wektu kuwi uga banjur gegancangan tumuju menyang tlatah Blimbing.  Nemoni Ronggo Blimbing lan ngaturake mungguh wigatine diutus Sultan Agung.

Sawetara Ronggo Blimbing bareng nampa dhawuh supaya age-age sowan menyang Mataram, ngadhep Sultan Agung, rasane dadi ora kepenak. Batine takon-takon dhewe geneya Ratu Gustine dumadakan nimbali.

Nanging minangka kawula sing njunjung dhuwur dhawuhe Nata Mataram, Ronggo Blimbing wektu kuwi uga age-age sowan menyang Mataram bareng karo Joyo Ketok.

“Ronggo Blimbing, sira mangerti apa darunane wektu iki daktimbali?” dhawuh pangandikane Sultan Agung.

“Nyadhong deduka ingkang kathah, Sinuwun. Kula pun Ronggo Blimbing estu mboten mangertos wigatosipun katimbalan marak sowan Paduka ing kalenggahan menika,” Ronggo Blimbing atur manembah.

“Ronggo Blimbing, mangertenana sira daktimbali ing wektu iki awit ana perkara kang kudu dak ngendikakake.”

“Kasinggihan, Sinuwun. Kula namung saged tadhah pangandikanipun Kanjeng Sultan Agung.”

“Ingsun nampa atur palapurane prajurit kang kejibah njaga kaputren. Yen anakmu, Joyo Ketok meneng-meneng wis kumawani nggonjak marang putriningsun, Rara Pembayun.”

Krungu pangandikane Sultan Agung kang kaya mangkono, Ronggo Blimbing sakala kaget.

“Kowe, Joyo Ketok, rungokna dhawuh ingsun. Sira aja pisan-pisan maneh kumawani ameng-ameng menyang kaputren, nemoni Pembayun.”

“Ngestokaken dhawuh, Sinuwun,” Joyo Ketok atur manembah.

“Lan kowe, Ronggo Blimbing, sira minangka wong tuwane Joyo Ketok mesthine bisa ngandhani anakmu lanang. Mula ing babagan iki, sira sing kudu tanggung jawab yen ana apa-apane.”

Ronggo Blimbing mung bisa matur sendika.

“Wis saiki padha baliya menyang Blimbing. Mung dhawuhku estokna, aja pisan-pisan maneh Joyo Ketok kumawani mlebu menyang kaputren, nganggu putriku.”

Ronggo Blimbing lan Joyo Ketok banjur madal pasilan. Bali menyang Blimbing.  Ronggo Blimbing bisa nampa dhawuhe Sultan Agung kanthi dhadha tinarbuka.

Nanging ora ngono mungguhe Joyo Ketok lan Rara Pembayun, sekarone tetep nganakake patemon kanthi cara dhedhelikan. Dhawuhe Sultan Agung kaya-kaya ora direwes lan digatekake.

Nanging sarapet-rapete anggone Rara Pembayun lan Joyo Ketok nglakoni sapatemon kanthi cara dhedhemitan, wusanane konangan prajurit lan banjur dilapurake marang Nata Mataram.

Gambar mung ilustrasi

Sultan Agung sakala duka lan dhawuh marang prajurit Mataram supaya nggebug tlatah Blimbing lan merjaya Ronggo Blimbing sing wis dianggep ora ngestokake dhawuhe.

Mangerteni menawa arep dilurugi prajurit Mataram, Ronggo Blimbing age-age ngundang anake lanang.

“Joyo Ketok, ketoke Mataram arep nglurugi menyang kene. Blimbing arep digecak perang. Alesane ora liya merga aku dianggep ora bisa ngandhani kowe sing nyatane isih kerep sapatemon karo putri Mataram.”

“Nyipati kawontenan kados mekaten, kados pundi pamrayoginipun, Rama?” Joyo Ketok takon.

“Diselakana ora bisa. Diendhanana mangsa luputa.”

“Kersanipun, Rama?”

“Anak pola bapa kepradhah. Aku minangka wong tuwamu ora bakal mlayu saka perkara iki. Kowe tetep dakdombani. Yen Mataram klakon nggecak menyang kene, ya ditadhahi.”

“Menawi mekaten kersanipun Rama, kula namung jumurung.”

“Wektu iki uga kowe prentahe marang para prajurit supaya ngrapeti barisan Blimbing. Sawanci-wanci prajurit Mataram nggebug perang, ora ndadak mindho-gaweni.”

“Inggih, Rama.”

Dina candhake prajurit Mataram klakon nggecak perang menyang Blimbing. Nanging Ronggo Blimbing lan Joyo Ketok wis siyaga. Wusanane dadi perang rame.

Senajan prajurit Blimbing trajange nggegilani lan ora ana wedine, nanging suwening suwe prajurit Mataram bisa ndheseg lan gawe koca-kacire wadyabala Blimbing.

Joyo Ketok kang mandhegani prajurit Blimbing ing wusana uga bisa kapikut. Joyo Ketok dadi pangewan-ewan lan banjur diperjaya ing salah sawijining sendhang sacedhake Desa Blimbing.

Nyipati wadyabala Blimbing kaseser ngadhepi wadyabala Mataram lan anake lanang tiwas ing palagan, Ronggo Blimbing banjur ngoncati paprangan. Ronggo Blimbing mlayu embuh menyang endi, ora ana sing ngerti.

Latest posts by Irul S Budianto (see all)
Irul S. Budianto, lair ing Boyolali lan saiki dedunung ing Donohudan, Ngemplak, Boyolali. Kejaba geguritan, uga nulis crita cekak, crita anak lan sapanunggale.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Back To Top