Formicidae Hymenoptera14 min read

Manuk dares pating kleber. Ing adohan keprungu swara kenthongan tandha lelayu. Engko bar Subuh Wak Modin mesthi gawe pawarta saka langgar. Samar-samar, swara sirene ambulan miyak rungseping wengi.

Tarno sing lagi wae bali saka kuburan kamitenggengen, ngadeg jegreg, tanpa pocap. Hawa adhem ngremuk balung. Isih caket komplek pesareyan, neng sisih kulon dalan anggone mlaku mulih ana barongan papringan. 

Papringan disapu sunar rembulan. Gegodhongan pring sing pucuke malih rada kuning dikudang maruta, prasasat awe-awe Tarno supaya nyedhak.

Alon-alon dheweke jumangkah. Wulu cengel mengkorok. Nanging Tarno kendele kandel nek perkara barang alus. Esuk wengi kanggone Tarno ora ana bedane. Kuntilanak, banaspati, dalbo, genderuwo, tuyul, kemamang, pocongan, nganti Kyai Antaboga wis tau diweruhi. Mula ya biyasa wae.

Ana swara krasak… krasak…krasaaak…krasaaaakkkk…sakk…sakkk

Wis tekan ngarep papringan, Tarno mentheleng, kuping lan mripate ditajemake. Senter disorotake menyang sumbering swara. Sorot sentolop tiba aneng badhan manungsa sing kumlawe!

Sumber gambar: Pinterest

“Apa iku?!” Tarno ngejer. Sentolop disorotake menyang badhan iku. Cahya senter rumambat alon, saka sikil nganti praupan. 

“Diangkrek!!!” Tarno mbengok.

Senter tiba amerga gemeter. Tarno njranthal mlayu. Sempet kesandhung watu, ndlosor, maskere suwek, dengkule babras, nanging age-age tangi. Dheweke wurung bali mulih, weruh kedadeyan iku, dheweke arep mara menyang Pos Kamling.

Kanthi masker kiwir-kiwir, mung tali kuping sisih kiwa sing isih cementhel, Tarno teka neng Pos Kamling. Ana wong telu sing kadhapuk jaga wengi iku, Bagor lan Rembes wis plas turu, keri Kepet sing isih melek.

“Lapo ae Tar kok bengi-bengi playon?!” Kepet nakoni Tarno sing tangane gecokan dengkul lorone, menggos-menggos.

“Pet…” Tarno nata ambegan, “iko… nang kono…”

Kepet mencolot saka lungguhe. Rokok surya isih dicepit cangkem. Dheweke ngadeg madhep sumber tekane Tarno, “apa se, Tar? Ganok apa-apa…”

Tarno ora semaur. Penthungan kayu jro selane kenthongan diranggeh, digegem rapet. Tanpa pocap, kenthongan ditabuh Tarno sabanter-bantere. Kenthongan tandha lelayu.

Kenthongan ditabuh kaya wong klebon setan. Tarno anggone nuthuk ora ajeg. Tetenger unine kenthongan kecampur, antarane tandha lelayu, rajapati, lan tenger maling!


Kuburan Anyar

Esuk pitik kluruk, srengenge pecah. Neng pesareyan, wong sakdesa Leminggir nglumpuk, kanthi nganggo masker nanging tanpa jarak. Jare ana kuburan anyar. Dudu kuburane Man Kaji sing wis dimakamake Tarno sakkancane, nanging kuburan liya.

Kuburan anyar iku diubengi pirang-pirang wong. Juru Kunci pesareyan, Bu Lurah, Ndan Wergul, Darno, Pak RT, Pak RW, lan liya-liyane.

“Kula boten semerap pak, lha wong maeng bengi sakwise makamke Man Kaji kula langsung wangsul.” Kandhane Juru Kunci pesareyan marang Bu Lurah.

“Lha terus iki kuburane sapa?” Ndan Wergul, tentara Bhabinkamtibmas takon rada sereng, “engko aja-aja ana pembunuhan maeng bengi!” Kandhane meneh.

Bu Lurah godheg-godheg krungu ujare Ndan Wergul, dheweke mencureng sambi mengkerik. Topine ireng dilus bolak-balik, embuh apa sing lagi dipikir, sing cetha batine ora jenak.

Para polisi mung thenger-thenger, thila-thilu. Repot pasang garis polisi sing ora patia ana gunane. Saumpama pandugane Ndan Wergul tenan, polisi ya ora bisa tumindak apa-apa, amerga kudu ngenteni ana lapuran mlebu.

Kuburan anyar kuwi polosan, ora ana tenger kayu utawa watu maesan. Panggone sangisore wit kamboja. Kala-kala, kembang kamboja kuning keterak angin njur tiba sadhuwuring kuburan anyar.

Wong sing nglumpuk pengin weruh kuburan anyar dha grenengan. Dha kuwatir mbok menawa muncule kuburan anyar mau tandha bakal teka rubeda sing luwih nggegirisi, mbarengi karo jamane pandemi.

Rada adoh teka kuburan anyar, ing kompleks pesareyan sing cedhak kali, Tarno lan kanca-kancane lagi wae rampung ngewangi ngubur jenazah sing kena covid-19.

Sumber gambar: Pinterest

Sakuwise Tarno nguburake, ana polisi ngundang Tarno, ngadeg rada adoh karo aweh isyarat sing kira-kira menawa diunekake munine, “ndang salin wis dienteni Bu Lurah.”

Tarno manthuk, paham apa sing dikarepake dening polisi. Cecaketan Tarno nindakake dekontaminasi, banjur salin aneng jedhing pesareyan, sisan adus. Bar adus langsung mara menyang Bu Lurah.

“No, maeng bengi awakmu sing nuthuk kenthongan, awakmu omong nek eruh mayit nang barongan, saiki duduhna barongan ndi, terus ndi mayite? Kira-kira sapa?” Bu Lurah jaluk katrangan pepak saka Tarno, jalaran sakbare lapur mau Tarno kudu ndang melu ngubur.

Tarno mikir sedhela njur muni, “saestu kula boten semerap sinten niku, lha kula keweden, senter kula rutuh, kula langsung mlayu, ehm aja-aja mayite nggih teng kuburan anyar niki!” Ujare Tarno aweh teori sing sakjane isih bisa ditampa nalar.

“Bisa uga, tapi saiki duduhna nggone sik.” Bu Lurah wis mlaku dhisikan menyang barongan.

Tarno nututi kalawan Ndan Wergul lan Juru Kunci. Satekaning barongan, Tarno mlangkah miyak carang-carang. Sakwise carang dipiyak, lemah katon ana tilas gasruk, lemah diduding dening Tarno.

“Mriki… Nggih teng mriki kula semerape.” Ujar Tarno karo gumeter. 

“Kula mlayu teng Pos, kula crita tapi kathah sing boten percaya, butuh rong jam supaya wong-wong gelem kula jak , pas kula mriki sampun boten wonten mayite, mangkane kula ngira nek kuburan anyar nika kuburan mayit sing kula eruhi.”

“Ya jelas akeh sing gak percaya. Be’e ae koen goroh.” Ndan Wergul cubriya marang Tarno..

“Lho?! Saestu, Ndan! Kula boten goroh!”

“Masa awakmu gak eruh iku sapa?” Salah siji polisi ana sing takon Tarno

“Boten semerap estu, lha wong kula ae keweden pak. Senter kula rutuh, langsung kula mlayu teng Pos.” Jawabe Tarno.

“Critamu gak masuk akal, masa ana kuburan ujug-ujug mecungul?! Kapan ndhudhuge? Kapan mendheme, iya nek kuburane ana isine! Masa awakmu gak eruh iku sapa?! Mencurigakan koen…” Ujare Ndan Wergul karo mripat disipitake.

“Ya Allah, saestu, kula boten goroh, kula boten nambahi boten ngelongi!”

“Mesthi koen sing mateni mayit iku terus kokpendhem dhewe!!” Ndan Wergul mendelik karo tangane nduding-nduding rupane Tarno.

“Lho?! Ngawur. Kok saged sampeyan omong ngaten? Buktine napa Ndan?!” Tarno ora trima.

“Wis jelas teka critamu, gak butuh bukti, critamu iku buktine!”

“Demi Allah kula boten semerap niku sinten!”

“Goroh koen!!” Ndan Wergul nyentak Tarno.

“Lho?! Ya apa se wong iki?! Sumpah demi Allah kula boten semerap niku sinten, lha saiki kok bisa sampeyan ngarani kula mateni wong?!” Tarno jaluk katrangan marang pandakwane Ndan Wergul.

“Kandhani teka critamu iku ae wis gak masuk akal kok! Ngeyel ae rek! Masa ana maling ngaku maling? Masa ana koruptor ngaku koruptor?!”  

“Diangkrek! Karepmu lah!! Ngomong ae gak isok golek pelaku asline terus ndakwa wong liya nggo dadi pelaku!”

“Cok! Cangkemu gak aturan!!! Wani-wanine karo aparat!! Heh polisi, cekelen wong iki!”

Polisi-polisi angger manut prentahe Ndan Wergul. Arep nyekel Tarno kanthi keroyokan. Bu Lurah ngalangi para polisi.

Ndan Wergul sing wis nesu ora srantan ngenteni polisi. Dheweke arep ngantem Tarno. Meh wae Tarno kena antem, bejane Juru Kunci cepet ngalangi, saengga Tarno ora nganti kena antem tinjune Ndan Wergul.

“Aja ngono sampeyan Ndan, ampun ndakwa ngoten, dereng wonten buktine nek Tarno tumindak kaya sing sampeyan omong! Tapi sing sampeyan omong ya ana benere, durung mesthi iku kuburan anyar, isa ae mek gumuk. Mangga lerem sedaya rumiyin!” Kandhane Bu Lurah kanthi sereng.

Tarno gethem-gethem weruh kelakuane Ndan Wergul karo para polisi. Embuh apa sing dirasa batine, sing cetha mripate malih abang, tangane nggegem rapet. Sajak, umpama, rakyat kuwi dicekeli gaman bedhil kaya aparat, Tarno wani wae gelut mungsuh Ndan Wergul.

“Ngene, saiki dimareni sik, mene takngurus prosedur nggo bongkar makam, cek bisa didelok kuburan anyar mau ana isine apa gak, saiki ayo bubar, wis sore barang.” Bu Lurah mbubarake acara investigasi, Juru Kunci dijaluki tulung mbubarake wong-wong sing isih nglumpuk neng kuburan anyar.


Semut

Pos Kamling wengi iku luwih rame tinimbang biyasane. Kepet, Bagor, lan Rembes uga ana kaya wengi wingi, ketambahan Pak RT lan Darno si hansip. Mung Tarno sing ora teka. Kabeh padha dolanan remi bareng-bareng.

“Tarno nang ndi iki?” Pak RT takon sakwise mbanting kartu angka lima waru.

Plakkk…. “Loro wajik! Sapa iki sing arep? Ehmmm, gak eruh pak, paling jik turu.” Bagor wangsulan.

“Ket maeng dikempit ae, mayan, gae jangkep-jangkep…. Ehm, iki maeng aku teka omahe nyusul, jare mboke ancen jik turu, Pak. Jarene kepegelen.” Kepet pringas-pringis nyawang kartune, “ajor koen mariki Mbes, khakha…” Kepet mbanting landha.

“Wah, gak ngarah nek awakmu bisa nutup aku, kadohan, malah awakmu dhisik sing ketutup aku.” Rembes ngangkat landhane Kepet, “percaya gak?”

“Lho? Koen kate nutup aku?!” Kepet ora percaya.

“Hem, untalen, tutupan joker! Khakhakha… Min rongatus seket! Khakhakha…” Rembes cekakakan.

“Gathel! Sempak! Kalah meneh, kalah meneh!” Kepet mrengut karo nata kartu njur ngucut meneh.

“Eh, sik-sik rek, sapa iko? Tarno ta iko?!” Darno nyorotake senter menyang dalan, jebul tenanan Tarno.

Kanthi ngucek mripat, Tarno mlaku alon menyang Pos kamling. Weruh nek disorot senter, Tarno aweh tandha sisan.

“Jarene turu?” Kepet nakoni Tarno.

“Iya, tapi nglilir iki maeng, mesisan mrene wis aku, lha wayahku rondha e…” Jawabe Tarno.

“Jarene Pak RT awakmu maeng kate diantemi Ndan Wergul, Tar?” Takone Bagor.

“Cen wong gendheng kok Wergul iku, isa-isane ngarani aku pembunuh, babin goblok…”

“Tapi aku salut karo awakmu No.” Pak RT ujug-ujug aweh jempol loro marang Tarno.

“Lha kok?”

“Soale awakmu maeng wani muni, omong ae nek gak sanggup golek pelaku sing asli akhire ndakwa wong cek dadi pelaku… Hahahaha… Sangar lah… Aku dhewe ya wis suwe gregeten karo Ndan Wergul.” Ujare Pak RT karo jempol tetep keangkat.

“Nek kenek pongor ya gak sida sangar pak.” Semaure Tarno karo langsung ngglethak neng pojok Pos.

“Dina iki maeng gak ngubur blas ya awakmu, No?” Darno melu takon.

Tarno angop sinambi semaur, “gak blas i cak, dungaren yoan asline, tapi luwung lah bisa prei.”

“Iya No, masa sedina ngubur wong semono akehe, sakno awakmu. Anggep ae dina iki prei.” Darno nanggepi.

“Ya durung karuan cak.” Tarno wis kemulan sarung.

Wengi kuwi kerasa ayem, adhem, lan tentrem. Angin semilir anteng. Langit tanpa mendhung, cahya mbulan kebanting aneng ratan. Tarno malah mlungker neng pojok Pos, dheweke sambatan ngantuk, liyane isih nutugake dolanan remi.

Angler tenan turune Tarno. Nalika turu dheweke nglindur, “negara gak gelem metu ragat kanggo ngruwat bangsa sing nandang sekarat… perkara ekonomi-investasi ae semangat, bareng mangsane pageblug pasrah bongkokan nang rakyat… cen pejabat bejat….”

Bagor lan liyane sing krungu ngelindure Tarno padha gumuyu. Amerga nglindure Tarno, dumadakan Rembes miwiti rembug ngrasani kebijakan pemerintah tingkat negara. Ya ngomongke PPKM, ya penanganan sing ora teges, nganti bantuan sing malah ora sida mudhun mau esuk. Supaya luwih marem anggone ngerasani, Darno nyetel Youtube.

Samar-samar swara Youtube disetel, Darno nyetel wayangan, lakon Durga Ruwat, marai liyane padha ngantuk. Bejane Darno wis sangu arak tipis-tipis sakbotol tanggung kanggo kanca melek karo kacang. Sedurunge pancen ora ditokake ket mau, sengaja ngenteni nggo jagan nek wis liyer-liyer.

“Wah, anget-anget iki…” Pak RT suweneng weruh Darno nggawa arak.

“Gak ana gelase Pak, digelegeg ae ya…” Kandhane Darno.

“Ya, gampang, ditenggak ya bisa…” Pak RT ora masalah.

Botol diputer sinambi dolanan remi. Swara tenggeret, jangkrik, lan kodhok nyelani swara dhalang ing Youtube. Pak RT lan liyane padha rumangsa nek lagi dolanan remi aneng dhuwur awan karo nonton Sora Aoi.

Rembes wis menang bola-bali, Pak RT lagi menang pisan, Bagor uga wis tau menang, mung Kepet sing babar blas durung nate menang, kamangka ket mau kartune apik terus, nanging bingung olehe ngolah tutupan kartu.

Nalika dhalang tekan crita Sadewa ketemu kalawan Durga, ujug-ujug kanthi samar banget keprungu ana swara wong mbengok. Wiwitane ora ana sing nggagas, nanging gandheng ambal-ambalan, Bagor malih ora bisa konsentrasi.

Sumber gambar: Pinterest

“Heh, gak krungu swara wong bengak-bengok?” Bagor takon.

Pak RT, Darno, Kepet, lan Rembes uncal pandelengan. Kupinge banjur padha ditajemake, nanging isih durung bisa keprungu, Bagor mempeng nek kepurngu suwara wong wadon bengak-bengok. 

“Aja guyon, masa gak krungu blas?!” Bagor bingung campur wedi, aja-aja sing dheweke rungu mau swarane barang alus.

“Aku krungu suwara dhalang Youtube…” Darno aweh wangsulan karo mesam-mesem.

“Aku krungu suwaramu, Gor…” Pak RT malah aeng anggone wangsulan.

Kepet lan Rembes mung meneng, mung delok-delokan kanthi mata sing wis setengah ketutup. Wong loro iku kaya isih nyoba mangerteni sakjane apa sing diomongake karo Bagor, Pak RT, lan Darno.

“Ancen gopoh mendem kabeh! Jik oleh patbelas puteran ae wis mendem!” Bagor gregeten.

Tarno jenggirat tangi. Kaget. Usap-usap kuping. Mripate mrencing, nyawang patang keblat. “Swara apa iku?” Tarno takon menyang awake dhewe.

“Lho, awakmu krungu Tar?” Bagor nakoni Tarno.

“Iya, suwara wong wedok, nek gak salah munine jaluk tulung, teka kidul swarane….” Kandhane Tarno temenanan. “Ayo diparani, arek-arek, karo Pak RT karo Darno ajaken pisan!” Tarno tangi, ngunggahake sarung, masang sandhal.

“Ngajak wong mendem ngene iki?! Kesuwen! Ayo budhal sik Tar!”

Tarno lan Bagor mlayu ngidul kanthi banter banget. Pak RT lan Darno sing isih rada sadhar age-age nututi nanging karo cekel-cekelan pundhak, wedi nggeblag.

Swara mau swarane Mak Kah, dheweke tetangisan aneng ratan, omahe adoh saka omah para warga liyane, omahe mepet Kali Sadhar, mula arang ana wong krungu. Beja Bagor durung mendem lan Tarno isih bisa jenggirat tangi.

Weruh Mak Kah klesetan kanthi tetangisan, Tarno lan Bagor ngewangi Mak Kah tangi. Mak Kah isih mingsek-mingsek. Dheweke omongan nanging ukarane ora cetha, kaya wong kemu banyu. 

Mak Kah dituntun menyang lincak ing ngarep omah, lincak sangisore wit keres. Mak Kah isih omong kaya kemu banyu. Bagor nyedhakake kupinge menyang thuthuke Mak Kah supaya bisa krungu luwih cetha apa sing diomong. 

Mak Kah dilungguhake, Bagor isih ngrungokake omongane Mak Kah. Tarno bali menyang ratan ngundang Pak RT lan Darno sing mlaku kanthi sempoyongan. “Kene… Kene!” Tarno mbengoki Pak RT lan Darno.

Tarno bali meneh menyang lincak, “omong apa Mak Kah, Gor?”

Bagor meneng wae, mripate katon kothong, kaya ora ana sing disawang kamangka Tarno ana ngarepe. Tarno nggepuk pundhake Bagor, tumuli Bagor tangi saka lamunan, “yok apa Gor? Mak Kah omong apa? Lapo kok bengak-bengok jaluk tulung?”

“Mbah Jamhari ilang….” Jawabe Bagor kanthi rupa bingung.

“Mbah Jamhari ilang?” Tarno balik takon.

“Iya, jare Mak Kah, mbah Jamhari mesthine nang kasur kamare, gak isok tangi, iki maeng Mak Kah ninggal nang jedhing dhiluk, pas balik kamar mbah Jamhari wis gak onok. Kok bisa, Tar?”

“Mbah Jamhari sing kena stroke iku ilang?!” Tarno kaget keprungu kandhane Bagor.

“Iya, maringunu Mak Kah metu omah, eruh ana tilas seretan nang lemah, ditutna karo Mak Kah, lha kok de’e ngerti nek mbah Jamhari mumbul saka lemah, kaya ana sing nggotong!”

“Ndi cabete?!” Tarno ora sranta.

“Iko….”

“Ayo ditututi, Gor!”

Tarno lan Bagor tumuli nututi tilas seretan neng dhuwur lemah. Pak RT lan Darno dititipi Mak Kah, supaya njagani mbok menawa ana apa-apa.

Lakune Tarno lan Bagor mlesat banter. Mesthine durung adoh. Pikirane Tarno lan Bagor ngambrah-ambrah tekan ndi-ndi, rasa kuwatir lan wedi, campur dadi siji. Kok bisa mbah Jamhari sing ra bisa mlaku malah ilang? Tur kok bisa awake mumbul saka lemah kaya digotong?

Tilas seretan tumuju pesareyan. Tarno lan Bagor isih durung kelakon nututi Mbah Jamhari, amerga tilas seretan mau ilang, entek aneng barongan. Mung modhal nekat, Tarno lan Bagor mlebu barongan.

Senter diparakake menyang kabeh papan sajroning barongan, diratani, kabeh kudu kena sorot senter. Nalika senter wis diadhepake arah ngalor lurus, Bagor dumadakan matung! Awake ora bisa obah, nyawang apa sing kedaden ing ngarepe.

“Lapo Gor?!” Tarno takon Bagor kanthi nggoyangake awake Bagor.

“Iko… Deloken… Iko apa, Tar?!”

Tarno ndelok pucuk cahya sentere Bagor, ora lali cahya sentere dhewe uga diparakake menyang arah sing padha kalawan sentere Bagor. Mak tratap! Tarno melu matung, ora bisa obah, antarane wedi karo kaget!

Mayite Mbah Jamhari kemambang. Awake lempe-lempe. Badhane mumbul, ora napak. Tangan lorone nggasruk nyakari lemah. Ora ana wong sing nggotong. Blas ora ana sing nggotong utawa manggul. Kemambang, mumbul tenanan. Kedadeyan iku dudu guyonan.

Senter diparakake menyang ngisor badhane Mbah Jamhari. Ana ewonan kewan cilik pating grememet, rendhet, nanging lakune cepet. Kewan mau cilik-cilik wernane ireng. Saumpama ora kena sorot senter, mesthi ora ketara.

“Kae… Ngisor awake Mbah Jamhari kae, apa Tar?” Bagor takon kanthi awak sing isih kaku.

“Semut?” Tarno semaur uga kanthi awak isih kaku.


Mbah Jamhari mati wayah wengi nalika isolasi mandiri, wis digawa menyang rumah sakit nanging kentekan panggon. Wekasane gawa bali ngomah. Neng omah, sing ngancani mung Mak Kah, bojone. Gandheng Mak Kah ngancani, dheweke cetha kena covid-19. 

Wengi iku, nalika Mak Kah ninggal menyang jedhing sedhela, pas bali, Mbah Jamhari wis ilang saka kamar, kamangka Mbah Jamhari ora bisa mlaku jalaran sakwise kena covid-19 dheweke malah ketambahan kena stroke.

Esuk, nalika srengene mlethek, neng pesareyan desa wis ana kuburan anyar cacah telu jejer-jejer. Salah siji neng njero kuburan kuwi yaiku Mbah Jamhari, loro liyane jebul Rianti lan Saprol. Kuburan anyar dina wingi, miturut wong-wong desa isine yaiku Yuk Warni. Kabeh wong sing kena covid-19. 

Wiwit dina iku, warga desa Leminggir sing mati amerga covid sing nguburake para bala semut. Diupakara apa ora, gumantung kulawarga. Para relawan malih rada entheng gaweyane.

Para warga lila menawa bala semut aweh pambiyantu. Tinimbang ngenteni pambiyantu saka negara sing angel dijagakake.

Tuntas

Gombalamoh
Latest posts by Gombalamoh (see all)

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *