Cerkak Swara Klenengan Dening Irul S. Budianto

Cerkak Swara Klenengan Dening Irul S. Budianto – Minangka penulis lepas sing seneng nulis lan ngangkat peninggalan jaman mbiyen utawa sing mambu-mambu sejarah, dina kuwi Wiworo sengaja merlokake teka ing Sendhang Pitu sing mapan ana tlatah Cepogo, Boyolali. 

Rampung takon-takon, wekasane Wiworo tekan papan sing dituju.

Sawise nemoni juru kunci Sendhang Pitu, Wiworo banjur diajak nyawang prenahe sendhang cacah pitu sing prenahe ora patiya adoh antara siji lan sijine. 

Saben sendhang ing pinggire direnggani tumpukan watu kayadene wewangunan candhi.

Miturut crita sing wis sumebar, sendhang pitu ora nate asat senajan ing mangsa ketiga dawa. 

Nanging sokngonoa, senajan mujudake peninggalan jaman mbiyen lan nganti saiki isih dirumat murih lestari, sejarah Sendhang Pitu mung adhedhasar crita rakyat. 

Dewi Kunthi & Jaka Bandung

Adoh saka fakta lan nilai sejarah. Manut panduga, sendhang mau wis ana wiwit abad VI-VII Masehi, nalika jaman panguwasane Dyah Wawa saka dinasti Rakai Pikatan. 

Adhedasar crita rakyat, Sendhang Pitu mujudake tinggalane Dewi Kunthi.  Critane, Dewi Kunthi minangka wanita sing kondhang ayune njalari akeh jejaka sing kepengin mengku. Klebu Jaka Bandung sing banget kepranan lan tansah ngoyak-oyak Dewi Kunthi. 

Senajan ora tresna lan merga terus dioyak-oyak, wekasane Dewi Kunthi gelem nampa panglamare sauger Jaka Bandung bisa nggawekake sendhang cacah sanga sajroning sewengi sadurunge keprungu jago kluruk.  

Kegawa tresnane, Jaka Bandung nyaguhi. Nanging emane, nalika sendhang lagi dadi pitu wis keprungu jago kluruk krana unine sawernane tetabuhan sing diunekake para wanita merga prentahe Dewi Kunthi. 

Ngerteni pokal gawene Dewi Kunthi mau njalari Jaka Bandung nesu lan nyupatani Dewi Kunthi ora payu rabi. 

Iluatrasi Dewi Kunti. Sumber: Pinterest

Merga supata mau nganti saiki yen ana temanten sing durung ganep 40 dina ora kena ngliwati dalan sacedhake Sendhang Pitu.

“Menika critanipun Sendhang Pitu adhedhasar crita rakyat lan ngantos saniki taksih dipitados warga mriki,” tembunge Pak Mun, juru kunci Sendhang Pitu.

Wiworo manthuk-manthuk. “Sendhang Pitu menapa klebet cagar budaya?” Pitakone sabanjure.

“Leres, Mas. Sendhang Pitu klebet cagar budaya. Gegayutan bab menika estunipun Dinas Purbakala sampun dhudhah-dhudhah sejarah madosi critanipun Sendhang Pitu menika.”

“Asilipun?”

“Dereng maremaken. Nanging Dinas Purbakala taksih terus mbudidaya.”

Wiworo bali manthuk-manthuk.

“Sendhang Pitu niki kejawi unik, ugi sinaput sawernane crita misteri.”

“Crita misteri?” Wiworo jomblak. 

Durung nganti entuk wangsulan, dumadakan ana bocah cilik sing nyedhaki prenahe Pak Mun.

“Ngapunten nggih, Mas. Panjenengan kula tinggal mantuk sekedhap, ing griya wonten tamu. Mangke kula wangsul mriki malih.”

Klenengan

Sapungkure Pak Mun, Wiworo banjur lungguhan sendhen wit gedhe karo rokokan. Nengah-nengahi ngematake rokok mau dumadakan Wiworo krungu swarane klenengan. 

Sekawit mung keprungu lamat-lamat, nanging saya suwe saya luwih cetha. Kegawa larase klenengan mau nganti Wiworo keturon lan tangi-tangi nalika Pak Mun wis ana cedhake.

“Kok sajak angler, Mas,” tembunge Pak Mun.

“Inggih, Pak, kalih nglaras swara klenengan asalipun saking kidul mrika.”

Krungu tembunge Wiworo sing kaya ngono, Pak Mun mung mesam-mesem sajak kepriye ngono.

“Lha wonten menapa ta, Pak?”

“Sampun kaget, nggih Mas. Ing papan mriki pancen asring keprungu swara klenengan. Yen mboten niku nggih campursari utawi tayub.”

“Swara niku asalipun saking pundi?” Wiworo dadi bingung dhewe. 

“Asalipun nggih saking mriki. Saking sing mbaureksa panggenan niki.”

Dheg! Wiworo kaget sajak ora percaya karo tembunge Pak Mun.

“Tiyang ingkang kaleresan wonten papan niki asring krungu swara klenengan, campursari utawi tayub. Asalipun nggih benten-benten, kadhang saking ler, kidul, kilen utawi wetan.”

Sawise dirasa cukup kaperluwane, Wiworo banjur pamitan. Ing dalan-dalan angene isih kelingan kedadeyan sing mentas dialami ing Sendhang Pitu. Swara klenengan sing marai liyer-liyer.

Purna

Irul S Budianto

Irul S. Budianto, lair ing Boyolali lan saiki dedunung ing Donohudan, Ngemplak, Boyolali. Kejaba geguritan, uga nulis crita cekak, crita anak lan sapanunggale.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan.

Kembali ke atas
%d blogger menyukai ini: