Tanggal 28 Februari 2020, Weird Genius nguncalake single lagu sing judhule Lathi. Banjur sing dipasrahi nggo nyanyi yaiku Sara Fajira, salah siji penyanyi saka tlatah Surabaya, Jawa Timur. Lagi dirilis let sesasi video clip Lathi neng Youtube Weird Genius wis ditonton karo 10 juta wong.
Saka lagu kuwi, sithik baka sithik cah enom Jawa sing ngrumangsani Jawane padha mecungul, padha bombong amerga identitas kabudayane mlebu ana ing lagu Lathi sing wis diwenehi respon apik saka tlatah mancanegara. Sapa pisan jal sing ora bombong utawa bangga nek kaya mengkono?
Ing babagan visual video clipe katon cetha anane unsur-unsur identitas kabudayan Jawa sing mlebu. Wiwit saka anane kelir lan wayang, gesture tarine, ana tledheke, jaran kepang, debus, nganti kostume nganggo corak identitas kabudayan Jawa.

Durung meneh ing bagiyan audio, nek saka instrumene keprungu ana werna instrumen gamelane. Nanging, senadyan keprungu kaya gamelan sakjane kuwi ya EDM, dudu gamelan asli. Perkara iki bisa diupayakake sarana FX Studio banjur nganggo instrumen tambahan sing temane gamelan.
Sakliyane kuwi, ing bagiyan lirik sing paling marai bombong cah enom Jawa, yaiku anane lirik sing ngutip paribasan Jawa utawa unen-unen saka bahasa Jawa sing unine “ajining dhiri ana ing lathi”.
Saka tembung ‘lathi’ sajroning paribasan ajining dhiri ana ing lathi kuwi tumuli dadi judhul lagu Lathi.

Kandhane Weird Genius ing kene, lagu Lathi iki nyeritakake kahanane cah enom wedok sing kerep dilarani dening kekasihe. Kasarane, kalah dominan. Mula si cah wedok mbalela utawa mberontak marang sing lanang kanthi ngelingke sing lanang menawa ajining dhiri ana ing lathi.
Dadi, tegese aja entheng suwara, gampang ngunekake liyan apa meneh ngunekake kekasih dhewe. Aja umbar suwara lan umbar janji, amerga wong lanang kuwi sjng dicekel omongane. Pitakonane, apa paribasan anijining dhiri ana ing lathi iki selaras kalawan lirik utuhe sing nganggo basa Inggris?
Babagan Lirik Lathi
Lagu Lathi didominasi basa Inggris, dudu basa Jawa. Mula kudu dimaknai dhisik supaya bisa ketemu selaras orane lirik basa Inggrise tumrap paribasan ajining dhiri ana ing lathi. Engko bisa dititeni bareng, paribasan kuwi mung angger tumemplek apa pancen duwe sambung rapet sing nyata.
Struktur lagu Lathi ana telung bagiyan; pre-chorus, chorus lan post-chorus. Banjur dipisah dadi rong verse. Ing verse siji lan loro bedane ora akeh banget. Banjur ing tutupan lagu diisi kalawan post-chorus sing malih dadi outro.

Lirik pre-chorus lan chorus utuh basa Inggrise kaya mengkene. Dijupuk saka web iki. Lirike ora kanthi jangkep kabeh ditulisake nganti balik pindho amerga pancen dibaleni. Jal mangga ditelateni, iki sisan karo makna basa Jawane.
I was born a fool
Broken all the rules, ooh
Seeing all null
Denying all of the truth, ooh
(Aku lair dadi wong goblok
ngrusak kabeh aturan
ndelok kabeh kuwi suwung
anolak kabeh bebener)
Everything has changed
It all happened for a reason
Down from the first stage
It isn’t something we fought for
Never wanted this kind of pain
Turned myself so cold and heartless
But one thing you should know
(Sekabehane wis owah
kuwi kabeh kelakon kanggo anane alesan
mudhun saka tahap kapisan
kuwi dudu samubarang sing awak dhewe perjuangake
ora nate arep-arep lara kaya mengkene
marai aku dadi adhem lan ora duwe rasa
tapi sakperkara sing kudu kokngerteni)
“Kowe ra iso mlayu saka kesalahan
Ajining diri ana ing lathi”
Pushing through the countless pain
And all I know that this love’s a bless and curse
(Nyurung rasa lara makaping-kaping
lan aku ngerti kabeh nek tresna iki nugraha lan pacoba)
Blaka wae, nek diwaca utuh pancen kaya ora ana sesambungan antarane lirik basa Inggris kalawan paribasan ajining dhiri ana ing lathi. Kasarane, sing lirik basa Inggris mlayu dhewe banjur sing lirik basa Jawa uga sumingkir dhewe.
Disawang kanthi runtut, lirik lagu Lathi cetha dudu lirik lagu tipe ballad, nyatane ora ana crita sing sinambung antarane saklirik marang lirik liyane.

Bisa diarani lirik lagu Lathi kuwi lirik sing ngemu sipat puisi. Asline ya rada mbingungi nek nyawang lirike thok. Untung ana musike. Diwernani instrumen Jawa mula kerasa Jawane, senadyan ing tataran makna rada ambyar.
Cekak ceritane ngene; kowe lair kuwi minangka wong goblok. Ora ngerti apa-apa. Gandheng kowe ora ngerti apa-apa, mula kowe wani ngrusak tatanan amerga miturutmu tatanan sing ana kuwi ora ana gunane. Sewates kasuwungan sing marai angel obah.
Jalaran aturan wis kok rusak, gelem ora gelem bakal ana owah-owahan ing urip. Senadyan ngono, kowe tetep percaya nek owahe kahanan kuwi ngemu alesan ing tembe mbesuk.
Kowe ora gelem balik kaya mbiyen, akhire kowe ngerasa lara. Kowe emoh bali menyang aturan sing ngekang, lan kowe ngajak kancamu supaya manut. Wekasane kowe kandha nek ajine dhiri ana ing lathi.
Piye? Wis kerasa ngganjele? Iki mung interpetasi, sakumpama duwe makna liyane ya mangga. Pesthine tulisan iki njupuk saka unsur sastrane sing rumasuk sajroning lirik lagu Lathi.
Imaji Ejakulasi Dini Budaya Jawa
Pancen nyenengke ana lagu Lathi iki. Tegese ana sing kelakon ngoplos antarane kabudayan Jawa kalawan anuting selera pop jaman saiki. Nanging, sing marai ora seneng kuwi akehe wong sing banjur ejakulasi dini budaya Jawa.
Maksude akeh wong sing waton maknani kabudayan Jawa mung saka samubarang sing lagi ngehits. Kamangka, lagu Lathi ora mungkin digawe kanthi waton. Lha kok sing ngrungokake malah aweh makna sing waton.
Prasasat gapura mlebu kabudayan, ya kuwi lagu Lathi. Sakwise nglewati gapura mlebu apa sing bakal dilakoni meneh sakliyane gelem ora gelem kudu tenanan mlebu luwih mangerteni kabudayan Jawa? Mula cetha kleru nek ngaran lagui Lathi kuwi intine kabudayan Jawa lan pungkasane kabudayan Jawa pop.
Kasus ejakulasi dini budaya Jawa iki lagi wae kelakon satengahing lagu Lathi. Nalika ana sing aweh komentar ing unggahane Youtube Weird Genius.

Salah siji wong sing aweh komentar ana sing ngarang cerita utawa piye ujug-ujug muni nek latar belakang crita lagu Lathi kuwi saka critane Dewi Lathi sing urip ing jaman Majapahit.
Komentar kaya mengkono sing ngelike nganti pitungewu. Terakhir tak tonton ora ana sing dislike. Kok bisa crita Dewi Lathi mau banjur dipercaya dening liyane? Malah nganti sumebyar ing Twitter barang.
Sakwise nggoleki, jebul ora ana kuwi jenenge Dewi Lathi saka jaman Majapahit. Corak jeneng jaman Majapahit mbiyen mesthi ora adoh saka sipate kewan sing dianggep bergas, kaya jeneng Gajah, Kebo, Maesa, Sungging, lan sakpiturute. Rasane meh ora sing jupuk jeneng saka perangane awak apa meneh cangkem.
Apa ana wong wedok jaman biyen sing jenenge Dewi Cangkem utawa Dewi Lathi?
Ya embuh nek pancen ana. Maksude, sapa uga sing menangi jaman Majapahit. Nanging, kudune rak ya ana referensi sing digawa. Ora angger muni Dewi Lathi saka jaman Majapahit. Tur, embuh meneh nek kuwi mung sewates guyon.
Miturutku, tetep anggepan bab Dewi Lathi mung saka lagu Lathi kuwi klerune pol-polan. Marai bias kaparcayan satengahinh cah enom Jawa sing tumrap kabudayane dhewe wae ora patia nggagas banjur diwenehi crita ngono angger percaya.
Cilakane, website Popbela wae nganti nirun katrangan Dewi Lathi saka jaman Majapahit mau. Masa website kaya Popbela ora duwe editor utawa wong sing ngoreksi kasalahan kuwi?

Maksude, nek saka Weird Geniuse wae ora nyantumake babagan latar belakang sejarah, lha kok ditambahi dhewe? Lha dhasare apa?
Kaya ing dhuwur kuwi katrangan ing Popbela sing jupuk saka komentar ing Youtube tanpa nganggo pertimbangan babar blas. Ya etungane klebu ngawur sakjane iki.
Pancen bisa diakoni, muncule karangan Dewi Lathi mau saka lagu Lathi. Nanging ya ora saka jaman Wilwatikta (Majapahit). Kamangka, padahal, wis cetha banget. Sakumpama ana sing jenenge Dewi Lathi. Mesthi Dewi Lathi kuwi lair ana ing jaman Wilwatiktok saiki, dudu ing jaman Wilwatikta.
- Sebelas Tulisan Terpopuler 2020 di Jawasastra - January 1, 2021
- Unduh E-Bulletin Kanjengan - October 28, 2020
- Wara-Wara Kaisar Misuh 2020 - September 7, 2020
Maturnuwun Mas/Mbak, wis nuliske bab iki. Aku krasa melu terwakili… 😀
Yo mbok tuku domain pak, ra penak moco nganunganu.wordpress.com.
Wong uga wis ono adsense.
Lathi = ilat….. sanes cangkem, nggih?
Ilat nggih ilat lur. Lathi punika lambe. Wkwk
Istilah kata, latar belakang menjadi bumbu menarik ketika lagu menjadi buming, seperti gunung meletus saat bung Karno lahir, ga ada hubungannya, tapi pas bung Karno udah dadi presiden, gunung meletus jadi dikaitkan dengan kelahiran bung Karno. Iki mantep mas. Suwun.
Sami-sami lur
Dear admin
https://historia.id/kuno/articles/perempuan-di-balik-kejayaan-majapahit-vqjbJ
Sumber ini benarkah?
Inggih leres…
Wahhh…. Dawa tenan mbak e. Wkwk. Mbok dipos diblognya sekalian jadikan artikel, nanti bisa bales2an artikel. Intinya aku suka sama tanggapan mbak e. Argumennya runtut dan berdasar. Kalau ‘ditantang’ bales2an karya sama Weird Genius ya saya yg remuk mbak e. Wkwk. Tp spt yg sdh tertulis di blog, tulisan di atas memfokuskan pd unsur sastranya bukan musikalitasnya.
Pingback: Sebelas Tulisan Terpopuler 2020 di Jawasastra - Jawasastra