Wengine sansaya lingsir. Wong-wong wis padha nututi impene dhewe-dhewe. Nanging Bu Min isih klisikan ora bisa meremake mripat. Sanajan awake krasa kesel amarga nyambut gawe wiwit mruput nganti tekan sore. Sajak ana prakara kang dipikir.

“Ana apa ta Bune, kok yahmene durung turu, sesuk kerinan malah kojur, ora bisa nyambut gawe, ana apa ta jane?” Pitakone Pak Min nlesih bojone sing mung meneng karo mecucu lambene.

“Pak, mbok aku ki ditukokke klambi anyar ngono lho, sing larang, sing apik.” Wangsulane isih karo lambe sing mecucu.

“Weee, nglindur apa piye ta Bune ki? ora ana udan ora ana angin, tengah wengi kaya ngene kok njaluk ditukokke klambi sing larang, sing apik, lha njur arep nggo apa?” Pitakone Pak Min.

“Ora nglindur, wong aku durung turu.” Wangsulane karo mlengos.

“Lha piye ora nglindur, wong ora biasane kaya ngene, njur njaluk klambi sing larang, apik, arep di nggo apa?” Pitakone Pak Min maneh.

“Pakne lali ya? Suk minggu ngarep ki Bu Mira arep nduwe gawe, awake dhewe rak ya wis diulemi, wis dikandhani yen didhawuhi ndherekake iring-iring manten ning Semarang ta? Lali?” Wangsulane Bu Min.

“Lha njur gegayutane karo tuku klambi anyar sing larang lan apik kuwi apa?” Bacute Pak Min.

“Eee, Pakne ki piye ta, wegah aku! Kok ora tanggap babar blas. Pakne rak ya ngerti ta aku ki wis blas ora tau nyandhang. Yen pas ana uleman, arep njagong klambiku mesthi ya kuwi-kuwi wae. Aku ya isin ta Pakne, dikira wong rak ya aku ki ora nduwe salin liyane apa piye, kok nganggone iku-iku terus, ora tau nganggo liyane.” Saute Bu Min karo mencep.

‘’Hahahaha, oalah Bune…Bune, lha kok njur kaya bocah cilik wae, mung arep iring-iring nganten wae ndadak ngringik njaluk ditukokake klambi anyar barang ki lho.” Sumaute Pak Min karo isih gumuyu.

‘’Nek ora isin piye, wong tangga-tangga liyane wae yen arep njagong mesthi klambine apik-apik, gonta-ganti. Bu Yuni yen njagong mesthi klambine ya apik-apik. Bu Mintarsih ya padha, anggere arisan apa ana acara mesthi klambine ya gonta-ganti. Sing ora tau ganti ya mung aku tok Pakneeee.” Wangsulane Bu Min maneh.

’’Wis ta Bune, uripe dhewe ki ya pas-pasan kaya ngene. Aja mbok padhakke karo liyane sing sugih mblegedhu. Sing duite turah-turah. Ora mikir utang. Dadine nduweni pepenginan apa ya bisa kasembadan. Lha wong awake dhewe wae kanggo mangan wae kempas-kempis kaya ngene kok arep melu-melu sing sarwa luwih. Umpama ana dhuwit turah rak ya bisa kanggo butuh liyane sik.” Wangsulane Pak Min

“Mesthi ngono.” Wangsulane Bu Min karo nggeblas metu saka kamare.

Wengine sansaya nyenyet. Wis ora kaprungu maneh omongan antarane Pak Min lan Bu Min sing wiwit mau dadi cerita wengi kuwi. Ora rinasa wengine wis gumanti esuk. Nalika srengenge wis ngintik saka jendela, Pak Min wis tangi wiwit subuh lan saiki wis siap arep budhal nyambut gawe minangka buruh tani.

Esuk iku blas ora ana ukara kang kawetu saka Bu Min. Sanajan dheweke nyepakake sarapan, nanging tetep meneng tanpa ucap. Mbok menawa atine isih rada serik marang sing lanang amarga panjaluke ora dituruti. Mung kanggo tuku klambi kanggo bojone ndadak eman-eman. Iku menawa sing ana ing pikirane Bu Min.

Pak Min sing rumangsa dinengke dening sing wedok uga melu meneng. Batine mengko yen wis mari rak ya gelem ngomong dhewe. Bubar sarapan, Pak Min banjur budhal nyambut gawe. Sing wedok sing ditinggal ya ora nggape babar blas.

Rampung isah-isah, lan reresik pawon, Bu Min banjur arep nerusake reresik kamar. Nalika lagi nata sprei dumadakan tangane Bu Min nyandhak barang sing ana ning ngisor kasur. Banjur dijupuk. Saiba kagete Bu Min nalika sing dicekel jebul amplop sing isine ana duite cacah 200 ewu.

Praupan sing sakawit esuk sajak mbesengut, sanalika dadi katon bungah. Niat sing maune arep nata sprei lan reresik kamar njur lali merga lg nyekel duit 200 ewu iku. Bu Min banjur lungguh ning dipan karo mikir iki dhuwite sapa kok ndadak dideleh ngisor kasur barang.

“Dhuwite sapa iki, kok ndadak didelikke ngisor kasur.” Grenenge Bu Min isih karo nyekeli dhuwit 200 ewu mau.

“Ah, mesthi iki nggone Pakne, duwe dhuwit sakmene akehe kok ora gelem ngaku karo bojone. Ngono wingi njaluk nukokke klambi anyar kok ora disanggupi. Yen ngono dhuwit iki bisa tak nggo tuku klambi, mengko wektu iring-iring nganten wis ora isin maneh karo tangga teparone sing kulina gonta-ganti klambi nalika ana acara kaya ngono kuwi.

Bu Min ora sida reresik kamar. Banjur salin klambi gage nggeblas metu ngomah karo nyangking rasa bungah. Dheweke mlaku tumuju kios cedhak pasar. Pangangene mung siji, bisa nyekel klambi anyar sing bisa kanggo iring-iring nganten, dheweke ora bakal isin maneh amarga wis bisa nganggo klambi sing apik tur anyar. Tekan kios banjur tumuju ing salah sijine kios klambi.

 Sawise milah-milih klambi sing pas kanggo dheweke, banjur mulih nyang ngomah. Dheweke ora mikir dawa piye mengko yen ngerti sing lanang yen dhuwite wis kadhung dinggo tuku klambi kanggo iring-iring nganten. Sing genah, saiki dheweke wis mak plong amarga wis ora bakal kisinan maneh nalika njagong.

Tekan ngarep latar Bu Min weruh Pak Min lagi omong-omongan karo wong sing ora liya yaiku kang aran Lek Kardi, wong sing nduweni kios sembako ing cedhak omahe. Sajak ngomongake bab kang wigati. Tekan ngarep omah banjur dipapag Pak Min kang sajak wis ngenteni wiwit mau.

“Saka ngendi ta Bune, dakgoleki wiwit mau ora ana?’’, pitakone Pak Min karo nggeret tangane sing wedok rada minggir.

“Bune, ngerti dhuwit 200 ewu sing ana ning ngisor kasur apa ora? Dhuwit kuwi olehku nglumpukke saben dina amarga arep kanggo nyarutang Lek Kardi nalika aku nyilih butuh rong sasi kepungkur. Merga aku wis saguh yen arep mbalekake sasi iki. Mulane saben dina dhuwit asile olehku nyambut gawe daksisihke sethithik kareben bisa nyarutang. Kareben ora kalong njur daksimpen ngisor kasur, iki mau arep dakjupuk kok wis ora ana, apa Bune ngerti?” Pitakone Pak Min marang sing wedok kang sajak kaget nalika kaprungu kandhane Pak Min.

“Aanu Paakk, kepiye olehku ngomong iki, dakkira dhuwit iku ya dhuwitmu Pakne, daktemu nalika aku arep resik-resik mbenerke sprei, lha wis kadhung daknggo tuku iki.” Karo ngelungke bungkusan plastik ireng sing isine klambi anyar marang sing lanang.

“Apa iki?” Panyaute Pak Min karo mbukak platik kresek ireng mau. Sanalika praupane Pak Min katon pucet saking kagete weruh isi bungkusan kang isine klambi.

“Dadiiiiii, dhuwiteeee, oalah Buneeee.” Karo ndhoprok karo nyekel sirahe sing dadi ngelu amarga weruh dhuwit sing arep kanggo mbayar utang malah dinggo sing wedok kanggo tuku klambi kanggo iring-iring nganten.

Cuthel

Fajrin Dwi Artika
Latest posts by Fajrin Dwi Artika (see all)