Dialek Basa Jawa Pekalongan Kuwi Ora Ngapak Tur Ora Alusan5 min read

Tembung ‘Pekalongan’ sing kasebut ing lirik tembang “Kota Batik di Pekalongan, bukan Jogja, bukan Solo…” jebul durung cukup nggawe jeneng Pekalongan sansaya kondang ning masyarakat Indonesia. Ya pancen bener, lantaran lirik tembang iku mau, kutha sing saiki dakpanggoni iki ora perlu repot-repot banget anggone promosi minangka kutha penghasil batik nomer siji sak-Indonesia Raya. Nanging, kanggo babagan liyane, sajake khalayak rame isih durung ngerti akeh kaitan ubarampene Pekalongan. Babagan lokasi lan basa padinan sing digunakake, misale.

Pirang-pirang taun urip ngrantau ning Jogja, isih akeh kancaku ning perantauan sing ngira Pekalongan iku lokasine ana ing Jawa Barat, Jawa Timur, malah sing paling parah, ana sing ngira Pekalongan iku ning Kalimantan. Yen kanca sing salah kira mau kuwi asale saka daerah njaba Jawa sih, aku ora patio masalahake. Lha iki kanca sing sak-provinsi dewe, jhe. Kan lak yo kebangeten banget. Dakkira, mbiyen kancaku kuwi gaweyane bolos nalika pelajaran geografi. Yen ora, dheweke blas ora tau mbukak sing jenenge atlas, khususe peta Jawa Tengah.

Sakliyane lokasi, salah kira sing kerep daktemoni lan ujunge kudu njelaske nganti mumpluk-mumpluk, yaiku salah kira babagan basa Jawa padinan sing ana ning Pekalongan. Ora sithik kancaku sing ngira yen Pekalongan iku ana ing naungane ‘Republik Ngapak’, sebarisan karo Banyumas, Tegal lan sapiturute. Padahal, nyatane, yo ora kaya ngono, para sedherek sedulur.

Pitakonan macem, “kowe kok ora bisa ngapak sih?”, kerep daktemoni nalika isih ning Jogja. Yen aku isih males, pitakonan mau dakjawab singkat lan ketus nganggo wangsulan “ora”. Nanging, yen ndilalah kok aku isih selo, semangat, lan duwe tenaga turah-turah, bakal dakjawab kanthi kebak gelora semangat Pekalonganisme. Mumpung ana kesempatan ngenalake daerah awak dhewe to. IYO PORA?

Dadi ngene, posisi Pekalongan iku secara umum, embuh kuwi kutha madya utawa kabupaten ya, ana ing tengah provinsi sisih paling lor. Daerah lor-an iki kerep dikenal kanthi sebutan Pantura, kacekakan saka pantai utara. Nah, daerah sing posisine ning kulone Pekalongan, kaya ta Pemalang, Brebes, Tegal, Purbalingga, lan Banyumas, kuwi sedinane nganggo basa Jawa ngapak. Sementara iku, daerah sing wilayahe ana ning sawetane Pekalongan, kaya Batang, Kendal, lan Semarang, iku migunakake basa Jawa sing alusan. Modelan basa Jogja-Solo ngunu lho, utawa le ngarani ‘Semarangan’.

Peta Pantai sisih lor Jawa. Sumber gambar: Chandrapzm

Unike, Pekalongan sing ana ing antarane daerah ngapak lan alusan, duwe dialek basa Jawa dhewe. Dialek sedina-dinane sing digunakane beda karo daerah kulonan sing ngapak, tur beda karo daerah Jawa Tengah wetanan sing luwih alus. Jeneng dialeke ya dialek Pekalongan-an. Dialek iki uga bisa disebut dialek transisi antarane ngapak lan alusan.

Ya piye maneh, arep disebut ngapak, nanging nyatane isih nganggo aturan basa Jawa bandek-an sing ngucap huruf “a” ning tembung “aja” dadi huruf “o”, diwaca ojo. Yen arep disebut alusan, kaya derah Solo utawa Jogja ngono, nyatane dialek basa Pekalongan iku ora ana alus-aluse blas.

Malah ana sing ngomong yen basa Pekalongan iku dialeke rada kasar, tur ora familiar ning daerah Jawa tengah. Sakliyane kuwi, ning Pekalongan iku, angel anggone nemoni pacelathon utawa dialog cah enom ngomong nganggo basa krama alus ning wong sing luwih tuwa. Paling menthoke iki ya basa ngoko alus.

Ora recommended lah yen arep sinau basa krama ning Pekalongan.

Ning pacelathon sedinan-dinane wong Pekalongan, bakal akeh ditemoni ukara sing pungkasane nganggo embel-embel (penegasan)si, “ra”, “pok”, “po’o”, “ha’ah”, lan “ow” tuladhane kaya ukara ning ngisor iki.

  • Nek arep mangkat ziarah mengko nganggo helmku po’o.”
  • Lha mau jare kowe arep lunga ning Museum Batik si.
  • Ha’ah tah, tapi mengko bae ra
  • Yo pak ora ow. Sakarepku ow.”

Biasane pas ngomong ning bagian embel-embel pungkasan ukara mau kuwi, diwenehi penekanan. Dadi sansaya kerasa kenthel baget dialek Pekalonganane.

Kaya daerah Jawa Tengah liyane sing duweni slang word, Pekalongan ya padha wae. Yen Semarang kondang nganggo sapaan “nda” utawa “ndes”, Jogja duweni sapaan “dab” –sing jebul kajupuk saka aksara jawa walikan tembung “mas”, lan daerah Jawa Timuran sing bangga banget migunakake tembung “cuk”, warga Pekalongan iki biasa migunakake slang word sing unine “mad” lan “lhim”.

  • “Ora kaya ngunu, mad
  • Masakan megono kidul mesjid kae sedhep tur murah, lhim”.

Kurang luwih kaya ngunu tuladha ukara slang word-e Pekalongan.

Sakliyane slang word ning dhuwur, ciri khas dialek basa jawa Pekalongan uga bisa dititeni saka tembung “pok” utawa “edan” sing digunakake kanggo ngganti tembung “banget”. Tuladha ukarane kaya ngene,

  • “Soto Tauto cedhak Kauman kae rasane enake pok, lhim.”
  • “Mbak manten sing dipacaki karo Mbak Dian Pelangi kae kok ayun edan ya dadine.

Sanajan ora sakondang kaya basa ngapak lan dialek basa liyane, basa jawa dialek Pekalongan iki wis diregistrasi dadi warisan budaya tak-benda ning Kemendikbud, loh. Awit taun 2013 kepungkur. Emane, ning perkembangane, dialek Pekalongan iki kudu bersaing tenanan karo dialek-dialek liyane.

Ning sawijine acara sarasehan sing temane “Dialek Pekalongan”, salah siji narasumber ngendika yen penutur dialek Pekalongan sing tenanan iki mayoritas umure 30-an mendhuwur. Warga sing umure welasan nganti rongpuluh tahunan saiki mulai jarang nganggo dialek asli Pekalongan. Yo, ora kabeh loh ya. Nanging, kedadian iki pancen nyata anane.

Kedadian iki bisa diamati saka fenomena muda-mudi Pekalongan sing kuliah utawa nyambut gawe ning daerah sajabane Pekalongan, kaya Semarang, Solo, lan Jogja. Sawise pirang-pirang taun kuliah utawa nyambut gawe ning kono, ora sithik muda-mudi sing ketularan logat lan dialek saka panggon muda-mudi mau ngrantau.

Fenomena kuwi mau pancen dakakoni sih. Sebabe, muda-mudi sing dakcritakake mau iku ya salah lorone awakku dhewe karo kanca-kancaku. Hehe. Aku lan kanca-kancaku sing kadung kulina urip lan manggon ning perantauan, mulai jarang migunakake dialek Pekalongan. Dadi ora heran yen pas wayahe mudik utawa bali kampung, bakal entuk pitakonan “kowe kok saiki nek ngomong medhok banget sih, lhim.”

Pungkasane, sanajan fenomena kuwi mau ora bisa dimungkiri, minangka wong sing awit lair jebrot, thukul gedhe, patah hati, move on, lan berkembang ning Pekalongan rasane kok ya kebangeten banget yen ora melu nguri-nguri dialek Pekalongan iki. Ya, salah siji cara sing daklakoni kanthi nulis artikel iki. Moga wae dialek Pekalongan bisa sansaya luwih dikenal ya, lur.

Latest posts by Nazih Lathif (see all)

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *