Dumadine Dhukuh Kebolanjam4 min read

Nalikane iseh alas gerotan kang kawestanan Alas Klampeyan, Alas Njerak, Alas Ngglinggang. Alas-alas iki banjur kababat salah sawiji titahing jalma ingkang kasebat Buyut Lambar utawi Mbah Merto Kesuma dibiyantu Buyut Karsi.

Mbah Merto Kesuma mawa teges ngolah-ngalih panggonan amargi dereng kagungan papan dunung ingkang tetep. Kanthi antebing tekad, Mbah Merto Kesumo sumedya mbabat alas mawi piranti sakwontenipun, inggih punika piranti ingkang dipun agem naming saking pecahan sela dipun paringi danganan kayu ingkang agengipun saklengen, dawanipun sakdepa saengga dados kapak.

Alas kababat sakedhik baka sakedhik. Ing wusananipun saged rampung dados pategalan lan sawah. Lajeng mbah Merto Kesuma nandhur pantun gogo lan tandhuran sanesipun. Kasil panen saking tetandhuran kala wau saged dipuntedha nanging dereng saged dipunsade jalaran dereng wonten ingkang tumbas.

Mboten pirsa mula bukanipun kados pundi, dilalah ing satunggaling dinten wonten maesa (kebo) ingkang neneka piyambak sasampunipun alas dipunbabat. Maesanipun lanangan, gedhe, sungune melengkung mengandap. Lajeng maesa kala wau saged dipundamel mbiyantu ngolah lemah ingkang kagem lahan tetanem sarana garu lan luku.

Pucukipun luku ingkang ngandap dipunpasangi sela lancip supados landhep. Luku dipuntarik kaliyan maesa, mula tanah dados lentur lajeng dipunratakaken ngangge garu. Ing wekasan, tanah saged dados sengketan-sengketan sawah.

Maesa niki saksenenge, teka-lunga karepe dhewe. Anamung saben mangsa nggarap tegalan lan sawah mesthi teka malih saperlu mbiyantu ngolah tegalan lan sawah-sawah. Sasampunipun tegal lan sawah dipuntandhuri, maesa kala wau lunga malih. Lunganipun boten cetha tumuju pundi. Mila mahesa niki dipunwastani Kebolanjan utawi Kebo Neneka.

Dene dumadining dukuh Kebolanjam, saking luku ingkang lancip wau dipunpeparab lanjan lan luku wau dipunseret kaliyan maesa (kebo). Mila dipunparingi nama dhukuh Kebolanjan. Keranten ilat ndesa langkung gampil ngocap M tinimbang N wekasanipun ngantos sakniki dipunparingi nama Kebolanjam.

Dalan mlebet dhukuh Kebolanjam dipunparabi Maesosuro, kirang-langkung 2 KM saking dalan utama. Sadalan-dalan mlebet dhukuh niki, pinggiring tegal lan sawah-sawah, Maesosuro niki ngemutaken cariyos wayang ing tokoh Ramayana, inggih punika Prabu Maesosuro awujud raksasa sirahe ndas kebo, raja Guwa Kiskenda.

***

Sakwise alas kababat dadi tegalan lan sawah uga wis dadi dhukuh Kebolanjam, Buyut Karsi lan Mbah Mertokesuma mbuh neng ngendi parane, ora ana sing ngerti lungane.

Ananging ana cerita, eloking kahanan ngenani Buyut Karsi dalah Mbah Merta kesumo, ndek jaman mbiyen nalika jaman durung maju, saben ana masyarakat Dhukuh Kebolanjam kagungan kersa embuh iku mantu utawa sunatan panjenenganipun rawuh wektu melek pasihan ing wayah sore.

Buyut Karsi nganggo pangadeg jarik kawung lan kemben ugo nyamping (kebaya), nganggo slendang lokcan kanggo nggendong dunak. Kairingake Mbah Merta Kesumo nganggo beskab lengkap lan teken.

Panjenenganipun sekaliyan langsung mlebet maring omahe wong sing kagungan kersa. Tanpa paring pangandikan nuju ing kamar berasan (kamar kangge nyimpen beras). Anehe meneh kondure mbah buyut mau ora ana sing nyumerepi.

Miturut kandhane para winasis, rikala semana Buyut Karsi uga Mbah Merta Kesumo isih cumondhok ing Dhukuh Kebolanjam. Sasmita ghaib sing ditampa para winasis mau, mbah buyut sekalian mapan dununge ana ing tengah desa arupa cungkup (omah cilik) sing mesthi disowani pendhak kala mangsa ana acara Sedekah Bumi kanggo pengetan hajatan. Dene Buyut Karsi ana ing sendhang pinggir Desa.

Cungkup pundhen Mbah Merta Kesuma

***

Kanthi lumakune waktu, saya suwe saya rame akih wong saka manca desa sing pada teka nggawe panggonan lan nggarap tegal sawah uga padha ngingu kebo. Manak-kemanak, akeh wong, uga akeh kebo. Eloking kahanan kebo-kebo iki mau tanpa lanangan bisa manak dewe. Nanging saben ana anakan sing lahir lanang kebo lanang iki mesti umure ora kuat nganti gede, saya gering akhire mati. Mula angger lahir kebo lanang, uger wis jemaka didol karo sing duweni kebo. Kasile kanggo beaya sekolah, mbangun omah, tuku tanah pertanian, ngragat wong nduwe gawe, uga dinggo kurban ing sasi besar.

Kebo-kebo iki diingu neng omahe dhewe-dhewe, saben omah ana kebo mula jaman mbiyen diarani ‘turu kumpul kebo’. Awit saka akihe kebo-kebo iki mau banjur desa duwe kanicaksanaan kanggo dhukuh Kebolanjam diwenehi tanah desa arupa bengkok petinggi sing ambane kurang-luwih 7000 m2 kanggo kandang, diarani Kandang Sari. Kebo-kebo mau ditokake saka omah dipindhah neng kandang sari tanah bengkok petinggi, Bapak Sunarso (alm).

Sakwise kebo-kebo mau dipindhah ing Kandang Sari, omah-omah padha resik saka rereget kebo. Banjur Desa nganakake “Lomba Kebersihan Lingkungan”. Kebolanjam dadi juara I, desa saya resik saya apik, kandang sari kebone saya akeh.

Amerga akihe kebo-kebo iki, tahun 1980-an dianakake kelompok Tani Kebo, dijenengke “Kelompok Tani Ternak Kebo Lambar Putra” uga digawe koperasi cilik-cilikan. Banjur melu lomba Kelompok Kebo Nusantara, rikala semono entuk Juara II sak Indonesia, hadiahe rupa Kebo Lanang siji. Hadiah iki banjur didol, dhuwite kanggo tambahan modal Koperasi cilik-cilikan mau. Koperasi iki dipandegani Mbah Suro Radin (alm), Mbah Sudiyo, Bapak Karyono. Wayah nalika koperasine gedhe cacah kebo sansaya akeh, banjur manut tumrap kekarepaning anggota koperasine dibagekake marang anggotane kanggo nyukupi kabutuhan. Lan kebo-kebo akeh iki mau banjur disade kanggo kebutuhan masyarakat. Dene ora suwe iki, kebo ing Dhukuh Kebolanjam cacahe mung ninggal petung welasan kebo.

***

Puput Wijayanti
Latest posts by Puput Wijayanti (see all)

6 Replies to “Dumadine Dhukuh Kebolanjam”

  1. Assalamu’alaikum. Punten, jika berkenan, saya ingin meminta nomor WA atau media sosial milik penulis Puput Wijayanti agar bisa saya hubungi untuk kebutuhan penelitian saya. Terimakasih

      1. Punten. Kulo sampun follow jenengan, tapi jenengan dereng acc, dadose kulo dereng saget DM jenengan.

      2. Punten, kulo taseh mboten saget DM mbak Puput Wijayanti amargi DM twittere dereng dibuka untuk umum. Kulo nyuwun tulung admin aturke kaleh mbak Puput Wijayanti pengaturan DM twittere dibuka untuk umum, kersane kulo saget DM mbake. Matursuwun

          1. Punten, niki sampun 1 bulan lebih, kok dereng dibuka DM twittere njih? matursuwun

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *