E-lit Jawa, untuk mengganti istilah sastra maya Jawa dan sastra Jawa digital. Sebuah uraian singkat tentang electronic literature Jawa. Menata konsep dan ekosistem e-lit Jawa

Salah siji watak gawan wong Jawa, lan tansah dibombongake: manjing ajur ajer. Nek dudu kuwi, kanthi konteks tatemtu, bisa wae diganti ‘nut jaman kelakone’ utawa ‘ngeli nanging ora keli’. Unen-unen telu mau sajak maujudake karakter wong Jawa sing gelem nindakake negosiasi marang sapa, apa, lan kahanan apa wae.

Cara kasare ana wong lagi seneng mangan daging wedhus, nanging emoh nek daging wedhuse diolah dadi gule, mula wong sing seneng mangan daging wedhus mau ngolah piye carane daging wedhus dadi sate. 

Saka conto bab daging wedhus neng dhuwur kuwi, bisa dianggep wong Jawa tansah luwih condhong mentingake ‘nilai’ nanging kanthi tetep aweh paugeran tatemtu supaya nilai sing diduweni ora ilang. Usume daging wedhus, mangga diolah dadi apa wae, sing penting aja nganti dimasak dadi gule. Ana bukak – tutup sajroning upaya negosiasi wong Jawa.   

Wujud unen-unen ‘manjing ajur ajer’ lan ‘nut jaman kelakone’ bisa dititeni saka daging wedhus. Anggep wae lagi viral perkara panganan daging wedhus. Ing pungkasan, unen-unen ‘ngeli nanging ora keli’ bisa didelok saka panjalukan ngolah daging wedhus dadi sate. Golek cara supaya daging wedhus aja nganti diolah dadi gule. Kasile, daging wedhus tetep kelakon bisa dipangan kanthi cara dimasak dadi sate.

Rumus kaya mengkono ora mesthi ajeg. Gumantung marang konsensus, pribadhi, utawa kesenengan. Tetep ing conto daging wedhus. Wong Jawa bisa wae solan-salin, ing wayah tetemtu ngaboti daging wedhus, nanging ing wayah liyane netepi sate, lan ana kalane uga nekat ngolah daging wedhus dadi gule. 

Menak Amir Hamzah

Saiki, jajal mindhah analogi ing dhuwur menyang karya sastra Jawa. Supaya ora samar, bebarengan bisa disarujuki menawa arti sastra neng kene manut ujare Poerwadarminta: layang kawruh, tulisan, layang-layang kawruh.

Senadyan definisi kuwi abot marang wosing lan fungsi sastra, utamane sastra Jawa, sing kudu ngemot kawruh saengga nyilikake ‘kemungkinan’ kanggo sastrawan Jawa nindakake ‘eksperimen’ sing bisa ucul saka perkara moral, sawetara wektu iki ora masalah dinggo dhisik wae.

Sastra Jawa kanthi wujud tulis, dipercaya, ana wiwit abad 8 Masehi mbiyen, lumantar Kakawin Ramayana ing mangsa Mataram Kuno. Lumaku terus nganti tumekaning abad 21 saiki. Umure sastra Jawa udakara wis sewu taun. Saksuwene umur sastra Jawa iku, wis cetha akeh owah-owahan sing katindakake, wiwit saka proses kreatif kanthi fisik nganti proses kreatif sajroning urusan cara pikir. 

Saka aksara Jawa kuno owah dadi aksara latin, saka akehe serepan basa Sansekerta dadi luwih akeh serepan basa Landa, saka kakawin dadi geguritan, saka gancaran dadi novel, saka sastra Jawa sing ditulis dhuwur rontal dadi sastra Jawa sing ditulis sarana elektronik, saka sastra Jawa sing ngemot sipat katarsis banjur dadi sastra Jawa sing praktis.

Pungkasan, saka sastra Jawa sing produksi mung ana ing papan tatemtu lan ditulis dening wong tatemtu dadi sastra Jawa sing bisa diproduksi ing ngendi wae lan ditulis sapa wae.    

Nelateni owah-owahan sastra Jawa mau, sakumpama dibiji nganggo analogi daging wedhus, kira-kira ngendi sing luwih utama supaya tulisan Jawa bisa diarani sastra Jawa? Ngendi sing daging wedhus, gule, lan sate? Ukuran sastra Jawa kuwi katitik saka aksara, basa, metrum, media tulis, utawa isi – gagasan?

Saben wong duwe jawaban dhewe-dhewe kanggo mangsuli pitakonan ing dhuwur. Nek manut cara umum, angger basane Jawa lan isi – gagasane kawedhar kanthi tata cara paugeran kasusastran, wis bisa dianggep sastra Jawa. Ora urusan arep aksarane nganggo aksara apa, media tulise arep nganggo media tulis apa.

Dhasaring E-lit Jawa

Sastra Jawa ora bakal leren kanggo nyerep babagan sing becik saben ana owah-owahaning jaman, klebu ing abad 21 iki. Ngomongake bab media tulis Jawa, sajroning abad 21, kasusastran Jawa uga melu ubyuk ing alam digital utawa elektronik, senadyan rada karipan anggone nyerep wawasan elektronik utawa digital. Ngelingi ing tlatah Barat, wiwit udakara taun 1980 – 1998 sastra wis gumathok kalawan algoritma lan mesin komputer.

Malah, nek miturut Dan Rockmore, ing artikele What Happens when Machines Learn to Write Poetry, sing dimuat The New Yorker, aweh wedharan menawa wiwit taun 1955 ing manifesto artificial intelligence, diomongi: “an attempt will be made to find how to make machines use language, form abstractions and concepts.” Luwih jeru meneh, Dan Rockmore uga ngandharake nek kawruh komputer utawa mesin kuwi duweni wujud seni tembung, lan punctuation.

Gandheng sing diomong yaiku sastra Jawa abad 21, cakupan bahasan tulisan iki wis cetha sastra Jawa modern. Tur ora nutup kemungkinan sakumpama ana kahanan liya, umpama, kaya restorasi sastra Jawa pra-modern ing alam digital utawa elektronik. Nanging perkara restorasi iki ora bakal dadi bahasan utama, amerga bakal bias kalawan urusan arsip.

Senadyan mengkono, luwih apik menawa diwenehi ancer-ancer wae. Ing abad 21 saiki, sastra Jawa wis malih dadi sastra elektronik utawa cara Inggrise Electronic Literature / E-Lit. Sakjane istilah electronic literature iki duwe dasanama liya, kaya ta digital literature, hypertext, network literature, e-poetry, cybertext, lsp (Scott Rettberg, 2019).

Sastra elektronik paling pisanan, ‘Love Letter’, Christopher Strachey, 1954

Scott Rettberg aweh pangerten electronic literature sing luwih penak: electronic literature is most simply described as new forms and genres of writing that explore the specific capabilities of the computer and network – literature that would not be possible without contemporary digital context (2019: 14).  

Saka pangerten Scott Rettberg ing dhuwur, senadyan ana istilah digital literature, dheweke tetep nganggo electronic literature. Miturut Scott Rettberg dhewe, digital literature kuwi kurang mathuk amerga nek muni ‘digital’ thok tegese bakal mampet mung ana ing ‘jaringan internet’. Kamangka cakupan mediane luwih amba. Nek nganggo istilah ‘sastra digital’ tibane nulis sastra ing Ms. Word ora klebu ‘sastra digital’ sakdurunge diunggahake ing internet.

Ngelingi meneh, electronic literature, senadyan isih kontroversial, bisa luwih mlebu nalar amerga papane sing luwih jembar. Electronic literature bebas dilebokake minangka genre utawa bentuk. Nanging, Hayles, sajroning Electronic Literature – New Horizona for The Literary, 2008, wis aweh tetenger menawa sastra kuwi bisa diarani sastra elektronik anggere lair kanthi elektronik utawa digital: born electronic / born digital.

Tegese, bisane diarani sastra elektronik nek sastra kuwi mau ditulis paling pisanane nganggo perangkat komputer utawa handphone.

Pangerten electronic literature luwih umum, aman, lan cocog dinggo amerga anane lembaga konsorsium resmi sing dadi wadhah electronic literature. Jenenge ELO (Electronic Literature Organization), https://eliterature.org/ lan markase ana ing Amerika. Taun 1999, ELO netepake definisi electronic literature, mengkene.

“Electronic literature, or e-lit, refers to works with important literary aspects that take advantage of the capabilities and contexts provided by the standalone or networked computer…”

Minangka media, electronic literature ora bisa diuculake saka anane software lan platform. Sakdurunge network, titikane electronic literature yaiku software lan platform. Awit anane software lan platform iki, engko electronic literature minangka genre bakal kaperang ing pirang-pirang subgenre, saben subgenre duweni sipat miturut bentuk, software lan platform sing digunakake.

Subgenre sajroning electronic literature uga wis diancer-anceri dening ELO. Subgenre utawa genre sajroning electronic literature ing antarane:

  • Hypertext fiction and poetry, on and off the web
  • Kinetic Poetry presented in Flash and using other platforms
  • Computer art installations, which ask viewersto read them or otherwise have literary aspects
  • Conversational characters, also known as chatterbots
  • Interactive fiction
  • Literary apps
  • Novels that take the form of emails, SMS, or blogs
  • Poems and stories that are generated by computers, either interactively or based on parameters given at the beginning
  • Collaborative writing projects that allow readers to contribute to the text of a work
  • Literary performances online that develop new ways of writing

Miturut pembagian saka ELO ing dhuwur, electronic literature Jawa temtune wis klebu pepak. Nanging, prelu dibedakake antarane e-lit kalawan e-books. Miturut Scott Rettberg, kanthi ngutip Strickland (2009), electronic literature digarap kanthi netepi perangkat sarana coding, preservasi, lan anggone nayangake: kabeh kuwi bisa kelakon amerga anane komputer. Nek e-book bakal ana kemungkinan supaya dicetak, mula ora bisa langsung diarani electronic literature.

Saka katrangan sethithik bab electronic literature ing dhuwur, sastra Jawa uga kena awune. Maksude, sastra Jawa uga duweni bentuk lan genre electronic literature, senadyan tekan seprene durung ana pembahasan sing luwih jeru meneh bab electronic literature Jawa iki. 

Pancen ana sing duwe lan nganggo istilah ‘sastra maya’ lan ‘sastra digital’, nanging nek nelateni saka pangerten sing wis kawedhar, rasane luwih cocog nek diwastani ‘e-lit Jawa’: electronic literature Jawa, karya sastra Jawa sing lair pisanane lumantar perangkat elektronik lan sumebyar sarana network internet. Ora prelu diowah mirip cara susunan Inggris sing dadine Javanese electronic literature.

Kena ngapa luwih cocog diarani e-lit Jawa yaiku amerga katon merepresentasikan utawa mujudake sipat ‘kemodernan’ sajroning sastra Jawa kuwi dhewe. Wiwit saka media software, platform, nganti cara pikir Jawa sing wis modern lan akeh nyerep kawruh Barat sing bisa nyandhing kawruh Jawa.

Sakliyane kuwi, kanthi subyektif, luwih gampang dielingi, uga nek dirungokake klebu ‘keren’. Istilah e-lit Jawa sithik akeh uga duduhake jiwa jaman.  

Mujudake Ekosistem Anyar

Ing Facebook, cobanen ngetik kata kunci ‘geguritan‘ ing fitur search. Bar kuwi pilihen kolom post, nek wis mlebu ing kolom post banjur saringen pilihan taun, bakal ana pilihan saka taun 2004 – 2020. Uruten ngeklik pilihan taun iku.

Nganggo kata kunci ‘geguritan’ saka taun 2004 – 2008 babar blas ora ana postingan. Kata kunci ‘geguritan’ lagi ana postingane wiwit taun 2009. Cekake, karya sastra Jawa wujud geguritan lagi muncul ing Facebook let limang taun sakwise Facebook launching.

Nalika nganggo kata kunci ‘cerkak’ ing fitur search, kasile uga padha wae. Cerkak lagi ana ing Facebook taun 2009. Meh bareng kalawan geguritan. Postingan arupa cerkak lan geguritan ana sing wujud postingan status, postingan kanggo grup, lan postingan sarana cathethan Facebook. 

Modhel platform Facebook utawa sing kaya Facebook, sing bisa nggawe postingan tanpa batasan karakter, lan meh mirip blog, biyasane dianggep luwih cocog kanggo nulis sastra Jawa. Nek nganggo Twitter cetha rada angel, senadyan tetep bisa, nanging kanthi ancer-ancer tatemtu supaya tweet basa Jawa neng Twitter bisa mlebu perangane sastra Jawa.

Tweet basa Jawa kaangep sastra Jawa biyasane awujud geguritan utawa sajak. Ngelingi anane maksimal karakter, dadi ora mungkin nulis novel. Kajaba nek migunakake fitur thread, nanging nek dipeksa dadi novel cetha kurang optimal. Sajak, puisi, utawa geguritan sing tinulis ing tweet banjur diolah dening bot biyen diarani pentametron (Scott Rettberg, 2019: 157).

Ilustrasi maca. Sumber: Tumblr

Pentametron iki digawe dening Ranjit Bhatnagar, seniman lan programmer. Taun 2012 dheweke ngenalake Pentametron, lan teknik sing dinggo dijenengi ‘kode Bhatnagar’. Dadi awak dhewe keri ngeti tembung tatemtu, banjung ngundang bot Pentametron, kanthi otomatis mesin bot bakal nggawekake puisi.

Nanging, Pentametron iki nganggo adhah basa Inggris, dadi basa sakliyane Inggris ora bisa dinggo. Mula nek ngetik ‘sugeng dalu’ banjur ngundang bot Pentametron ya bakal ora ana kasile, mesine ora bisa niteni tembung-tembunge.

Nek niteni cara nggawe mesin bot kaya dene Pentametron kanggo khusus sastra Jawa, rasane isih angel. Isih arang banget ana programmer Jawa sing kanthi independen nggawe program kaya mengkono.

Senadyan ing babagan coding lan pemograman A.I sastra Jawa isih durung nututi, nanging ing bagiyan platform lan software sastra Jawa wis duwe lumayan akeh.

Platform neng kene tegese yaiku website sing khusus utawa duwe wadhah kanggo e-lit Jawa. Ora sithik website sing uga nawakake e-lit Jawa, kanthi format sing khas, miturut platform sing mandegani website iku mau. Bisa uga, e-lit Jawa sumebyar sarana platform nulis liyane, kaya ta Medium, Qureta, Wattpad, Storial, Kwikku, Kompasiana, Blogger, WordPress, Tumblr, lan sakpiturute. 

Seni geometri. Sumber: Behance

Emane, platform nulis ing dhuwue kuwi durung mesthi langsung ngunggahake tulisan basa Jawa, amerga basis basane dudu Jawa. Kaya ta Medium manggone ing Amerika, lan tulisan basa Inggris luwih cepet munggahe. Wattpad, Kompasiana, Blogger, WordPress, Tumblr, lan Storial bisa wae langsung nayangake e-lit Jawa. Banjur Qureta lan Kwikku kudu nganggo proses kurasi dhisik.

Kahanan sing rada penak kanggone e-lit Jawa yaiku ing platform website. Prelu dielingi, sansaya mrene, sansaya akeh platform sing nyediani kalodhangan kanggo nulis e-lit Jawa. Rata-rata website sing nyepakake ruang kanggo e-lit Jawa iki duweni proses selektif dhewe kanggo njaga kualitas web lan njaga konsistensi penayangan web.

Website sing nyediani e-lit Jawa iki aja dipadhakake kalawan website model pengarsipan kaya dene sastra.org lan klipingsastra. Rong website disebut pungkasan mau mindhah media saka sastra sing sakdurunge kanthi wujud fisik printed menyang digital, supaya luwih gampang diakses karo sapa wae. Dadi proses kreatif sastrane ora ana.

Sakwetara iki, website-website sing nampani e-lit Jawa ing antarane yaiku, Mojok, Cinta Pekalongan, Difalitera, lan Jawasastra. Mbiyen, wetara taun 2018’an, penerbit Diva Press nate ngelola website Nyonthong (dot) com, lan website iku nampa karya-karya e-lit Jawa, emane saiki wis ora aktif meneh.

E-lit Jawa ora angger medhot saka urutaning urip kasusastran Jawa. E-lit Jawa dudu jenis sastra sing ucul saka peradaban Jawa. Nanging nyatane, e-lit Jawa iki, nyilih ujare Scott Rettberg, salah siji wujud eksperimene wong Jawa. Bisa mapan orane e-lit Jawa gumantung marang ekosistem elektronik lan digital sing nyediani e-lit Jawa iku dhewe.

Sakperkara sing dadi tantangan kanggo mbentuk ekosistem e-lit Jawa yaiku anggepan menawa sastra Jawa jaman mbiyen (Jawa kuno, Pertengahan lan Baru), kuwi luwih endah tinimbang sastra Jawa modern. Pancen Ranggawarsita wis nindakake deelitisasi kaya kandhane Jefrianto, nanging ing praktek lapangan, kanggone wong Jawa dhewe sastra Jawa modern tetep dianggep ‘elit’.

Wis wiwit akeh gladhen / pelatihan nelateni e-lit Jawa, nanging tibane, sing dadi perkara utamane tetep pasar. Kanggone para sastrawan sepuh, nuruti pasar kuwi dianggep padha karo adol awak lan bisa ngedhunake kualitas sastra Jawa. Cara pikir kaya mengkene sing tekan mburi bakal ngadhang jumangkahe sastra Jawa ing mangsa modern.

Kamangka, ana bentuk-bentuk sastra Jawa modern kasil adopsi lan adaptasi saka tlatah manca sing wis dikenalake, kaya ta modhel tulisan pentigraf, sing diadopsi saka bentuk tulisan chicken soup,  lan haiku, sing dijupuk saka tata cara tulis sastra Jepang.   

Ngelingi perkara sing kaya ngono, penake pancen mbentuk pasar dhisik, lagi nawakake kualitas. Ing kene maksude, e-lit Jawa bisa digawe luwih adaptif ing tema-tema modern kanthi tampilan ing platform sing luwih narik wong kanggo maca.

Sakwalike, kualitas e-lit Jawa kudu dibentuk dhewe, miturut teknis tulis, ide, nganti desain. Ora kudu nuruti wewujudan kaya angen-angen sastra Jawa jaman pra-modern.

Piye-piyea, sastra ditulis kanggo mangsa mbesuk. Sastra kuwi mlakune mesthi menyang ngarep. Coba dipikir bareng, kakawin ditulis nganggo aksara Jawa kuno kanggo manungsa sing sakjaman lan ‘dilalah’ uga kanggo manungsa jaman saiki. Jajal saiki sastra Jawa modern, apa bisa wong jaman Jawa kuno maca sastra Jawa modern? Ya ora bisa ta! 

Sastra Jawa modern, utawa e-lit Jawa ditulis ing antarane e-lit Jawa liyane. Ditulis kanggo diwaca manungsa ing jaman saiki, lan kanthi karsaning Hyang bakal tansah kewaca dening manungsa ing mangsa ngarep, ing jaman ‘moderne modern’. Nulis sastra Jawa modern utawa nulis e-lit Jawa ora kudu diukur kanthi wujud tulis sastra Jawa pra-modern.

Supaya panjangka iki kawujud, salah siji carane yaiku mbentuk ekosistem e-lit Jawa, ngelingi menawa kemodernan kuwi dipersepsikan sarana piranti elektronik lan sambungan digital. Carane kanthi ngakehi ngirim e-lit menyang platform sing wis cumepak lan ngambakake cakupane sarana sosial media.  

Gombalamoh
Latest posts by Gombalamoh (see all)