Eksekusi Mati yang Pernah Ada di Jawa11 min read

Apa ta sing diarani ‘wengis’ kuwi? Ing bausastra ora ana katrangan sing luwih pepak, ‘wengis’ mung diartekake ‘bengis’. Saumpama dinalar, tembung ‘wengis’ bisa dimaknai minangka tumindak sing wis ora nggatekake laraning liyan, tumindak sing nerak wewaler mungguhing urip bebrayan nganti bisa anjalari liyan ketemu pati.

Ing tlatah Jawa, miturut sejarah sing wis ginelar, sakjane ora ana sing arane ‘wengis’, jalaran pancen jamane kaya mengkono. Sing bisa ngarani wong liya nglakoni tumindak wengis rak mung wong sing dhong babagan lumrah orane tumindak? Tur, sakjane wong Jawa jaman biyen, utamane jaman kerajaan, uga mangerteni maksude tumindak ‘wengis’, nanging kuwi sewates panemu pribadhi. Padha kaya wong jaman saiki.

Ya wis, dilalekake wae tembung ‘wengis’ saiki. Satengahing tumindak manungsa, mesthi ana ‘wengis’, mbuh gedhe apa cilik. Salah siji tumindak wengising manungsa yaiku babagan pidana pati utawa ukuman pati. Neng kene awakdhewe ora prelu mbiji ukuman pati mau ‘wengis’ utawa ora, tur ora prelu mbiji menawa wong jaman biyen ora beradab. Anggep wae nggo nambah wawasan, ora prelu baper.

Sadurunge mbabar ukuman pati ing Jawa, jajal awakdhewe niliki ukuman mati saka tlatah manca dhisik kanggo mbandhingake menawa jaman semono ukuman pati wis saklumrahe kaya mengkono. Ing Cina ana sing arane ukuman mati Ling Chi. Ukuman mati Ling Chi kuwi ditibakake kanggo wong sing berontak marang pamarentahan utawa negara, nanging ana uga kanggo wong sing bar nindakake tumindak mateni liyan, uga bisa ditrapake kanggo koruptor.

Pidana mati Ling Chi ing Cina. Sumber gambar: Wikisource

Ukuman mati Ling Chi bisa marai weteng mules tur sirah ngelu. Sawangen wae gambar aneng dhuwur mau. Ukuman Ling Chi iki metode eksekusi mati sing dianggep paling ‘wengis’, senadyan kanggone wong Cina jaman semono dhewe ukuman Ling Chi ya wis saklumrahe.

Para terpidana bakal dicancang ana kayu pancang, sikil lan tangane banjur dijiret kanthi wuda dhuwuran. Lambene ora ditutup tur mripate uga ora ditutup. Anggone eksekusi dianakake ana satengahing masyarakat, cekake dadi tontonan. Sakwise kuwi, terpidana mati bakal diiris kulite dening eksekutor lan penonton sing pengin melu. Anggone ngiris diterusake nganti terpidana lemes.

Kulit sing diiris bisa saka pupu, dada, weteng, utawa gulu. Menawa terpidana mati mau duwe pangkat sing diajeni, dheweke bakal diiris kulit gulune dhisik nganti kebukak daginge banjur mati. Kuwi wis dianggep ukuman Ling Chi paling enteng. Nek liyane, sing dudu wong duwe pangkat, bakal diiris saka weteng banjur nganti ambrol isine weteng. Terpidana dibenke bengak-bengok anggone kelaran.

Sakliyane iku, neng tlatah Melayu mbiyen ana sing arane ukuman Salang. Ukuman Salang iki bisa diarani ngeri. Terpidana mati dikon nungkul aneng dengkul, banjur saka pundhak sisih tengen dijubles tumbak kanthi posisi diagonal nganti tembus tekan jantung. Pucuke tumbak dilambari kapas utawa kain supaya ora ana getih sing wutah.

Pidana mati Salang ing Kesultanan Kedah. Sumber gambar: Bagbudig

Beda kalawan ing Cina, neng Jawa metode ukuman matine gumantung marang ajaran sing dianut. Saumpama ajaran mayoritase Hindhu, pidana mati bakal kaleksanan kanthi tata cara Hindhu sing wis diserep dening wewulang lokal. Mengkono uga pidana mati sing saka ajaran Islam. Wiwit tekane kolonial, khususe pas Rafles teka, pidana mati neng Jawa sing sakdurunge ‘katon’ wengis malih suda (Kooria, 2018: 211).

Bab Ukum

Kandhane Heriyono (2020: 81) ing Jawa kene iki biyen gonta-ganti sistem ukum lan saben jaman krajaan duweni pakem ukum dhewe-dhewe. Ing jaman Jawa abad 10 M, Prabu Dharmawangsa Teguh manut tata cara ukum marang kitab Ciwasana utawa Purwadighama, ing jaman Wilwatikta mangsane Hayam Wuruk negara nerapake tata cara ukum miturut kitab Kutaramanawa.

Sistem ukum ing jaman Hindhu-Jawa bisa dibedakake dadi loro yaiku pradata lan padu. Sistem ukum pradata dicekel langsung dening ratu kanthi timbangan saka para penasehate. Masalah sing klebu pradata kuwi masalah-masalah sing didakwa abot kaya ta mbalela mring negara (pemberontakan), mateni liyan, ngrampok kanthi gedhen, mbegal, lan ngobong omah utawa alas tanpa idi. Sistem ukum pradata iki diarani Ravensbergen (2018: 48) minangka sistem ukum sing njupuk saka wewulang India (Hindhu).

Banjur, sistem ukum padu, isih kandhane Ravensbergen, kuwi sistem ukum lokal utawa asli Jawa. Sistem ukum padu ngurusi masalah-masalah sing ora patia marai gawat negara nanging cukup kanggo marai brayat kuwatir kaya ta maling. Wong sing nyekel babagan padu diarani jaksa sing kaserep saka tembung Sanskrta ‘adyaksa’.

Rong sistem ukum, pradata lan padu dibethek isih tetep klakon tekan mangsane Demak, Pajang, lan Mataram Islam. Nanging, nalika Sultan Agung lungguh ratu, sistem ukuman pradata lan padu mau diowahi kanthi manut tata cara aran Islam. Aran pradata digenti kanthi tembung surambi (Ravensbergen, 2018: 50). Kanggo sistem ukum padu, ora diowahi.

Nalika Amangkurat I lungguh ratu Mataram, jalaran dheweke ora patia seneng marang tata cara ukum Islam diilangi. Proses ukum sing pas diarani surambi kaleksanan ing plataran mesjid, nanging dening Amangkurat I dibalekake dadi pradata meneh banjur dilaksanakake aneng njero kraton. Senadyan Amangkurat I sempet mbalekake tata cara ukum pradata, wekasane anak putune bali meneh marang tata cara ukum surambi sing wis diwiwiti dening Sultan Agung.

Potret pengadilan ing daerah Pati. Sumber gambar: Ravensbergen (2018: 34)

Sistem ukum Jawa melu ganti meneh nalika teka para kolonial. VOC uga nggawe kebijakan bab ukum, sing netepake anane pengadilan gabunngan antara pejabat kolonial lan pejabat saka Jawa sing diwakili dening kamituwa. Perkara sistem ukum neng VOC iki rada ruwet lan kontradiktip, amerga senadyan kolonial netepake tata cara ukum Eropa, nanging ora kelakon kanthi sekabehane, ngelingi masyarakat sing isih tetep ngugemi tata cara ukum Jawa utawa Islam.

Eksekusi Mati ing Jawa

Tekan seprene durung ana catetan sing pesthi bab kaya piye ukuman pati kaleksanan nalika jaman Jawa kuna. Akeh-akehe katrangan sejarah babagan pidana neng jaman Jawa kuna kuwi ukuman sing dudu eksekusi mati, kaya ta kethok tangan sing ditindakake dening Ratu Sima, lsp. Mung nek neng Kutaramanawa diterangake ukuman pati kuwi bisa lantaran siksa dhisik sakdurunge mati lan ukuman pati kanthi langsung marai mati terpidana mati.

Cathetan luwih cetha babagan eksekusi mati lagi ana saka mangsane Mataram Islam lan saka crita-crita lisan sing sumebyar. Saka crita lisan dhisik. Salah sijine yaiku critane Si Pitung utawa Sarip. Nek critane Si Pitung konon awake kudu dikethok-kethok dhisik banjur dikubur ing papan sing beda. Nek critane Sarip, sakdurunge dheweke dieksekusi landa, kudu nyawang mboke dipateni dhisik.

Banjur, ana uga crita eksekusi mati sing ditampa dening Pangeran Trunajaya. Miturut cathetan ing Babad Songenep, nalika Pangeran Trunajaya kecekel dening pasukan gabungan antara Amangkurat II lan Walanda, Pangeran Trunajaya dikethok sirahe dening algojo banjur awake dinggo keset. Sakwise kuwi, awake diiris dadi cilik-cilik banjur diwenehake asu.

Ilustrasi, lukisan, eksekusi Pangeran Trunajaya.

Versi liyane, nalika Pangeran Trunajaya kecel, dheweke tumuli ditunjem keris tembus dada. Nalika isih ana daya uripe, awake langsung diiris nganti cilik-cilik. Konon, irisan saka badhane Trunajaya iki dipangan dening jejering pejabat Amangkurat II awit prentah saka Amangkurat II dhewe.

Eksekusi mati jaman Mataram sing luwih bisa dilacak cathetane saka mangsane Sultan Agung lan metode ukuman pati sing eksekutore kuwi kewan. Alesane, akeh cathetan saka pihak Walanda sing nglaporake.

Boomgard (1994) sajroning tulisane sing duweni judhul Death to the tiger! The development of tiger and leopard rituals in Java, 1605-1906, aweh akeh ulasan perkara eksekusi pati sing ditindakake dudu dening manungsa nanging dening kewan. Kewan sing didadekake eksekutor bisa macan, ula, lan baya. Boomgard uga nerangake menawa ing jaman Mataram Islam wis dadi lumrah menawa nalika raja ora seneng marang salah siji bangsawan, bangsawan kuwi mau bakal dibuwang menyang alas Lodaya supaya mati dipangan macan.

Taun 1703, ana ukuman pati dening kewan sing ditindakake kanthi putusan saka Amangkurat III kanggo putri pamane, Pangeran Puger, yaiku Raden Ayu Lembah. Didakwa serong karo Raden Sukra. Nalika kuwi, Raden Ayu Lembah dadi permaisurine Amangkurat III. Awit saka putusan iku, Raden Ayu Lembah lan Raden Sukra dilebokake ing njero kandhang macan sing ana ing njero kompleks Kraton Kartasura. Pangeran Puger dikon nonton adegan iku.

Lukisan eksekusi sing ditindakake dening Amangkurat III. Sumber gambar: Leiden University Libreries

Ing taun 1642, tahanan sing jenenge Antonie Paulo dibuwang menyang kandhang baya kanthi putusan saka Sultan Agung. Bejane, si Antonie Paulo ora klakon mati amerga pirangane dina malah ora dibrakot baya sing ana kandhang. Wekasane, Sultan Agung nundhung Antonie Paulo balik menyang pesisir lor.

Pesainge Sultan Agung, yaiku Sultan Banten, uga nindakake ukuman pati dening kewan. Saka cathetane Fayle sing dikutip Boomgaard, taun 1682, Sultan Banten nguncalake musuh-musuhe menyang kandhang ula. Sakwise iku, para musuh Sultan Banten mau ana sing dicokot banjur diisep nganti getihe entek, ana uga sing diutal dening ula-ulane.

Valantijn sing lumayan kerep anggone mara menyang Mataram, khususe taun 1706, nate nggawe lapuran kesaksian bab eksekusi mati dening kewan sing ditindakake dening macan. Metode ukuman mati dening macan iki ora banjur dadi ukuman mati sing mutlak. Terpidana mati diwenehi kesempatan, khususe terpidana mati sing saka kalangan bangsawan. Terpidana mati bakal dikon mlebu arena kanthi dicekeli keris supaya tarung mungsuh macan, saumpama terpidanane menang, dheweke bakal diwenehi kebebasan.

Potret rampogan sima. Sumber gambar: Luk Staff UGM

Kasuse beda kalawan terpidana mati sing pancen penjahat, maksude dudu saka kalangan bangsawan, dheweke bakal diuncalake menyang tengah arena supaya tarung mungsuh macan tanpa dicekeli keris. Nanging, Boomgaard dhewe duwe perkiraan menawa sing ngeksekusi penjahat mau bisa uga malah gajah. Cathetan eksekusi dening gajah iki isih kurang kuwat buktine.

Ing taun 1807, saka koleksine Raffles, ana gambar sing nduduhake eksekusi sing dilakonake dening gabungan pejabat Walanda lan Jawa. Gambar kuwi nerangake ana patang terpidana sing dieksekusi. Rong terpidana wis nglakoni eksekusi kanthi dibedhah keris awake, banjur sakwise mati dimutilasi. Rong terpidana liyane nunggoni giliran. Kabeh terpidana nganggo klambi putih.

Praktek ukuman mati sing ‘katon’ wengis mau tetep klakon senadyan Mataram wis pisah dadi Surakarta lan Yogyakarta. Nanging, kahanan wiwit owah nalika Raffles mlebu Jawa karo bala Inggrise, banjur nggawe aturan menawa ukuman mati sing ‘katon’ wengis kudu diilangi saka Jawa. Kraton-kraton ora entuk nglakoni praktek ukuman mati kaya mengkono meneh. Supaya aturan iki klakon, Raffles meksakake aturane marang kraton Surakarta lan Yogyakarta.

Senadyan Raffles bisa nyuda tindak praktek ukum pati sing miturute Raffles kuwi wengis, isih ana pirangane praktek ukuman ‘wengis’ sing tetep kelakon. Ing antarane yaiku ukuman picis. Ukuman picis iki ngiris kulite awak terpidana banjur kulit sing wis keiris mau dilaburi uyah.

Lukisan ukuman pati koleksi Raffles. Sumber gambar: British Library

Ukuman mati miwit salin dadi keri tunjem keris lan gantung. Ing serat Anggêr Ukumane Wong Jawa sapadhane ing Tanah Indiya Nèdhêrlan, 1883, sing diterbitake Buning, ana katrangan tata cara eksekusi mati kanthi cara gantung.

Eksekutor sing nindakake ukuman mati diarani Martalutut utawa lagojo. Terpidana diunggahake menyang panggung gantungan kanthi gulu wis dijiret tali. Sakngisore ana papan kanggo nyangga sikile terpidana mati. Nalika wis teka wayahe, Martalutut nendhang kayu sangga sikile terpidana mati mau banjur terpidana mati bakal kegantung.

Praktek ukuman mati kanthi cara gantung nyatane akeh-akehe ora amerga kentekan amegan utawa ora bisa napas, nanging amerga gulune ceklek. Ukuman mati gantung mung ditindakake ing dina Akad. Jisime terpidana mati mau banjur bakal diwenehake marang sedulur sing nunggoni proses ukuman mati utawa dirumat dening pengadilan.

Kaya mengkono cathetan bab ukuman mati sing nate kelakon neng Jawa. Jaman saiki, wis ora ana ukuman mati kaya mengkono. Malah, akeh gerakan sing nolak ukuman mati amerga dianggep nyalahi HAM (Hak Asasi Manungsa). Miturutmu, ukuman mati kuwi becike tetep dilestarekake utawa diilangi?

Wacanan

Boomgaard, P. (1994). Death to the tiger! The development of tiger and leopard rituals in Java, 1605–1906. South East Asia Research2(2), 141-175.

Heriyono, H. (2020). PELAKSANAAN HUKUMAN MATI DALAM PERSEPEKTIF HAK ASASI MANUSIA. Indonesian Journal of Law and Policy Studies1(1), 76-89.

Kooria, M. (2018). The Dutch Mogharaer, Arabic Muḥarrar, and Javanese Law Books: A VOC Experiment with Muslim Law in Java, 1747–1767. Itinerario42(2), 202-219.

Ravensbergen, S. (2018). Courtrooms of Conflict: Criminal Law, Local Elites, and Legal Pluralities in Colonial Java. Unpublished Doctoral Proefschrift. Leiden: De Universiteit Leiden. Available online also at: https://openaccess. leidenuniv. nl/bitstream/handle/1887/61039/fulltext. pdf [accessed in Jember, East Java, Indonesia: May 20, 2018].

Gombalamoh

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *