Enceng Gondhok8 min read

Ora biyasane, Awan ndhewe, ndheprok ing pinggere kali. Raine njegadhul lan mripate bengeb. Sajake dheweke lagi susah. Rasa sing isa nyiksa pikir. Isa diarani pikirane Awan saiki ora bening.

Buthek, kaya butheke banyu kali ing ngarepe. Banyu sing kaya ora mili, katon ora obah, ngecebung ngono wae. Kaya-kayane Awan wis ora kuwat nanggung.

Beda kahanane banyu ing ngisore kretek sing ora adoh saka kono. Ing tengah-tengahe ngisor kretek ana watu gedhe, dadekake miline banyu kebelah ngiwa lan nengen.

Agawe kemricike swara banyu dadi cetha. Yen dirungok-rungokake keprungu kaya swarane wong lagi sambat. Swara iku sok-sokan dibarengi swara nggedhumele Awan.

Susah atine Awan sansaya cetha wektu tangane ora sadhar njupuki krikil banjur diuncal-uncalake ing tengahe kali, karo lambene ndremimil.

Ing sawetara wektu dheweke meneng, ngelangut. Sirahe ndingkluk lan driji panudinge ngorek-orek lemah ora cetha.

Srengenge wis njedhul, ning lampu merkuri cedhak kretek iku durung dipateni. Awan isih ing kono. Malah saiki tangane ndekep sikile. Sirahe diselehake ing dhengkul.

Kupinge rungon-rungonen bentakan lan pisuhan ibune. Pipine isih krasa perih merga kena tamparan banter tangan ibune.

Bentakan, pisuan lan tamparan sing lagi sepisan ditampa. Padha karo sepisane dheweke lungguh ing pinggere kali iku. Dheweke kuciwa marang ibune.

Awan yakin menawa sing didelok mau bengi ibune, merga ora ana wong liya ing omah kejaba, ibune, dheweke lan loro adine sing isih cilik-cilik. Bengi kuwi, wektu dheweke nglilir krungu swara saka kamar ibune.

Swara sing wis diapali, menawa swara iku swarane ibune. Dheweke ngira menawa ibune lagi kelaran. Mulane dheweke banjur mlebu ing kamar ibune. Ing kamar iku Awan ndelok ibune lagi karo wong lanang.

Lambe, gulu lan dhadha ibune diambungi wong lanang sing ora dikenal. Ibune bola-bali mrintih, katon pasrah. Awan bingung banjur metu saka kamar.

Esuke, dheweke takon marang ibune, ning ibune malah nesu-nesu. Awan malah ditampar kaping pirang-pirang. Awan diancem supaya ora crita marang sapa wae.

Awan banjur metu saka omah lan mlayu sakkemenge. Lagi mandheg wektu teka ing pinggire kali gedhe iku.

Warni ndelok Awan. Cah wedhok sing lagi ngancik perawan iku gumun ndelok ana wong nom lanang sing wis ora bocah meneh, ndhomblong dhewekan ing pinggir kali. Mripate ndhelengi nanap mengarep ning kaya suwung.

Warni ngrasa kaya ngerti nom-noman iku. Ning Warni ora yakin kenal karo cah nom iku merga wektu Warni ngeling-eling sabenere wong iku nyatane ora kelingan.

Nanging ora suwe ujug-ujug Warni mesem, dheweke wis kelingan sapa wong lanang iku. Wong iku salah sijining nom-noman kampung sing biyasane nongkrong ing prapatan tengah kampung.

Dheweke lan kanca-kancane seneng lek-lekan, gitaran lan jagongan ing prapatan iku. Sakancane asring iseng nggodhani perawan-perawan sing lewat ing prapatan.

Warni ngrasa wis tau digodha marang nom-noman iku. Gumune Warni, ngapa cah lanang sing duwe kebiyasaan mankono, saiki lagi ndomblong dhewekan.

***

Warni durung suwe manggon ing kutha iki, mulane dheweke durung apal daerahe. Asale dheweke saka dusun. Merga Warni sekolah ing salah sijining SMK ing kutha, mulane wong tuwane nitipake dheweke marang bulike ing kutha iki.

Senajan kahanan ekonomi keluwarga Warni pas-pasan, ning bapake Warni kagolong wong sing duwe pikiran maju, kususe bab piwulangan.

Bapake Warni duwe kekarepan menawa anak-anake isa bacutake pendidikan ing universitas. Kajaba iku, bapake Warni kagolong wong disegani ing dusun.

Nanging bapake Warni ora ngerti menawa ing panggonan iki, senajan cedhak karo kutha nanging nom-nomane bubar lulus SMP akeh sing ora nerusake sekolah. Biyasane nom-noman kuwi milih langsung kerja.

Sing lanang kerja mburuh gawe kok lan sing wedhok kerja mburuh mbathik.  Ing panggonan kene antarane wong sing berilmu, wong sing dhuwe iman apik, lan wong sing sukses usahane, luwih kethok wong sing sukses usahane.

Lan sing paling dihormati sing duwe katelu-telune.  Semono uga bapake Warni nganggep menawa bulike iku wanita ingkang sukses usahane.

“Sakbare ditinggal bojone setahun kepungkur, bulikmu isa ngragati keluwargane dhewekan. Bulikmu kuwi wanita sing tegar,” kandhane bapake Warni wektu Warni arep mangkat mranto. Kekarepan bapake Warni, kejaba Warni isa terus sekolah, uga isa ajar bab bisnise bulike.

Awale Warni ngrasa seneng karo lingkungan anyare. Bulike lan anak-anak bulike nampa apik dheweke. Kabeh kebutuhane wis dicawisake. Bulike ora pilih kasih.

Warni arep melu resik-resik omah wae ora enthuk. Dheweke mung didawuhi sregep sinau. Wektu acara maem bareng, bulike seneng crita jaman nom-nomane, wektu isih sakomah karo bapake.

Crita sing kebak kebahagyan. Ing ngarep anak-anake, bulike kandha menawa Warni kagolong perawan sing pinter lan ayu. Wektu iku Warni mbatin, mbenerake ngendhikane bapake menawa bulik mesti duwe rasa welas marang dheweke.

Nanging wektu-wektu sabanjure ora mangkono.

Sanajan bulike tetap apik marang dheweke ning Warni ngrasa ana sing ora beres. Saben bengi bulike lunga kanthi dandanan sing menor. Lan wis tau Warni ngonangi ana wong lanang mara omah nggoleki bulike.

Wong lanang iku banjur mlebu kamar bulike. Wektu sabanjure, kabeh kebutuhan Warni ora cumawis maneh kaya awal-awale biyen. Warni kudhu golek lan nyiapke dhewe.

Kabeh gawean omah, nyapu, ngepel, ngumbah piring lan nimba Warni lakoni dhewe. Acara maem bareng sinambi crita wis ora ana maneh. Malah bulike kerep sambat merga anak-anake nakal.

Gambar mung illustrasi

Yen Warni ngeling-eling bab kuwi dadi nelangsa dhewe. Kaya ngene iki kahanan keluwarga wanita mandiri lan sukses sing kaya dicritakake bapak, batine. Warni kepeksa kudu urip bareng karo lingkungan mangkono.

Warni ngrasa ora kuwat lan pengin mulih dusun, nyritakake kabeh kahanan iku marang bapake, nanging Warni ora tegel merga kasunyatan bulike sing wis iklas menehi tumpangan.

Kahanan kuwi kaya buah simalakama, yen dipangan bapak mati, yen ora dipangan ibune sing mati. Warni sing diwenehi ilmu iman marang bapake kudu manggon ing lingkungan ora lumrah mengkono. Nanging Warni mikir menawa kabeh iku merga bulik kepeksa.

Oh, sapa sing isa ngakimi urip iki? Ora sapa-sapa, wong alim wae ora isa ngakimi urip wong liyane. Ya mung Gusti Allah sing maha bijak, bathine.

Warni mikir piye carane dheweke isa metu saka lingkungan kuwi. Dheweke ora wani nyritakake kahanan sing saktenane marang sapa wae. Kanggo ngusir gundah atine, Warni mung isa ngisi wektune mawi cara maca lan maca, merga anggepane mung buku sing isa dadi kanca.

Merga masalah kuwi Warni kerep nangis ing kamar. Senajan tetep ana bab sing didelikake ning yen ana wektu longgar Warni wanek-wanekake crita marang bapake.

Ning bapake malah menehi pitutur menawa ing panggonan kaya mangkono malah dadi panggonan kanggo ajar urip sing saktenane. Yen Warni isa nglewati kahanan iku, dheweke isa dadi wanita mandiri lan kuat.

“Ibarate kaya kowe nglakoni pasa Ramadhan, nuntasake pasa saben dinane sing apik yaiku pasa sing ora nyingkiri saka hiruk pikuke donya,” kanda bapake Warni.

Bapake Warni mubalig sing ngungemi menawa tempaan dan pacoban urip sing abot iku ujian sing saktenane kanggo nggawe generasi sing andal, generasi sing takwa, lan ora ninggalake mental sosiale.

Kejaba kuwi, bapake Warni uga kandha menawa bab kerukunan itu utama. Isa wae Warni lunga saka omahe bulike, nanging mangkono, bapake ngugemi luwih becik Warni tetep tahan lan rukun. Rukun kuwi dasare kabahagyan.

“Luwih apik meneh menawa kowe isa dadi senthir ing lingkunganmu kuwi. Secilik apa wae geni senthir iku, Bapak yakin isa ana pigunane kanggo wong sing mbutuhake,” pituture bapake Warni.

Apa wae sing arep kadadeyan, urip iki tetep mlaku, lan kuwi artine ora ana piliyan liya kanggo Warni. Yen pengin tetep ngugemi gegayuhane, dheweke kudhu kuat njalani urip ing omahe bulike.

Senajan mangkono merga ora kabeh isa dicritakake marang bapake, semono uga ora ana kanca sing isa diajak bage-binage rasa, Warni tetep ngrasa abot.

Nanging mbuh ngapa, ujug-ujug wektu iku Warni dadi kelingan marang Awan. Apa maneh sakbubare Warni ngerti kisah uripe Awan lan keluwargane. Ibune randha anak telu.

Ngerti jangkep crita keluwargane Awan kaya ora bedha adoh karo kisah keluwargane bulike, atine Warni dadi krasa luwih isa nampa.

Ya merga bab kuwi warni banjur dadi ngerti ngapa Awan sing wis ora bocah maneh iku biyen isa nangis sesengukan. Lan ujug-ujug Warni ngrasa kaya duwe kanca anyar, senajan sakloron saktenane durung padha kenal cedhak.

Nanging magkono, wektu liya dina Warni ngerti Awan maneh ing panggonan sing padha, ing pinggire kali iku, Warni mutusake marani Awan. Saya cedhak anggone Warni marani Awan, saya cetha menawa mripate Awan bengeb. Awan lagi nangis.

“Awan, tabahke atimu.”

Sabanjure, sakloron lungguh sila ing pinggere kali iku. Pandelengane padha ing banyu kali. Tangane njupuki krikil banjur diuncalake ing banyu kali.

Sawetara wektu sakloron pada meneng lan pandelengane tetep ing banyu kali. Ujug-ujug sakloron pada ngingeti.

Warni mesem. Eseman sing digawe paling manis. Awan isin banjur ndungkluk. Sabanjure sakloron omong-omong. Senajan omongane kuwi ora pathi cetha merga kalah karo swara kendaraan sing lalu lalang ing kretek cedhake, nanging sakloron ora krasa keganggu.

“Ireng,” kandhane Awan.

“Apa sing ireng?” pitakone Warni.

“Banyune.”

“Banyu?”

“Banyu kali iki,” jawabe Awan karo nduding ing banyu kali.

“Oh, kuwi merga limbah batik,”

“Ireng kaya nasibku,” kandhane Awan maneh.

“Ngertiya, kali iki akeh wit enceng gondhok. Dene wit enceng gondhok kuwi kejaba serat papahe isa kanggo gawe kerajinan, wuh-wuhane isa kanggo netralisir banyu sing ireng merga limbah batik.”

“Kuwi nasib apike banyu, ning nasibku tetep ireng,” kandhane Awan.

“Aja ngono. Kowe kudu yakin menawa Gusti Allah Maha Welas,” jawabe Warni

Awan banjur ndelengi Warni raket, lan wektu iku Awan ndelok mripate Warni melu-melu mbrebes mili, sing ora suwe luh iku netes ing pipine.

Latest posts by Yuditeha (see all)

3 Replies to “Enceng Gondhok”

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *