Bengawan Sore
ing pinggire bengawan
awake dhewe nate rasan-rasan
sang jejaka sing nelukake baya
tundhone bisa ngregem panguwasa
apa isih kelingan kedhung srengenge
biyen nglarapake gegayuhane
ing pinggire bengawan
awake dhewe asring miwiri
ngremite crita winungkus kaelokan
dheweke sing kasil ngranggeh rembulan
ora gelem mudhun, ora gelem bali
lali sapa wae sing wis ngrewangi
ing pinggire bengawan
wayah sore angin sumilir-silir
awake dhewe bareng nata pikir
kamukten asring gawe pangewan-ewan
ora preduli sapa wae dadi korban
2020
Fragmen Dewi Amba
yen sumpahmu wis kadhung dicathet dewa
bethek-betheke kanggo njaga wutuhe negara
banjur ana ngendi dununge katresnan
sing nate rinonce ing pinggire bengawan?
Dewabrata, yen titiwancine wis teka
aku bakal mapag sliramu nyawiji ing kalanggengan
nalika Srikandi menthang sarotama
ing pucuke panah kumilat antebing janji
2020

Nonton Reog
aku lan sliramu kangelan ngarani
sapa penari ing suwalike topeng kuwi
jogedane kepara lincah
sirah bisa muter-muter ing lemah
warok lemu tansah tutwuri
tangane nyekel kolor sing tan nate keri
jarene ampuhe ngedab-edabi
“Apa wae arep dakpangan,” kandhane

penari ing suwalike topeng kaya kesurupan
jogedane sansaya ndadi ora karuwan
tangane nyaut apa wae sing ana cedhake
dikremus ora ndadak ngentekake wektu suwe
gawe cingake sapa wae
ora mung ing dalan utawa lapangan
reog saiki bisa disipati ing kantor-kantor
gedhung-gedhung mewah lan sadhengah papan
atraksine luwih nggegirisi gawe trataban
aku lan sliramu
mung bisa nguncalake pitakon
: sapa sing rumangsa ketaton?
2019
- Geguritan Telu Irul S Budianto - January 26, 2021