Sira, Ingsun, Gusti–Iku
Anyangga ati mrang Gusti
Teteken donga rina wengi
Nyenyuwun tan kendat utama
Jiwa tinarbuka hanampa
Sih samudraning Gusti
Ingsun kalawan sira
Kekaron sih hambuka budi, hambujung kawruh kotaman, tumuju jiwa-jiwa kang padhang
Pinandeng luhuring manah
Mrantasi nepsu angkara
Tinebihna saka panggodha
Kanthi pepujen asmaning Gusti
Ruket manunggaling rahsa
Dadya damaring uripsun
Kalawan sira iku
Bisaa ngluwari perkara
Bebendu ing donya maya,
(semu… )

Sunya Ruri, Wening Klawan Samar
Wening
Cinipta petak kalbu
Banjur ginambar maneka warni
Mrang tumindaking jalma
Jalmi kang mulya
Uga ana candhala
Nistha
Samar
Agemaning donga
Kalawan ngibadah
Kanggone urip
Aneng donya
Samar
(tumuju sunya ruri, donyane utama jati–kang wening klawan samar)
Cubluk, Aku, lan Sunya
Wong cubluk iku, aku
Balilu, nyawang urip kang lumaku
Mayak-mayak donya iku cetha
Tanpa pepetheng sithik marang aku
Aku iki kukila, mabur dhuwur mrang wana wiyar kebak katresnan
Pindhane, iku gampang
Tumuju Sunya

Crita Layung Tumuju Wengi
Candhik kala
Layung layuning nala
Candhik ala
Lumaku layung anggawa layang kapang
Saka nala kang layu kasaput angin surub
Pang pring-pringan
Carang-carang candu candrama
Canda ati tumuju wengi
Sang candra kang nyekseni
Tansah mesem, esem sengsem, kegawa mimpi
Layung Candra Kala
Layung kang mapag baskara
Hanuntun mudhun mrang purnamasidi
Anjilma candra sumunar ayu
Rinengga kerlap-kerlip lintange luku
Sumunar candra pepadhang laku
Tinapak dalaning maruta sore
Hanyibak sari endahing wengi
Hanyebar sih ing arum dalu

- Bangsat, Lelakon Bangsat - November 24, 2020
- Gurit-Gurit Kasunyatan - November 3, 2020