ing sawijining ari tumuli
jasadku temah musna ing pati
nanging ing gatra-gatra iki
sira mokal tumungkul ing asepi
ing sawijining ari tumuli
swaraku nora keprungu wali
nanging ing antara larik-larik iki
sira bakal tansah daksiyasati
ing sawijining ari tumuli
pangangkahku nora ketara wali
nanging ing sela-sela aksara iki
sira datan surut dakupadi

Latest posts by Jefrianto (see all)
- Ing Sawijining Ari Tumuli - December 31, 2020
- Buku Biografi Pengarang Sastra Jawa - October 9, 2020
- Tapsir Liya Tumrap Aran Pujangga Pungkasan - June 14, 2020