Julung Batang5 min read

Swarane Karjo sing bengok-bengok ing surub iku gawe saisine losmen geger. Wong tua sing sabendina resik-resik kebon mburi losmen iku mlayu kaya wong kesurupan, tangane duding-duding marang kebon. Sanalika pecah sepine losmen, nalika wong-wong isih padha leyeh-leyeh ing jero kamar. 

“Ana wong mati! Ana wong mati ceblok saka loteng!”

“Endi? endi?” 

“Ika, sirahe jibrat getih!” Sumaure Karjo kanthi awak nggregeli. 

Surub iku, losmen sing sadurunge sepi, dadi geger. Pawarta sing digawa Karjo, tukang kebone losmen agawe rasa penasaran. Wong-wong padha metu saka kamar, banjur moro ing mburine losmen.

Sawijining lanang nom-noman katon gumlethak ing tengah kebon. Raine abang branang katutup getih sing dleweran saka sirahe.

Ndelok kadadiyan medeni kaya mangkono, rasa pingin weruhe wong-wong sing ngebaki kebon mburine losmen sanalika malih dadi rasa giris. 

Siji-siji padha mundur. Suara-suara pathing bisik alon-alon ngadoh. Amung nyisakake wong lanang telu sing duwe ati gede, banjur nutupi mayite lanang nom-noman iku nganggo godhong gedhang.


“Eling-elingana, Le. Ojo pisan-pisan metu saka kamar utawa omah yen wektune candikala. Biyen nalika simbokmu nglairake jabang bayimu, anepaki wektu srengenge ndlesep. Iku arane bayi Julung Batang.” Mangkono pangucape simbahe kang tansah dielingake marang Reihan, bocah ontang-anting sing saiki wis dadi jaka.

“Mbah, iku paugere wong-wong tuwa biyen. Ya wis ora cocok yen digathukake marang kapercayane bocah-bocah noman jaman saiki.” Sumaure Raihan nyrekal.

“Aja mangkana, Le. Wong-wong tuwa biyen gawe paugeran ora ujug-ujug. Kabeh nganggo ilmu titen.”

“Banjur aku kudu piye, Mbah?”

“Sing ati-ati lelakumu. Tansah eling marang Gusti, nyuwun kaslametan saparan-paranmu lelungan.”

“Iya-ya, Mbah.”

“Amarga bapak lan simbokmu iku yo angel kandanane. Wis mancik wektune krama, nanging awakmu durung diruwat, Le.”

“Opo maneh iku, Mbah?”

“Mangertenana, Le. Sapa wae manungsa sing kalebu sukerta, yaiku manungsa sing dadi mangsane Batara Kala, salah sawijine Julung Batang kaya awakmu, satemene sik duweni utang marang garis nasibe.”

“Utang?”

“Iya. Utang sing kudu dilunasi, kanthi ruwatan. Nanggap wayang purwa lakone Murwakala.”

“Ana-ana wae, Mbah.” Pungkase Raihan, banjur ngadek saka kursi.

“Sik, ojok nyingkrih.” Simbahe nggandoli.

“Wong sing kalebu Julung Batang kudu tansah ati-ati. Batara Kala iku sing mbaureksa wektu. Kala tegese wektu.

Sejatine sang Batara Kala ya wektu iku dhewe. Dadi paweling marang manungsa, yen wis ngancik umur baligh, wis wektune ati-ati anggone urip ing ndonya.”

Miturut simbahe, manungsa sing diarani Julung Batang, awake duwe ganda bacin kaya bathang. Ganda sing tansah digoleki sato kewan awujud macan.

Kacarita, yen tinemu, manungsa julung batang bakal dadi mangsane kewan iku mau. Macan iku minangka simbole kala.

Gambar mung ilustrasi. Sumber: freepik

“Oh mangkana, ta, Mbah.”

“Mengko aturake pituture Simbahmu iki mau marang bapak simbokmu. Ndang cepet ruwatan!”

“Iya, Mbah.”

“Pungkasan welinge Simbah, aja pisan-pisan tumindak asusila karo wanodya sadurunge diruwat lan krama!”

Raihan banjur pamitan marang Simbahe yen bakal lungo menyang sawijining panggonan ing ereng-erenge Gunung Welirang netepi tugas kantor. Sasuwene telung dina, dheweke uga bakal nginep ing kana.


Tawang ing sisih kulon wis katon sumurat abang kuning. Yen disawang kadya kelire emas patlikur karat. Durung ana lintang sing metu. 

Sadhela maneh, srengenge sing dadi sumber panguripan donya bakal ndlesep. Codhot-codhot katon bleberan metu saka susuhe. 

Surub iku, ana sawijining papan ing ereng-ereng Gunung Welirang wis katon rame. Datan kendat lakune jalma, kaya iwak pathing bleber mambu jala. Dalan-dalan kebak bakul, pit, lan motor muluk. 

Nanging, ana sajrone kamar losmen, sawijining lanang nom-noman malah katon kaweden. 

Dheweke kelingan pitutur simbahe, nalika sapasang mripat bunder blarak-blarak, kanthi cumlorot cahya ijo murub, nyawang saka kebon samburine losmen, nepaki adhep-adhepan karo cendela kamare. Reihan ngejer ing jero kemul.

Ora adoh saka panggonan Reihan kemulan, kenya ayu pinaring asma Fenny wis bar anggone adus keramas. 

Kenya iku banjur pupuran. Alise sing nanggal sepisan katon sansaya pantes, nalika kanca beda jenise Reihan iku nganggo benges abang anom. Lakune mblarak sempal, alon-alon nyanding Reihan.

“Lha kok malah kemulan iki piye, tha, Mas?” pitakone Fenny. “Ndang adus keramas, ora apik bar ngumbar asmara ngene ora diresiki,”

“Sedhela maneh, Fen.”

Fenny ora srantan maneh. Kemul kang nggubet ana awake Reihan disendal. Sanalika kaget nalika nyawang awak sisihane gemeter. Keringet pathing dleweran ana gulu, tangan lan dadane Reihan.

“Jenengan lara?”

“Ora, Fen.”

“Lha geneya kok teles bles kaya mangkana?”

“Ora apa-apa, Fen. Amung rada gak enak awak wae,” sumaure Reihan. 

Durung suwe anggone wong loro iku padha guneman, listrik losmen iku mati. Kamare Reihan lan Fenny sanalika petheng. Reihan ngadek saka papan turune. Fenny ngrangkul ing dada sisihane.

“Enteni sadhela wae … aku dakgolek lilin!”

Ora mikir suwe, Reihan metu saka kamar losmen. Dheweke lali yen ing jaba, cahyane srengenge durung ilang kabeh. Ing tawang sisih kulon, candikala durung lunga.

Losmen iku papane ana ing ereng-ereng sawijining gunung. Yen mara menyang dalan aspal, kudu mlaku sauntara wektu. Ngliwati wana cilik sing wus dipacaki dadi kebon. 

Reihan rumangsa mandheg ili getihe, nalika mancik latar losmen, lakune dicegat dening sawijining kewan kang sasuwene iki tansah dadi pangapesane. 

Sanalika Reihan banjur kelingan marang simbahe, kadadeyan dina iku dadi tetenger yen dheweke kalebu manungsa Julung Batang sing lagi tinemu Kala awujud macan.

Sumber: unsplash

“Mlayu… mlayu… mlayu, Fen!” Reihan bengok-bengok.

Fenny sing ana jero kamar losmen amung ndhomblong, ora mangerteni ukara kang dadi pangucape Reihan. 

“Mas Reihan, jenengan iku geneya?”

Ora suwe, Reihan mlayu banter ninggalake latar, balik menyang losmen, terus munggah menyang loteng duwur dewe. 

Miturut panyawange dheweke, sawijining macan babon wis nduduhake siyung. Ilere dleweran ana lambe. Macan iku banjur nguber Reihan. 

“Mas Reihan!!!”

Fenny mbengok sabanter-bantere, weruh Reihan ceblok saka loteng losmen tingkat papat, banjur saut-sautan karo swarane Karjo, tukang kebon losmennalika. 

Getihe pating dleweran saka sirah. Dadane katon kejet-kejet. Sadurunge Fenny mlayu mudhun marani awak kang jibrat getih iku, Reihan wis merem salawase.

Latest posts by Heru Sang Amurwabumi (see all)

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *