Taun 2045
wus sakabad kapungkur;
wit blimbing angker thukul
ing sisih wetan-kulon kali
kekancan kalanjana kang dhuwure sundul langit
satus taun suwene pawongan desa
ngrekasa raga miwah nyawa
mbabati kalanjana
ujare pamong desa
tuwuhe kalanjana jalaran blimbing
ana kang mbaureksa
arupa genderuwo
sundel bolong
banaspati
lan titah ghaib sapanunggalane
pawongan desa isih ngupaya
nyirnakake kalanjana
darbe karsa weruh rasaning blimbing
kala-kala kalanjana kanthi sengaja
ginawe sinaput dahana
jroning batin, pawongan desa
datan preduli wisaning sarpa
tanpa pikir abote nandang lelara lapa
angger isih nggegem panjangka
dilalah
kalanjana temenanan sakti
sajak umure klebu selawase ana
diobong nora kobong
dikethok tansah ninggal bongkok
winihe sinebar maruta
tibeng lemah
nggawa ganda sungkawa
gandheng wus satus taun
pawongan desa bisa biyasa
urip bebrayan kalawan kalanjana
manungsa antuk nugraha
mangerteni cara kanggo nampa lan kulina
saumpama kena lara ya golek tamba
nalika kesandhung
ya ngerti bakal ngglundhung
tanpa bungah datan susah, lamun
urip dina iki
apa bedane lawan mangsa liyane
nyatane mung ngene-ngene wae

pasrah sumarah; mengkono
kang ditindakake pawongan desa
kalanjana ora digagas meneh
arepa tuwuh nganti nutup
ngemuli wit blimbing, luweh
kamangka tanduran blimbing
kuwi mung siji
ora ana tunggale, mula
awit anane kalanjana
pawongan desa wus satus taun
nora weruh rasane mangan blimbing
tur yen dipikir
sapa uga sing gelem
blimbing angker
ing tembe mburi
malah kelakon
kuwalat
kocap kacarita
ing salah siji dina
ana bocah lumaku nyedhak wit blimbing
dheweke saka njaba desa
lelana tanpa papan kang tumuju
nora memitra, sandhangan gombal
wetenge rinasa luwe
pirangane dina lali rasane sega
satengahing dalan
dumadakan weruh blimbing
kang diblebet kalanjana
bocah cilik iku mencorong mripate
tanpa idi, menek wit blimbing
pawongan desa padha tratapan
weruh ana cah cilik saka njaba desa
wani mlaku satengahing kalanjana
senadyan sakojur awak
abang gemetih

pawongan desa mesakake
kanthi cecaketan padha wus cepak
ngundang kiai desa,
ambulan lan bandosa
jaga-jaga kanggo mayite bocah mau
ana uga pawongan sing kebagiyan garapan
bedhah bumi
nanging
kang kelakon datan rumasuk nalar
bocah cilik saiki wus menek wit blimbing
kamangka satus taun suwene
ora ana wong desa kang bisa
tangan cilik lawan sikil cilik kuwi
ngranggeh salah siji blimbing
kang jene warnane
kasil, bisa kagayuh
bocah cilik mesem ati
mripate dleleran luh bebungahing rasa
dheweke ngunggahake sikil
lungguh ing pang wit
nuli ngrikiti blimbing
ing ngisor wit
saknjabane kalanjana
para pawongan desa
salin gawanan
saben wong nyepeng gaman
keris lan tumbak
kareben meksa,
ngakon cah cilik iku mudhun wit
bisa-bisane blimbinge dipangan wong liya!
saka ngisor
watu-watu disawatake pawongan desa
cilakane, ora ana watu sing kena
nyatane
bocah cilik isih anteng lan tentrem
sakdhuwuring wit, mangan blimbing
salahe pawongan desa dhewe
putus marang pangajab
- Belajar Memahami Dukun dan Santet dari Festival Santet - February 13, 2021
- Mengunjungi Rahasia Sedulur Papat - January 28, 2021
- Beberapa Cara Menyadarkan Kesurupan - January 13, 2021