I
swuh wus was lan pakewuh
rosing rasa mustikaning tuduh
pan kageleng gegelenganing dumadi
mimitya titah sadarum
tinitah kaca pangilon
II
jumbuh estu ginayuh
rarasing rasa yekti rinengkuh
runtut tata lir tinata milangeni
nanging tan gampang yen durung
lenah manah tan kanepson
III
lire liru lakumu
pangraos rinaos ros satuhu
bungah iku mung sarah munggwing jaladhi
mobah-mosik datan dangu
tansah kumambang gumeyong
IV
tumuwuh tan tumutuh
lamun batine samya jinumbuh
sih kalis ing lalis lestantun kaswasih
ros temen tinemu sadu
ati teteg teguh tanggon
V
lerem kareming pamesu
teken tekaning ingkang pinesu
mamrih ngegla ngeblak tanpa aling-aling
milanipun ros puniku
kedah rinaras karaos
VI
lamun kalbu wus tamtu
anungku mikani kang amengku
rumambating eneng ening awas eling
ngruwat serenging rerengu
urubmu kedhaping panon
VII
nandhing sarira iku
aku-sliramu tinemu dudu
tepa sarira rasamu-rasengmami
mulat sarira puniku
swuh sirna pandhakuning wong

—kandha kandheg gumadhug lir sinuduk sadak telak ingsun karep madhep mantep tetep anetepi Gusti pamoring sirengsun tedhas kandhas rosingbatos:
“aku cukup tahu
aku akan padam suatu waktu
dan jika bagimu apa yang aku lakukan ini absurd
tak apa, tetua
akulah anak cucu sisifus yang papa
tak peduli apa kata dunia
aku akan tetap melawan
dalam diam
menanggung nyeri kehidupan
yang tak pernah bisa kau bayangkan
entah sampai kapan
sebab, tetua, hanya inilah satu-satunya pilihanku yang tersisa
sebelum kupu-kupu dan bunga-bunga benar-benar tinggal cerita”
(Ponorogo-Jogja, 2005-2014)
- Kandha Manyura - August 23, 2020
- Petruk NgeJawa - July 11, 2020
- Semar Mubal; Arakan Gurit Heru Harjo - June 11, 2020
Pingback: Sebelas Tulisan Terpopuler 2020 di Jawasastra - Jawasastra