Kapusan Cecak3 min read

Cicak-cicak di dinding

Diam-diam merayap

Ada seekor nyamuk

Hap! Lalu ditangkap

Syair tembang iki kaya-kaya mrasuk tenanan ing pikirane bocah-bocah sak Indonesia. Mbok menawa malah nganti diwasa. Si cěcak duwe branding kuwat amarga tembang anggitane A.T. Mahmud kuwi.

“Aneh! Cěcak kudune lak nang tembok? Kudune lak mangane lemut?” Sawijining dina Pakne ngomel dawa.

Dheweke ndeleng cěcak ana ing cedhak tudhung saji. Cěcak kuwi mbok menawa lagi golek cara kanggo ngicipi panganan kang ketutup tudhung saji. Cěcake banjur mlayu njranthal nalika Pakne nyedhaki meja makan.

“Cěcak, ki, wis kakehan! Suwi-suwi takkei jebakan bae!”

“AJAA …!” Bune, bojone mbengok seru.

Sekjane, Bune wis saka kapan biyen weruh yen populasi cěcak nang omah tambah akeh. Bune uga ndelok, yen sing jenenge cěcak ora nang tembok terus.

Ping bola-bali Bune mergoki cěcak mlayu nang jogan, nyebrang saka sisi kana menyang sisih kene. Dheweke uga weruh yen cěcak sok melu nyicip wedang, utawa panganan kang ora ditutupi.

Amarga Bune kuwi klebu uwong seneng karo kewan, dheweke meneng bae. Paling pol dheweke nyimpen panganan ing ngisor tudhung saji, utawa nutup gelas/cangkir isi wedang.

Gambar mung ilustrasi. Sumber: unsplash/Verdian Chua

“Halo, cěcak. Kowe lagi dha ngapa?” Bune kerepe malah ngajak ngomong para cěcak kuwi.

Bune ora mudheng karo pikirane bojone. Saben kewan nang omah, mesti dimungsuhi. Apa meneh sing jenenge cěcak lan semut. Pakne kuwi klebu uwong kang percaya banget bab superstitious, alias bab irasional.

“Tokek iki mesti dudu tokek tenanan,” ngono dheweke ndakwa tokek ing omah anyare biyen.

Pakne sambat ora bisa turu merga ana tokek kang muni saben bengi nalika sepisanan dheweke turu nang omah kuwi.

Ora mung tokek kang dadi sasaran, nanging kucing nyasar mlebu omh uga dituduh ngono. Kucing jadi-jadian.

Pancen bisa dimangerteni amarga Pakne kuwi asale saka tlatah kang isih kenthel kepercayan marang bab sing kaya ngono. Dheweke crita yen nang kampunge, isih ana uwong kang duwe lan nglakoni ilmu hitam.

Uwong kudu ekstra ati-ati menawa lelungan utawa duwe gawe. Utamane kanggo wong-wong kang lagi duwe kahanan spesial, umpamane wong wadon lagi mbobot, utawa ana kesripahan.

Yen duwe gawe, olehe milih dina kudu dipilih dina kang apik. Maca getih (pitik utawa kewan liyane kang disembelih) dadi ritual adat kang biasa dilakoni, umpamane sadurunge pawiwahan mantenan, mlebu rumah besar (omah adat), lan acara penting liyane.

Ritual kuwi kanggo maca lan mangerteni bab utawa perkara penting.

Yen dipikir-pikir, bab superstitious kaya ngono kuwi ana nang endi-endi ing negara iki. Nang tlatah Jawa uga ana pamali-pamali, ana itungan dina apik, sarta uga ana kang nganggo ilmu hitam.

Bune sajatine paham bojone. Nanging, Bune kuwi tenanan olehe sayang karo kewan. Nek nemu ketonggeng utawa kewan cilik kang kirane bakal ngganggu.

Dheweke ngupayaake bisa mindahke kewan kuwi metu saka omah. Piye carane bisa minimal ora nglarani kewan.

“Kewan lak ora bisa tuku panganan? Kewan kudu nggolek pangan, dudu tuku.” Ngono kuwi olehe Bune nggawe alesan.

“Kok ana kodok nang kana?” Pitakone Pakne nalika mergoki kodok nyasar mlebu omah.

Maklum bae, latar mburi kebak tanduran dan wit-witan, lan pancen akeh kodok nang kana. Nek ana sing nyasar mlebu omah ya wajar sakjane.

“Eit … Sik, aku bae sing nyingkirke, ya?” Cepet-cepet Bune nawani dadi volunteer.

“Nanging kowe minggir sik, aja nang kene,” panjaluke Bune marang bojone. Maksude, yen ora bisa kasil nggiring si kodok metu nang latar, Pakne ora ngerti lan ora protes.

Cilakane, si kodok wis mlumpat embuh nang endi, sadurunge Bune kasil nggiring. Hadoh!

Untung bengi kuwi swasana atine Pakne lagi apik. Dadi dheweke mung ribut sedela, banjur cuek masiya si kodok ora ketemu embuh mumpet nang endi.

Fiuh! Bune ngucap syukur. Sak orane, dheweke ora prelu ribut karo bojone amarga urusan kewan.

Sakjane, Bune lagi golek cara, kepriye bisa kongkalikong karo para cěcak ing pawon. Supaya cěcak-cěcak kuwi bisa pangerten lan ora usah ngetok menawa ana Pakne.

Njaluk supaya cěcak tetep nang tembok kayane mokal. Lemut nang omah uga ora akeh. Menawa padha duwe ide, Bune dikandhani, ya?

Latest posts by Mbokne Wage (see all)

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *