Mereka mengancam kita. Kita berdua yang sedang bertengkar hebat tentang realitas, imajinasi, transendensi, imanensi, dan kedalaman falsafah ekologi. Lantas, siapa yang nantinya mati?

Perhatian: Jika default browser anda berbahasa Inggris atau bahasa asing lainnya, silahkan menuju menu translate (tiga garis bagian paling atas atau menu transposh di bawah postingan) kemudian ubahlah ke pilihan bahasa Indonesia agar tata bahasa dalam “Cer-kak” ini tidak rusak. Jika anda ingin menikmatinya dalam bahasa Inggris silahkan unduh file pdf di bawah ini.

Katresnan Cap Bathang

Ambu bacin ngebaki irung-irung sing lagi dhep-dhepan ing papan sempit sajroning omah. Ganda kuwi mau ora ana apa-apane timbang adheme hawa sing kagawa dening mangsa ketiga. Pada karo mata-mata sing mlayu mrana mrene ngawasi kahanan omah ing pojok dhusun Sosentri. Mata-mata kuwi ya mataku ya matamu sing keweden, nyawang kahanan anggegirisi.

Mesemmu ngluluhke atiku, urip sing dipungkasi jebul wis ora migunani, muga kowe gelem ngapurani. Kowe sing isih nglekar ing sandhingku kaya ngumpulake niat kanggo miwiti omongan, mecah ening sing uwis mlaku saka jam menyang jam.

“Coba ceritanana aku apa wae.” Kowe jaluk sajak ngemu rasa kuwatir sing banget. 

“Manuk kuwi isa mabur.”

“Ora mesthi, kae manuk sing lair nanging sewiwine rusak kae ora bisa mabur.” Kowe ngeyel, emoh kalah, nyepeleke apa kandhaku.

Awakmu nyingkuri aku, banjur lungguh lan kanthi alon-alon kepingin ngadek jejeg kaya wong waras.

“Nanging dhasare manuk kuwi bisa mabur, aku ngomongne bakat, ora peduli kepiye kahanane.”

Kowe mlaku ngubengi ruangan sing kebak buku ketata rapi, nyandhak sakbuku kokwaca saklembar koktutup meneh, ganti buku sijine lan koktutup meneh.

Mata-mataku mata-matamu mung ngambang, bola bali nyawang getih sing dleweran, banjur nyawang dhuwur jaluk pangampunan.

“Manuk bisa mabur kuwi mung paradigma, mabur kuwi mung efek, swiwi minangka piranti. Senadyan duweni suwiwi manuk kudu gelem ngobah-ngobahna supaya bisa mabur. Yen mengkono, bisa diarani mabur kuwi dudu bakat.”

Kanthi yakin awakmu wangsulan, nganggo logika sing ora beda lan sing beda, nanging lali yen kodrat ya kodrat. 

Langit wengi iku. Sumber: Pinterest

“Umpamane kowe numpak pesawat nalika piknik, apa sing kokrasakna?” Pitakon lumrahku, sambi nyawang rambute sing ngombak endah ngalahi segara kidul.

“Sing dakrasakna? Aku mabur. Ya mau, pesawat minangka piranti, padha karo suwiwi.” Yen ora isin, aku arep ngewenehi ucapan selamat, kowe wis nyoba ngayawara babagan sing sejatine dhasar banget, wangsulanmu kuwi gawe aku ngelek idu.

“Yen kowe arep mbabar babagan sing sepele, kowe ya kudu gelem mbabar bagian sepele liyane, ora perlu ngayawarake babagan sing koksenengi thok.” Rada ngece aku nyoba ngobrak-abrik pikiranmu.

“Nanging aku mabur lumantar pesawat.” Sengit, sengit wis tuwuh ing atimu, aku mung sareh anggone nanggapi. Sambi nyandhak ses sing uwis ora bisa dakudud.

“Nanging yen pamanggihku, iki pamanggihku lho ya. Yen kowe numpak pesawat nalika piknik, sing kokrasakne kuwi ya piknik. Babagan sing lumrah ora perlu kok filosofike, sing mabur kan genah pesawate, udu kowe.”

Klakep…..

Suwara lawang sing didhodhok saya banter, wong loro genta-genti nyeluki jenengmu lan jenengku. Atimu menciut, awakmu saya kaku.

Kowe eling wengi iki nyeluk kanca-kancamu kanggo rapat, nanging saiki wis ora sanggup kanggo bukakake lawang omah. Suwara sikil uwis ilang ganti suwara gagak sing ora gelem meneng.

Lambemu komat-kamit, dakenteni wangsulanmu.

“Ya, Iya wis. Aku ngaku kalah, pener kandhamu, ana wayahe realitis ana wayahe filosofis.” Wangsulanmu nggawa raimu mengkerut, tak sawang lumayan elek nalika awakmu jawab mengkono.

“Yen saiki aku bisa pesen plakat, jelas dakselah motorku langsung pesen, merga iki, merga iki sing daktunggu, pengakuan. Iki patut diapresiasi, uwis suwe anggone dhewe udur lan lagi iki awakmu gelem ngakoni.”

Alon, aku ngomong alon merga ora tegel nyawang iluhmu sing uwis siap mlayu maraton ing pipimu.

Apa kanca-kancamu wis teka kabeh, ora mung loro, sajak punjul saka wong sepuluh. Suwara sepatu sing munggah tangga kayu keprungu cetha.

Omah padepokan iki pancen dibangun nganggo kayu lan pring, supaya katon seger lan gawe nyaman sapa wae sing teka.

Ora mung kuwi, rak-rak buku kaya-kaya dadi temboke, senajan urung karuan aku lan kowe uwis maca kabeh kuwi, nggo wangun-wangun. 

“Mau awan dheweke ngirimi selembaran lan aku dikon nyebar Pak, tembunge mengko bengi bakal ana rapat ana ing omahe, nanging bareng tekan kene omahe tutupan, dakceluki ora ana sing semaur.” Seta nerangake kronologi.

“Kosik-kosik, ora sah padha kemrungsung, bisa uga dheweke lali yen uwis ngundhang awakmu kabeh kuwi.” Jarwo nenangake Seta lan punggawane. Tangane nepuk pundake Seta nanging ditepis.

Sing liyane mung wani bisik-bisik, kabeh nakonake apa iki mung akal-akalanmu. Kae kancamu ana sing melas ana sing nesu, ana sing ngremes kresek pangan, donga supaya reribut iki ndang rampung.

“Mung perkara ngene wae kowe kabeh nyeluk aku, ora penting, sing ana yen pertemuan iki sida kaleksanan aku bakal nyekel kowe kabeh.” Jarwo nesu-nesu, ngajak bature kanggo balik kantor.

“Yawis kana balia, petugas ora pakra, senadyane kene gawe dredhah kene iki ya isih manungsa warga negara sing kudu diwenehi palindhungan, kene isih bayar pajak senadyan bayaran buruh mung saklumrah lan ora cukup kanggo omah-omah.” Bengoke Seta marang polisi loro sing uwis ora katon wujud bathange. 

Apa iki wayahe awakdhewe metu, nanging awakdhewe kekunci ing kene, ora bisa metu utawa menehi tandha yen pekumpulan iki wis ora perlu.

Muga wae kae kanca-kancamu yakuwi Seta lan punggawane ndang mulih, marani anak bojone sing nunggoni ing buri lawang ngenteni baline bapak lan bojone sing didongani muga bali gawa upa.

“Goblooook!”

Jeritanmu, nanging sapa sing arep krungu.

Saya wengi saya adhem, arep tekan kapan padha kuwat nyangga hawa, ora, kuwi ora ngaruh, merga umupe ubun-ubun sing teka panas, adheme lebur dening pikiran-pikiran sing ngambrah-ambrah. Sing padha lingguh cerak uwit mung ngawasi sing lagi urun rembug ngarep ngomah.

Sumber: Pinterest

“Ayo Set, bali wae, mbok menawa pancen awakdhewe lagi digawe-gawe, mesakke anakku sing mesti wegah turu sedurung aku tekan omah.” Panjaluke Basuki menyang Seta, macak ngalem ora pas karo dedege.

“Ora bisa Bas, sesuk kuwi kudu dadi dina gedhen-gedhen, ora dadi ngapa wengi iki bojo lan anake dhewe keluwen, nanging besuk lan sakteruse bakal ora, timbang awakdhewe belani bali saiki nanging sesok lan tumekaning pati anak bojone awakdhewe mung nandhang sengsara.”

Seta ngomong kanthi kasar, tangane dibanting ing tangga pring sing dakgawe nganggo tenaga lan ragatku dhewe.

“Ngene wae, supaya ora dadi padudon, kepiye yen lawange dibuka kanthi peksa. Yen pancen ora ana ing omah, awakdhewe bisa bali andang nyanyi kanggo anake dhewe-dhewe lan njatah bojone dhewe-dhewe. Adil ta?” Yatmo ngadeg saka lingguhe lan mlaku nyedhaki Seta, menehi dalan tengah nanging andang disanggah dening Seta.

“Kowe tega ngrusak omahe liyan, iki omahe balane dhewe, sing seprana-sepreni ngewenehi pitutur gratis, nyediani buku-buku sing isa diwaca gratis.”

Basuki sing ora serantan mlaku banjur njupuk watu gedhe sing ana ing pinggir omah, kanthi ancang-ancang Basuki mlayu saka dalan tumuju lawang omah.

“Aja ngono, aja!” Bengoke Seta karo ngadhang Basuki. Rupane Basuki sing kaya buta bali lerem merga diawasi akeh mata, kae kanca-kancane.

Udur-uduran urung rampung, kabeh padha nyuwara apa sing dadi pamanggihe dhewe-dhewe, wong-wongan sing kudune dadi sakkubu kuwi uwis pecah, ambyar, Seta kapiran. Uduran kuwi gawe warga dhusun nyeluk Jarwo sing lagi ngudud ing pos.  

Siji bangka siji nyentak marang Jarwo, ana sing sambat selak anakke keluwen ana sing sambat babagan urip sesuk lan sakbanjure.

“Aku sepakat karo Basuki, ayo dibuka peksa wae lawange. Iki sakjane ora dadi urusanku, uwis dakkandhani mau, saumpama rapat perkumpulan iki kedaden kowe kabeh kuwi sakjane dakcekel. Ayo gek dibuka, nanging sakbanjure kuwi kowe kabeh kudu padha bali.” Jarwa nyoba nengahi wong ribut-ribut kuwi.

“Iki mesthi uwonge lagi metu, nalare dheweke sing ngumpulake dhewe kabeh iki dadi sedulur sakpenanggungan, duwe apa mesthi dibagi, diajari carane nganggo hp lan laptop, ora mungkin dheweke arep ngapusi awakdhewe, dijebola lawang iki ora ana gunane. Ayo dienteni wae.” Seta wis rada ringkih suwarane merga ngrasakne kahanan sing uwis ora bisa dikontrol.

“Nah, kowe dhewe ngerti yen dheweke kuwi wong apik. Dadi ora ana salahe yen awak dhewe jebol lawange. Iki mung merga rasa muntabku, ngapa ngakon ngumpul yen dheweke lunga, lan awakmu malah ngajak nunggu Set, uwis jam pira iki? Ora lumrah.” Basuki isih besengut, biasane dheweke sing maju ngarep dhewe menawa ana apa-apa marang kluwarga anyar iki, merga pawakanne pancen paling gedhe dhuwur.

Jarwo meneng-meneng nyeluk kanca-kancane teka, saksuwene wong-wong kuwi padudon Jarwo lan kanca-kancane uwis wiwit jebol lawang, niate mung siji, supaya wong-wong kuwi mau padha bubar lan ora gawe ribute dhusun. 

“Heh, Gagak! Menengo! Cangkeman wae kat mau!” Ora nyana Yatma sing ngalamun bisa misuhi gagak sing ora duwe dosa, sing ora sengaja mung muter-muter dhusun. 

Mak Pet…..

Sing ngarep padha mlebu sing liyane melu dhesel-dheselan pengin melu mlebu omah, senadyan banjur padha mundur siji bangka siji, antri, yen ora ngantri anggone mlebu bakal ambrol omah iki.

Sumber: Pinterest

“Buka cctv ne Pak, layare ana ing kamar.” Seta gagu, kringeten senadyan hawa adhem wayah wengi sing kudu lingsir. Kabeh meneng, kaya lagi nonton layar bioskop.

“Ora perlu, dakkandani ora perlu!” Panjalukku marang kowe kanthi alon.

“Iki kabeh kanggo kesetaraan, kesetaraan, wong kaya kowe pancen ora reti sing jenenge rekasa.” Wangsulanmu kanthi nyentak, besengut, kaya-kaya kowe uwis malih dadi lucifer, geni kemebul ing sirahmu.

“Pikiren sapa sing kokgawe rugi yen rencanamu kuwi koklakoni, pikiren!”

“Sing rugi mung kowe, kanca-kancamu, lan sapa wae sing ora reti rasane dadi wong rekasa.” Tenan, sing dakadhepi iki wis malih dadi dadi banaspati, geni, sentakanmu, suaramu, saka jero pikiranmu, kowe meksa kabeh padha karo kowe.

“Ayo gawe kesepakatan, mundura, dakjamin panguripanmu sak kanca-kancamu bisa luwih apik saka sakdurunge.” Panjaluku, rada teges, ngelingi wong atos diasori urung mesthi gelem ganti ngasor.

“Apa jaminanmu, kowe bisa jamin panguripanku sakkancaku, nanging kepiye panguripane wong liyane?” Wah wah, pitakonmu sajak kaya pahlawan kawanan.

“Aku gelem nandatangani nota kesepahaman sing marai panguripanmu lan sakkancamu luwih apik, piye?”

“Ora! Aku ora gampang kok suap!” Wis, aku wis ora bisa alus krungu wangsulanmu sing iki, bethara kala sajroning awakku kepengin tangi.

“Kowe? Pikiren, mung gara-gara kowe sakkancamu ana pirang uwong sing bakal kelalen bali, aja ngrasa kowe perwakilan lan egois, urung tentu wong-wong sing jare kok wakili kuwi tenan gelem kok wakili. Ora mesti kabeh uwong kaya kowe, ana sing mikir penting bisa gawa bali pangan nggo keluwargane, ana sing mikir kepiye supaya wit-witan ing sakkiwa tengen omahe bisa ndang uwoh.” Aku wis ora tahan.

“Ora… Ora…. Kowe mung arep akal-akalan, apa kowe lali aku ya sekolah kaya kowe,aja gawe aku nesu. Senadyan omah iki sing gaweke kowe, nanging yen kowe wani ngusik sing dadi pamanggihku aku ora wedi yen nganti aku…..”

Tanganmu dakcandhak, tanganmu malih mala, kowe kuwi ya aku, matamu ya tau dadi mataku, nanging saiki utekmu wis dudu utekku, atimu udu atiku, lan kanthi gemeter tanganmu, tanganmu nyata dadi mala.

Krek…..

Apa iki, tanganku tega nglarani uwong sing daktresnani, mung merga ora sakpaham.

Sumber: Pinterest

“Tega kowe?” kowe nangis, nanging tangismu isih tangisku, getihmu ya isih getihku, ladingmu sing ngenani wetengku uwis ngenani nadhimu.

“Muga wae kancamu ndang padha te… ka…” aku wis pasrah, rasane nyawa wis jaluk pisah.

“Mesthi padha teka, nanging isih telung jam meneh, ngenteni pabrikmu tutupan.” Suwaramu rintih, raimu wis ora bisa dak sawang, nanging suwaramu wis rumasuk ing dhadhaku.

Srikandi
Latest posts by Srikandi (see all)