Akeh manungsa sing mendhem rasa. Rasa sing dheweke dhewe ora ngerti rasa apa lan amerga apa. Tresna? Durung barang mesthi yen kuwi pancen tresna

Jane iki dudu kasengajan. Aku tiba ing ngarepmu merga kesandhung, nalika mlaku bareng Pardi lan Jadmiko. Iku sepisanan aku lan sliramu ketemu. Nalika aku pringisan ngempet lara, Pardi lan Jadmiko kemekelen weruh aku njungkel. Nanging sliramu seje, sliramu ora ngguyu kaya bocah-bocah liyane.

Tanganmu kumlawe ing ngarepku. “Ora pa-pa, ta?” nalika iku aku sepisan krungu swaramu. Mripatku dakwanek-wanekake nyawang praupanmu. Irungmu nyunthi, alismu kandel, pipimu dhekik, aku kamitenggengen.

“Awakmu ora pa-pa?” pitakonmu sing kapindho iki klakon nembus kuping tumeka atiku. “Ah. Iya, ora pa-pa. Matur nuwun.” Wangsulanku.

Sliramu terus mlaku ngalih, ninggal pitakon sing durung kaucap saka lambeku. “Sapa jenengmu?” Sliramu sing banjur klakon mbuyarake tatanan uripku sing wis tumata mataun-taun lawase.

Pardi lan Jadmiko uga terus ngglandhang aku mlebu kelas. “Ayo! Iki wayahe Pak Widjang. Gelem ta digepuki maneh kaya wingi!” Ucape Jadmiko karo nuding ngetan, ketok Pak Widjang wis metu saka ruwang guru karo nyandhak tase.

Gambar mung ilustrasi. Sumber: Darren Thompson Fine Art

Aku, Pardi, lan Jadmiko ya terus mbleber mlayu tumuju kelas. Nalika iku, ora ana wong liya ing sekolahan iki sing galake ngungkuli Pak Widjang. Guru matematika sing ora sungkan ngaplog utawa nggepuk siswane nganggo garisan kayu ukuran sameter.

Ngepasi jam siji awan, bel sekolahan wis kemlonthang swarane. Swasana serem lan angker nalika wulangan matematika wis klakon dakliwati. Ora ana siji-sijia soal sing ora bisa dakwangsuli, dina iki aku lolos saka dukane Pak Widjang.

Ewasemono, atiku isih trataban. Dudu merga ana wulangan liya sing durung daksinaoni, nanging merga pitakonku dhewe sing ora kumecap ing ngarepmu mau.


Kaya padatan, saben budhal lan mulih sekolah aku mesthi mlaku runtang-runtung karo Pardi lan Jadmiko. Kancaku wiwit cilik nganti saiki, wis dakanggep dulurku dhewe. Yen ana perkara apa wae mesthi dirampungi wong telu.

Yen ana bocah kurangajar ya mesthi ditandangi wong telu. Nganti seprene diarani Tiga Serangkai. Aku, Pardi, lan Jadmiko ora tau njaluk disebut ngono.

Kanca-kanca liyane sing sengaja gawe julukan kanggo Aku, Pardi, lan Jadmiko. Nalika wis tekan treteg Slumbung, kita banjur mandheg. Kaya biyasane, lungguh leren sangisore wis waru, karo ngenteni tekane lori sing ngamot tebu saka Ngancar tumuju pabrik gula Ngadirejo.

“Ana apa, Kar?” Pardi dumadakan nakoni aku.

“Ana apa? Piye karepmu?”

“Heleh, kowe ki lho ngapa wit mau kok njur meneng wae! Kowe mau lolos saka Pak Widjang, yagene kok ya mung anteng wae praupanmu. Kok ora cengar-cengir kaya biyasane!”

Damput. Kok tekan semono Pardi leh ngematake aku. Nyolong pethek tenan bocah iki. Menang-meneng kok ya awas tenan mripate, batinku. “Heleh, omong apa kowe Par! Aja nggedabrus. Aku ya biyasa wae kok.” Wangsulanku selak.

“Hahaha. Kar, aku karo Pardi ki wis apal banget karo lagak lageyanmu.” Jadmiko melu nyauti. “Alah, wis embuh sakarepmu. Kandhani ora ana apa-apa kok. Kae lo lorine teka! Ayo ndang nggandhol mulih!” Aku durung bisa mangsuli pitakone Pardi lan Jadmiko.

Aku mung ngendhani sabisa-bisaku, merga aku dhewe ora ngerti marang apa jane sing dakrasakake saiki. Muga-muga wae sesok kita bisa kepethuk maneh, senajan ta mung simpangan.


Menawa kaya ngene iki rasane disamber bledheg. Ilang kabeh otot bayuku sawise maca layangmu iki. Aku babar pisan ora nyana yen kaya ngene pungkasane. Daksawang langit sandhuwure bumi Paciran isih katon padhang. Kepara srengenge isih nyorot, sumelet panase.

Nanging mendhung peteng dumadakan ngumpul ing atiku. Udan luh wis tumiba ing pipiku.

“Lastri! Yagene kowe tega?” Pambengokku, nanging swaraku ora kawetu. Aku njegreg kaya reca, apa sing kudu daklakoni saiki Lastri? Setaun kepungkur aku pamit lunga. Kowe ngeterake aku nganti terminal.

Sumber gambar: Etsy

Luhmu koksuntak ing dhadhaku, awakmu dakruket kaya-kaya ora bakal dakculake. Yagene saiki malah kaya ngene dumadine? Layangmu dakremeti, dakbuwak ing kalenan. Aku mlayu mlebu kontrakan.

Tas slempang gedhi pawewehmu dakcandhak. Sakehing klambi dakwadhahi. Tekadku wis gilig, aku kudu mulih Kediri saiki. Aku kepengin ngerti sapa wong lanang sing ngrengkuh kowe, ndhisiki aku.


Nganti tekan omah, wewayanganmu isih durung bisa daklalekake. Sorot mripatmu, luwese wicaramu, kabeh aku eling. Mung wae aku durung ngerti sapa jenengmu. Sawise sinau, aku metu menyang ngarep omah. Nibakake awak ing lincak pring gaweyane bapakku.

Mripatku dakbuwak menyang langit, ngener lintang pating krelip lan rembulan sing lagi purnama. Aku nyoba mujudake gegambaranmu ing langit wengi iki. “Hayo! Nglamun apa kowe!”

“Asem kowe, Par! Ora ngenak-ngenaki wong leren wae.”

“Kowe lho nglamunke apa?”

“Par, kowe eling bocah wedok sing nulungi aku nalika kejungkel esuk mau?”

“Oh, kae mau ta! Dadi Lastri sing dadi alesanmu bola-bali nglamun.”

Dadi jenengmu Lastri. Saiki aku wis bisa nyicil ayem. Pitakon sing durung klakon dakucap saiki wis nemu wangsulane. Gegambaranmu saya cetha daksawang ing langit wengi iki, esemmu katon endah senajan aku durung tau meruhi kanyatane.

“Kar, kowe ngesir Lastri?”

“Ngesir? Ah, ya ora! Ngapa athik ngesir bocah angkuh kaya ngana.”

“Ya wis. Dakkandhani ya, kowe aja sembrana! Lastri kuwi anake Pak Widjang.”

Hah? Mosok iya Pak Widjang sing ngemba Baladewa kae duwe anak sing ayu tur apik atine kaya kowe, Las? Pitakonku jroning ati. Ah, aku ora nggagas. Masiya bapakmu kaya Baladewa, aku ora wedi, Las. Aku kudu bisa tetepungan karo kowe.

“Par, kowe aja crita sapa-sapa lo yen iki mau aku nakokake Lastri! Masiya Jadmiko pisan ya aja nganti ngerti. Aku wegah dipoyoki!”

“Iya. Beres. Sesok pokoke aku bayarana sarapan neng warunge Mbah Karti ya! Awas yen ora! Hahaha.”

“Wo! Semprul!”


Srengenge wis lingsir ngulon. Sawise numpak bus rong jam suwene, aku wis teka ing Bungurasih. Sikilku dakgelak nuju jalur bus jurusan Tulungagung. Ketepakan ing kono wis ana bus sing arep budhal, aku gage munggah. Ing jero bus, wis akeh penumpang sing lagi bingung golek lungguh.

Ana uga sing wis anteng lungguh mepet cendhela, ngungak kahanan njaba.“Kar! Kowe arep mulih?” Ing antarane wong sing lungguh iku, Pardi kancaku.

Aku terus mlaku marani Pardi. Ketepakan isih ana bangku kosong ing sandhinge. Aku lungguh ing kono. Pardi nakoni aku, apa aku nampa uleme Jadmiko. Aku babar pisan ora paham.

Mulihku tenane aku arep nggenahake layang sing kokkirim, Las. Dudu perkara uleme Jadmiko, kancaku wiwit cilik sing wis manjing sedulur.

“Las, yagene kok akeh tanduran mlathi ing pelataran omahmu?”

“Oh. Mlathi iku pethetan klangenane suwargi ibuku. Aku dhewe ya seneng kembang mlathi, mula sasedane ibu, aku sing ngramut lan nyirami kembang-kembang iki.”

Sumber gambar: Acrista.com

“Las, apa kirane bapakmu ngijini menawa kembang mlathine sing diopeni wiwit isih wujud wiji, dakpethik, banjur dakopeni minangka pethetan kanggo ngrenggani omahku?” Sliramu mung mesem. Sepisan maneh pitakonku ora antuk wangsulan gumathok.

Kaya nalika sepisan aku lan sliramu ketemu. Bedane, wengi iki aku bisa nyawang cetha endahe esemmu. Ora mung angen-angen nalika wengi kae. Kembang mlathi ing tepis ratri, apa gelem daktandur ing telenging ati?

Yofi Prayoga
Latest posts by Yofi Prayoga (see all)