Kemuning

Aku menthelengi foto ing facebook kuwi kanthi ati trataban. Foto kang dirakit nggawe twibbonize HUT RI kaping 76 kuwi ora dakpanglingi. Ana tembung “Dirgahayu Republik Indonesia, HUT ke-76” ing dhuwure foto sing diunggah kuwi.

Tanganku gemeter, rasane donya kaya oleng. Dhuh… Gusti, jeneng kang kapacak ing ngisore profil facebook kuwi njalari jantungku cepot. “Kemuning…”

Lelakon sepuluh tahun kepungkur kaya digelar maneh ing ngarepku. Jaman semana, Kemuning, kenya ayu, kancaku sakelas nalika isih nganggo seragam abu-abu putih. Aku ngrumangsani yen wiwit nduwe rasa beda nalika asring kalah saben debat karo dheweke.

Kemuning pinter nata ukara, ngalahake aku. Argumene mesthi pas, ndadekake aku mati kutu, blangkemen. Kamangka, kanca-kancaku liyane ora ana sing bisa ngalahake aku perkara debat.

Rasa atiku kang beda marang Kemuning mung bisa daksimpen rapet. Aku ora kuwawa nyuntak rasa ing njero atiku merga aku wedi yen ditolak karo Kemuning. Aku ngrumangsani yen dibandhingake karo dheweke, aku ora ana saenthik-enthike.

Kemuning anake wong sugih, bapake sudagar gedhe. Kemuning uga lantip, malah dadi bintang kelas. Dene aku mung bocah ndesa, anake wong tani utun sing kapinteranku pas-pasan.

Ibarate aku kaya pungguk merindukan bulan. Telung taun kekancan karo Kemuning, aku mung bisa nyawang pipine sing nduren sajuring, rambute sing ngandhan-andhan, lan mripate sing mbawang sebungkul. Yen weruh eseme rasa nratap atiku.

Munggah kelas loro, aku pisah kelas karo Kemuning. Aku njupuk jurusan bahasa, dene dheweke njupuk jurusan IPA. Awit kuwi, aku dadi asring kangen sing ora karu-karuan karo Kemuning. Rasa atiku tambah ngrembaka. Nanging, dakrasak-rasakke aku malah nelongso kelara-lara.

Aku mesem dhewe kelingan jaman semana. Tresnaku marang Kemuning tansaya ndadra. Tresna kang kasimpen rapet, tanpa ana sing mangerteni. Saben dina aku angen-angen dheweke. Arep sinau kelingan, arep turu kelingan, tangi turu aku uga kelingan. Kemuning tansah ngeridhu atiku.

Sawijining dina aku nulis surat kanggo Kemuning. Rasa tresnaku daksuntakake ana ing surat kuwi. Kaya kembang kemuning wangi arum gandane, tresna sumerbak ngebaki jroning atiku. Tresna kanggo Kemuning, kenya ayu tur pinter.

Surat dakwadahi amplop sing gandane wangi, ana gambar kembang mawar ing pojoke. Aku tuku prangko banjur dakkirim lewat kantor pos.

Nanging, tetengere pengirim dudu jenengku dhewe. Aku nggawe jeneng samaran merga aku isin karo Kemuning. Alamat pengirim uga gawen-gawenan. Aku wedi yen Kemuning weruh sapa sabenere priya sing wani nyataake katresnan marang dheweke.

Saben bar ngirimi surat marang Kemuning, atiku kaya lega. Aku mbayangne, Kemuning maca suratku karo mesem. Aku mbayangne, dheweke uga nduweni rasa tresna sing kaya dakrasakne. Aku dadi wong lanang sing lagi gandrung nandang wuyung. Nanging, kabeh kuwi mung aku sing mangerteni.

Aku wiwit asring nulis surat kanggo kenya ayu sing daktresnani kuwi. Kabeh nggawe jeneng samaran lan alamat palsu. Surat tetep dakkirim lewat kantor pos. Gonta-ganti sasenengku. Aku bener-bener kedanan karo Kemuning.

Saben mlebu sekolah, bar ngirimi surat aku nyawang Kemuning saka kadohan. Aku pingin ngerti kepriye pasuryane, tindak tanduke, ana owah-owahan apa ora. Nyatane, dheweke tetep kaya sabendinane. Sumringah, grapyak karo sopo wae. Ora tau katon ngalamun, nglangut kaya aku.

Atiku tansaya nelangsa. Tresnaku mung sepihak. Apa sing wis daklakoni ora wajar. Nyele. Ora bakal ana gunane. Malah sebalike, aku kelara-lara.

Aku isih kelingan, pas nepaki ngaso tau ketemu Kemuning ing kantin sekolah. Aku tetep clingus, isin, lan wedi arep nyedhaki dheweke. Atiku malah tratapan ora karu-karuwan. Arep nyopo, aku malah gugup. Ukara larik-larik kaya ing suratku kanggo dheweke ilang kabeh.

Gambar mung ilustrasi

Munggah kelas telu, aku wiwit bisa nampa kahanan. Aku ngrumangsani yen Kemuning adoh saka panjangkaku. Aku karo dheweke ora cocog sinandhing. Apa maneh, wiwit Kemuning dadi juara siji lomba karya tulis ilmiah tingkat kabupaten, sangsaya moncer.

Akeh kanca priya sing pingin nyedhaki. Salah sijine kanca, ana sing asring budhal bareng dheweke. Katon akrab banget. Ewa semono, kaya ana geni mudal-mudal ing dhadhaku. Nanging, aku mung ngempet, bisaku meneng wae. Rumangsa yen Kemuning dudu apa-apaku.   

Kemuning ora mung ayu, nanging uga lantip. Yen ngguyu renyah kaya krupuk sing lagi bar digoreng. Yen mesem gawe adhem atine liyan. Yen debat pas diwulang diskusi, katon banget ilmune, akeh wawasane. Pantes tenan yen akeh penggemare. 

Nganti ngancik kelulusan, aku durung bisa nggayuh pepujanku. Kemuning sangsaya adoh. Dheweke kuliah ing Yogyakarta, aku luntang-lantung ing omah. Wong tuwaku ora nduwe ragat kanggo nguliahake aku.

Udakara setaun anggonku dadi pengangguran, kuasane Gusti Allah, aku melu tes mlebu TNI AL. Alhamdulillah, aku bisa ketampa. Bungahku ora kaprah, kaya ketiban gunung emas. Sangking bungahe, luhku netes tanpa bisa dakbendung. Aku sujud syukur.

*****

Esuk iki angin sumilir, hawane kepara adhem ning kulit. Swara manuk ing mburi omah padha ngoceh gawe ayeme ati. Sunare srengenge katon cemlorot kaya emas. Sesawangan kang endah…. Kahanan ngene iki nggodha atiku, kelingan Kemuning. Piye kabare? Wus suwe aku ora tau keprungu.

Lambeku ndremimil, ndonga muga-muga Kemuning tansah pinaringan seger waras. Ana pangarep-arep ing njero atiku, mbesuk ing tembe mburi bisa ketemu karo pepujanku kuwi. Saiki aku kudu nyiapne modhal kanggo masa depan. Aku kudu mbeciki awakku dhewe, mbeciki ibadahku, sadurunge mbeciki wong liya.

Impenku mung siji, nduweni sisihan sing sholehah. Bisa dadi ibu sing apik kanggo anak-anakku mbesuk. Ibu sing bisa diconto, bisa ndhidhik anak-anakku, bisa diajak mbangun rumah tangga sakinah mawadah warahmah.

Kemuning apa dudu kuwi? Aku ora ngerti. Kabeh mesthine wis ginaris dening Sing Kuwasa. Manungsa saderma nglakoni urip.  

Aku jumangkah mlaku menyang mburi omah. Sedhela maneh aku bakal ninggalake bapak lan emak merga tugas negara. Aku dikirim ing negara manca, Lebanon. Ngemban misi perdamaian dunia.

Kapacak ngemban misi saka Perserikatan Bangsa-Bangsa, TNI AL nduweni tugas istimewa. Saliyane dadi prajurit uga dadi duta bangsa, duta TNI, lan dadi gambarane TNI ing forum internasional.

Kontingen Garuda, mangkono jenenge. Tugase ora mung babagan militer, nanging uga politik, diplomasi, lan budaya. Aku kudu siyap njaga amanah, njaga nama baik TNI, bangsa lan negara.

Sedurunge budhal aku kepingin pamitan karo wong tuwaku, nyuwun donga lan pangestune. Bapak ngrangkul karo nepuk-nepuk pundhakku.

“Ati-ati ya, Le,” pesene bapak.

“Nggih, pangestunipun Bapak ingkang kula suwun,” wangsulanku.

Sawise salim karo bapak, aku ngrangkul emak. Wanita kang banget daktresnani kuwi katon mrembeng paningale. Atiku keranta-ranta, nanging aku kudu kuat.

Wus dadi pilihanku, konsekuensi apa wae bab tugas prajurit bakal daktampa kanthi ikhlas. Jiwa ragaku wis nyatu karo semboyan TNI AL jalesveva jayamahe.

Daksawang pasuryane emak. Katon mendhung. Sajake emak kuwatir. Nanging eseme emak nutupi garit sing mendhung.

“Dongane emak tansah kanggo awakmu, Le, jinangkung rahayu slamet adoh saka mala,” kandhane emak.

“Aamiin, matur nuwun, Emak…” wangsulanku karo ngambungi pipine emak kiwa nengen.

“Jaga awak sing apik,” ujare emak, “yen mantuk saka Lebanon emak bakal ngeterake awakmu nglamar sapa sing koksenengi.”

Aku ngguyu ngakak krungu kandhane emak. Sempat-sempate mikir lamaran. Dumadakan aku kelingan maneh karo pepujanku, Kemuning. Tunggunen aku, Ning… batinku. Senajan wus suwe ora tau sambung komunikasi karo Kemuning, ning njero atiku tetep isih ana pengarep-arep bisa sesandhingan karo dheweke.

Saungkure saka Lebanon, aku janji bakal nggoleki Kemuning. Muga-muga dheweke durung nduwe calon utawa sisihan. Ah, saben kelingan Kemuning… atiku nggrantes, lara lapa. Rasa kangenku marang dheweke rasane ora bisa dakbendhung. Dhuh Gusti, nyuwun kekiyatan ngadhepi sedaya menika, dongaku ing batin.

*****

Kenya ayu ing ngarepku kuwi njenggilengi buku-buku ing rak. Sajake ana sing digoleki. Ing antarane buku sing kawiyak, aku bisa nyawang pasuryane kenya sing suwe dakkangeni kuwi. Kemuning….

Ora nyana babar pisan yen aku bisa ketemu karo pepujanku ning perpustakaan dhaerah iki. Sanalika wewayangan pirang-pirang taun kepungkur kawiyak maneh nggugah rasa sing kependhem.

Kemuning ora mangerteni yen daksawang wiwit mau. Aku sengaja nunggu kasempatan sing pas kanggo nyapa. Jangkahe Kemuning olehe jenggilengi buku akhire tumekan cedhak panggonku ngadeg.

Aku miyaki buku-buku sing kasusun ing rak. Nanging, mripatku ora owal saka dheweke. Sinambi ngleremake dhadhaku sing ketukan. Njlalah… tanganku luput, ana buku sing ceblok. Sontak Kemuning kaget. Dheweke  nyawang aku. Semana uga, aku nyawang dheweke.

“Kemuning…” aku nyapa karo mesem.

“Eh, Jatmiko yaa…” wangsulane.

“Suwi ora nate ketemu, piye kabare sampeyan?” pitakonku.

“Alhamdulillah, sehat.”

Aku ora nyia-nyia kesempatan iki. Sabanjure, aku ngajak Kemuning ngobrol ing ruang baca. Ngalor ngidul anggonku ngobrol. Bareng ruangan rada sepi, aku ngomongne apa sing dadi atiku sasuwene iki marang dheweke.

“Ning, wis suwe banget aku tresna karo sampeyan, wiwit isih sekolah kae,” kandhaku ati-ati. Dhadhaku gembrubug. Atiku kroncalan. Gedhe pengarep-arepku, tresnaku bisa gathuk karo Kemuning.

Kemuning njenggerat. Kaget. Ora ngira yen aku bakal ngomong mengkana. Kemuning meneng wae, ora wangsulan. Ruangan sepi. Pengunjung wis padha balik.

Swara jam dinding ora kaya padatane. Ning kupingku, pandome jam dinding kaya swarane mitraliur ing medan perang. Aku ngenteni wangsulane Kemuning….

“Jat, aku wis ana sing nduwe,” Kemuning tumungkul.

“Ora papa, Ning… aku nyuwun ngapura yen ngganggu sampeyan,” wangsulanku kebak rasa kuciwa.

Gambar mung ilustrasi

Balungku rasane cepot kabeh. Awakku adhem panas. Senajan mengkana, aku kudu kuat. Jiwa prajuritku ora oleh uwal saka ragaku mung merga urusan katresnan. Kanthi watek satriya, aku nampa kahanan iki.

Let sedhela Kemuning ngajak bali. Tekan latare perpustakaan, aku nyedhaki Kemuning sing siyap-siyap nyetater sepeda motor.

“Ning, titip salam kanggo mase yooo,” kandhaku.

“Mase sapa? Aku ora nduwe mas,” wangsulane Kemuning karo ngguyu.

Aku bingung, ora ngerti maksude.

“Jare sampeyan wis ana sing nduwe?” aku mangsuli setengah takon.

“Sing nduwe yo ibu bapakku,” aloke.

Kemuning banjur ngguyu renyah. Guyune isih tetep kaya sekolah kae.  Aku melu ngguyu. Kemuning ngomong apa anane, nggawe basa sing ambigu. Aku salah nanggepi, dakkira dheweke wis nduwe sisihan. Jebule, durung…

“Sampeyan kok yo bisa nglawak,” kandhaku karo njiwit lengene.

“Yen ngono, aku siap dadi mase sampeyan, Ning…”

“Emoh aku… nek mung dadi mas,” Kemuning wangsulan, “kudu luwih saka iku.”

Dina iki katon endah, kebak wangi kemuning. Gandane nyusup tekan njero atiku. Wangi kemuning sing bakal dakjaga selawase uripku. Ora mung ana dunya, nanging uga dakjaga nganti akherat.

Tancep kayon.


Cerkak ini bisa diunduh. Silahkan klik di bawah:

Latest posts by Sri Astutik (see all)
Sri Astutik, mapan ing Nganjuk. Tamat saka SMA Negeri 2 Nganjuk Jurusan A-4 (Bahasa) taun 1990, banjur nutukake S-1 ing IKIP Surabaya Jurusan Bahasa lan Sastra Indonesia taun 1994. Wiwit taun 1998 nganti saiki dadi guru ing SMP Negeri 7 Nganjuk. Aktif dadi anggota Komunitas Pegiat Literasi Nganjuk taun 2020 nganti saiki.

6 thoughts on “Kemuning

  1. Endah banget cerpene Mbak Sri…dadi kelingan masa masa tempo dulue…Yen maca Jayabaya ana cwrita cekak seng bisa ndadeake terbawa suasana ..

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Back To Top