Keraton Jawa sing Dudu Anyar
Keraton Jawa sing Dudu Anyar

Keraton Jawa sing Dudu Anyar7 min read

Ratu2_1579431078914.jpg
Dhek wingi kae sempet ana ontran-ontran, yaiku ngadege Kraton Agung Sejagat ing dhaerah Purworejo, Jawa Tengah. Durung entek angete, ujug-ujug ana warta meneh nek ing Jawa Barat ana Kraton Sunda Empire. Antarane Kraton Agung Sejagat lan Sunda Empire padha-padha ngaku nek duweni kuwasa tumrap donya. Klebu Amerika karo Eropa barang.

 
Warta thukule kraton anyaran isih tetep anget. Nganti cilakane, akeh wartawan kangelan mangerteni maksude kraton anyar. Sajake, wartawan mung tepung kalawan kraton sing isih ngadeg lan pancen umum, kaya ta Surakarta, Yogyakarta, Mangkunegara, lan Pakualam. Dadi nalika keprungu jeneng liya saka njabane petang jeneng kraton umum mau langsung didakwa ‘anyar’.
Nyatane, tembung ‘anyar’ mau mung kelakon mungguhing wartawan sing mung nguber sensasi tanpa aweh warta sing luwih pepak. Mara angger nyebut ‘kraton anyar’ ngono wae.
Perkara sepele bab kraton wae wartawan wis gagu, angel mbedakake, lan ketara lugune uga mata dhuwitane, apa meneh warta bab perkara sing sensitip. Orane nyalahake para wartawan, nanging tumindak wartawan sing kaya mengkono mau sing marai wong Indonesia, khususe wong Jawa, dadi wong sing goblog.

 
Ing tlatah Jawa iki jane akeh kraton-kraton Jawa sakliyane Catur Sagatra (Surakarta, Yogyakarta, Mangkunegara, Pakualam) sing prelu diakoni. Nanging kraton-kraton kuwi pancen ora duwe tapak tilas sing nyata uga dokumen dhewe kaya ta Catur Sagatra.

 
Kraton-kraton sakliyane Catur Sagatra, kaya lumrahe wong Jawa, kawujud saka tata cara mistik sing rada ora masuk nalar. Tur kraton sakliyane Catur Sagatra mau pancen digawe kanggo ngawekani fungsi pariwisata daerah.
Bedane kraton sing klebu Catur Sagatra kalawan kraton njabane Catur Sagatra yaiku punjering kraton sing isih eksis, tinggalan dokumen arupa serat-serat/babad/naskah, adat sing khas, ageman sing khas, lan pamor satengahing masyarakat.

 
Kanggo tambahan kawruh wae, Indonesia iki duwe sing jenenge Forum Silaturahim Keraton Nusantara sing madahi keraton-keraton bersejarah sing isih eksis ing Indonesia.

 
Senadyan ora duweni kuwasa lan piranti adat kaya ta kraton sing klebu Catur Sagatra, nanging kraton saknjabane Catur Sagatra mau pancen bisa ditiliki saka cathetan historis utawa sejarah. Maksude, pancen nate ana. Ben ora gagap dadi wong Jawa sing mung tepung kraton sajroning Catur Sagatra, iki ana urutan kraton jaba Catur Sagatra sing patut diayomi lan aja nganti dipadhakake kalawan KAS lan Sunda Empire.

 
1. Keraton Jipang

Miturut sejarah, Kraton Jipang pancen nate ana lan dipimpin dening Adipati Arya Penangsang. Kelingan ta Arya Penangsang? Salah siji Adipati sing duwe wibawa Ratu, masyarakat sakubenge Blora lan Rembang nganggep Arya Penangsang minangka pahlawan senadyan ditentang dening Sultan Hadiwijaya, Ratu Kraton Padjang.

 

Sultan Hadiwijaya rumangsa ora jenjem atine amerga ngerti nek Arya Penangsang duwe rencana arep mbalela marang Padjang. Apa meneh Arya Penangsang duweni kharisma sing gedhe kanggo ngobahake wong-wong Blora lan Rembang.

 

Crita kepahlawanane Arya Penangsang kudu tumpas kanthi tragis ing tangane Danang Sutawijaya utawa sing suk mben kondhang kanthi asma Panembahan Senapati, panguwasa ing Mentaok.

 

Warta sejarah Arya Penangsang mau banjur dibacutake dening Barik Barliyan utawa sing duweni julukan Pangeran Raja Adipati (PRA) Barik Barliyan Surowijoyo. Dheweke ngaku nek duwe tus getih Arya Penangsang, mula sah-sah wae ngedegake Kraton Jipang. Luwih saka kuwi, dheweke uga omong nek Kraton Jipang wis klebu dadi anggotane Forum Silaturahmi Keraton Nusantara.

 

Ing taun 2014 Kraton Jipang didegake, banjur ing taun 2016 sempet nggawe Kirab Budaya sing jarene didukung Pemerintah Kabupaten Blora. Emane, dikutip saka Tagar.id, Kepala Disbudpar Blora, Slamet Pamuji, kandha menawa Kraton Jipang sing digawe Barlik Barliyan durung duwe status sing cetha.

 

Malah, miturut Slamet Pamuji, Barlik Barliyan mau sakjane dudu wong asli Blora. Barlik Barliyan jebul wong Palembang sing ngaku duwe garis turun saka Arya Penangsang.

 

Senadyan isih durung jelas, Kraton Jipang sing diratoni Barlik Barliyan mau ora duwe niyat ala kaya ta KAS lan Sunda Empire. Tur ora ngawu-awu duwe kuwasa sakdonya. Barlik Barliyan mung pengin nguri-uri adat Jipang lan bisa kanggo ngunggahake daya tarik pariwisata Kabupaten Blora.

 
Tegese, Kraton Jipang dudu ‘kraton anyar’ kaya sing didakwa para wartawan. Sing pener, kraton Jipang kuwi dhisik nate ana banjur diuripi meneh kanthi tujuwan sing beda. Tur senadyan becik gegayuhane, Kraton Jipang sakjane kurang trep uga julukan Pangeran Raja Adipati sing disandhang Barlik Barliyan ketara wagu.

 

Sepisan, Jipang durung sempet bisa anggayuh panjangka dadi kraton amerga nalika semana Arya Penangsang dhewe jabatane minangka Adipati. Kaping pindho, sing bermasalah saka Kraton Jipang versi Barlik Barliyan, yaiku julukan Pangeran Raja Adipati. Ketara ora konsisten, mbok nek pancen kraton cukup nganggo julukan ‘Raja’ wae, ora prelu Pangeran apa meneh Adipati.

 

2. Keraton Pajang

Nalika jeneng KAS lan Sunda Empire munggah, dumadakan akeh berita-berita sing ngangkat bab keraton. Salah sijine yaiku Kraton Pajang. Dilalahe Jawasastra nate dolan menyang petilasan Kraton Pajang ing Makamhaji, Kartasura, Sukoharjo. Tur, dilalahe sisan, Jawasastra wis keprungu rada suwe bab diuripine Kraton Pajang.

 

Kraton Pajang klebu kraton misuwur ing tlatah Jawa sing umure cekak banget. Durung nganti nyandhak generasi kaping pindho saka retune yaiku Sultan Hadiwijaya. Wis cetha Kraton Pajang iki rada ora cocog kalawan Kraton Jipang ing nomor siji mau nek disawang saka kesejarahane.

 

Ing cedhak petilasan Kraton Pajang ana tulisan kapan kraton kuwi diresmikake, yaiku udakara taun 1990 nganti 1995’an. Banjur Jawasastra nalika mara sempet ngobrol karo wong laku sing kerep ngaso ing petilasan Kraton Pajang. Dheweke crita menawa Kraton Pajang sing saiki diarani petilasan keraton kuwi sejatine sing pener yaiku keputren.

 

Luwih nggegirisi meneh, miturute wong laku sing ora bakal tak sebut jenenge mau, punjering Kraton Pajang sing trep kuwi ana tengah sawah sing saiki katindihan rel sepur. Kuwi saka pengalamane Jawasastra dhewe nalika nelisik bab Kraton Pajang taun 2019 wingi.

 

Dijupuk saka Detik News, sing ngedegake meneh Kraton Pajang kuwi Suradi, banjur duwe gelar Sultan Prabu Hadiwijaya Khalifatullah IV. Dheweke ngaku wani tumindak mengkono amerga entuk mandate saka Kanjeng Sultan Suryo Alam, sultan ing Kasultanan Dhimak, Kabupaten Demak.
Suradi sing jeneng pepake Suradi Suranegoro, dicuplik saka Okezone, ngaku menawa dheweke kuwi isih tus getihe Ki Ageng Turus, sedulure Ki Ageng Kanigoro ramane Jaka Tingkir. Suradi dhewe dudu asli wong Sukoharjo, nanging dheweke kuwi pendatang saka Klaten.

 

Taun 2015 Kraton Pajang nganggo jeneng Yayasan Budaya Kasultanan Kraton Pajang wis mlebu kanthi sah ing badan hukum Kementrian Hukum dan HAM RI, tujuwane yaiku nguri-uri kabudayan Kraton Pajang.

 

Beda kalawan Kraton Jipang sing isih durung cetha sesambungane marang pemerintah, Kraton Pajang wis diakoni dening Pemkab Sukoharjo, lan antarane Pemkab Sukoharjo uga Kraton Pajang kerem nggawe acara budaya rutinan, salah sijine Napak Tilas Jaka Tingkir.

 

Ngedab-edabine, Kraton Pajang ngaku duwe abdi dalem cacahe 5.000, sing dadi abdi dalem ora mung wong Sukoharjo dhewe nanging uga wong-wong Surabaya, gresik, Malang, Magetan, Lamongan, lan liya-liyane. Ngono wae kabeh acara kraton dibandhani dhewe kanthi dibiyantu sethithik-sethithik saka Pemkab Sukoharjo.

 

Senadyan niyate apik, ngadege Kraton Pajang sempet ditolak dening GKR Wandansari utawa Gusti Moeng, pamangku adat Kraton Surakarta Hadiningrat. Miturut Gusti Moeng, mokal kabeh kraton ing tlatah Jawa bisa urip meneh klebu Pajang. Amerga kanthi runtut, tanpa ana pedhot saben kraton ing Jawa tansah owah lan pindhah. Kaya Pajang sing kajupuk Mataram.

 

3. Kraton Kartasura

 

Tinggalan kraton isih ana, senadyan mung arupa tembok sing wis dhedhel dhuwel amerga Geger Pecinan. Kahanane rada miris, nanging sithik baka sithik wiwit dirumati dening masyarakat lan Pemkab Sukoharjo.

 

Tanpa ratu tanpa abdi dalem. Kraton Kartasura isih dianggep dening kraton-kraton sing klebu Catur Sagatra. Malah, ing saben kraton Catur Sagatra (Surakarta, Yogyakarta, Mangkunegara, lan Pakualam) para abdi daleme duweni agenda independen kanggo ngurip-uripi Kraton Kartasura. Iki warta saka kesaksiane salah siji admin Jawasastra dhewe.

 

Para abdi dalem mau duwe acara rutinan sing arane Kirab Pusaka Kraton Kartasura. Nalika nindakake acara kuwi, sandhangan sing dinggo ana dhewe, dudu nganggo sandhangan saka almamater kratone dhewe-dhewe.

 

Wayah Ngenteni

Dadi ana apike nyinaoni lakuning sejarah Jawa ben ora kaget tumrap tembung ‘kraton anyar’ sing ditulis para wartawan. Perkarane, pancen kudu ana watesane supaya ora samar anggone nemtokake metune Kraton Lawas sing didegake meneh. Nek dituruti lelakon kaya mengkono, ora wurung bakal muncul kanthi urut kabeh Kraton Jawa wiwit saka Kahuripan nganti Mataram miturut daerahe dhewe-dhewe.

 

Sawange wong Jawa iki lagi kangen marang jayane mangsa kerajaan jaman semana, nanging aja lali, saben sistem pemerintahan kuwi mesthi ana rekasane. Tur, kraton Jawa apa ta sing umure paling dawa? Durung meneh, umure Indonesia dhewe apa iya bakal tekan 500 tahun?

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *