Ki Ageng Selomanik

SAWISE Pangeran Diponegoro kasil kepikut lan banjur disebratake Kumpeni Walanda menyang Manado, ora njalari perjuangane rakyat ing tanah Jawa mandheg ngono wae.

Perang kanggo ngusir kaum penjajah saka lemah wutah getih isih terus dumadi. Ora ana lerene. Ing antarane perang mau dipandhegani dening Ki Ageng Selomanik, bekas senapati perange Pangeran Diponegoro sing kondhang pinter ngatur siasat perang.

Kanggone Ki Ageng Selomanik sing pancene banget tresna marang bumi, lemah wutah getih lan bangsane, kepriyea wae perjuangane Pangeran Diponegoro kudu dibacutake.

Ki Ageng Selomanik trima mati yen urip mung ana cengkeremane kaum penjajah. Mula kanthi nata kakuwatan anyar, Ki Ageng Selomanik banjur nerusake perjuangane Pangeran Diponegoro lan ngobarake perang.

Akeh nom-noman ing karang padesan sing diwulang agama lan ngelmu kanoragan, tujuwane ora liya mung kanggo nglawan lan ngusir kaum penjajah.

Kumpeni dhewe ora mung trima meneng nyipati Ki Ageng Selomanik lan wong-wong pribumi sing isih padha ngangkat gegaman lan terus ngobarake perang. Mula murih ora kedawan-dawan lan bisa ngurubake geni pemberontakan ing endi-endi, Kumpeni age-age nata barisan.

Prajurit sepirang-pirang dikerigake supaya ngrincung Ki Ageng Selomanik lan wong-wong pribumi liyane sing dianggep dadi klilip tumrape Kumpeni. Nanging nyatane, senajan wis bola-bali mbudidaya ngrangket Ki Ageng Selomanik, embuh urip utawa mati, nyatane ora nate kasil. Kumpeni tansah keteteran nalika ngadhepi Ki Ageng Selomanik.

Merga tansah gagal lan ora bisa nyekel Ki Ageng Selomanik, njalari Kumpeni sansaya gregeten. Kumpeni banjur golek cara kepriye carane murih bisa ngrangket Ki Ageng Selomanik.

Suwe anggone metani lan nglelimbang kanthi mateng, pungkasane Kumpeni nganakake sayembara. Isine sayembara, sapa wae sing bisa nyekel utawa ngrangket Ki Ageng Selomanik, embuh urip utawa mati, bakal diwenehi dhuwit sing ora sethithik.

Senajan dhuwit saka sayembara mau bisa gawe ngilere sapa wae, nanging emane sing melu sayembara mung bisa dietung nganggo driji. Kuwi wae kabeh gagar wigar ora entuk gawe. Ora ana siji-sijia sing bisa nelukake Ki Ageng Selomanik.

Nggagas kanyatan mau njalari Kumpeni sansaya mumet. Kumpeni banjur mikir lan mikir kepriye carane murih enggal bisa ngrangket Ki Ageng Selomanik sing dianggep mbebayani tumrape Kumpeni.

Nengah-nengahi mikir kaya ngono, ing sawijining dina dumadakan ana sawijining pawongan sing kumawani ngadhep Jenderal Hendrik Merkus de Kock, tetunggule Kumpeni ing tanah Jawa.

“Aku sing sowan, Tuan de Kock,” wong lanang kanthi menganggo sarwa ireng ngadeg ing ngarepe Jenderal Hendrik Merkus de Kock, kandhane keprungu rada banter.

“He, kamu orang pribumi. Siapa kamu dan berani menghadap aku?!” Jenderal Hendrik Merkus de Kock ora kedhep nyawang pawongan sing saiki ana ngarepe.

“Aku Jugil Awar Awar, Tuan de Kock,” pawongan mau nyebutake jenenge kanthi tatag, kaya ora duwe rasa wedi.

“Jugil Awar Awar? Lantas apa keperluanmu menghadap aku?”

“Aku arep melu ngleboni sayembara, Tuan. Aku kepengin ngrangket Ki Ageng Selomanik lan bakal dakadhepake marang Tuan de Kock.”

Krungu tembung kaya ngono, Hendrik Merkus de Kock sanalika gumuyu lakak-lakak. Nanging ora suwe, banjur keprungu tembunge:

“Jugil Awar Awar, kamu tahu tidak, sudah ada beberapa orang yang ikut sayembara tapi tak satu pun yang bisa mengalahkan Ki Ageng Selomanik.”

Jugil Awar Awar mesem sedhela, nuli kandhane, “Kuwi rak wong liya, Tuan. Yen aku emoh disepelekake. Aku sing saguh ngrangket Ki Ageng Selomanik lan mengko dakgawane mrene.”

“Ki Ageng Selomanik itu amat sakti mandraguna. Apa kamu bisa mengimbangi kesaktian dan bahkan mengalahkannya?”

“Mesthi bisane, Tuan.”

“Apa kamu punya kesaktian hingga yakin bisa mengalahkan dan membawa Ki Ageng Selomanik ke hadapanku?”

Jugil Awar Awar banjur crita akeh-akeh ing sangarepe Jenderal Hendrik Merkus de Kock. Cethane, Jugil Awar Awar kebeneran wis tepung lan mangerteni sapa sejatine Ki Ageng Selomanik.

Ora mung kuwi, mbiyen Jugil Awar Awar uga nate tapa bareng karo Ki Ageng Selomanik ing pucuke Gunung Sumbing. Dadi bisa ngukur kasektene Ki Ageng Selomanik.

“Apa benar yang kamu katakan, Jugil Awar Awar?” Hendrik Merkus de Kock takon, sajak nlesih.

“Bener, Tuan. Kuwi crita apa anane. Karo maneh, aku lan Ki Ageng Selomanik satemene tunggal guru. Mula Tuan de Kock ora perlu samar lan tidha-tidha yen aku melu sayembara.”

“Bagus, bagus, kalau begitu. Sekarang juga kamu berangkatlah mencari Ki Ageng Selomanik. Kalau kamu bisa mengalahkan dia, kamu akan kuberi uang melebihi janjiku dalam sayembara.”

Jugil Awar Awar age-age pamitan. Jangkahe digelak murih cepet nemokake ing endi dununge Ki Ageng Selomanik. Sawise takon-takon marang sapa wae sing ditemoni ing dalan, wekasane Jugil Awar Awar ngerti yen Ki Ageng Selomanik saiki dedunung ing Kuthabanjar.

Mula tanpa ngulur-ulur wektu maneh, Jugil Awar Awar lan andhahane banjur tumuju menyang Kuthabanjar. Murih cepet tekan papan sing dituju, Jugil Awar Awar lan andhahane kepeksa liwat pinggire Kali Serayu.

Kabar ngenani Jugil Awar Awar sing saiki lagi tumuju menyang Kuthabanjar wis dirungu dening Ki Ageng Selomanik sawise antuk palapuran saka salah sawijining siswane. Nanging Ki Ageng Selomanik ora kaget, apamaneh gigrig. Apa sedyane Jugil Awar Awar bakal diadhepi.

“Kabeh wae ora prelu was sumelang,” ngendikane Ki Ageng Selomanik ing sangarepe kulawarga lan para siswane.

“Lajeng samenika kados pundi, Ki Ageng?” Salah sawijining siswane takon.

“Jugil Awar Awar sing pancene lagi nggoleki aku, mengko dakentenane ing tempuran Kali Mrawu. Mung pesenku, sasuwene aku ngenteni lan ngadhepi Jugil Awar Awar, kabeh wae kudu ana omahe dhewe-dhewe. Aja pisan-pisan metu lan lunga,” Ki Ageng Selomanik banjur jumangkah alon ninggalake kulawarga lan siswane tumuju tempuran Kali Mrawu.

Durung suwe Ki Ageng Selomanik ngenteni ana tempuran Kali Mrawu, Jugil Awar Awar lan andhahane wis tekan papan kono. Sajak ora sranta, sawise ana ngarepe Ki Ageng Selomanik, Jugul Awar Awar banjur nelakake kekarepane.

Gambar mung ilustrasi

Tanpa tedheng aling-aling, anggone nemoni Ki Ageng Selomanik ora liya kepengin ngrangket lan arep dipasrahake marang Kumpeni.

Merga ora gelem didadekake bandan ing ngarepe Kumpeni lan suwala, wekasane Ki Ageng Selomanik lan Jugil Awar Awar dadi perang tandhing. Nanging sawise sawetara suwene anggone adu kaprigelan lan kasekten, nyatane ora ana sing menang ora ana sing kalah. Kakuwatane imbang.

Mangerteni kahanan kaya ngono Jugil Awar Awar banjur ngakon andhahane supaya nekani kulawargane Ki Ageng Selomanik lan ngandhakake yen Ki Ageng Selomanik wis kepikut. Cara mau ditempuh kanthi pengarep-arep anak lan bojone Ki Ageng Selomanik gelem pasrah bongkokan.

Nanging apa sing dumadi, bareng krungu yen Ki Ageng Selomanik wis kepikut dening Kumpeni, Nyi Ageng Selomanik lan anake ora gelem pasrah bongkokan. Suwalike, malah pilih lampus dhiri.

Nyipati kahanan kaya ngono, andhahane Jugil Awar Awar bali nemoni Jugil Awar Awar lan ngandhakake apa satenane sing wis kedadeyan.

“Selomanik, mangertiya yen anak lan bojomu saiki wis mati kabeh. Mula kowe manuta dakrangket lan dakgawa menyang ngarepe Jenderal de Kock!” Tembunge Jugil Awar Awar karo ngguyu lakak-lakak.

Tanpa kumecap, krungu tembung kaya ngono Ki Ageng Selomanik banjur klepat ninggalake Jugil Awar Awar. Ki Ageng Selomanik kepengin mangerteni satenane apa sing wis dumadi ana omahe.

Saeba kagete Ki Ageng Selomanik bareng mangerteni anak lan bojone wis mati kanthi tatu gegaman. Ora narimakake patine anak lan bojone sing dianggep merga pokal gawene andhahane Jugil Awar Awar, sanalika Ki Ageng Selomanik banjur murina.

Kanthi ngunus keris pusakane, Ki Ageng Selomanik banjur nggoleki Jugil Awar Awar lan andhahane. Ing wektu kang ora suwe, Jugil Awar Awar lan andhahane kabeh bisa ditumpes.

Sawise kuwi Ki Ageng Selomanik banjur ngumpulake siswa-siswane supaya ngubur anak lan bojone. Ing wektu kuwi uga Ki Ageng Selomanik uga prentah supaya gawe luwengan cacah lima sing mapane ana tengah-tengahe kuburan.

Luwengan cacah lima mau ora liya digunakake kanggo ngubur iket, jubah, teken, sabuk lan gamparan duweke Ki Ageng Selomanik.

Rampung ngubur barang-barange mau, Ki Ageng Selomanik ngakon siswa-siswane supaya enggal bali menyang omahe dhewe-dhewe. Ki Ageng Selomanik uga janji bakal aweh pambiyantu marang warga sakiwa-tengene sing duwe gegayuhan becik.

Sawise kuwi, Ki Ageng Selomanik ora keprungu kabare maneh. Embuh muksa utawa kasil dicekel dening Kumpeni, ora ana sing ngerti.

Latest posts by Irul S Budianto (see all)
Irul S. Budianto, lair ing Boyolali lan saiki dedunung ing Donohudan, Ngemplak, Boyolali. Kejaba geguritan, uga nulis crita cekak, crita anak lan sapanunggale.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Back To Top