Cerdas anggone ngangkat realitas, kirane kuwi sing kegambar nalika ngrungokake tembang anggitan Dhalang Poer. Basa Jawa sing dianggep basa endah lan ngemu filsafat malih dadi basa Jawa sing bernas tuwin trengginas.

Piye carane awak dhewe niteni becik utawa alane undang-undang? Nek miturutku gampang, pokoke undang-undang mau ora marai kisruh gedhe satengahing masyarakat cetha bakal apik ing tembe mburine, nanging nek undang-undange kudu dibayar getih selawase bakal ora ana manfaate kajaba mung kanggo pawongan tatemtu.

Nek suk mben wis kadhung rekasa amerga undang-undang sing marakake sengsara mau ditetepake, apa sing bisa dilakoni rakyat, khususe wong Jawa sing nampa pacobaning urip?

Paling bakal mlayu menyang emperan wayah awan, Leyeh-Leyeh sinambi ngrungokake campursarian sing temane melas. Kahanan melas mau bakal sansaya parah sakumpama ditambahi perkara asmara.

Contone arep lamaran nanging bayarane ora mapan, mung cukup dinggo sarapan. Mengkono kuwi sing akeh-akehe bakal dilakoni wong Jawa. Liwat lagu nyoba nampa takdiring Gusti.

Mula ora gumun menawa tembung ‘nrima ing pandum’ bisa kegayuh. Gandheng wis diuber deep collector, tanggungan lamaran, karo susahe pakaryan. Cilakane, bisane awak dhewe bisa nrima ing pandum mau amerga wis kebacut putus asa, wis ora duwe cara lan bisane mung pasrah. Dudu sejatine pasrah jalaran wis rampung anggone ngupaya.

Nalika awak dhewe wis susah lan rekasa, awak dhewe ngilo aneng kaca. Sakngarepe kaca awak dhewe mbrebes mili ngelingi nek awak dhewe dudu sapa-sapa. Mung wong cilik sing tuna aksara, ora bisa nulis ora bisa maca, kaya ngono kandhane Didi Kempot sajroning tembang Aku Dudu Raja.

Dhalang Poer

Rasane ora mungkin nek ora bisa nulis ora bisa maca kanggo wong cilik jaman saiki, mula maknane ora bisa nulis ora bisa maca mau awak dhewe mung manut apa sing wis tinulis dening wong tatemtu lan diwajibake maca.

Saben wayah turu arep-arep entuk ngimpi dadi Kere Munggah Bale, bareng tenanan kelakon entuk ngimpi malah sing diimpikake kaya dene tembang Tali Kutang. Kelingan pacar sing wayah ulang tahun, ora sanggup nukokake giwang bisane nukokake tali kutang rega nemewu minangka kado ulang tahun. 

Tangi-tangi, awak dhewe megap-megap, banjur mlayu menyang toko jamu golek Jamu Pegel Mlarat. Pirang-pirang taun dadi buruh orane diwenehi kemakmuran lan diayomi negara kanyatane malah tambah dipulosara. BPJS ora mesthi, gaji akeh telate, lan pesangon dikethoki. 

Nek wis kadhung kaya ngene kahanane, sing jelas awak dhewe suk mben, naudubillah, bisa-bisa kedhapuk dadi Jaka Mlarat amerga tumindake pejabat!

Saiki coba dititeni sakakehe lagu campursari utawa lagu Jawa. Temane ora adoh saka crita larane awak, crita tresna, crita beda status sosial, kahanan alam utawa kutha lan crita nelangsa urip sedina-dina.

Mulane cocog digawe sarana pelarian. Nanging, saka semono akehe lagu Jawa, ana lho lagu Jawa utawa campursari Jawa sing temane kritik marang negara utawa pejabat perangkat negara.

Lagu-lagu Jawa sing maido negara kuwi dicipta kira-kira antara sepuluh taunan wingi. Nek dibandhingake karo jaman saiki, mesthine musisi Jawa jaman saiki uga mesthi ana sing nggawe lagu kanthi tema kritik, emane ora patia ketara.

Nanging, anane lagu kritik Jawa neng kira-kira sepuluh taun kepungkur cetha dadi anomali, amerga ing jaman semono luwih akeh tembang Jawa sing nggawa tema tresna.

Nama asline Poeryanto, jeneng panggunge Dalang Poer, priyayi sing gaweyane nyiptakake lagu Jawa temane maido negara. Selaras kalawan jejuluke minangka ‘dhalang’, karya senine sing utama pancen ndhalang, nanging dheweke uga kerep ngripta lagu Jawa banjur ditembangake dhewe. Salah siji tembange sing kondhang yaiku Langit Mendhung Kutha Ngawi.

Titis anggone ngripta lagu. Awak dhewe nek maca lirike Langit Mendhung Kutha Ngawi, bakal katon unike, yaiku tembung Jawa sing dipilih rada semu basa ‘pedhalangan’, kamangka Langit Mendhung Kutha Ngawi kuwi lagu campursari.

Polah Pejabat lan Aparat

Kapisan, coba rungokake tembang Proyek anggitane Dhalang Poer. Tembang iki nyeritakake para pejabat sing kolaborasi karo pemborong kanggo nggarap proyek dalan lan bangunan nanging diakali. Amerga akal-akalan kuwi akeh dalan lan bangunan sing gampang remuk.

Dhalang Poer nawakake conto paling cedhak, yaiku nalika mriksa aspal dalan sing jebul dilelang proyek, nanging malah kurang watu lan wedhi. Mulane ora jangkep telung sasi dalane wis ambyar ora karu-karuwan. Kahanan iki uga kelakon ing bidang bangunan, pemborong mbanting rega nyuda bahan bangunan, gedhung kayu jati disulan kayu meranti.

    Proyek dalam negeri kakean dikorupsi

    Ora dadi-dadi malah mindhon gaweni

    Proyek dalam negeri kakean dibagi-bagi

    Pejabat pemborong ndlalah oknum tukang nggraji

Dibandhingake para seniman tradisi Jawa sing ubyek ing babagan seni tradisional, Dhalang Poer luwih bisa manjing ajur ajer. Dheweke ora kawilut tema-tema mainstream sing wis akeh dinggo dening para seniman tradisi Jawa. Malah, Dhalang Poer nawari alternatif liya supaya para pandemene bisa dadi wong Jawa sing duwe watak kritis.

Utamane kritis arupa kesadaran politik, kebijakan negara, lan ketimpangan sosial satengahing rakyat. Anggone nyusun lirik nganggo basa Jawa, banjur basa Jawa sing dinggo luwih akeh sing ngoko lan meminimalisir teknik pasemon. Pancen ana sing pasemon ing siji-loro lagune, nanging gampang banget dionceki. 

Screenshoot video clip Proyek

Dhalang Poer ngajak awak dhewe, minangka wong Jawa, kanggo dadi wong Jawa sing blaka marang atine dhewe. Panguwasa jaman modern wis dudu panguwasa wakiling Dewa. Mung manungsa biyasa sing luwih akeh dosane tinimbang wong biyasa.

Meneh, contoh kasus sing dilebokake sajroning lagu dening Dhalang Poer dijupuk saka kedadeyan sing cedhak banget kalawan rakyat, ora prelu mbayangake sing adoh-adoh utawa sing dhuwur-dhuwur bab filosofi utawa teori-teori politik.

Salah siji lagune Dhalang Poer sing bisa diarani keras yaiku Kudu Misuh, lirik lan musike digawe dhewe dening Dhalang Poer, nyeritakake tokoh ‘aku’ sing diuncal-uncalake dening kahanan rekasa. Kerep ngolah-ngalih gaweyan.

Wiwit saka nggarap sawah tinggalan wong tuwa nganggo modal utangan nganti dadi bandar dadu sing banjur dilebokake bui amerga dheweke prei saengga ora bisa nyangoni keamanan. Lagune bisa dicek ana kene. Tugelan lirike sing sangar kaya mengkene.

    kabeh dalan wis buntu

    aku nekat bandar dadu

    durung ana sing ngudu

    keamanan wis jaluk sangu

    ana oknum tentara ana oknum polisi

    bukakan wingi-wingi wis kerep takamplopi

    bareng prei ra nyangoni

    aku diseret nyang bui

    diganjar pitung sasi

    misuh sajroning ati….jancok

Si tokoh ‘aku’ sakwise gagal dadi sopir angkodes (angkot desa) dheweke jajal nyepi menyang kuburan nggo golek nomer togel, nanging nomere ora ana sing cocog. Mulane dheweke ganti dadi bandar togel, lha kok nalika dadi bandar togel musuhe karo oknum aparat tentara lan polisi sing ora ana mandheg anggone jaluk disangoni.

Dhalang Poer ndalang sinambi nyanyi Kudu Misuh

Ana sakwayah dheweke prei, embuh lara embuh ngapa, cetha nek dadi bandar dadu nalika prei ora bisa nyangoni, eh malah diseret menyang kunjara. Diukum pitung sasi! Wis krasa nyelekit banget ora lirike?

Dhalang Poer tanpa tedheng aling-aling langsung nyebut tembung tentara lan polisi senadyan kuwi oknum, nanging kanggone pandemen campursari, lirik kaya mengkono wis saklumrahe angel ditampa, kamangka kanyatane kaya mengkono. Ing taun 2020, neng channel Youtube Dhalang Poer, lirike sing bagiyan kuwi diganti dadi ‘macak tentara lan macak polisi’. 

Oret-Oret Dhalang Poer

Cerdas anggone ngangkat realitas, kirane kuwi sing kegambar nalika ngrungokake tembang anggitan Dhalang Poer. Basa Jawa sing dianggep basa endah lan ngemu filsafat malih dadi basa Jawa sing bernas tuwin trengginas ing tangane Dhalang Poer. Sakjane, bisa uga diarani menawa sakwalike lirik basa Jawane Dhalang Poer, basa Jawa sing endah kuwi duweni daya trengginas.

Lumrahe tembang Jawa sing ora bisa ucul saka pola rima kaya dene parikan, Dhalang Poer uga nganggo teknik mengkono. Bedane, rancangan lirik duwekke Dhalang Poer kenthel mambu baladane. Pancen ameh kabeh lagu basa Jawa kuwi balada, utamane lirik gaweyane Didi Kempot, nanging lirik sing digawe Dhalang Poer luwih kerasa lumakune.

Kahanan nyata sing diangkat ing njero lagune Dhalang Poer bakal tansah faktual tur masuk akal, jalaran dheweke duduhake pola sing wis cetha. Khususe nek nelateni tembang-tembang sing kebak kritik marang hukum negara, korupsi, proyek abal-abal, pemilu, nganti kelakuane anggota dewan.

Konon, neng politik pancen ora ana ireng utawa putih, nanging saka tembung kuwi wae wis ketara polane ta, jenenge politik nek ora ireng tegese putih. 

Jajal rungokake tembange Dhalang Poer sing judhule Orek-Orek. Sithik utawa akeh, Dhalang Poer nyoba aweh jejangka utawa ramalan ing tanah Jawa nanging tetep diwenehi kritik pedhes marang kanyatan alur hukum pemerintahan Indonesia sing bosok. 

Foto demo. Sumber: NYTimes

Nuswantara dulur isih gonjang-ganjing, sebab wong penting dulur isih doyan maling. Mengkono salah siji tugelane sing ngomongake babagan maling sajroning pemerintah Indonesia. Isih ana terusane:

Maling-maling dulur angel nyekele 

wong sing nyekel dulur kancane pak’e 

diamplopi ewuh atine 

timbang bingung dulur 

tampani wae. 

Maling-maling dulur 

liwat rekening 

luwih aman rekening ponakan 

sepisan nyikat nganti milyardan 

sapa nuntut dulur dibayar sisan. 

Kaya piye nyatane awak dhewe ora ngerti, nanging nek ngamati saka lakuning hukum lan berita sing sumebyar, tugelan lirik Orek-Orek ing dhuwur kuwi sawangane tenanan.

Tegese, kabeh pelaku hukum sing teka pihak pemerintah utawa wong sing duwe jabatan neng pemerintahan lan klebu koalisi bisa kanthi gampang ucul saka ukuman. Tegese, nepotisme isih kandel banget ing negara iki.

Tembang Orek-Orek ora mung mbahas perkara maling, nanging uga mbahas perkara demonstrasi. Miturut Dhalang Poer, saben ana kedadeyan demo, mesthi pihak demonstran ing didadekake sasaran ukuman, kamangka sing jenenge demonstran mesthi duwe alasan tur alasane kuwi saka pihak pejabat atasan. 

    Orek-orek… tulisan kain

    demonstrasi sih kena tuding

    kaca pecah jare anarki

    bareng sing korup dulur…..

    Manusiawi

Nyelekit ora lirike? Dhalang Poer mbandhingake antara tindak anarki kalawan tindak korupsi. Gandheng awak dhewe iki wong cilik, biyasane awak dhewe mung nggagas perkara sing cilik, kaya dene tumindak anarki, kamangka ana perkara sing luwih gedhe, yaiku korupsi.

Screenshoot video clip Orek-orek

Awak dhewe durung bisa nitik wijining kamanungsan. Mesthi ana wae sing nyoba mikir bijak, gething marang loro-lorone, nanging umpama dibeber angka, cetha sing korupsi luwih marai rugi tinimbang sing nglakoni tumindak anarki ta?

Marang wong sing ngrusak fasilitas umum awak dhewe ora trima, nanging wayah ana kasus korupsi awak dhewe luwih akeh mbidhege, tur ora dadi luwih ganas nyeneni.

Masa iya awak dhewe iki sakjane luwih seneng nek diakali dening para politisi? Aja-aja nek awak dhewe ora diakali awak dhewe malah sakaw banjur arep-arep pengin diakali amerga wis kadhung kulinane diakali?

Dhalang Poer ora banjur ngakon awak dhewe supaya nindakake anarki utawa ngentukake tumindak anarki, nanging awak dhewe diajak Dhalang Poer kanggo mikir nganggo nalar.

Piye-piyea, tumindak korupsi kuwi uga klebu anarki, lan tingkate luwih dhuwur tinimbang mung demonstran sing kebacut panas banjur mecahake kaca jendelane kantor DPR.

Gumun meneh utang ora suda kok malah ndadi, mengkono salah siji lirik lagune Dhalang Poer ing tembang Sidangmu Dudu Sidangku. Wakil rakyat kuwi, nek anggonku nafsirake tembange Dhalang Poer, beda kalawan rakyat.

Apa sejatine karepe rakyat durung barang mesthi didadekake prioritas dening pejabat wakil rakyat. Ngerti-ngerti, awak dhewe dipeksa nampa undang-undang sing kudu marai awak dhewe luwih rekasa supaya bisa nutup utang negara nganggo kedok inovasi!

Pancen bener unen-unen wong Jawa matine dipangku, wis kabukti ta, kabeh wong Jawa sing dipangku jabatan tenanan mati. Diajak omong babar blas ora bisa. Mirip zombie. Senadyan para pejabat negara wis kaya mayit, ora ateges awak dhewe meneng banjur leren ngunekake. 

Minangka wong Jawa, awak dhewe mesthi pengin banget ngrasakake tentrem. Nanging jajal wangsulana pitakonan iki, apa kowe seneng ngrasakake tentrem amerga kapusan?

Piye jal awak dhewe njawab pitakonan ing dhuwur? Nek ora masalah menawa diapusi, saiki pitakonane, tekan kapan anggone wong ngapusi kuwi ora keconangan. Nek awak dhewe tampa wae diapusi, bilaine ora tiba neng awak dhewe nanging neng anak putu, kuwi wis pesthining alam.

Isih akeh meneh tembang anggitane Dhalang Poer sing nggawa tema kritik. Mangga dicek wae ana ing Youtube lur

Gombalamoh
Latest posts by Gombalamoh (see all)