Lakon Matine Gusti Allah12 min read

Kira-kira antarane taun 1950 nganti 1964, seni pertunjukan Jawa utamane ludruk lan kethoprak nemoni wujuding kesenian tradisi Jawa sing beda banget kaya dene umume. Ludruk lan kethoprak dudu meneh namung sarana kanggo aweh tuntunan utawa piwulang sejarah, nanging malih dadi dedalan kanggo nyebarake winih ideologis tumrap masyarakat.

Trima apa ora, pancen rada ana penere nalika Aidit sakkancane ngedegake Lekra (Lembaga Kesenian Rakyat) minangka organ PKI sing duwe tanggung jawab ngimpun masyarakat sakakeh-akehe supaya gelem gabung utawa dadi simpatisan PKI lumantar kesenian rakyat. Mula ora gumun, PKI jaman semono sing saiki wis mati, akeh wong cilik sing kesengsem marang cara pikir komunis.

Kahanan kaya mengkono nyebabake masyarakat Jawa kapisah; ana sing ngugemi cara PKI lan ana sing nentang polahe PKI amerga wong PKI dianggep ora duwe agama uga ora percaya Gusti Allah. Anggepan kuwi dudu tanpa jalaran, sing baku, wis akeh cathetan sejarah sing nguwatake perspektif menawa PKI ora percaya Gusti.

Republika sinambi ngutip bukune Ricklefs, Mengislamkan Jawa, 2013, ngarani tur gawe narasi menawa panemu PKI ora percaya Gusti Allah uga kerep ngelek-elek agama, khususe Islam, kuwi diwiwiti saka strategine Aidit sing ngewenehi ide marang wong Jawa kanggo nulis Serat Gatholoco.

Ricklefs dhewe nambahi, tata cara ngelingake wong Jawa supaya ora ilang Jawane sarana Serat Gatholoco mau dianggep minangka cara paling cocog. Diwenehi imbuhan yaiku salah siji faktor wong Jawa ilang Jawane nalika wong Jawa milih ngrasuk agama Islam, mengkono cekak ujare Ricklefs sajroning ulasane bab Aidit lan PKI.

Senadyan digawe alur tulisan lan narasi kaya mengkono, Republika sing ngarani Serat Gatholoco minangka kasil ide saka Aidit perlu ditakonke meneh. Ngelingi Serat Gatholoco dhewe panulise wae anonim, tur sajroning serat ora katon ana katrangan sing ngemot ide PKI sing nolak ajaran agama Islam masiya isine Serat Gatholoco pancen nolak agama Islan.

Saiki apa jal tetenger sing bisa dinggo saka teks Gatholoco menawa Serat Gatholoco kuwi salah siji proyek PKI?

Sawangane wae Serat Gatholoco diarani minangka karya sastra Jawa sing nolak Islam, kamangka nyatane, nek miturut Wedha Sanyata, Martadarsana, 1914, Serat Gatholoco malah klebu suluk kanggo luwih mangerteni Islam. Sakumpama Ricklefs dhewe ngarani menawa Serat Gatholoco digawe saka ide gagasan PKI, rasane kudu ana sing nganalisis teks Gatholoco kanggo golek narasi sing ngarah menyang anggepan mengkono.

Nek dilalah tenanan Serat Gatholoco mau diserat saka gagasan PKI, bayangke wae kaya piye kagete wong Jawa modern. Sakdurung ditelateni lan diteliti, kabeh mau mung asumsi. Durung cetha pener apa orane. Ora bisa kesusu anggone jupuk inti nek Serat Gatholoco pancen wujud gagasan PKI.

Tur ora bisa diselaki, Serat Gatholoco nganggo pilihan basa sing lugu lan kasar nalika ngomongake bab agama Islam. Lakon utama ngece para sunan lan pepundhen Islam minangka wong sing lali Jawane. Uga didakwa nalika ngrasuk Islam para sesepuh Islam ing Jawa ora ngrasuk Islam kanthi temenanan. Konten teks mengkono nuwuhake panemu loro; Serat Gatholoco minangka kritik lan Serat Gatholoco minangka teks anti-Islam.

Laire Gusti Allah Mati

Kanggone wong sing ngrasuk agama, embuh agama apa wae, Gusti kuwi nyata anane. Dzat Agung sing nyiptakake sekabehaning alam. Ngetutake owahe jagad lan kuwasa tunggal ngobahake jagad. Jagad ageng nganti jagad cilik duwekke Gusti. Mengkono sing dipercaya manungsa sing  temenanan anggone ngrasuk agama.

Tanpa wiwitan tanpa pungkasan. Kuwi wujuding sejati Gusti. Tanpa sanak tanpa kadang. Tunggal tanpa duwe tunggal. Anggelar langit sakdhuwuring bumi lan anggelar segara satengahing siti. Maha Weruh lan Maha Waskita uga Maha Wicaksana. Sakadiling Dzat sing tanpa tinandhing. Maha Pantes lan Maha sedayaning Maha.

Nanging, minangka manungsa, Gusti kang sejati malah kaowah sajroning imajinasi. Wis dadi garising Gusti, manungsa biyasa keduman daya imajinasi. Mula ora gumun saka akehe imajinasi, ana wae sing nemu pikiran menawa Gusti wis mati. Kanggone wong sing cekak pikir bakal langsung nesu, kajaba wong sing gelem golek sebabe lan gelem maca. Taun 1882, Nietzsche nerbitake tulisane sing diwenehi judhul Die fröhliche Wissenschaft, diterjemahake menyang Basa Inggris dadi The Joyful Wisdom utawa The Gay Science. Sajroning buku kuwi, ana seratane Nietzche sing kawentar banget. Sakjane tulisan anggitane Nietzche kuwi ora kanggo ngukuhake komunis, nanging wong Jawa kebacut ngarani nek tembunge Nietzche kuwi salah siji tandha komunis, padahal ora mesthi ngono. Mengkene pethikane saka The Parable of The Man;

//”Where has God gone?” he cried. “I shall tell you. We have killed him – you and I. We are his murderers. But how have we done this? How were we able to drink up the sea? Who gave us the sponge to wipe away the entire horizon?//

//What did we do when we unchained the earth from its sun? Whither is it moving now? Whither are we moving now? Away from all suns? Are we not perpetually falling?//

//Backward, sideward, forward, in all directions? Is there any up or down left? Are we not straying as through an infinite nothing? Do we not feel the breath of empty space? Has it not become colder? Is it not more and more night coming on all the time?////Must not lanterns be lit in the morning? Do we not hear anything yet of the noise of the gravediggers who are burying God? Do we not smell anything yet of God’s decomposition? Gods too decompose. God is dead. God remains dead. And we have killed him.”//

Terjemahan kasar:

//”Menyang ngendi lungane Gusti?” Dheweke mbengok. “Aku kudu ngandhani kowe. Awak dhewe wis mateni Gusti, kowe karo aku. Awak dhewe sing mateni. Tapi piye awak dhewe ngrampungi perkara iki? Apa awak dhewe bisa ngombe banyu segara? Sapa sing ngewenehi awak dhewe serbet kanggo mbusak cakrawala?//

//Apa sing kudu awak dhewe lakoni nek srengenge ucul saka bumi? Menyang ngendi obahe? Menyang ngendi awak dhewe obah saiki? Ngadoh saka kabeh cahya srengenge? Rak awak dhewe bakal tiba terus tanpa nemu dhasar?//

//Nggeblak ing kabeh paran? Apa isih ana dhuwur ngisor? Apa awak dhewe ora malah kesasar? Apa awak dhewe ora ngrasakake ambegan ing jagad suwung? Apa ora tambah anyep? Ora bakal ana wengi?//

//Apa kudu nyumet damar ing wayah esuk? Apa awak dhewe ora keprungu swara tukang kedhuk kubur sing ngubur Gusti? Apa awak dhewe ora mambu ampasing Gusti? Gusti wis mati. Lan awak dhewe sing mateni.”//

Teks saka Nietzche sing diarani The Parable of The Man ing dhuwur dipercaya dening akeh filsuf menawa kanggo nggambarake kahanan wong Eropa nalika semana sing ora tenanan anggone ngrasuk agaka Kristen. Akeh sing tumindak ala lan sawenang-wenang, mula Nietzsche ngarani tumindak sing mengkono iku sing marai Gusti ‘mati’.

Nek manungsa wis ora duweni moral kamanungsan, tegese manungsa iku wis mateni Gusti. Ora liya Gusti sajroning pribadhi lan nulari liyan saengga patrap sing padha kelakon kanthi lumintu lan mrantak rata. Cetha menawa apa sing diomongake Nietzsche mau sewates sanepan kanggo wong Eropa, lan butuh atusan taun kanggo wong Eropa paham maknane, apa meneh wong Jawa.

Teks saka Nietzsche sumebyar ing donya, lan ing wektu sing wis ditemtokake panemune Nietzsche ngancik tekan tlatah Jawa. Lha kok dilalah sing maca teks Nietzsche mau rata-rata wong PKI. Kawruh langka saka Eropa mau banjur diserep lan sajake digawe cara ngritik kahanan politik ing Indonesia utamane ing Jawa. Lumantar organ Lekra sing diduweni, PKI nganggit lakon seni pertunjukan Jawa sing ora meneh ngeyel aturan nanging nyiptakake alur lakon selera dhewe, yaiku lakon-lakon sing nyerang langsung ajaran Islam lan kepercayaan agama Islam. Saben ludruk utawa kethoprak sing duwe afiliasi karo PKI mentasake lakon sing nyinggung Islam, penontone mesthi kebak lan padha seneng nalika nonton.

Geger Gusti

Pertunjukan tradisi Jawa sing ngangkat lakon-lakon nentang Islam sumebyar kanthi rata. Ing Jawa Timur dimainake liwat ludruk. Ing Jawa Tengah lan Yogyakarta dimainake sara kethoprak. Lumrahe wong Jawa jaman biyen, saben keprungu ana lakon aneh langsung ubyug-ubyug nonton. Kahanan kaya mengkono isih kelakon nganti enteke taun 1965.

Salah siji lakon pertunjukan Jawa rakyat sing wektu kuwi munggah banget yaiku lakon ‘Gusti Allah Mati’. Sakliyane iku ana lakon sing sakjenis kaya ta lakon kanthi judhul, ‘Patine Gusti Allah’, ‘Gusti Allah Mantu’, ‘Laire Ibrahim’, ‘Malaikat Kawin’, lan sakpiturute.

Pola lakon kaya sing wis disebutake ing dhuwur malah luwih manjing ing pertunjukan ludruk Jawa Timuran tinambang ing sajroning kethoprak. Sipat ludruk sing keras, frontal, lan terbuka marai ludruk luwih gampang nampa lakon anyar. Ing Blitar, Kediri, Mojokerto, nganti Jombang sing basise Islam wae ana ludruk mentasake tema-tema mangkono.

Wiwin Eko Santoso, laras sajroning rilis artikele Prof Soedarsono dan Lakon Matine Gusti Allah ing media online Kajangkalo aweh pengakuan menawa nglacak fakta lakon ‘Matine Gusti Allah’ kuwi dudu perkara gampang. Para seniman tilas Lekra ora mesthi gelem blaka, lan mungguhe para seniman non-Lekra, lakon kuwi mung grenengane wong.

Ing Yogyakarta, miturut Bondan Nusantara, ora ana lakon kethoprak sing judhule ‘Matine Gusti Allah’ utawa lakon-lakon tema mengkono, kuwi mung grenengan saka wong sing duwe karep supaya wong Yogyakarta ora demen nonton kethoprak meneh. Nanging Bondan uga aweh katrangan, menawa sempet ana acara pentas paskah sing nggambarake penyalibab Yesus diwenehi judhul ‘Matine Gusti Allah’ kanggo ngundang penonton.

Malah, Wiwin Eko Santoso nalika nglakoni wawancara marang para seniman Yogyakarta akeh sing ora mangerteni ana lakon kethoprak kanthi judhul Matine Gusti Allah. Wiwin percaya menawa sakjane ana Seniman tradisi Yogyakarta sing ngerti lakon kuwi nanging ora wani blaka utawa trauma. Kaya ta sing diadhepi Bu Sujilah, sing bojone dieksekusi amerga duwe sesambungan karo Lekra.

Senadyan ing Yogyakarta katon ora ana, Prof Soedarsono nyathet, kaya dene sing dicathet Telles, menawa ing Gunung Kidul tanggal 14 Juli 1964 nate ana pentas kethoprak Matine Gusti Allah lan Pernikahan Paus sing sipate agitatif uga provokatif. Mula wong liya nganggep Lekra lan PKI kuwk atheis, kamangka kethoprak Krido Mardi tanggal 22 Oktober 1957 nate mentas lakon spiritual Diponegoro ing Alun-Alun Lor Yogyakarta.

Beda meneh kahanane nek ing Jawa Timur. Lakon-lakon kanthi tema nantang ajaran Islam tuwuh ngrembaka. Ajip Rosidi, 1985, lakon Matine Gusti Allah akeh dipentasake ing desa-desa wewengkon Jawa Timur nganggo wujud ludruk.

Harian Tempo nate aweh wedharan bab lakon Gusti Allah Pun Ngundhuh Mantu, 30 September 2013, kanggo mengeti Gestapu. Dibukak nganggo pethikan dialog ludruk sing manggung ing Turen, Malang taun 1965; “Wis, percaya wae Gusti ora sare. Lha wong ra duwe klasa.” Kuwi pethikan dialog saka lakon Matine Gusti Allah.

Dilalah, nalika ludruk main ditunggoni Banser. Keprungu ana dialog mangkono, para Banser ngamuk. Ngobrak-abrik panggon tanggapan. Panganan sing disuguhake kanggo para penonton dibuwang. Gelem ora gelem, ludrukan kuwi bubar. Katrangan kuwi dientuk Agus Sunyoto saka saksi mata sing namane Tamyiz Djisman.

Miturut Agus Sunyoto dhewe, kaya sing dipethik Tempo, sakjane lakon ludruk Matine Gusti Allah kuwi nggambarake kahanan ekonomi lan aweh kritik marang pemerintah wae. Anggone nyampekake lumantar kidungan lan parikan. Ujare Agus Sunyoto, “Lumrahe wong desa ya akeh sing ora dhong.”

Neng Jombang, basis massa Islam, uga kangslupan lakon Gusti Allah Ngundhuh Mantu, lakon iki dimainake dening kelompok ludruk Arum Dalu. Nasibe padha kaya ludrukan ing Turen, Malang. Ludruk Arum Dalu diosak-asik dening Banser. Apa meneh sakdurunge main lakon kuwi, Arum Dalu nate mentasake lakon Kawine Malaikat Jibril.

Saksi sing nate main ludruk lakon Matine Gusti Allah yaiku Suwardi, Bojonegoro, kaya sing dicathet Tempo. Dheweke ngaku nate mainake lakon Matine Gusti Allah, nanging dheweke entuk dhapukan dadi Gareng. Pancen ing mangsa 1960 nganti 1965 akeh kelompok ludruk sing dadi bagiyan saka Lekra. Kaya pocape Gregorius Soeharsojo Goenito, mantan Lekra sing ngaku nek rata-rata ludruk jaman semana padha dadi anggota Lekra.

Nalika Soeharo dadi Presidhen, akeh kelompok ludruk sing gegancangan resik-resik. Ganti jeneng nganggo embel-embel nama satuan tentara lan ana sakngisore pengelolaan tentara kaya ta Ludruk Putra Bhirawa sing dibina Kodim Jombang, Ludruk Gema Tribata sing diayomi Brimob Balongsari, lan sakpiturute. Miturut pengakuane Edy Karya, pimpinan Ludruk Karya Budaya Monokerto, ludruk sing kerep duwe kritik sosial-politik sing tajam malih gamoh lan kelangan kakuwatan kanggo ngritik ing wayah Orde Baru nguwasani Endonesa.

Imajinasi Gusti Allah Mati

Para seniman Lekra mesthine duwe motif lan alesan dhewe kanggo mentasake lakon kontroversial mengkono. Dzat Agung diwujudake dadi manungsa sakdhuwure ludruk. Malah konon sempet ana kedadeyan, saben wong sing kedhapuk dadi Gusti Allah sesoke mesthi mati.

Kawruh Barat sing diserep dening wong Jawa sarana ludruk lan kethoprak katon banget nyalahi cara pikir Jawa, nanging perlu diakoni menawa lakon mengkono nambahi wawasan pikire wong Jawa bab cara maca donya global lan pamikiran Barat. Senadyan tuwuh pitakonan, apa tembung saka Nietzsche sing muni Gusti Sampun Mati kuwi relevan apa ora karo kahanan ing Jawa.

Dzat Agung sing nyata anane mau kabukti manjing ing alam pikir lan mujudake angen-angen utawa imajinasi tatemtu. Padha kaya ujare Gus Dur sing ngomongake bab sapa sing bisa nglarang alam pikir ideologi. Tegese nek disambungake karo kahanan alam pikir imajinasi ketemune yaiku;

Apa ana wong sing bisa ngatur imajinasine wong liya? Lakon Matine Gusti Allah lan lakon-lakon sejenis liyane senadyan ora patut mungguhing patrap agama tetep kudu diapresiasi miturut patrap kesenian. Bisa diarani, lakon-lakon sing mengkono mau mbukak dalan wujude kemodernan ide sajroning pertunjukan tradisi rakyat Jawa.

Gombalamoh
Latest posts by Gombalamoh (see all)

One Reply to “Lakon Matine Gusti Allah”

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *