Edisi ekologi Jawa. Menetapkan leluhur Jawa yang sebenarnya. Menerima dogma sekaligus ilmu pengetahuan tanpa mencacat satu sama lain. Mengulik asal-usul orang Jawa.

Minangka wong Jawa, awak dhewe wis lumrah duwe rasa khurmat marang para leluhur. Wiwit jaman Hindhu – Budha nganti tumekaning agama-agama Samawi ing Jawa, leluhur tansah entuk kalungguhan sajroning batin wong Jawa.

Sarana donga-dinonga, sastra, lan ritual sing kerep dianakake kanggo ngelingi para leluhur, klebu lelabuhane nalika isih urip saengga aweh manfaat tumrap awak dhewe sing urip ing jaman modern.

Sakliyane kuwi, anane donga, sastra, lan ritual mau uga bisa diwenehi makna minangka tandha ucap panuwun marang leluhur. Ngomongake bab leluhur, kira-kira apa sing metu sajroning pikiran? Leluhur sing dimaksud mau duwe jarak pirang taun ing mburi?

Kanggo aweh wangsulan kanggo rong pitakonan kuwi, biyasane wong Jawa wis duwe tetenger, ing antarane yaiku, sing diarani leluhur kuwi simbah-simbah moyange awak, lan leluhur sing dimaksud ngemot dimensi sing beda-beda, bisa leluhur miturut kulawarga, kepercayaan, papan panggonan urip, lan manungsa kanthi utuh.

Umpama ngrunut leluhur kanthi maksud kulawarga, awak dhewe bakal nemu sing arane simbah buyut utawa bani. Nek manut maksud leluhur kepercayaan, ing kene maksude kepercayaan ajaran, awak dhewe bakal percaya menawa leluhur sing dimaksud yaiku saka jaman-jaman kerajaan utawa mitos-mitos penciptaan saka Gusti.

Lukisan dening William Blake, “Adam & Eve”, sumber: https://fineartamerica.com/featured/william-blake-adam-eve-granger.html

Beda meneh nek maksud leluhur mau miturut papan panggon urip, temtune sing tinemu yaiku perkara sapa sing mbabat alas. Pungkasan, apa awak dhewe minangka wong Jawa kerep mikirake leluhur miturut garis manungsa?

Bab apa kuwi leluhur, miturut Bausastra Djawa, Poerwadarminta, leluhur duwe tembung dasanama yaiku leluwur, tegese sing nurun-nurunake.

Awak dhewe saiki urip ing jaman modern. Ilmu lan kawruh bisa kanthi gampang banget dientuk. Uga dipercaya duwe rasa ‘adiluhung’, moralitas, lan norma sing wis disarujuki tanpa sadhar miturut watak panggon lan ajaran.

Saiki ngene, gandheng awak dhewe wis ngaku dadi wong Jawa sing paling mutakhir awit anane sarana golek ilmu lan karuh uga cetha ngugemi agama, kira-kira ngendi sing awak dhewe percaya bab sapa sejatine leluhur manungsa Jawa utawa nek kanthi utuh, sapa sejatine leluhur manungsa?

Apa awak dhewe bakal ujug-ujug percaya menawa wong Jawa kuwi turunan saka Kanjeng Nabi Adam lan Ibu Hawa, utawa awak dhewe bisa rada nampa nek awak dhewe iki turunane ‘bedhes’?

Sumber gambar: https://chasmosaurs.blogspot.com/2017/04/vintage-dinosaur-art-private-lives-of_26.html?m=1

Saben wayah ana bancakan kirim donga menyang leluhur ing wayah-wayah tatemtu, awak dhewe tansah ngirim donga marang para leluhur, kira-kira nate ora awak dhewe nalika kirim donga mau ngirimake dongane kanggo para leluhur ‘bedhes’ sing ditemu Eugene Dubois ana ing Trinil banjur diterusake penelitiane dening Pandhita Teilhard, Koenigswald, T. Jacob, lan S. Sartono?

Wkwkwkwk…. Panemu iki cetha bakal dianggep wagu dening akeh wong. Kok bisane kirim donga kanggo Pithecanthropus Erectus, Java Man, utawa Homo Erectus.

Malah, bakal ana uga sing ngarani pikiran ngene iki ngawur. Nanging, nyatane mangkono kok. Dongane awak dhewe kanggo leluhur isih winates marang resepaning agama lan kaparcayan moralitas uga norma satengahing masyarakat. 

Fantasi Leluhur

Konsep ngurmati leluhur sumebyar banget ana ing Asia. Corak pakurmatan marang leluhur ing Jawa ora beda adoh kalawan kaparcayan bab leluhur ing Jepang, Thailand, lan dherah Asia sakpiturute. Apa sing diarani leluhur pancen pener yaiku wong sing nurun-nurunake.

Blaka wae, tekan seprene isih durung cetha, kira-kira teori evolusi sing dibukak dening Darwin kuwi klebu perangan saka perangkat leluhur utawa ora?

Ing abad sangalas, Darwin nggawe kaget jagad. Dheweke ngajokake hipotesa, sing banjur dadi teori, nek manungsa kuwi asale saka ‘bedhes’.

Apa sing dibukak Darwin marai gereja-gereja komit, kaya dene nalika Galileo kandha nek Bumi kuwi ngubengi Matahari, ora sakwalike. Teori sing diwujudake Darwin mau banjur dikuwati dening E. Haeckel sing uga ing tembe mburi ngewenehi jagad teori ecology.

Emane, teori Darwin isih duweni luput. Kanggone para peneliti Barat, teori duwekke Darwin pancen revolusioner, nanging nalika Darwin ditakoni, ‘banjur kaya piye wujud peralihan saka bedhes nyang manungsa?’

Sumber: Pinterest

Darwin durung bisa aweh wangsulan. Mula ing sakbanjure, jembatan saka bedhes dadi manungsa iki diarani missing link. Ibarat awak dhewe nggawe kopi susu, sakdurunge diudak, mesthi awak dhewe bisa weruh warna coklat ing antarane warna putih susu lan warna ireng kopi. Ing kahanane teori Darwin, warna coklat kuwi mau ora tinemu.

Eugene Dubois percaya marang teori Darwin. Dheweke yekti, saumpama manungsa kuwi saka bedhes, mesthi missing link sing digoleki kuwi sumimpen ana ing alam tropis. Ing wiwitan dheweke ngarani bisa nemu kuwi ing Afrika.

Nanging sakwise dheweke maca laporan penelitiane Wallace sing muni menawa missing link kuwi luwih gedhe kemungkinane tinemu ing Asia Tenggara amerga habitate sing isih ketel banget, Eugene Dubois pindhah nyawang Asia Tenggara.

Pisanan, Eugene Dubois mara ing Sumatra, ing Payakumbuh, kanggo ngeduk lemah lan mider guwa. Nanging nalika dheweke entuk laporan bab tinemune fosil ing Wajak, Tulungagung, Dubois cepet-cepet mara menyang Jawa.

Ing Jawa, Dubois miwit garapan saka pinggiring Bengawan Solo nganti dheweke nemu fosil ing Kedungbrubus lan Trinil. Temuan fosil kuwi mau diwastani Manungsa Jawa, umure dipercaya nganti antarane pitungewu taun lan sakyuta taun, lan ujug-ujug langsung diklaim dening Dubois minangka missing link sing digoleki satengahing teori evolusi.

Screenshoot buku “Mereka Menemukan Pulau Jawa”, 1990

Cilakane, peneliti Barat ora bisa nampa panemune Dubois.  Sakwise dibiji fisiologis lan anatomi dening peneliti Barat, fosil temuane Dubois dianggep luwih cedhak marang ape (bedhes) tinimbang manungsa.

Awit saka kelakuwane para peneliti Barat, Eugene Dubois malih setres lan telung taun ora gelem metu omah. Temuan-temuan fosil didelikake ing ngisor omah. Bar telung taun kuwi, Dubois lagi mbukak temuane kanggo para peneliti. Dening peneliti Barat, temuane Dubois dilebokake dadi Homo Erectus.

Saiki missing link sing digoleki luwih ditemplekake marang Ramapithecus utawa Sivapithecus saka Pakistan lan India. Jenenge rada unik pancen, sengaja digawe padha kalawan mitologi Hindhu utawa peradaban lembah bengawan Indus.

Wong sing nemokake, G. Edward Lewis, taun 1932, nganggo jeneng rama kanthi nimbang maknane ing basa latin sing tegese moncong pendek

Screenshoot artikel ilmiah “Ramapithecus” dening Elwyn L. Simons, ing Jurnal Scientific American, 236 (5), 1977

Senadyan manungsa purba Jawa isih durung pesthi klebu missing link utawa dudu, ora bisa diwurungake menawa ing Jawa pancen ana manungsa purba. Apa manungsa purba ing Jawa kuwi sing nurunake manungsa Jawa jaman saiki? Sakumpama kanyatane kaya ngono, awak dhewe bisa nrima ora ya?

Tur, pancen ana teori migrasi sing ngomong tekane manungsa ing Jawa, ana sing percaya leluhur awak dhewe kuwi saka Taiwan utawa Afrika, nanging teori migrasi kuwi mau wae ora cetha, sing pindhah kuwi manungsa homo sapiens kaya awak dhewe saiki utawa malah manungsa purba. Apa aja-aja malah barengan kaya ujare Yuval Noah Harari?

Nek miturutku, arep teka ‘bedhes’ utawa saka ‘Adam – Hawa’, aku dhewe ora masalah. Dudu amerga alesan sing muluk-muluk filsafat lan moral, uga dudu amerga kurang ngugemi agama, nanging amerga aku dhewe ora ngerti pesthine. Mula ya biyasa wae.

Awak dhewe ora weruh pesthine. Dadi nek ana sing ora trima nek leluhur manungsa Jawa kuwi bedhes, ya lumrah wae. Awak dhewe bebas berasumsi lan berfantasi bab kanyatan ing masa lalu kok, angger ora meksakake pikiran sing dipercaya marang liyan. 

(Bersambung… “Tanggapan kanggo Kisah Tanah Jawa; Gajah Nuswantara saka Afrika?”)

Gombalamoh
Latest posts by Gombalamoh (see all)