Akeh kedadeyan sing ngowahi manungsa. Kanca lan rasa tresna sewates tetenger yen awak dhewe dudu kewan. Sesambungan apa wae ora ana sing langgeng selawase. Cerkak iki bisa diarani cerkak episodik.

Wedang sing diudheg sore mau durung kober disruput. Tiwas ngenteni adzan Maghrib, bareng adzan ngumandhang wetenge kadadak sebah, mbeseseg neng dhadha, ilat krasa pait. Yen wis ngene, ora ana liya jalarane kajaba asam lambunge mumbul.

Sawise mangan sacukupe, wedang sacingkir mau terus dicandhak, digawa mlebu kamar. Ing kamar, kertas lan polpene wis cumepak. Wis diangen-angen wiwit awan, wengi iki kudu ana tulisan sing dirampungake. Mangkono batine Karsono.

Rokok ing meja didudut, disumet, njur diakeb. Gegambarane Jadmiko lan Karto bali gumlewang ing walike keluk sing disemburake.


“Jad, kowe mengko apa sida menyang omahe Mbah Mongin?” pitakone Karto.

“Iya. Ngapa? Kowe arep melu, ta?

“Ora. Ora lo, Jad. Kowe wis ngetung tenan ta? Apa tetimbanganmu wis jangkep?”

“Wis. Yen kowe arep melu, ayo! Yen ora, wis aku takbudhal. Kowe karo Pardi ngentenana neng warunge Mbah Ni Ganyong wae. Mengko taksusul.”

Mendhung wis sumilak. Ing langit saiki katon lintang-lintang sumebar. Rembulane katon separo. Jadmiko wis nyandhak sepedha pancale, nggeblas ngetan. Pardi mung ndomblong neng jero bedheng. disawang saka lawang, Karto sing sajak ora jenak pikirane.

Pardi ora kepengin ngerti jalarane, merga iku wis dudu wewenange. Kekancan wong telu wiwit cilik, anggepe Pardi wis ora ana bab sing prelu diwadekake ing antarane Jadmiko, Karto lan dheweke. Upamane ana bab sing ora dingerteni, ateges kuwi dudu urusane. Lan dheweke ya ora wenang ngurus.


Wedang sore mau terus disruput. Polpen terus dicandhak Karsono. Ukara mbaka ukara ditulis cetha. Maneka kedadeyan sing ora bisa dinalar uga ditulis. Nulis pancen wis dadi kasenengane wiwit biyen.

Telung dina kepungkur, dheweke kepethuk sawijining nom-noman kang praupane ngelingake marang Jadmiko 20 taun kepungkur. Nom-noman iku ngaku jenenge Norman, asale saka Gresik. Ing kene dheweke melu manggon ing omahe maratuwane sing jenenge Sukar.

Embuh, Karsono dhewe kok ora pati paham ngenani maratuwane iki. Sing ndadekake Karsono ketarik karo bocah iki ya praupane sing memper Jadmiko mau. Rasa kepengin ngertine kepeksa dipedhot, merga ing warunge Yu Dami lagi akeh wong, lan maneh dheweke ya selak balik menyang pabrik. Sawise njaluk nomere nom-noman iku, Karsono njur pamitan.

Anggep wae ilustrasi Karsono. Sumber gambar: The Sky was Looking Back

“Kar, ayo golek wedang! Aku durung ngombe wedang blas wiwit esuk.” Pangajake Pardi. 

“Budhal saiki? Ya sik taksalin klambi.” Wangsulane Karto. Embuh ngapa, pikirane Pardi dadi sujana nalika weruh slagane Karto. Wangsulane gragapan, sajake pikirane nggleyang embuh menyang ngendi.

Pardi banjur ngenteni dheweke ing ngarepan, sinambi nyawang lintang pating krelip wengi iki. Perkara rembugane Jadmiko lan Karto mau wis ora direken, “Mengko rak ya padha crita dhewe.” Batine. Ora suwe Karto banjur metu nyusul Pardi karo nuntun sepedha pancale.

“Ayo nyang warunge Mbah Ni Ganyong wae!” pangajake Karto. Pardi kari ngetut wae ing mburine. Wong loro mancal sepedha iring-iringan.


Sawise oleh salembar, polpene bali diseleh. Mripate wis krasa pedhes. Menawa pancen ya wis kegawa umur. Mripate Karsono wis ora tajem kaya 20 puluh taun kepungkur. Rokoke sing mau disumet saiki wis kari separo. Merga kesuwen ditumpangake asbak.

HP sing mau diseleh ing kasur banjur disaut. Karsono kelingan yen awan mau bageyan prodhuksi kandha, jare tukang ngoven ana sing metu siji. Banjur saiki butuh wong siji maneh kanggo ngganteni. Wong lanang umur 53 iku banjur kelingan marang Norman.

Nalika pethuk neng warunge Yu Dami wingi dheweke kandha jare bubar metu saka gaweyan lawase. Nomere Norman ing HPne banjur didudul.

“Halo, bener iki Dhik Norman? Iki aku Karsono. Wingi jare sampeyan butuh gaweyan. Iki kebeneran pabrik roti nggonku kerja lagi mbutuhne tukang ngoven. Menawa sampeyan gelem, tulung sesok langsung mara neng pabrik. Takenteni jam 9 esuk. Ya wis, ngono wae. Matur nuwun.” Telpon dipungkasi. Saka kadohan, Norman nyaguhi undangane supaya teka ing pabrik.


Jam lawas ing warunge Mbah Ni Ganyong wis nuding angka 11, nanging Jadmiko uga isih durung nyusul. Wedange Pardi lan Karto wis kari lethege.

Embuh wis pirang uthil rokok sing diceceg nom-noman loro iku. Mripate Pardi wis wiwit nyliyut. Pardi nyawang Karto isih amem. Sajake bener pangirane sore mau. Ana bab sing disingidake Jadmiko lan Karto.

Swarane wong rembugan nomer sajake isih gayeng. Nanging Pardi mung bisa nyemak lan ngguyu kala-kala. Merga dheweke ora ngerti babar blas perkara nomer. Mula dheweke ora melu nyembungi omongan apa-apa.

“Kowe kok mung ngguya-ngguyu wae, Par?” Pitakone Jadmiko karo ngeplak pundhake saka mburi. Pardi njumbul, wong sing weruh banjur ngguyu cekakakan. 

“Asem! Saka ngendi wae kok lagi teka?” Pitakone.

“Hahaha, mau aku ngapeli Lastri dhisik.” Wangsulane Jadmiko.

“Halah, kowe kok ngapeli Lastri. Ora mungguh.” Wangsulane Pardi sengol, banjur bali ndudut rokok eceran. 

“Kowe sida mrana?” Karto melu nyambungi.

“Ya sida ta! Wis takniyati tenan kok. Yen ora ngene, gek kapan lehku klakon ngrengkuh bocah kae.” 

Krungu wangsulane Jadmiko, Karto mung mesem. Dene Pardi praupane dumadakan peteng, dheweke rumangsa pancen ana sing disingidake Jadmiko lan Karto.

“Yagene Jadmiko kok kandha yen dheweke mentas ngapeli Lastri? Apa kuwi bener? Apa pancen selawase iki Jadmiko ngesir Lastri?” pitakon-pitakon iku sing dumadakan ngebaki jagate Pardi.


Karsono isih kepikiran karo Norman. Yagene praupane bisa persis karo Jadmiko. “Mosok ta yen Norman kuwi jane anake Jadmiko?” Rumangsane Karsono mokal. Mangka Jadmiko rikala semana durung duwe anak.

Dheweke banjur menyat menyang cendhela. ngongak rembulane sing katon ndadari. “Jadmiko wis ora ana, dene Karto embuh neng ngendi papan dununge saiki. Kedadeyan 20 puluh taun kepungkur ndadekake aku pisah karo Jadmiko lan Karto. Kancaku wiwit cilik kang dakanggep dulur sinarawedi. Sing banjur tega marang aku.”

Ucape Karsono. Koran lawas sing isih disimpen ing lemari banjur dijupuk, Karsono mbukaki warta sing kamot ing kono, luhe netes nelesi pipi. Ngeman marang lelakon sing wis dumadi.


“Neng ndi, Karto? Jaremu Karto kacilakan? Karto neng ndi, Par?”

Dheb! Durung nganti rampung olehe takon, ana barang atos sing ngantem sirahe Jadmiko. Wong lanang iku tiba klemah. Ing ngarepe, remeng-remeng katon Pardi sing ngadeg jejeg kanthi nyekel balok kayu. Saka balok kayu iku, ketes getih-getih seger campur banyu udan saka payon gudhang sing bocor.

“Pangapuramu, Jad. Aku ora lila yen Lastri dadi bojomu. Kowe ngerti yen aku wis suwe ngesir Lastri! Wiwit sepisan ketemu! Wiwit ing SMP! Yagene kowe tega karo aku Jad! Aku ora lila. Aku ora lila Lastri duwe bojo wong lanang bejat kaya kowe!”

Jadmiko sing wis ora pati sadhar isih nyoba ngadeg trantanan lori lawas sing ana sacedhake. Dheweke isih bisa ngrungokake wuwuse Pardi kanthi cetha, nanging lambene wis ora kober kumecap merga ngempet lara. Dheb! Balok kayu bali ngantem pilingane Jadmiko sadurunge dheweke klakon ngadeg. “Pangapuramu, Jad!” Ucape Pardi. 

Ing jaba udane sansaya deres. Thathit bola-bali nyamber. Sorote mlebu ing gudhang papane regejegan wong loro sing wis lawas kekancan. Katon ana banyu bening sing mili saka tlapukan mripate Pardi. 

Karo nyekel balok kayu, Pardi mbopong Jadmiko menyang gudhang kayu bakar. Ing kono, Pardi banjur nyumet rokok sing wis setengah teles merga banyu udan lan kringet.

Sawise nyumet rokok, korek sing isih murub iku diuncalake tumpukan blarak lan kayu bakar. Ora suwe, geni wis klakon ngobong saruwangan iku. Ngobong blarak lan kayu sing dinggo nggodhog gula, ngobong sakujur awake Jadmiko, ngobong sesambungane Pardi lan Jadmiko.


“Par, Kar! Awake dhewe iki dulur. Saiki dulur, mbesok ya dulur! Mbesok awake dhewe kudu bisa mulya bareng. Seduluran selawase! Urip bareng, mati bareng. Bareng-bareng nggayuh kamulyan. Lori iki dadi seksine sumpahe awake dhewe!”

Mangkono ucape Jadmiko nalika wong telu numpak lorine pabrik gula, bubar mulih sekolah. Pardi lan Karto mesem ngiyani ucape Jadmiko sore kae.

Cuthel

Yofi Prayoga
Latest posts by Yofi Prayoga (see all)