Luntur Jawane (Resensi Buku Student Hidjo)7 min read

Buku Student Hidjo iki awale arupa crita bersambung ana ing Harian Sinar Hindia taun 1918. Crita banjur diterbitake dadi buku karo Masman & Stroink taun 1919. Penulise, Mas Marco Kartodikromo, wartawan asal Blora. Dheweke klebu tokoh – masiya urip sadurunge kemerdekaan Indonesia – kang nentang kolonialisme lan feodalisme. Bola-bali dheweke dijebloske kunjara amarga tulisane ngkritik pemerintah kolonial.

Paraga utama buku iki jenenge Raden Hidjo, anak saudagar sugih saka Sala. Hidjo dikirim sekolah neng negara Walanda karo wong tuwane. Amarga Hidjo duwe sipat becik, lan uga lulus Hoogere Burgerschool (biasa disingkat HBS, yaiku sekolah sak tingkat SMA jaman kuwi) kanthi biji apik, dheweke digadhang-gadhang bisa nerusake sekolah dadi insinyur. Panyengguhe ramane, kanthi mengkono Hidjo bisa ngundhakake drajat keluwarga, supaya ora kalah karo bupati lan priyayi-priyayi keturunan pangeran.

Ibune Hidjo sakjane kuwatir ngeculake anake mangkat neng negara Walanda. Ora mung amarga Hidjo ini anak ontang-anting, nanging uga akeh crita bab pemuda-pemuda saka Jawa kang kagodha noni-noni Walanda lan urip sarwa bebas ing negara kuwi. Apa meneh Hidjo wis pepacangan karo Raden Ajeng Biroe, kang isih sedulur dhewe (misane). Nanging amarga Hidjo ngucap janji marang ibune, menawa dheweke arep tenanan olehe sekolah lan ora arep kegodha wong wadon Walanda, Raden Nganten Potronojo ngolehake anake budhal sekolah ing negara Walanda.

Buku Student Hidjo iki dibagi dadi 22 bab. Saliyane Hidjo, buku iki uga nyeritakake tokoh-tokoh pendukung, kayata: Raden Ajeng Biroe (pacangane Hidjo), Raden Mas Wardojo (kanca sekolahe Hidjo), Raden Ajeng Woengoe (adine Raden Mas Wardojo), pasangan Potronojo (rama ibune Hidjo), pasangan Regent Djarak (rama ibune Wardojo lan Woengoe), Willem Walter (Petugas Pengawas ing Djarak), keluwarga kang dipondoki Hidjo ing Den Haag, lan liyane.

Crita Student Hidjo iki menawa dianalisis nganggo standar jaman saiki, ana patang poin kang dadi nilai plus. Patang poin kuwi yaiku: (1) masyarakat Jawa kang tansah njaga tali silahturahmi; (2) mbahas bab persamaan lan perikemanusiaan, luwih-luwih kang ana gandheng cenenge karo urusan penjajah lan kolonine; (3) nggunakake acara Kongres Sarekat Islam ing Sriwedari dadi setting crita; (4) nyebutake sakkeplasan bab perkumpulan perempuan.

Ing crita fiksi iki, penulis nggambarake cara uriping para priyayi Jawa jaman semana. Amarga ora kurang bandha, kalangan priyayi duwe kasenengan golek hiburan. Salah sijining hiburan yaiku tilik keluarga/kenalan. Iki klebu Visiting Friends and Relatives ing kategori pariwisata. Hidjo dolan lan nginep ana omahe Wardojo ing Djarak, keluwargane Hidjo tilik nang Djarak, sarta keluwargane Wardojo gantian tilik ing Sala. Iki nggambarake rakete silahturahmi ing kalangan masyarakat Jawa, kang tekan saiki isih dijaga.

Ana bagian crita kang mbahas bab persamaan lan kemanusiaan. Bab iki ping bola-bali dibahas. Sepisanan dibahas nalika Hidjo tekan Amsterdam, mlebu hotel lan diladeni kanthi kurmat karo wong Landa kang dadi pelayan hotel, amarga dianggep wong sugih. Kapindho dibahas rada dawa nalika Walter lan Regent diskusi bab associatie.

Kaping telu, diulas wektu penulis njelasake Sarekat Islam lan kongres in Sala. Kaping papat, dislamur arupa tulisan ing brosur nganggo basa Melayu kanthi irah-irahan: Bangsa Belanda di Hindia. Brosur ini diuduhake Walter marang Djepris, sersan Landa, sing ngunek-unekake jongos Jawa kanthi kasar. Tulisan ing brosur iki sing paling dawa lan lengkap mbahas bab persamaan lan perikemanusiaan. Kaya-kaya, iki pesen sponsor saka penulis kanggo para bumiputera.

Crita Student Hidjo njupuk titi wanci kurang luwih ngepasi karo Kongres Sarekat Islam kang kalaksanan ing Sriwedari Sala, taun 1913. Stasiun Balapan digambarake kebak puluhan andhong kang dikei tanda gendera SI, methuk atusan panyarta kongres. Wanci iku rombongane Woengoe lan keluwargane teka saka Djarak, amarga Regent kepengin mirsani kongres, sisan ngajak keluwargane tilik keluwargane Hidjo. Malah, Wardojo kelakon melu kancane kang anggota SI, mlebu nang venue ing Kampung Kabangan, ngrungoake pidhato tokoh-tokoh SI.

Bagian iki ora nggumunake, amarga penulis pranyata anggota SI wektu kuwi, dadi bisa nyritaake kanthi pas. Penulis nggunaake setting iki kanggo njlentrehake bab SI lan perjuangane. Siji meneh kang diselipake karo penulis ing crita iki, yaiku perkumpulan perempuan. Iki katulis ing omongan antarane Biroe, Woengoe, lan Wardojo. Nanging mung guyonan lan ora dibabar luwih cetha.

Sak liyane nilai plus, ana uga sing dadi catetan saka crita iki. Ana patang catetan kang bisa dianalisis saka crita iki, yaiku bab: (1) ketidaksetaraan gender; (2) feodalisme; (3) digampangake; lan (4) wong Jawa kang luntur Jawane.

Ketidaksetaraan gender kagambar cetha mela-mela ing crita iki. Biroe, Woengoe, lan tokoh wong wadon liya, mesthi digambarake sacara fisik. Deskripsi kanggo wong wadon kurang luwih: ayu, aleman, tukang nggodha, sandangane rok sutra, nganggo perhiasan (kalung jamrud, ali-ali berlian, suweng berlian), lan rega perhiasan ditulis. Suwenge Biroe ditulis regane f2000 – bandingke karo f100 beaya urip ing negara Walanda ben sasi kang ditulis ing crita iki.

Tokoh Biroe lan Woengoe, ora ditulis katrangan pendhidhikane utawa prestasi akademise. Saka crita bisa disimpulake menawa bocah-bocah wadon iki uga sekolah nang sekolah pilihan, amarga bisa nulis lan nganggo basa Landa kanthi apik. Tokoh lanang dikei stigma, menawa pemuda Jawa gampang kegodha dening wong wadon Walanda nalika urip ing kana.

Uga dadi catetan yaiku bab feodalisme. Masiya penulis kasebut penentang feodalisme (sumber: wikipedia), nanging crita iki isih kenthel feodalismene. Jejodhoan kang dipilihke wong tuwa lan babagan manut marang wong tuwa iku bukti kencenging feodalisme ing crita iki.

Mbok menawa bab ketidaksetaraan gender lan feodalisme pancen kenthel ing situasi jaman semana. Penulis nyritaake apa anane kang kadadeyan ing masyarakat kelas priyayi, tanpa nggawe tokoh kontroversial, umpamane.

Catetan candhake yaiku ‘digampangke’. Bagian kang rasane digampangke yaiku bagian akhir crita, jejodhoan kang dipenggokake, lan aborsi. Kaya-kaya, ing bagian iki, penulis milih sing paling gampang lan dipas-paske, tanpa kakean energi lan kreativitas.

Sing paling ngganggu, yaiku ora dijlentrehake uripe Hidjo nalika dadi mahasiswa ing negara Walanda. Mung disebutake seminggu ping pindho kudu menyang Delft kanggo kuliah. Kepriye swasana kuliahe? Sapa wae kanca kuliahe. Menawa kampuse nang Delft nanging mondoke nang Den Haag, kepriye olehe mangkat-mulih kuliah? Apa numpak sepur – kang jaman saiki mung butuh 13 menit? Rincian ngene iki menawa dikatutake, bakalan ngekei gambaran wutuh uripe Hidjo nalika dadi student ing negara Walanda. Klebu penting amarga irah-irahane Student Hidjo.

Catetan paling akhir saka crita iki yaiku bab wong Jawa kang luntur Jawane. Penulis crita iki pancen kasebut klebu tokoh sepisanan kang nulis ngganggo basa Melayu. Ukara basa Jawa kang ditulis ing crita iki malah kanggo nguduhake yen ana wong Landa (Walter) kang fasih bab basa lan kabudayan Jawa. Tokoh wong-wong Jawa malah prasasat mulai luntur Jawane.

Contone, Raden Ajeng Biroe kang katulis umur 13 taun, ora ngundang ‘mas’ karo Hidjo kang umur 18 taun. Olehe nyebut njangkar, yaiku langsung jenenge.

“Djo, ik ben klaar!” Mengkono ujare Biroe marang Hidjo katulis ing kaca 13. Pancen, miturut crita, Biroe iki keitung ‘mbakyu’ marang Hidjo masiya umure luwih enom, amarga dheweke anake budhene Hidjo. Nanging adate, menawa wis dipacangake, wong wadon bakal nyeluk ‘mas’ karo pacangane, kanggo ngurmati sing lanang.

Amarga buku katulis nganggo basa Melayu, omong-omongan antarane rama ibune Hidjo uga nganggo basa Melayu. Penulis milih ‘kanda’ lan ‘adinda’ kanggo ngganti sebutan ‘kangmas’ lan ‘diajeng’. Iki marai rasa basane dadi beda.

Tokoh-tokoh wong Jawa ing crita iki olehe kena pengaruh cara Landa ora mung bab basa, nanging uga olehe nganggo sebutan ‘papa’, ‘mama’, ‘zus’, etika mlaku bebarengan, gandengan tangan, nganti urusan ngombe limun.

Ulasan crita iki muga-muga nambah pepenginan kanggo maca Student Hidjo. Buku iki bisa nggawa swasana jaman semana, mbok menawa malah kegawa mlebu ing crita. Iki jaman sadurunge kemerdekaan. Buku iki uga ngajak awake dhewe mikir, menawa sing jenenge persamaan lan perikemanusiaan, kudu tetep diperjuangake.


Informasi buku:

Judul: Student Hidjo

Pengarang: Mas Marco Kartodikromo

Penerbit: Penerbit Narasi

Tahun: 2010

Ukuran: 14,5×21; 140 hal


O iya, ana saperangan catetan bab kapenulisan buku ini. Mbok menawa arep digawe cetakan candhake, sayogyane direvisi dhisik catetan saka edisi iki, yaiku:

  • Istilah asing durung kabeh diwenehi katrangan ing catatan kaki
  • Delft kerep kliru diketik dadi Delf utawa Deft
  • Salah sebut, kudune sing ngomong sapa ditulise sapa (kaca 18, 98)
  • Sing bener ibune Biroe kuwi mbakyune ibune Hidjo, apa kosok walike? Ing kaca 7 ibune Hidjo nyebut mbakyu mantri polisi, nanging ing kaca 70 Biroe nyebut ibune Hidjo kanthi sebutan boede.
  • Salah ketik irah-irahane bab ing kaca 109
Latest posts by Mbokne Wage (see all)

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *