Lunga pancen kudu sangu donga, kang utama donga saka wong tuwa. Cerkak iki kandha menawa golek pakarya kuwi aja nganti ora nggugu piwelinge ibu.

Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi

Anemu duraka 

Ing donya tumekeng akhir

Tan wurung kasurang-surang


Kelingan tembang macapat maskumambang kang diajarake dening guruku, ndadekake ati iki sansaya sedhih. Merga, biyen aku ora nggugu pituture wong tuwaku. Ing watara taun 2000-an, aku kepincut karo ajakan sawijining pawongan saka kutha kang lagi wae takkenal. Dheweke ngaku nyambut gawe ing PJTKI. 

Kacarita, aku lan kanca-kanca kelas 3 ing sawijining sekolah negeri ing kutha Boyolali lagi wae bubar sinau pelajaran basa Jawa kang materine tembang macapat. Kabeh padha seneng tembang kang diajarake dening Bu Ambar, guruku basa Jawa. Bu Ambar mengkono priyayine becik senajan rada galak. Nanging, galake bu guru ya…merga saka ndablege aku lan kanca-kancaku. 

Isih kelingan ngendikane Bu Ambar marang aku lan kanca-kanca nalika nutup pasinaon ing wektu kuwi,

” Le…, Nduk…, anak-anakku kabeh pada dieling-eling piweling saka tembang kang lagi wae disinau, yaiku aja nganti nyepelekake pituture wong tuwa, mengko mundhak kuwalat.”

Bebarengan aku lan kanca-kanca wangsuli. “Nggih, Bu…..” Jaman semana pancene para siswa utawa bocah kang keprenah enom nalika matur karo wong tuwa mesti padha gunakake basa krama, ora kaya saiki bocah-bocah padha njangkar, ora mudheng apa sing jenenge unggah-ungguh basa lan subasita. 

Sabubare padha mulih, ing dhukuh ana pawongan gedhe dhuwur, brengose kandel, nganggo sandhangan peni lan sepatu pantofel disemir kempling. Dumadakan pawongan iku nyegat aku lan Jumali kancaku perlune ngajak kenalan.

Mung ilustrasi wong sing jenenge Sukono. Sumber gambar: Storenvy

Ngakune jenenge Sukono, pegawe PJTKI. Sawise kenalan dheweke banjur menehi brosur lan formulir pendhaftaran. Pak Sukono uga njlentrehake kanthi genep isine brosur lan formulir iku.

Surasane pirembugan iku, dheweke ngajak aku lan Jumali nyambut gawe ing tanah manca. Ditawani papan gaweyan kang kepenak lan gaji kang gedhe. “Pak, punika nyambut damel wonten nggen menapa?” Pitakonku marang Pak Kono.

“Nyambut gawe ana pabrik, L. Pabrike gedhe lan gajine ya akeh. Kowe wis kelas 3 ta? Piye engko nak lulus melu aku neng Malaysia? Iki formulire isinen, sesuk aku takmara rene meneh!” Ujare Pak Kono ngeyem-eyemi. 

“Nggih kula pikire rumiyin, Pak.” Wangsulanku. 

Pak Kono mungkur saka padukuhan, aku lan Jumali banjur rembugan. “Piye Jum, kowe gelem ora nyambut gawe ing tanah manca? Kowe ya ngerti kahanane neng kene golek gaweyan angel, paling akeh yo mung dadi buruh tani.”

Kadhaku meneh, “Sakorane awake dhewe mengko bisa ngangkat derajate wong tuwa sokur-sokur bisa nanggung uripe wong tuwa. Aku urip karo simbok, tunggalku cacahe 4 sak aku lan panguripane mung biasa wae,”

“Bapakku wis seda nalika aku isih cilik. Awit cilik nganti  saiki uripku tansah rekasa, arep mangan wae angel, bisa mangan daging kuwi setaun pisan yaiku nalika ba’dan.” Panggresahku kaya langit awan iku kang mendhunge gemandhul kari tibane.

“Aku jane ya gelem, Nur. Ya ngko awake dhewe ngenteni bubar nampa ijazah, ya. Ya wis ayo ndang diisi formulire sesuk ndang diwenehake pak Kono.” Gunemane Jumali sajak rada mantep merga kahanan lan pepinginane ora beda adoh karo kanca kenthele iku. 

Pengumuman lulusan kang dianti-anti karo aku lan kanca-kanca wis teka. Aku lan kanca kabeh padha lulus lan nampa ijazah miturut jenenge dhewe-dhewe. Ora nyana Pak Sukono nyegat ing ngarep sekolahku. “Piye Nur, karo kowe Jumali, sida melu aku neng Malaysia, ta?” 

“Nggih, Pak. Sios.” Wangsulanku karo Jumali.”

“Ya wis, seminggu meneh aku takmrene ngurus layang-layang, kowe kudu nyepakake dhuwit rong yuta patangatus kanggo gawe paspor lan tuku tiket.” Kandhane Pak Sukono. 

Aku lan Jumali banjur mulih lan matur karo wong tuwane dhewe-dhewe. “Mbok, kula badhe matur kaliyan panjenengan sakedhap.”

“Apa to, Le? Kok sajak wigati temen.” Ngendikane simbokku lirih. 

“Mekaten mbok, kula badhe nyuwun idi badhe nyambut damel dhateng Malaysia, Lajeng arta ingkang dipunbetahaken kagem damel paspor kaliyan tiket sedanten kalih yuta sekawan atus”. 

“Lho, lhawong nyambut gawe kok teka adohmen apa neng kene ora ana gaweyan ta, Le? Lha terus kowe arep melu sapa? Ngko menawa ana apa-apa sing arep nulungi sapa to, Le?”

“Prekara iki simbok ora menehi idi marang kowe, kowe ki anak ragil lanang meneh, mengko bakale keprabon lan ngopeni simbokmu iki. Kabeh mas lan mbakmu wis padha duwe omah dewe, duwe tanggungan dhewe-dhewe, banjur duwit semono akehe simbok oleh saka ngendi ta, Le?“ Ngendikane simbok kaget lan sajak kuwatir. 

“Mangkih mbok menawi kula sampun nyambut damel angsal gaji ingkang kathah, simbok mangkih dados tanggungan kula.  Lajeng prekawis ragat menika rak taksih gadhah sapi saged dipunsade ta, Mbok?” 

“Ealah, tole…mbok ya gugu menawa dikandhani wong tuwa.” Ngendikane Simbok semu mbrabak.

“Nggih, Mbok. Kula ajrih kaliyan panjenengan, nanging sepisan punika kemawon kula nyuwun tulung panjenengan kersa nuruti pepinginan kula menika.” Aturku karo nangis neng pangkonane simbok.  

Senajan abot, kanthi swara kang lirih simbok ngaras rambutku karo ngendika “Iya wis, Le. Menawa kuwi dadi penjalukmu, nanging aja gela tembe ing mburi simbokmu iki wis ngelingake marang kowe”. 

Kanthi ati kang bungah sanalika kuwi aku wangsuli, “Inggih,  Mbok. Saestu kula mangkih badhe dados tiyang ingkang saged ngangkat drajatipun panjenengan.”

Dina kang ditunggu wis tumeka, aku lan Jumali mangkat menyang negri pangimpen, Pak Kono naming ngeterake tekan bandara. “Nur, Jum, ngko saktekane Malaysia wis ana kang methuk kowe ya, pokoke manut wae karo sopirmu.” Piwelinge Pak Kono.

“Nggih, Pak.” Wangsulanku karo Jumali. Bener wae teka bandara wis ana montor werna putih kang mapag, bungah ati iki mangerteni gedhung dhuwur, montor apik lan liya-liyane kang ora tak temoni ing desa. Suwene suwe montor kang dak tumpaki ora teka-teka, mandar saya ngadoh saka ramene kutha.

“Jum…iki awake dhewe arep digawa neng ngendi, apa ora kleru iki. Lha kok isine mung alas tanduran apa kuwi kaya wit kambil nanging wuh-wuhane cilik.” Rembuganku klesik-klesik. 

“Aku ya ora ngerti, Nur. Wis pokoke awake dhewe manut wae” Saurane Jumali karo menehi tenger driji siji neng lambene. 

Tumeka ing papan kang dituju aku lan Jumali kaget. Ing tengahing alas ana omah kang memper gubug ing desaku, akeh wong ing kono kang lagi padha turu. Jebule kuwi para petani sawit kang nyambut gawe ing kebon kono.

Kocape, aku lan Jumali banjur amor karo petani liyane, saben dina aku lan Jumali nyambut gawe ing kebon sawit. Ana mandor galak kang ngawasi aku lan petani liyane anggone nyambut gawe. Pangan lan ombe wis diwenehi, semono uga karo papan panggonan senadyan wujude ora patut diarani omah wong. 

Gambaran kebon sawit

“Ealah ta, Jum…gaweyane jebule kaya mengkene rekasane ora beda karo ana desa, mandar luwih rekasa, macul, angkat junjung tanganku nganti mlenthung kabeh awakku uga lara kabeh.”

“Lha iya to, Nur…gela aku, gek iki mengko kira-kira awake dhewe digaji pira ya, Nur?” Jumali takon karo ngelap kringete. 

Kurang luwih wis enem sasi anggonku nyambut gawe. Rasane ing ati iki pengin nangis merga mangerteni kahananku kang kaya mangkene, gaji kang diarep-arep ora ajeg dibayar.

Nalika dibayar jumlahe ora beda karo opah  buruh tani ing desa. Pengin mulih nanging jebule formulir sing tak isi jaman semana, jebule surat kontrak kang nelakake aku kudu nyambut gawe ing kebon sawit kasebut saksuwene rong taun.

Ora bisa lunga menyang ngendi-ngendi merga paspor lan layang-layangku digawa karo kang duwe kebon. 

Sega wis malih dadi bubur, biyen dielingake Simboku aja nganti dalan kang dak pilih iki marai gela, lha kok jebule dadi kasunyatan. Pancen cilaka iku mapane saka badan awake dhewe dudu saka wong liya.


Joko Karyanto
Latest posts by Joko Karyanto (see all)