Kahanan Giri Mandaraagni ing taun 2020 iki. Ana apa, lan kudu piye awak dhewe ngadhepi kahanan sing kaya mangkene?

Tanggal 03 November 2020, Ki Seno Nugraha tinimbalan Gusti. Let rong dina, ana selebaran saka Badan Geologi Pusat Vulkanologi dan Mitigasi Bencana Geologi Balai Penyelidikan dan Pengembangan Teknologi Kebencanaan Geologi menawa gunung Merapi munggah status.

Kahanan Merapi sing sakdurunge ana ing level II (Waspada) munggah dadi level III (Siaga). Apa hubungan antara sedane Ki Seno Nugraha kalawan Merapi? Kena ngapa kok tulisan iki dibukak kanthi relasi sing mangkono?

Aja kuwatir. Ora ana hubungane. Ya mung ngupaya supaya tetep ngelingi menawa Ki Seno Nugraha lagi ntas wae ditimbali Gusti. Bab apa hubungan antara sedane Ki Seno kalawan Gunung Merapi kuwi urusane Gusti. Awak dhewe bisane mung gothak-gathuk bejane bisa mathuk. Ing kene, dudu hubungan kuwi sing bakal dibahas.

Tanggal 06 November 2020, para dulur sing cedhak kalawan pucuk Merapi padha diungsekake menyang dhaerah sing luwih ngisor, kira-kira adohe limang kilometer. Nek awak dhewe telateni saka berita-berita wiwit taun wingi, pancen wis rada suwe anggone Merapi gumregah. Bola-bali akeh lindu, tekan saiki.

Anane Gunung Merapi ora bisa diuculake saka jagad kosmologi Jawa, utamane kosmologi Jawa ing Yogyakarta. Wis kawentar sing diarani konsep garis imajiner; konon Merapi, Kraton, lan Segara Kidul kuwi manggon ana ing garis lurus, lan konon kuwi wis dipikirake dening Pangeran Mangkubumi sing madeg Sultan Hamengkubuwana I.

Pener orane bab iki awak dhewe mung bisa nggrabag. Nanging nek dinalar, apa wae sing kokselehake ana sakkidul Merapi, mesthi sisih lor kuwi Segara Kidul. Mula ana kemungkinan menawa garis imajiner mau mung kasil pikir para panerus.

Kahanane Merapi taun 2010. Sumber gambar: Unitedofnation WordPress

Posisi madeg Kraton Yogyakarta sing ana ing papan saiki nek kandhane Mas Galih mung perkara cocog ora lemahe lan posisi kali, babar blas ora nyandhak babagan filosofi garis imajiner.

Senadyan filosofi garis imajiner mau durung cetha wiwit kapan anane, sing cetha Gunung Merapi pancen wis suwe dadi gunung sing duwe status sakral paling aktif neng Jawa. Tilase bisa dilacak tekan mangsa Mataram Kuno, sedurung peradaban Jawa pindhah saka Jawa Tengah menyang Jawa Timur. 

Malah ing mangsa Mataram Kuno jaman Sanjaya, peradaban Jawa ing sakubenge Merapi, Ungaran, Merbabi, lan Sumbing-Sindoro ana ing mangsa jayane. Perkara pindhahe peradaban Jawa saka Jawa Tengah menyang Jawa Timur dhewe isih dadi perdebatan.

Ujar pirangane peneliti, pindhahe peradaban Jawa mengetan kuwi amerga ana salah siji gunung sing mlbedhos gedhe, nanging ana uga sing ngarani menawa pindhahe kuwi amerga Mataram kuno dilurug dening Raja Wurawari (Supriati Dwi Andreastuti, C. Newhall, & Joko Dwiyanto, 2006: 201).

Kandhane C.Gomes, dkk (2010) Gunung Merapi dhewe duwe sejarah sing kompleks lan angel lacake. Mula C. Gomes, dkk (2010) nerangake menawa ana telung fase sejarah Gunung Merapi. Ing antarane yaiku: (1) Periode kapisan, wiwit mangsa Holosen nganti saiki (2) Merapi tuwa, saka sedurung 10.000 taun biyen (3) Pungkasan, Merapi sing adoh saka sedurung 10.000 taun biyen.

Tumapaking Merapi

Kandhane Wiryamantana (1993) saka anggone neliti naskah-naskah Jawa ing skriptorium sakubengane Merapi-Merbabu, nama liyane Gunung Merapi sing eksis ing mangsa Jawa pertengahan beda kalawan jaman saiki. Ing jaman semono, namane Gunung Merapi yaiku Ardi Mandarageni utawa Giri Mandaraagni.

Miturut Andreastuti (2006) duwe gawe Merapi sing pisanan kecathet dikira-kira wiwit taun 1006 M, nanging anggepan teka Labberton (1922) lan Bammelen (1949) kuwi ora cocog menawa didadekake tengeran pindhahe Mataram kuno mengetan.

Amerga pindhahe Mataram kuno mengetan wis kalakon ing taun 928 M, bab iki bisa dicek ana ing Prasasti Anjukladang sing digawe taun 937 M.

Tur serangan Raja Wurawuri saka Lwaram ora kelakon ing taun 1006 M, nanging ing taun 1016, cocog kalawan prasasti Pucangan. Saka katrangan wektu ing dhuwur, Andreastuti (2006) ngira-ngira menawa sing luwih trep, kanggo cethetan kapisan Merapi, yaiku antara taun 765-911 M. Tur tun 1006 M Merapi ora ana hajat.

Ilustrasi gunung njeblug. Sumber gambar: Deviant Art

Nalika gunung duwe gawe, utamane Merapi duwe gawe, mesthi wong Jawa padha duwe pikiran sing macem-macem. Maksude, pikiran sing bakal nggathukake kahanan Merapi kalawan kahanan jaman sing lagi kelakon.

Praktek ngene iki umum kelakon ing jaman dhisik, lan jebul isih kelakon tekan seprene. Minangka entitas suci, gunung-gunung ing Jawa duwe status sing patut disubya uga diati-ati.

Nalika gunung kuwi anteng, bakal dadi berkah, nanging beda ceritane nek gunung mau obah utawa duwe hajat. Niteni saka kanyatan kuwi, pancen wis pesthi tinakdir menawa sing arane alam kuwi ora ana becik ora ana ala, alam kuwi duweni sipat netral, gumantung persepsine manungsa.

Miturut para pujangga Jawa abad 19, gunung sing duwe gawe kuwi dianggep minangka kamurkan saka Gusti Allah amerga manungsane padha ingkar lan mungkar (Sudibyo, 2019: 99). Uwal saka becik lan alane gunung ing Jawa, miturut kosmologi Jawa gunung tansah dadi papan kanggo manekung lan nyawang kaendahan.

Ing Babad Betawi, gunung Merapi sing duwe hajat taun 1822 ditengeri menawa alam lagi murka. Alesane, munggahe Raja Bocah ing Kraton Yogyakarta (Sultan Hamengkubuwana V).

Potret Merapi taun 1935. Sumber gambar: Sastra Org

Ujare penulis Babad Betawi, jalaran Raja Bocah mau munggah ratu, kraton malah mung dadi sarang badhut, lan ora duwe kawicaksanan. Mengkono kuwi sing banjur nyebabake Merapi nguntabake ladhu.

Penulis Babad Betawi katon rada ora seneng marang Sultan HB V, nanging piye-piyea minangka sastrawan, sajak penulis Babad Betawi pancen wis duwe pikiran menawa saben Merapi duwe hajat tegese ana sing ora pener satengahing pamerentahan.

Luwih cethane, gunung Merapi kalakon njeblug tanggal 28-30 Desember 1822. Suwene telungpuluh jam, gunung Merapi ngundang lindu nganti ping 18. Dibarengi kanthi udan krikil lan awu. Tanggal 30 Desember 1822, gunung Merapi njeblug kanthi banter banget. Mecah thathit, hoyag bumi.

Watu-watu gedhene sakndhas mumbul nganti rolas kilometer. Wedhus gembel anggayuh langit nganti dhuwur banget tan katon pungkase. Kali-kali ing sakubenge Merapi lan Merbabu wis diileni ladhu lan watu gedhe. Banyu kali padha umub.

Ladhu Merapi mili ing kali, mudhun saka ereng Merapi tumuju kali sisih Kidul lan Kidul-Kulon. Akeh bathang manungsa sing keli katutan banyu kali ing kali Progo. Bathang-bathang manungsa mau kintir tumekaning Segara Kidul.

Kasus sing rada beda bisa ditemu ing Babad Dipanegara. Sakwise bali saka manekung ing Selaraja, Diponegara banjur turu nyandhing strine. Dumadakan ing tengah wengi Merapi njeblug. Strine Pangeran Diponegara metu ngomah, ditutui dening Pangeran Diponegara. Orane kuwatir, Pangeran Diponegara malah mesem nalika weruh Merapi njeblug. 

Kanthi anteng, Pangeran Diponegara banjur bali menyang senthong, nyandhing bojone, tumuli nindakake senggama kalawan strine. Ing panyawange Pangeran Diponegara, njebluge Merapi dadi pratandha menawa jaman pancen wis gingsir. Wis wayahe kanggo Ratu Adil mawujud ing nusa Jawa. 

Nyepakake Mitigasi

Awak dhewe entuk wae mikirake aspek kosmologi lan filosofi saka panjebluge gunung Merapi, nanging aja nganti luput lan lali menawa awak dhewe uga butuh banget kanggo nyepakake tata cara mitigasi.

Apa meneh, ing Jawa kene iki, sing lemahe panas, kesadaran mitigasi isih klebu cilik. Bejane, ing taun iki, nalika Merapi wis geser status, para warga sakcandhak Merapi wis tumandang sumingkir.

Minangka wong Jawa, awak dhewe aja nganti uwal saka kaparcayan mistis marang gunung, nanging ora ateges nglalekake perkara nyawa.

Mula tinimbang mikir aspek mistis sing aneh-aneh, mendhing nyepakake butuhing mitigasi kanggo awake dhewe lan kulawarga. Barang apa wae sing kudu digawa kudu ndang dicepakake supaya ora ketinggal.

Sakliyane njagani njebluge Merapi, awak dhewe uga prelu ngati-ati marang lindu Merapi. Latian tumindak cepet nalika ngrasakake lindu, embuh cilik embuh gedhe. Piye carane slamet, nganggo sarana apa, lan piye posisi awak. Kaya contone gek ndang ngadeg ing pojokan ngomah nalika lindu gedhe umpama ora ana lemah amba utawa ndelik sakngisore meja.

Sumber gambar: Art Station

Nek arep ngomongake bab pratandha apa sing digawa dening Merapi ing taun 2020 iki, kayane awak dhewe wis cukup nampa apa sing dadi garising Gusti. Sakumpama awak dhewe isih duwe nalar, temtune awak dhewe jengkel ta marang taun iki? Apa meneh nek pemerintah dhewe wis tumindak nganti akal-akalan kaya saiki.

Sakjane bisa didawakake meneh menyang konsep taun kembar lan petungan windu Jawa sing ana gandhengane karo panjebluge Merapi sepuluh taun pisan. Nanging perkara iki rada ruwet, mula luwih becik nyepakake mitigasi wae. Suk nek wis ayem kahanane, awak dhewe bisa ngudari bebarengan aspek mistis Merapi.

Sumber Pustaka

  1. Andreastuti, S. D., Newhall, C., & Dwiyanto, J. (2006). Menelusuri kebenaran letusan Gunung Merapi 1006. Indonesian Journal on Geoscience, 1(4), 201-207.
  2. Gomez, C., Janin, M., Lavigne, F., Gertisser, R., Charbonnier, S., Lahitte, P., … & Murwanto, H. (2010). Borobudur, a basin under volcanic influence: 361,000 years BP to present. Journal of Volcanology and Geothermal Research, 196(3-4), 245-264.
  3. Sudibyo, S. (2019). Letusan Gunung dan Persepsi Sang Pujangga: Kesaksian Teks Bima, Jawa, dan Melayu Abad ke-19. Manuskripta, 9(1), 97-111.
  4. Wiryamartana, I. K. (1993). The scriptoria in the Merbabu-Merapi area. Bijdragen tot de taal-, land-en volkenkunde/Journal of the Humanities and Social Sciences of Southeast Asia, 149(3), 503-509.
Gombalamoh
Latest posts by Gombalamoh (see all)