Uraian lirik lagu Jancok iku Sakti karya Sawung Jabo. Menemukan alasan kenapa setan justru tidak suka pisuhan dan menemukan inti sejati pisuhan sebagai suatu kesaktian

Wayah wengi neng angkringan. Wis pitung dina pitung bengi rungon-rungon speaker angkringan nyetele mung Loss Dol, lagune Cak Nan sing anyar. Satengahing omong-omongan, Mas Imam karo Mas Sunul duwe pitakonan, “lagu Jawa biyasane romantis, nanging bisa ora lagu Jawa dialek Arekan digawe romantis?”

Sakjane pitakonan sing padha uga wis thukul suwe neng batinku. Lagune Didi Kempot swargi, sing dialek Mataraman, bisa dadi gayeng tur bisa dadi romantis. Beda rasa kalawan lagu saka tlatah Penginyongan lan Banyumasan sing nggawa swasana rancak dominan kendhang.

Uga nek digawa mengetan tekan tlatah Blambangan, lagu-lagu Osing wis kuncara bisa nuwuhake swasana sedhih sarana triangle, kaya lagu-lagune Demy, Suliyana, lan sakpiturute. Lha lagu Jawa dialek Arek kepiye?

Apa dialek basa Jawa sing maneka warna kuwi uga suwe sipat sing bakal selaras kalawan tembang? Mengkono pitakonku. Pisanan keprungu tembang Kanggo Riko saka Demy biyen rumangsaku basane kuwi aneh, nanging kena ngapa kok bisa ngundang rasa sedhih?

Nalika nginep neng kos kanca saka Penginyongan lan Banyumasan, senadyan lirik sing ditembangake sedhih nanging isih kerasa rancak, nanging sedhihe tetep ana, ora ilang.

Dakcoba nggolek lagu-lagu basa Jawa dialek Arek. Jaman semono kae sempet nate krungu lagu rap sing judhule tikus, dakgoleki meneh neng Youtube kepiye lagune, lagu Tikus dianggit dening Blackstar.

Nalika dakrungokake, “Raimu ancen elek koyok tekus!” Wah pancen sangar tur kasar lagune. Kupingku wae nganti gatel, apa meneh kupinge kanca-kanca saka dhaerah njaba tlatah Arek, mesthi langsung ditutup kupinge dhewe-dhewe.

Blackstar. Sumber: Twitter @blacstarSBY

Bar ngrungokake lagu Tikus kuwi, aja-aja karakter lagu Jawa dialek Arek luwih ngemot rasa sing lugu lan kasar?

Gandheng basa Jawa dialek Arek durung cetha kaya piye karaktere, rasane prelu nggawe ujicoba basa. Maksude, nalika basa Jawa dialek arek kuwi digarap minangka sastra kepiye dadine?

Sakdurunge nyoba eksperimen dhewe, rasane prelu nggoleki dhisik musisi dialek Arek lan sastrawan Jawa Arek sing wis suwe anggone makarya lumantar basa Jawa dialek Arek.

Angka siji nyoba nggoleki neng ranah sastra Jawa, yaiku nganggo cerkak-cerkak karyane Suparto Brata. Salah siji cerkak sing dinggo judhule Diamput! Sepatuku Ilang Ndhuk Mejid, dakbandhingake karo sing judhule Trem.

Loro-lorone padha nganggo panulisan gagrak basa Jawa wetan. Bar dakwaca, nyatane Trem sing ngemot crita romansa tetep bisa kerasa kok senadyan nganggo basa Jawa wetan. Ora beda adoh kalawan Diamput! Sepatuku Ilang Ndhuk Mejid.

Bar teka sastra, jajal nelateni ing lagu-lagu pop. Coba ngrungokake lagu-lagune Gombloh. Senadyan kondhang minangka penyanyi nasional, lagune Gombloh uga akeh sing nganggo basa Jawa.

Cilakane, Gombloh malah arang banget anggone nganggit lagu saka dialek Arek. Rata-rata Gombloh njupuk lirik saka serat lan babad. Contone kaya lagu Babad Damarwulan sing dening Gombloh tetep ditembangake cara pop nanging nganggo basa Jawa pertengahan.

Malah sansaya penasaran ta. Apa meneh dialek Arek kerep entuk cap duwe watak atos. Bisa ditemu saka pakulinan pisuhane. Apa pisuhane dialek Arek babar blas ora bisa manjing ing njero lagu sing romantis? Apa malah duwe watak dhewe?

Ketemu Jancok

Bejane, ujug-ujug kelingan Sawung Jabo. Musisi saka tlatah Surabaya sing biyen gabung karo Iwan Fals, Setiawan Djodi, Rendra, ana ing grup Kantata Takwa. Nek ora kleru, biyen nalika neng warnet iseng-iseng ngetik keyword jancok ing Youtube, lha kok dilalah metu pilihan lagune Sawung Jabo sing Jancok iku Sakti.

Sajroning tata cara musik, Sawung Jabo identik kalawan penganggo basane sing filsuf banget, jeru, lan duweni rasa kritis tumrap urip utawa urip bebrayan, ing antarane Melangkah Adalah Ke Depan, Penjelajah Alam, Hio, Lingkaran Aku Cinta Padamu, Karena Kau Bunda Kami, lan sakpiturute. Durung meneh, biyasane ditambahi karo corak etnik sing kenthel. Mengkono khas saka Sawung Jabo.

Ngelingi watak musike sing jeru, mula anane lagu Jancok iku Sakti mau bisa diarani anomali. Kabeh lirik saka Jancok iku Sakti nganggo basa Jawa dialek Arek.

Kabudayan Arek kaya dene ludruk lan panganan gempo mlebu ana ing lagu. Gawanan chord lan pattern lagune mung imbal-imbalan lan datar. Ing tengah lagu, ana lirik mirip kidung sing mung diwaca nanging sakjane kuwi klebu perangan lagu.

Sawung Jabo lan Kantata Takwa. Sumber: Facebook

Lagune ora luwih sugih corak menawa dibandhingake karo Kuda Lumping. Mengkene lirik lagu Jancok iku Sakti, lirik ing ngisor iki tetep ditulis nganggo cara panulisan dialek Arek sing pancen angel melu pakem baku penulisan basa Jawa mungguhe wong awam. Lirik ditulis lan disesuaikan karo blog Sawung Jabo wordpress.

Tangi turu moco koran

Beritane gak karuan

Wong korupsi dadi menteri

Pringas-pringis nang Televisi

Bendino mangan pidato

Rakyat dianggep sik bodo

Jarene negoro suge

Tapi kok akeh utange…..Juancuook,….Juancuoook!

Ala gempo leba lebo

Onok kebo buntute loro

Orip koyok layangan pedhot

Tambah suwe tambah ngesot

Mlaku – mlaku nang Tunjungan

Ngilangno ruwet pikiran

Bokong bunder megal-megol

Bengine turuku ngompol…..Juancuook,….Juancuoook!

Juancuook iku kata sing sakti

Sak kata jutaan artine

Mulai jaman durung onok setan

Yo ngono jarane nyampekno uneg-uneg

Durung mesti iku maksute kurang ajar

Seneng sedih mangkel ngamuk sak sembarange….

Juancuoook!

Konco-konco dulur-dulur

Nandak gaya undur-undur

Laut alasmu wis ajur

Digerogoti setan gundul

Lik Tini pinter kidungan

Goyangane nggregetno ati

Wis tobato ojo korupsi

Nek gak tobat tak pisuhi…..Juancuook,….Juancuoook!

Saiki coba dibedhah perbait kaya piye maksude lagu Jancok iku Sakti. Sing pesthi lagu iki nggawa tema kritik marang patrap korupsi. Pitakonane, apa saka lagu Jancok iku Sakti kuwi bisa tinemu watak lagu Jawa dialek Arek? 

Bait nomer siji wis katon muni kaya ngono. Maknane, koruptor kuwi kerep ora duwe udel lan ora ngerti isin senadyan wis kewirangan. Disuting tipi wae tetep mesem ngguyu bahagia.

Iki rak dadi rasa sing ngganjel, sakjane koruptor iku malah bersyukur amerga kecekel apa piye? Apa meneh metune berita korupsi kuwi meh saben dina. Ing koran ana, ing tipi ana, lan ing radio uga ana. Nek jaman saiki, portal berita online mesthi ana wae sing aweh warta korupsi.

Sawung Jabo. Sumber: https://agamsunandar.wordpress.com/2011/11/11/di-atas-langit-masih-ada-langit-2/

Bait (1) lan bait (2) digawe lugu. Ora ana pralambang sing dilebokake. Klebu ing bait (2) sing mbukak wadine pejabat pemerintah. Saben dina ana wae statement sing ora malah aweh pepadhang nanging aweh pepeteng.

Rakyat dadi bingung amerga patrap kaya mengkono. Ujare ekonomi munggah, nyatane kok negara malah akeh utange? Tur sing kudu biyantu nutup utang kuwi rakyat! Hipokrit tenan.

Kahanan negara sing kaya bait (1) lan bait (2) ing dhuwur miturut Sawung Jabo pantes tur wis sakmesthine dipisuhi. Bisa didelok dhewe ing pungkasan bait (2) pisuhane mubal. Lagi ing bait (3) ana pasemon sing rumasuk: ala gempo leba lebo | onok kebo buntute loro | orip koyok layangan pedhot | tambah suwe tambah ngesot.

Bait (3) kuwi duwe gathukan karo bait (4). Ing bait (3) maksud saka tembung ‘ala’ sithik akeh padha kaya artine ‘ala’ miturut basa Endonesa, dadi artine ‘ala’ ing dhuwur dudu ‘elek’.

Maksude ala yaiku mirip. Rakyat mirip gempo leba lebo. Gempo kuwi panganan khas sing digawe saka pala pendhem rasane gurih-gurih legi diwenehi parutan klapa, leba lebo maknane, kurang luwih, ora ana sing doyan, ora kepangan.

Ora kepangan bisa amerga wis meh mambu utawa pancen ora ana sing doyan. Makna saka onok kebo buntute loro dhewe rada wagu. Bisa wae tembung iku mung dinggo njangkepi cacah lirik, nanging menawa kudu diwenehi makna, bisa wae tegese samubarang sing mokal (mustahil).

Gempo. Sumber: https://m.kaskus.co.id/thread/595ee99714088d27268b4578/gempo/

Kahanan sing kaya gempo nduduhake kanyatan sing ora digatekake dening wong duwe pangkat. Arep nuntut digatekake malah ibarat nyawang kebo buntut loro. Mula uripe wis kaya layangan pedhot, sing pedhot ora liya pangarep-arepe. Supaya bisa nggayuh kekarepan urip prasaja, kudu direwangi ngesot-ngesot barang.

Bait (3) ngemu rasa stress lan frustasi. Supaya rasa abot ing pikiran iku ilang, Sawung Jabo ngajak awak dhewe mlaku-mlaku menyang Tunjungan. Nglipur ati. Tunjungan sing dimaksud mbiyen yaiku public space ing Surabaya, nanging saiki wis identik kalawan mall.

Budhal menyang Tunjungan kareben ilang sumpek pikirane. Apa meneh ing Tunjungan akeh pemandangan bokong megal-megol. Amerga kesenengen nganti kegawa turu, tangine ngerti-ngerti ngompol.

Patrap bait (3) lan (4) sajak nggambarake kekarepane wong cilik sing pengin urip luwih kepenak nanging kalah kalawan nepsune dhewe. Mula kahanan kaya mengkono pancen patut dipisuhi, yaiku misuhi awake dhewe. Geleme nuntut liyan nanging ora gelem sadhar marang kurange pribadhi.

Rampung bait (3) lan (4) ana kekidungan saka Sawung Jabo sing njlentrehake apa maksude pisuhan jancok. Miturut lagu iku, Sawung Jabo ngandhani menawa jancok wis ana wiwit jaman biyen sakdurung ana setan.

Pisuhan jancok duwe arti sing akeh banget. Wong sing muni jancok ora barang mesthi karepe kurang ajar, ngelingi sekabehane rasa ati pancen wis lumrahe metu kalawan pisuhan.

Lirik bait (5) sing kekidungan iku pancen kudu dionceki. Utamane maksud saka tembung ‘setan’ sing diomongake Sawung Jabo. Kok bisa pisuhan wis ana sakdurunge ana setan?

Setan apa sing dimaksud? Kanggo jawab pitakonan iki kabeh wong duwe interpretasi dhewe-dhewe lan duwe hak kanggo jawab dhewe, nanging nek miturutku…

‘Setan’ sing sajak dimaksud Sawung Jabo kuwi setan hirarki, setan sistem, lan setan-setan sing sendika dhawuh marang kacamata tata krama uga keadiluhungan. Ora gelem nyawang perspektif kabudayan rakyat.

Setan-setan nyamarake jati dhiri sing bosok lumantar reka-reka palsu tumindak becik. Setan-setan iku ora gelem nampa anane pisuhan senadyan dheweke uga kenal lan sok-sok uga ngucapake pisuhan.

Utamane setan-setan klamben pejabat utawa wong sing rumangsa duwe pangkat sajroning sistem. Setan-setan kenale urip mung dualisme, yaiku ireng lan putih.

Koruptor bahagia. Sumber: https://medan.tribunnews.com/2018/09/08/ini-alasan-kenapa-koruptor-sering-terlihat-cengar-cengir-saat-ditangkap-kpk

Hirarki kuwi bakal tetep ana, mengkono uga sistem. Ngilangi utawa ora ngakoni anane hirarki lan sistem bisa diarani panemu bodho. Perkarane yaiku kepiye hirarki lan sistem kuwi ngayomi, dudu hirarki lan sistem sing nggatheli.

Ing rong bait pungkasan,bait (6) lan (7) Sawung Jabo nguncalake pepiling, petisi, lan ancaman. Tumindake setan-setan marai rakyat ora beda kaya undur-undur. Mundur lan tansah mundur sinambi cara tandak prasasat remo. Sansaya kelangan papan amerga alam Jawa ora luput saka sasaran eksploitasi kebangeten para setan.

Patrape para setan dipadhakake goyangane Lik Tini sing pinter kidungan. Nyawang Lik Tini kidungan lan jogedan cetha luwih nyenengake tinimbang ngrasakake patrap pra setan koruptor. Setan-setan lan koruptor kudu tobat, nek ora tobat bakal dipisuhi. Lha ana ing kene panggon kasektenane pisuhan.

Wong cilik ing kene dudu Robin Hood, dudu Raden Said Sunan Kalijaga sing wani njupuk rajabranane wong sugih banjur didumake menyang kawula. Piye-piyea, Robin Hood lan Sunan Kalijaga isih duweni privillage yaiku isih padha-padha turunane wong duwe pangkat. Apa iya wong asli kere? Nek asli kere ya luwih milih ngrampok lan mbegal nggo butuhe dhewe.

Nalika nonton kahanan sing sansaya bubrah. Patrape negara, pejabat, lan wong sing duwe pangkat ora bisa adil tur aweh kebebasan berpendapat, ora mungkin wong cilik ujug-ujug kepikiran ‘menggulingkan kekuasaan’.

Banjur bisane apa? Bisane ya sewates rasan-rasan lan nguncalake pisuhan. Pisuhan marang kahanan, marang wong-wong malah gawe lara batine liyan.

Rakyat durung karuwan gableg dhuwit. Durung karuwan duwe kanuragan. Nanging sing pesthi, pisuhan bisa dadi gaman kanggo nundukake tumindak angkara. Sakorane, kupinge wong sing kebacut kelakuane marai rugi liyan bisa nganti panas amerga krungu pisuhan saengga sapa ngerti bisa tobat.

Gaman Kolektif Ngadhepi Covid-19

Saumpama pisuhan kuwi gegamane wong cilik. Pesthine dudu gaman sing bisa dicekel dhewe. Pisuhan kuwi gaman kolektip, lagi krasa menawa sing ngucapake wong akeh, ora malah sing ngucapake wong siji utawa wong loro thok.

Sajak kaya mangkono karepe Sawung Jabo. Tur saka lagu Jancok iku Sakti, bisa diarani watak lagu Jawa pop dialek Arek pancen luwih cocog ngambah babagan kritik, dudu romantis. Romantis bisa wae nanging wong Arek dhewe mesthi rumangsa aneh.

Ngelingi kahanan Covid-19 saiki. Pisuhan wis saklumrahe dipocapake. Ora ateges misuhi takdir utawa Gusti, misuhi Covid-19 tegese misuhi apa sing lagi kelakon. Mantebake niyat supaya bisa ucul saka Covid-19. Umpama ora bisa ucul, sakorane bisa sesandhingan nanging ora milara siji lan sijine.

Durung meneh, nalika ngadhepi Covid-19, ora kurang tumindake setan-setan negara lan wong sing duwe pangkat malah marai sansaya ruwet kahanan. Awit saka kebijakan sing aneh nganti upaya penanganan sing durung maksimal. Apa meneh, awak dhewe iki isih kerep luput ora gelem nindakake protokol kesehatan.

Eling kandhane Sawung Jabo, misuh kuwi jutaan artine. Cangkem sing misuh bisa wae atine malah lagu dedonga kanthi banget. Dheweke emoh keconangan nek dedonga, mula sing katon yaiku pisuhane. Donga dinonga urusan kawula marang Gustine. Ora kudu katon dedonga.

Kapan kae sempet ana meme sing ‘mendiskrditkan’ misuh lan pisuhan. Katon Patrick lagi omong-omongan karo tokoh ing Spongebob. Banjur misuh iku disingkirake saka kabudayan Jawa utamane basa Jawa. Kaya mengkene gambare. Sakngisore gambar kuwi, wis digawe meme tandhingane supaya imbang.

Meme misuh bukan bagian budaya Jawa. Sumber: Facebook
Meme tandingan

Isih ana kesempatan seminggu kanggo sing durung ngirim video Misuhi Pandemi. Aja nganti telat ngirim videone. Ayo dibuktekake bareng menawa misuh iku pancen sakti.

Gombalamoh
Latest posts by Gombalamoh (see all)