Mudik Pandemi – Sangkan Paraning Neng Ndi4 min read

Nek ora salah aku ngimpi bidadari. Terus bidadari nibani aku nganti marai aku kaget. Glagaban aku tangi, njur takon penumpang sandhingku, “pak ngapunten, bidadarine sampun liwat stasiun Mojokerto dereng?” Bapake semaur karo mripat rada mentheleng, “lho?! Wis iki mau dhik.”

Terakhir aku bali ngomah, aku keturon neng dhuwur sepur. Kudune mudhun neng stasiun Mojokerto, tapi pas aku metu sepur, lha kok papan tulisan munine ‘Wonokromo’.

Untung olehku mudhun isih neng Wonokromo, umpama tangi-tangi jebul aku mudhun stasiun mBanyuwangi, mesthi luwih ra karuan ceritane. Apa meneh posisi dhuwit keri telulas ewu.

Pirangane sasi sakdurunge kebablasan pas numpak sepur amerga keturon, aku ya wis tahu kebablasan pas numpak bis. Kuwi wayah wengi. Alasane padha, yaiku amerga keturon. Pancen embuh. Saben numpak sesuatu sing bergerak, gawanane mesthi ngantuk.

Kae mudhun teka bis, sing takrasakake mung panggling, “ket kapan terminale dadi ngene iki?” Takgoleki dalan metu kok beda kabeh, jebul mudhunku neng terminal Purabaya.

Kebablasan lan keturon neng kendaraan umum wis cetha bisa balik mulih, sing penting sangune isih cukup apa ora. Dilalah, neng mangsa pandemi sing durung mari iki, awak dhewe kabeh wis dibablaske kahanan supaya ora mulih.

Wong liya biyasa wae anggone mulih kampung, tapi kanggoku mikir mulih kuwi wis marai wedi. Pesthine wedi mbok menawa aku nggawa virus njur nyebar neng omah, njur nyebar neng wong sakdesa.

Taun 2020 wingi, pikiran wedi nulari kuwat banget. Rasa pengin balik ngomah takampet tenanan, sing banjur suwene-suwe malah dadi pakulinan. Maksude saking suwene ora mulih njur wis kulina ora saba ngomah.

Takkira cukup setaun wae olehku ra bisa bali, yaiku ing taun 2020 wae. Eh, cilakane taun 2021 saiki jebul isih durung entuk balik ro pemerintah. Alesane kanggo nyuda penyebaran Covid-19.

Bab iki sempet dadi rerasan neng warung kopi. Biyen, ing taun 2020, pemerintah pancen ngelarang mudik. Masyarakat manut marang larangan kuwi. Apa meneh nalika semana masyarakat isih wedi temenanan marang Covidd-19.

Ing taun 2021, rasa wedi kuwi jebol. Dikalahake karo rasa bosen lan ora patheken meneh.

Pemerintah ing taun 2021 anggone nyekat dalan katon luwih rapet tinimbang taun 2020 wingi. Mula akeh pemudik sing malah ditundhung neng dalan, ora entuk mulih.

Masalahe, wong mudik nyata ora entuk. Kajaba wong mudik sing syarat, berkas, lan dhuwite cukup. Lan kajaba kanggo wong luar negeri sing ‘mudik’ menyang Indonesia. Ngene iki rak angel tibane.

Sangkan Paran

Momen mudik mesthi digathukake kalawan konsep ‘sangkan paraning dumadi’. Nalika mudik kuwi, awak dhewe diibaratake mantuk menyang ‘sangkan’. Awak dhewe mantuk tumuju ngomah lan lemah panggone awak dhewe lair procot coer.

‘Balung kang pinisah nyawiji’. Ing ‘sangkan’ kana, sanak sedulur sing wis pisah pirang-pirang taun lan dipisah jarak bisa nemu wektu kanggo nglumpuk bareng. Mara menyang wong tuwa, simbah, utawa buyut sing wektu uripe dadi ‘perekat’.

Arane wae ‘sangkan’ cetha nalika teka neng ‘sangkan’ mau sing bakal dadi crita yaiku wayah isih cilik sedurung ‘ilang ing paran’.

Kelingan ta pas wong tuwane awak dhewe tukar crita karo pakdhe, paklik, budhe, lan bulik nalika isih cilik biyen? Padahal, kamangka, awak dhewe ora menangi pas mereka isih cilik!

Anehe, awak dhewe tetep ngrungokake. Crita wektu cilike wong tuwa lan para sanak dadi lelagon sedurung turu jejer jinejer ing gelaran tikar.

Ana sing lucu, ana sing aneh, nganti ana sing magis. Kabeh crita dadi siji. Suk mben, ing taun ngarepe, crita sing padha bakal kawedhar meneh, lan awak dhewe ora bosen babar blas.

Kabeh kuwi banjur sirna tanpa tilas nalika ‘sosok’ sing dadi ‘punjering sangkan’ kapundhut Gusti. Cekake, simbah sing paling tuwa malah ‘mudik’ nyang dalem Gusti Allah. Wiwit teka kunu, momen nglumpuk nalika mudik wis suda rasane, miturut para putu.

Ora ana meneh crita-crita jaman cilik wong tuwa, ora ana meneh momen turu jejer jinejer, lan ora ana meneh momen awak dhewe nampa sangu saka paman – bibi, paklik – bulik. Ngelingi awak dhewe sing tambah gedhe, malah awak dhewe kena tanggungan ‘kudu nyangoni’ adhi ponakan.

Kahanan kaya mengkono kelakon nalika simbah sing paling tuwa mudhik menyang Gusti. Saiki, kahanan kaya mengkono uga kelakon amerga mangsa pandemi sing durung katon kapan enteke.

Sajroning batin, nalika sansaya gedhe, mudik wis ora dadi momen ‘sangkan paraning dumadi’ nanging malah dadi pitakonan ‘sangkan paraning neng ndi?’

Sansaya suwe mangsa pandemi, suwene-suwe awak dhewe bakal kulina ora bali. Tegese dadi lali marang ngomah ing kana. Banjur pitakonan ‘sangkan paraning neng ndi’ bakal muncul terus tanpa ana enteke. Mugya ndang pungkas jaman pandemi.

Pancen Naruto nate omong, ‘panggonmu bali kuwi neng wong sing mikirake kowe’. Masalahe, kenyataan ora selamis bacot no jutsune Naruto. Nyatane nalika awak dhewe mikirke mantan, mantan ora bali.

Sugeng Riyadi ing Mangsa Pandemi dulur kabeh….

Gombalamoh

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *