Pepuntone jebul urip amung derma ngayahi
Nadyan tebaning panggayuh
Dhuwure prasasat ngungkuli langit
Lumadining wanci gumiliring mangsa
Kalakone teka geseh klawan kang tak gantha duk ing uni
Anggonku kedereng kepengin dadi pithataning janma
Satriya punjul ingkang kawawa naklukake jagad
Bebasan tanpa petung
Kamukten taklilakake
Katresnan takkipatake
Biyen tekade bisaa dadi ontang-ontang
Nanging jebul..
Saiki amung dadi wong jempo
Sing bisane amung ngulang
Anggonku nglintirake ngelmu
Taksuntak bebasan kaya udan ning ati
Wus dudu itungan dina, kepara windu
Nanging parandene sing ana cacade
Jeneng kaluputan gedhe

Latest posts by Indah Lestari (see all)
- Rong Gurit Sri Indah Lestari - October 28, 2020
- Mupus Wuri - September 27, 2020