Jenenge manungsa mesthi duwe lali lan luput. Lali, nalika ora kelingan babar blas. Luput, ngerti nek salah nanging tetep nindakake tumindak sing sakjane salah amerga kahanan.

Apa ana manungsa sing ora bisa lali tur ora bisa luput ing matane wong liya? Cetha ora ana ta? Nggolek wong sing resik banget tanpa anggepan ala kuwi ora mungkin.

Kanggo conto, iki mung conto, kanggo wong Islam Kanjeng Nabi Muhammad rak saksampurnaning titah nanging ing mata pirangane wong liya, Kanjeng Nabi Muhammad tetep dianggep duwe luput lan ora sampurna. Bab iki uga kelakon ing agama-agama liya, ora mung Islam. Saben agama nganggep menawa junjungane sing paling sampurna.

Saka tuladha kasus ing dhuwur apa sing bisa awak dhewe entuk? Apa kleru wong liya nganggep junjungane awak dhewe kuwi ora sampurna?

Kanggo pitakonan nomer sini awak dhewe bisa golek wangsulan, nanging kanggo pitakonan nomer loro ben diwangsuli wong-wong sing mangerteni babagan agama wae.

Wangsulane, aku nganggep Arjuna kuwi saksampurnaning manungsa. Kerep olah tapa, tirakat, lelananging jagad, lan akeh sing nresnani. Cilakane, kowe ora duwe anggepan sing padha. Miturutmu, Arjuna kuwi uga tetep duwe salah amerga kepetung manungsa.

Arjuna & Werkudara, wayang wong. Sumber: Pinterest

Saka bedane panemu antara aku lan kowe, akhire aku ngerti, “Oh iya, saksampurna-sampurnane Arjuna miturutku, jebul kowe nganggep Arjuna kowe ala. Tegese sing sampurna tenanan ya sing nyipta Arjuna. Dudu Arjunane.”

Gusti bisa wae nggawe kowe lan sapa wae sing nganggep menawa Arjuna mau ora sampurna dadi duwe anggepan nek Arjuna iku saksampurnane manungsa, nanging resikone, bakal ilang garis sing mbedakake antara Gusti lan titah. Rak ngono ta? 

Ajaa titah, Gusti sing sejatine Maha Sampurna wae isih ana manungsa sing ora percaya marang anane Gusti. Apa kuwi salah? Ya embuh. Aku ora urus.

Saksampurnane Gusti wae ana sing ngluputke, apa meneh manungsa. Apa meneh para pangayome negara. Mula, kaluputan kuwi bisa dilumrahi. Anggere pisan, pindho, apa ping telu.

Banjur piye nek kaluputane disengaja nganti luwih saka telu? Kamangka, padahal, pangayom negara mau duwe jejibahan nyunggi rahayu lan makmuring bangsa. Cilakane meneh, negara malah njaluk menange dhewe. Ora nggagas karepe bangsa.

Raja Jawa jaman biyen percaya lan dianggep dadi titising Dewa sing mrentah ing alam donya. Sansaya tambahe jaman, ‘Raja’ tetep dipilih saka karsaning Gusti utawa Dewa, nanging Dewa utawa Gusti mau manjing ing saben-saben wong saknegara, kanggo nemtokake sapa sing bakal ngayomi dheweke.

Sumber: Pinterest

Lumantar ‘pemilu’, wong-wong saknegara dianggep nggawa swaraning Gusti. Apa karepe ‘rakyat’ ya kuwi karepe ‘Gusti’. Emane, awak dhewe kleru maknani. Awak dhewe malih rumangsa nek kasil pilihan mau karepe awak dhewe minangka Gusti. Kena ngapa ndadak nggawa-nggawa Gusti? Saiki, masa ana ‘titah’ (wong sing kepilih) nglarani Gusti-ne kaya sing lagi kelakon dina iki?

Saka kebijakan sing ora nggenah, bedane panemu saben-saben pangayom negara, cara nandhangi pageblug sing mbingungi, lan sakpiturute kuwi rak cetha marai lara ati ta?

Pancen saben pemimpin duweni ala. Gandheng duweni ala kuwi, ana pedoman supaya pemimpin bisa nyuda tumindake sing ala, lan bisa nyedhak marang tembung ‘sampurna’. Akeh pedoman kanggo para pemimpin, lan salah siji pedoman iku sumimpen sajroning kawruh Jawa, arane Asthabrata utawa Hastabrata.

Babagan Asthabrata

Kabeh mesthi wis akeh sing ngerti apa iku Asthabrata. Miturut panemu umum, Asthabrata disandhingake kalawan tuntunan kanggo mimpin dhaerah. Cendhake, kanggo cekelan supaya bisa nindakake cara mimpin sing apik lan pener senadyan ora bakal gawe bungah kabeh wong sing dipimpin.

Menawa diurut tembunge, para panaliti Jawa percaya tembung ‘Asthabrata’ asale saka Basa Sansekerta, saka tembung ‘astha’ lan ‘vrata’. Astha, tegese wolu. Brata, tegese laku. Pisanan tinemu ing Kitab Manava Dharma Sastra saka India, nanging nalika tiba ing Jawa format lan konsepe diganti miturut para panemune wong Jawa khususe para pujangga.

Poerbatjaraka kandha ing kalawarti Darmo-Kondo menawa piwulang Asthabrata kuwi salah siji episode ing Serat Rama anggitane R.Ng. Yasadipura I. Nyritakake nalika Prabu Rama aweh wewulang mimpin marang Arya Wibisana kanggo dadi Raja Ngalengka, ngganteni Rawana, kakange dhewe.

Muncule wedharan Asthabrata ing Serat Rama sakjane kasil turunan saka wedharan Asthabrata sajroning Kakawin Ramayana (abad 7 M). Kawruh Asthabrata uga wis katulis ing Prasasti Wukajana saka taun 827 Masehi (Haryati Subadio, dkk, 1997: 3). Wedharan kawruh Asthabrata bisa uga tinemu ing lakon Wahyu Makutha Rama, sing diwulang dudu Wibisana nanging Bharata.

Sumber: sastra.org

Kaya arane ‘Asthabrata’. Kawruh iki minangka kawruh utama wong Jawa kanggo naker apik apa orane pangayoming dhaerah utawa negara marang para rakyat sing dipimpin. 

Wolu duweni teges minangka tengering sangkan-paran lan nggawa sifate para dewa sing manggon ing saben-saben wolung arah. Nek sajroning tata cara India, Asthabrata tumemplek ing sipate Dewa Indra, nanging nek ing Jawa Asthabrata duwe pamangku wolu dhewe-dhewe lan Indra mung salah siji anggotane.

Dewa cacah wolu ngemu sipat alam sing dadi tetenger piye amrihe becik nalika mimpin. Tegese, sipat alam mau kudu bisa dikuwasai pemimpin. Gandheng nguwasani kabeh ora mungkin amerga manungsa ora sampurna, sakorane bisa nguwasani nem sipat Asthabrata.

“Hyang Indra, Yama, Surya, Candranila / Kuwera Barunagni nahan wwalu / sira ta maka angga sang bupati / matang niran inisthi asthabrata //” (Kapethik saka Serat Ramayana)

Isen-isen kadewatan sajroning Asthabrata mau yaiku Hyang Indra, Yama, Surya, Candra, Bayu, Kuwera, Baruna, lan Agni. Dewa wolu sing kasebat mau ora bisa dipisah siji kalawan sijine. Kudu utuh. Mangkono Asthabrata miturut Serat Rama kasil panemune Poerbatjaraka. Luwih pepake wacanane klik link iki.

Sumber: Google Image

Supaya luwih pepak lan mantep mangerteni Asthabrata, wedharan saka Serat Rama mau jajal awak dhewe tiliki ana ing njerone lakon Wahyu Makutha Rama sing dikumpulake dening Ki Timbul Hadiprayitna Cermo Manggala dadi lakon “Wahyu Sri Makutha Rama”. 

  1. Dewa Wisnu ngemu sipat lan watak bumi. Tegese pemimpin kudu andhap asor, aweh panguripan, lan aweh pangayoman
  2. Dewa Bayu, nggawa watak angin utawa maruta. Angin bisa ana ing ngendi wae. Ngisor ndhuwur, wetan kulon, lor kidul. Tegese, pemimpin kudu bisa dirasa kabecikane ing kabeh papan tanpa mbedakake
  3. Dewa Baruna/Waruna, ngemu sipat banyu utawa segara. Ngayemke lan nyegerke. Tumindake pemimpin kudu dhisikake rasa Sih lan tresna, dudu sithik-sithik ngedhunke aparat
  4. Dewa Candra, ngemu sipat rembulan. Pepadhang satengahing pepeteng. Tegese, bisa dadi tuladha kanggo sapa sing dipimpin
  5. Dewa Surya, prasasat srengenge, padhang madhangi aweh pepadhang lan dadi unsur wigati panguripan. Maknane, pemimpin kudu bisa ngajak rakyate gumregah nandhangi mangsa susah
  6. Dewa Indra, duwe watak lan sipat akasa (langit). Jembar tan winates. Maknane, pemimpin kudu jembar pangapura lan bisa nampa kabeh pendapat rakyate tanpa rumangsa cilik ati
  7. Dewa Brahma, dewaning geni. Panas lan ngobong apa wae sing nyedhak. Tegese pemimpin kendel lan wani ngukum sapa sing salah tanpa nyawang kuwi sapa
  8. Dewa Ismaya, ngemu watak kartika utawa lintang. Pemimpin kudu bisa pedoman lan dadi tuladhaning tuntunan. Ora malah malang menclang ora bisa dicekel janji prasetyane

Sakumpama ditiliki ing teks asli sajroning Serat Rama, ana beda sing cetha. Nalika mawujud minangka sastra tulis, Asthabrata disamarake utawa didelikake maknane. Nanging Asthabrata ing gelaran lakon wayang ngewenehi sipat-sipat makna sing luwih ketara tanpa didelikke.

Wiwit biyen, Asthabrata iki didadekake pedoman nindakake cara mimpin ing Endonesa. Saben pejabat rata-rata ngerti bab Asthabrata, nek ora minimal nate krungu tembung ‘Asthabrata’. Sakumpama ora ngerti ya ora dadi ngapa angger tumindake pancen wis pener lan adil.

Lila Ilange Asthabrata

Embuh wiwit kapan, pedoman Asthabrata wis ora digatekake dening para pangayome negara. Sajak luwih telaten lan titi ngurusi ekonomi tinimbang milih dadi tuladhaning wong saknagari. Emane, nek pangayome negara wae wis ora ngugemi Asthabrata, apa meneh rakyate.

Asthabrata wis suwe ilang tanpa ana sing ngerti lungane menyang ngendi. Wis padha lali lan wis ora ana sing preduli becike lelaku. Sing ana mung kabutuhan wetenge dhewe-dhewe. Klebu aku lan kowe. Iya ta?

Sumber: Pinterest

Pancen nyata Asthabrata dudu kuwajiban sing kudu ditindakake pemimpin. Tur ya ora mungkin ta wong Amerika nindakake Asthabrata kanthi sadar? Apa meneh pemimpin ing Indonesa, dadi ora prelu gumun ngadhepi kahanan kaha mengkene.

Senadyan wis ora didadekake pedoman dening para pangayoming nagara, sakorane Asthabrata bisa dadi ukuran kanggone awak dhewe mbiji kepiye tumindake pemimpin.

Nek ana ra penere ya dielingke. Ngelingke ora kudu nganggo cara santun. Ana kalane ngelingke ya karo nesu. Wajar ta? Sakumpama ana pemimpin sing ora gelem dielingke kanthi keras tegese mentale cilik lan dudu mental pemimpin.

Sakumpama kowe malah mbingungi perkara  ‘oposisi’ lan ‘pemerintah’ tegese kowe ora tulus anggone nyinaoni Asthabrata. Mula Asthabrata ya ora bakal kanggo sajroning uripmu.

Rekomendasi wacanan
Latest posts by jiwajawasastra (see all)