(Tulisan Nabi Rasa Jawa iki bakal digawe seri. Mbabarake Nabi-Nabi miturut agama Islam sing dipercaya duweni daya langsung tumraping budaya Jawa. Ditilik nganggo wewacan mitos lan teks sakumpama ana tulisan teks sing akeh aweh wedharan)

Minangka wong Jawa sing ngugemi Islam, mesthi duweni rasa percaya tumrap kesejatiane wahyuning Nabi lan Rasul. Pancen wis dadi perangan syarat saka Imane Islam. Embuh kuwi Islam Santri utawa Abangan gelem ora gelem ora bisa uwal saka rasa percaya marang nabi.

Pasinaonan bab crita Nabi biyasane wis diwulangake wiwit ing bangku Sekolah Dasar nek ora ya ana ing TPQ (Taman Pendidikan Qur’an) sakcedhake ngomah. Miturut Islam, ana Nabi lan Rasul sing cacahe 25 sing kudu diapalake. Sakjane, cacahe Nabi malah punjul saka 25 kuwi mau. Anane 25 mau kanggo ancer-ancer Rasul wae.

Gandheng cacahe Nabi ana luwih saka 25, temtune angel kanggo nggoleki jeneng Nabi saknjabane Nabi cacah 25 mau. Untunge ana kitab-kitab saka Arab sing nerangake bab Nabi saknjabane Nabi cacah 25. Neng kene ora bakal dibahas kanthi jlentreh amerga ora niliki saka perspektif Islam.

Kaya sing wis dimangerteni akeh wong Jawa, menawa tekane Islam ing Jawa iki ora banjur ngilangi kabudayan Jawa. Ora ujug-ujug nggeser kawicaksanane Jawa. Sing ana, Islam nambahi sugih awake budaya Jawa. 

Foto mancing. Sumber: Google Image

Salah siji aspek sing nyugihake warnaning Jawa saka tekane Islam yaiku crita Nabi-Nabi.

Ora prelu diangen meneh. Wis nyata Islam lan Jawa kuwi nyawiji. Saka aspek pragmatis nganti ideologis. Kabeh lebur dadi siji nanging ora nganti nerak wewates antara siji lan sijine.

Klebu critane Nabi-Nabi Islam sing embuh kepiye mula bukane bisa manjing ing crita-crita lokal lan dadi mitos sing kuwat. Malah, kelakon jeneng-jeneng Nabi mau ana sing kaselip sajroning mantra dedonga cara basa lan laku Jawa.

Jeneng Nabi saknjabane Nabi cacah 25 lan duweni mitos kuwat banget uga nganti dipercaya melu cawe-cawe lakuning sejarah Jawa yaiku Nabi Khidir A.S. Muga bisa ketemu kena ngapa Nabi Khidir iki tumancep sajroning batin wong Jawa. Ora mung biyen, nanging tekan seprene.

Adus Amarta Panguripan

Ditulis sajroning buku Mystical Dimensions of Islam, tulisane Annemarie Schimmel, Nabi Khidir klebu salah siji saka petang Nabi sing isih diparingi urip dening Gusti Allah; Idris, Ilyas, Isa, lan Khidir. Konon umure wis ngancik wetara 6.000 taun. Bisa kelakon mengkono amerga biyen nate adus banyu panguripan.

Khidir saka bentukan ukara Khadir (Khadra) sing tegese kurang luwih ‘wong sing ijo royo-royo’. Ngrembuyung lan tansah seger. Mawujudake rasa karep terus sinau lan golek ilmu. Jeneng ‘Khidir’ iki dijelasake sajroning Riwayat Bukhari lan Muslim.

Dadi dhisik dicritakake nalika Khidir lungguh ing watu werna putih, tanpa dinyana watu lan lemah sakpinggire malih werna ijo kaya tetuwuhan.

Ilustrasi Nabi Khidir.

Critane Nabi Khidir sing paling ‘epik’ yaiku nalik dadi gurune Nabi Musa. Crita iki uga dijelasake sajroning Al-Qur’an. Wacanan sethithik bisa kok klik neng kene. Sajak pancen Nabi Khidir wis diparingi kawruh weruh sakdurunge winarah dening Gusti.

Pitakonane, sapa sejatine Nabi Khidir? Kok bisa dheweke diparingi urip dawa? Apa sing anjalari? Akeh versi sing nerangake pitakonan-pitakonan ing dhuwur. Kepara, ing tradisi Kristen lan Yahudi uga duwe tokoh Nabi sing dipercaya mirip kalawan Nabi Khidir.

Ana sing ngarani Nabi Khidir iki ponakane Raja Dzulkarnain. Ana uga sing kandha menawa Nabi Khidir iki anake salah siji Raja sing banjur ngabdi marang Dzulkarnain. Cethane, nalika ngabdi marang Dzulkarnain, Khidir wis kedhapuk Nabi.

Sawijining wektu, Raja Dzulkarnain entuk wangsit menawa ana banyu ing alam donya sing bisa aweh umur dawa. Katutup sajroning ara-ara peteng sing nggegirisi. Nanging, ing lemah ara-ara kuwi kebak kelap-kelip rajabrana arupa emas inten manikem.

Ing tradisi Kristen, Nabi Khidir diidentifikasi minangka St. George

Sapa sing jupuk emas kuwi bakal getun, sapa sing ora jupuk bakal getun uga. Raja Dzulkarnain duwe karep marani papane banyu panguripan kuwi. Dheweke nglumpukake akeh prajurit kanggo ngiring. Ora lali, Nabi Khidir diajak, ngelingi Nabi Khidir dadi tangan tengene Raja Dzulkarnain.

Tekan ing ara-ara. Para prajurit sing ngiring mlebu dhisik. Tut wuri Raja Dzulkarnain lan Nabi Khidir. Kelakon tenan, lemah ara-ara nyumunari mata kalawan emas manikem. Para prajurit ana sing langsung njupuk, ana sing mikir-mikir, wedi nek kuwi jebul apus-apus.

Raja Dzulkarnain jaluk leren sedhela. Wekasane kabeh prajurit ngedehake tandha. Nalika lagi leren kabeh, Nabi Khidir ketekan pangimpen. Arupa swara sing ngakon marani dheweke.

Kanthi alon-alon, Nabi Khidir ngetutake sumbering swara. Dilalah, dheweke tekan ing sumber banyu sing digoleki Raja Dzulkarnain. Gandheng ngrasa kesel lan ngelak, Nabi Khidir nyemplung lan ngombe sethithik banyu kuwi. Dheweke lali ora ngandhani Raja Dzulkarnain.

Raja Dzulkarnain uga dipercaya wong sing padha kalawan Alexander The Great

Wiwit dina kuwi, Nabi Khidir entuk pangayoman Gusti arupa umur dawa. Dheweke kandha menyang Raja Dzulkarnain menawa banyu sing digoleki kuwi ora ana supaya ora gela. Pungkasane kabeh diajak bali. 

Para prajurit sing wis jupuk emas jebul getun amerga kurang olehe jupuk. Sing ora njupuk sansaya sedhih atine amerga ora njupuk lemah emas manikem sajroning ara-ara.

Nabi Khidir Tekan Jawa

Ing Jawa, Nabi Khidir malih dadi salah siji sosok sing dipercaya duwe kuwasa kanggo nguwasani banyu. Bisa diarani amerga crita dheweke nyemplung banyu panguripan banjur dipercaya duweni kuwasa marang elemen banyu.

Malah ana kepercayaan satengahing wong sing demen mancing ing desa-desa. Yaiku sakdurunge nguncalake umpan pancing menyang kali disaranake supaya ngirim wasilah fatihah kanggo Nabi Khidir ben cepet entuk iwak lan iwake gedhe. Dadi aja dikira wong mancing kuwi wong sing lali ajaran agama lho.

Nek dirunut menyang sejarah arupa sastra lisan ing tlatah Jawa. Nabi Khidir iki dipercaya minangka wong sing aweh wewulang marang calon waline Gusti Allah sing diparingi jejibahan mapan uga nyebarake Islam ing tlatah Jawa. 

Salah siji lakon Walisanga sing biyen dicritakake nate ketemu Nabi Khidir yaiku Sunan Muria.

Ilustrasi Sunan Muria

Cekak critane kaya mengkene. Dadi mbiyen nalika isih enom Sunan Muria kena pitnah saka wong Demak menawa bar merjaya Raden Kikin utawa Pangeran Seda ing Lepen. Sunan Muria mlayu menyang guwa. Dilalahe, anggone merjaya Raden Kikin mau mbarengi kalawan sakaratul maute Sunan Kudus.

Ana sarasilah sing versine lumayan akeh antarane Sunan Muria, Sunan Kudus, Raden Kikin, lan Raden Trenggana. Cethane kabeh isih sakkulawarga turune Raden Patah ing Demak.

Nalika singitan ing guwa. Sunan Muria keconangan prajurit Demak. Ora kesuwen dheweke terjun saka guwa lan langsung nyemplung kali. Ngerti kedadeyan kuwi para prajurit Demak percaya nek Sunan Muria wis tewas. Kamangka, tekane prajurit Demak dudu arep nyekel Sunan Muria, nanging aweh warta bab sedane Sunan Kudus.

Lha ing tengah dheweke kintir anut banyu bengawan kuwi Sunan Muria dicritakake ketemu kalawan Nabi Khidir. Dening Nabi Khidir, Sunan Muria diwejangi ngelmu banjur dikon madeg Sunan ing wewengkon Muria.

Crita lesan liyane sing uga aweh warta tekane Nabi Khidir ing Jawa yaiku critane Saridin. Nanging ora patia jelas larah arah critane kepiye.

Aktor Saridin ing film Saridin. Bisa kok goleki ing Youtube

Pokoke sakwise gawe dredah kalawan Sunan Kudus lan ndelik ing sapiteng supaya ora kecekel santrine Sunan Kudus, Saridin mlayu tekan pinggire segara. Dheweke netepake niyat nglalu ing samudra banjur mung nggawa sakbatang kayu.

Nalika ombang-ambing ing segara iki ana sing kandha menawa Saridin ditarik mara Kraton Kanjeng Ratu Kidul, ana sing kandha nek diwejang ngelmu Islam dening Nabi Khidir. Sakwise sesasi ing tengah samudra, Saridin kegawa arus tekan Sumatra.

Mangerteni Crita Nabi Khidir Jawa

Awak dhewe ora ngerti pener orane crita Nabi Khidir sing tekan Jawa. Tur awak dhewe isih butuh bukti apa tenan nek awak dhewe wasilah patehah marang Nabi Khidir nalika mancing bisa entuk iwak gedhe.

Senadyan isih durung jelas dudu samubrang ora mungkin menawa kabeh crita ing dhuwur mau pener anane. Ing kene bisa dititeni kaya piye pintere wong Jawa nyambungake crita Islam tumrap budaya Jawa.

Apa meneh, kabeh crita bab Nabi Khidir ora ana sing ucul saka elemen banyu. Apa crita Nabi Khidir ing Jawa iki diripta utawa diciptakake kanggo ngimbangi kuwasane Kanjeng Ratu Kidul sing diyakini nguwasani banyu? Wallahua’lam.

Oh ya, aku mbiyen nate maca. Lali bukune wkwk. Salah siji ciri-ciri Nabi Khidir yaiku jempol tangane ing bagiyan pangkal ora ana balunge. Lan Nabi Khidir bisa memba dadi sapa wae.

Latest posts by jiwajawasastra (see all)