Nabi Utusan Bumi12 min read

Tangan tengene metani lintang lan rembulan. Tangan kiwane mapan ing dhadhane. Mripate merem. Sikil tengene nggedrug lemah. Tumuli dheweke mabur satengahing ara-ara maya. Tapel wates antara dheweke, Gusti, lan jagad, katrabas.

Sakwalike papringan, ora ana swara ocehan, kewan-kewan cilik sajak ngematake laku tumindake Mbah Mahmud. Sorot sunaring Sang Soma ngusap kanthi alus mring gegodhongan uga rambut para pawongan sing ngadeg anteng.

Wong-wong iku ngadeg ngubengi Mbah Mahmud. Ana papat. Lanang wadon padha loro cacahe. Kabeh isih enom, umure udakara 30’an taun.

“Ram, lapo ae mbah Mahmud iku?” Ayu nyedhakake lambe ing kupinge Rama, tangane nggondheli pundhake Rama kanthi rapet.

“Embuh, Yu. Aku karo awakmu teka mrene iki kan karepe ngumpulna data. Aku sakjane ya penasaran, kate takon nang mas karo mbak e ika, wedi ngganggu mbah Mahmud.” Semaure Rama sing ganti nyedhakake lambe neng kuping Ayu.

Ayu mung meneng, semono uga Rama. Nek ora amerga diutus Kepala Dinas Kesehatan Kabupaten, Ayu lan Rama sajake wegah mara adoh, tur adhem-adhem, menyang ereng Pawitra mung kanggo ngumpulake data Covid-19 ing desa Trawas.

Mau awan sedurung OTW, Ayu lan Rama diomongi dening Pak Pangku, minangka Kepala Dinas Kesehatan Kabupaten, supaya ora sewates ngumpulake data nanging uga mestekake ‘tembung jare’ bab desa Trawas sing bisa nol kasus.

Miturut Pak Pangku, mokal ana desa sing resik, ora ketaman Pageblug, nalika desa-desa liya padha kena Pageblug. “Iki kudu digoleki, kuwatirku pamong desa Trawas nyingitna data saktemene!”

Mesthine Ayu lan Rama dikancani polisi loro, nanging amerga kudu nambah beaya sing kepetung larang, Ayu lan Rama ora sida ngajak polisi. 

Pancen, kala-kala, tur kerep, anane polisi bisa nambahi parah situasi tinimbang ngayemake situasi.

Ayu lan Rama tekan Trawas kira-kira wis candhak surup. Satekane ing omah Pak Kades, Rama lan Ayu langsung diterke menyang gubug pondhok Mbah Mahmud. Neng gubug Mbah Mahmud wis ana lanang wadon sing kalungan kamera.

Singkap

Darno boncengan karo Enis. Hawa panas ora digagas. Wong loro iku budhal saka Surabaya nuju desa Trawas. Mandheg mung sepisan, yaiku ing Pasar Pahing Mojosari wayah bedhug sola sola kanggo tuku kopi lan ngerokok tipis-tipis.

Neng Mojosari, ora usum pandemi. Nyata, langit isih kebak mendhung industri. Pasar nora ilang kumandhange. Tinimbang wong sing nganggo masker, wong sing ora nganggo masker luwih akeh.

Darno lan Enis luwih akeh anggone meneng-menengan. Umpama arep omongan ya saperlune lan sacukupe. Lumrah. Darno lan Enis lagi wae pedhot pacaran. Umpama ora amerga saknggon makarya, wong loro kuwi ora mungkin mlaku bebarengan.

“Saking pundi, mas?” Takone bakul kopi marang Darno, nanging Darno malah ngelamun nyawang kopi sadhuwuring lepek.

“Mas?!” Bakul kopi mbaleni anggone takon.

Darno tetep ora semaur. Enis sing keprungu pitakonan kuwi tumuli ngidak sikile Darno. Kanthi gelageban Darno aweh wangsulan, “eh, saking Surabaya, cak.”

“Oalah, mangkane maskeran. Ket maeng wis takanggit nek sampeyan wong adoh. Hahaha. Kate teng pundi, mas?”

“Teng desa Trawas, cak.”

“Adohe mas.” Ujare bakul kopi. 

Dumadakan swarane dadi lirih rada bisik-bisik, sirahe rada dicedhakake nyang Darno, “kate golek villa ta mas? Honimun mas?” Bakule omong karo Darno nanging mripate nyawang Enis sing lagi dolanan hape.

Lambene Darno kekunci rapet. Dheweke aweh wangsulan cukup nganggo eseman. Sajroning batin, kewan-kewan wis aneng umbaran, ya asu, ya celeng, ya wedhus, ya dinosaurus lan ya sakpiturute. 

“Mboten pak, kula kaliyan mas niki badhe ngeliput berita mawon.” Jebul Enis keprungu omongane bakul, dheweke nyemauri pitakonane bakul sing kanggo Darno kanthi mesem kecut.

Bakul kopi mung manthuk-manthuk. Arep aweh semaur meneh nanging kepenggak amerga ana wong tuku anyar teka. Wong sing lagi teka kuwi sajak wis langganane bakul kopi. Pesen kopi pait banjur nyumet surya. 

Wong iku lali durung nyopot helm. Dielingake dening bakul kopi nalika ngewenehake wedang kopi pait. Helm tumuli dicopot, sajrone helm ana kopyah bunder tiba, untung cecaketan ditampani nganggo pupu supaya ora tiba ing lemah.

“Haih,haih… Wis helm-an, kuplukan, boten ongkep ta ndas sampeyan?” Takone bakul kopi rada cekikikan. “Saking pundi Man Kaji? Kok niki wau kula tingali sampeyan saking kidul? Terus maskeran pisan. Dungaren.”

Helm diselehake sandhinge. Wong iku, sing diceluk Man Kaji, ngesokake kopi saka cangkir menyang lepek, sinambi aweh wangsulan, “saka Trawas.”

“Lapo Man Kaji?”

“Ngeterna anakku. De’e rumangsa kenek Covid-19.”

Darno lan Enis najemake kuping. Ngrungokake katrangan saka Man Kaji, mbok menawa ana crita bab papan sing arep diparani tur pancen gumathok. 

Man Kaji crita. Anake rumangsa kena Covid-19 nanging durung priksa neng puskesmas utawa dokter, wedi dikarantina banjur diadohi kanca-kancane.

Nalika Maghriban neng langgar, Man Kaji entuk omongan saka tanggane, timbang dikarantina neng gedung tur kena cap elek tangga teparo karo kancane, mendhing gawanen menyang desa Trawas, menyang sing jenenge Mbah Mahmud.

“Wonge gak mbejaji cak. Wis tuwek, rokokane klobot, tapi ya iku, bagas waras tur ketara jik rosa. Tamune uwakeh, dudu aku thok sing ngeterna anake. Anakku taktinggal nang kana sepuluh dina, padha karo liyane.”

Man Kaji crita nek Mbah Mahmud kawentar sakti pinunjul. Duwe ajian kanggo nyirep sekabehaning sesakit. Guna mantra rapalane cundhuk ing Gusti. Sarana kanggone nambani cukup apa sing ana ing sakupengane.

Ana pondhokan khusus kanggo wong-wong utawa bocah sing dititipake. Panggone rada adoh saka desa, mlebu rada menjero aneng alas Pawitra. Cedhak gubug Mbah Mahmud

Pondhokane dikempit kalawan banyu mili lan kasinungan curug cilik. Pepadhangane cahya teplok, tumempel aneng cagak-cagak pondokan. Mengkono ujare Man Kaji nalika ditakoni Enis bab kahanan neng desa Trawas.

Abhiseka

Wengi malem Selasa Legi. Langit wiwit nibakake grimis. Mbah Mahmud keturon aneng pondhoke ing tengah alas Pawitra. Dheweke kekeselen sakwise goleki bocah, anak lanang tanggane, sing kesasar aneng alas nalika dolanan karo kanca-kancane.

Bejane bocah kuwi ditemokake. Ujare wong desa sing ngarani bocah iku didhustha wewe ora kabukti. Mbah Mahmud nyatane nemokake bocahe nyekukruk dhuwur watu, dlongap-dlongop tanpa dikancani wewe.

Dening Mbah Mahmud, si bocah diterake mulih. Neng ngarep omah si bocah. Wis ana kyai lan dukun. Uga pawongan desa sing wis siyap-siyap gegaman berkakas panci lan sakpiturute kanggo ditabuh nalika nggoleki si bocah.

Wong-wong padha kaget, weruh Mbah Mahmud sing nganthi si bocah.

Mbah Mahmud kandha menawa durung mesthi bocah ilang aneng alas kuwi amerga diboyong wewe. Pancen kasus bocah ilang digawa wewe kuwi nyata ana, nanging ora kabeh bocah ilang didhustha wewe.

“Arek ilang nok alas iku durung mesthi digondhol wewe. Arek bisa nganti ilang nok alas iku gara-gara gak kenal alas, gak dikenalna alas karo wong tuwane.”

Saiki, Mbah Mahmud angler. Tumetesing udan grimis nambahi marem swasana. Jangkrik padha meneng, kodhok-kodhok ngaruhi bala kekancane. 

Ing ngisor dipan, ana ula melu turu. Mbah Mahmud jane wis ngerti nek ana ula, nanging sengaja ora disingkirake. Ula ya butuh turu, padha manungsa. Mesakake nek digusah.

Rumangsane Mbah Mahmud nalika turu…

Ana sing dhodhog lawang gubug. Mbah Mahmud ketangi amerga swara iku. Swara dhodhogan lawang mecah swara grimis. Mbah Mahmud ngusap-usap kuping, ngalungake sarung, tumuli mbukakake lawang.

Sirep. Jagad ilang swarane. Jangkrik, kodhok, grimis, ilang tanpa paran, klebu swara angin sing nganggep gubug kuwi suling. 

Wektu kuwi, sakkala, Mbah Mahmud mundur telung jangkah sedurung dheweke nggeblag tiba banjur sirahe ketatap lingiran kursi kayu. Semaput.

Nalika cahya srengenge nggebyur bumi, embun tumetes menthiung ing gegodhongan, Mbah Mahmud nglilir. Sirahe ora kerasa lara. Kepara awake malah rumangsa seger, kamangka sewengian glethak aneng lemah.

Mbah Mahmud nora kelingan apa-apa. Dheweke ngadeg aneng tengah lawang gujengan cagak pring. Bathara Surya ditakoni, “ngimpi apa aku mau bengi?”

Mbah Mahmud nyoba ngeling-eling. Sing dieling, dheweke ditekani wanodya ayu banget, lir widadari. Kemben soklat nutup prembayune sing nyengkir gadhing, nanging ngatonake sigaran sethithik uga pundhak loro kang putih alus.

Ing gulu sing jenjang, sumampir kain tipis, sampur, werna ijo kang pucukane kagebyar rincing-rincing werna jene. Pawakane sintal. Rada dhuwur kacek telung senti tinimbang Mbah Mahmud. 

Sangisore, bebetan jarik batik werna soklat kanthi motif sing durung tau diweruhi Mbah Mahmud.

Irunge pesek, nanging sorot mripate nggawa hawa anget. Rambute dirembyak. Wernane ireng peteng kaya dene wengi. Bibir abang tipis mangu-mangu.

Driji tangan lorone nyekithing ngadhep mengarep. Nalika lawang dibukak, wanodya iku mesem manis. Mbah Mahmud kamitenggengen. Kelangan pocap, kelangan basa. Bisane amung meneng.

Disawang temenanan saka pucuk rambut tekan dlamakan sikil, bebasane. Nalika tekan nyawang sikil, Mbah Mahmud ujug-ujug ketangi dening rasa sadhare dhewe. Sadhar menawa wanodya kuwi napak angin.

Ora ana meneh sing dieling Mbah Mahmud kejaba dheweke luput amerga semaput. Mbah Mahmud mung keprungu swara wisik wanodya, “ngger kowe takjunjung lungguh dadya nabi utusan bumi.”

“Rumaten alas Pawitra, rumaten bengawane Pawitra, rumatana titah-titah ing Pawitra. Iki arga suci, arga papan makame para suci.”

Pocapan kuwi, tanpa dimangerteni dening Mbah Mahmud, dipocapake nalika sirahe dipangku dening wanodya sing marani menyang gubuge.

“Aku… Nabi…? Setan gendheng!” Ujare Mbah Mahmud wektu esuk bebarengan jago kluruk karo jumangkah mlaku golek warung kopi.

Wasiat Nabi

Pirangane dina kepungkur, Mbah Mahmud gawe ontran-ontran aneng desa. Dheweke ngamuk menyang tukang tambang pasir. Ora baen-baen, Mbah Mahmud nganti ngobong backhoe.

“Muliha! Timbangane ajur mumur awakmu!!” Bengoke Mbah Mahmud.

Para tukang tambang ora wani mungsuh Mbah Mahmud, amerga ngerti dhewe Mbah Mahmud bisa ngipatake salah siji wong tambang sing awake gedhe keker mung nganggo tangan kiwane. 

“Sik mbah! Engko malah kula karo kanca-kanca diuring-uring juragane! Sampeyan iku lapo se?!” Takone salah siji wong tambang sing emoh ngalah.

“Omongona juraganmu! Wong rugi sik bisa digolekake ganti, nanging wong mati entek anggone mukti!” Wangsulane Mbah Mahmud.

Pak Kades, para pamong desa, lan para tukang tambang ngalah. Tambang pasir dilereni.

Dilalah, telung dina sakwise diusir dening Mbah Mahmud, dumadakan ana longsor lan kiriman banyu gedhe aneng panggonan tambang pasir iku.

Para penambang ngocapake rasa syukur amerga diuring-uring Mbah Mahmud, mengkono uga Pak Kades lan para pamong desa. Jalaran tumindake Mbah Mahmud, ora ana kurban ing panggonan tambang.

Let seminggu, wara-wara bab pandemi ngancik ing desa Trawas. Lumantar berita ing tipi-tipi. Para warga kuwatir, wedi, lan ngerekasa. Apa meneh, wiwit dina kuwi, ora entuk metu ngomah.

Papan wisata ditutup. Ora entuk budhal nyawah lan ngebon. Ngarit wae ora entuk. Pak Kades sing kepeksa ngelarang amerga nampa edaran.

Mbah Mahmud tetep kaya adat sabene. Dheweke turut alas, golek kayu, utawa mbedhag manuk nganggo bedhil lawas sing mung cukup diisi sakgotri. 

Apes, dina iku Mbah Mahmud ora entuk manuk. Dheweke bali menyang gubug pondhokan kanthi lambeyan.

Satekane gubug, wis ana Pak Kades lan Pak Carik ngenteni nganggo masker. “Mbah Mahmud!” Wong loro kuwi mbengok ameh bebarengan, nalika weruh tekane Mbah Mahmud.

“Wonten napa, pak?” Takone Mbah Mahmud.

“Kula kate nyuwun saran, mbah….” Ujare Pak Kades alus.

“Saran napa, pak? Sekedhap…” Mbah Mahmud mlebu gubug, nyelehake bedhil. “Mangga lungguh riyin pak.” Mbah Mahmud nyumanggakake tamune.

“Wonten napa pak?” Mbah Mahmud takon meneh.

Pak Carik miwiti crita. Para warga dikukubi rasa wedi marang pandemi. Sakjane dudu pandemine, nanging anggone golek rejeki wis dikempit kalawan negara. Kaya-kaya ora entuk obah amerga ora entuk neng ndi-neng ndi.

Iya nek negara aweh pambiyantu, nanging nyatane, pambiyantu mau sajak mandheg ing kabupaten nek ora ya ing kecamatan. 

Para warga padha protes. Teka rame-rame menyang omahe Pak Kades lan Pak Carik. Omahe sapa wae sing duwe kalungguhan ing desa.

Keprungu warta mengkono, Mbah Mahmud meneng sedhela. Para warga, klebu Pak Kades lan para pamong, wis nganggep dheweke minangka pambaureksa desa saka wakil jejering manungsa.

Wiwit biyen, awit bocah cilik nganti wong tuwa, padha khurmat marang Mbah Mahmud. Ana sing ngarani Mbah Mahmud kuwi sekti, ana sing ngarani Mbah Mahmud kuwi wahdat jalaran nindakake tirakat.

Kabeh mau kleru…

Bisane Mbah Mahmud diwastani sekti amerga dheweke gelem ngupaya luwih akeh tinimbang wong liya. 

Bisane Mbah Mahmud diarani wahdat kuwi amerga biyen nate rabi nanging bojone ninggal mati njur emoh rabi meneh.

“Nek urusane wenehi rapal tamba, golek bocah, utawa turut alas, kula tasih sanggup pak, nanging nek pandemi perkarane sampun benten. Kula sanes tabib napa malih dokter.” Kandhane Mbah Mahmud.

Pak Lurah lan Pak Carik anteng. Wong loro iku malah ngadu pandelengan. Nyawang siji lan sijine, kaya arep nggawe tandha tatemtu. Let sedhela Pak Carik mandheng Mbah Mahmud.

“Kula, Pak Lurah, kaliyan akeh para warga lintu, nanging ora kabeh, sami kimpenan wanodya ayu, lajeng dipunkandhani menawi kula lan para warga saged nyuwun tulung dhateng sampeyan mbah, amergi sampeyan dipunangkat dados nabinipin bumi.”

Khalwat

Lintang lan rembulan nyawiji. Kaarak maruta manjing ing telenging jiwa. Mbah Mahmud narik tangan tengene mudhun. Driji telunjuk dipenetake ing lemah.

Ganti tangan kiwane. Diputer ngetutake laku wektu. Mbah Mahmud pasang kembangan. 

Barat sumbribit, nggawa ganda arum. Swara kodhok lan jangkrik mecah kalam wengi. Badhan Mbah Mahmud katon sumunar.

Rama, Ayu, Darno, lan Enis melongo. Wit-witan sing ngekeb papan, tumuli melu obah, ngetutake laku Mbah Darno.

Pawongan sing aneng jro pondhokan isih anteng. Gentian ngintip saka cendela. Pengin ngerti apa sing ditindakake Mbah Mahmud.

Mbah Mahmud unjal ambegan, mripate dibuka alon, tandha dheweke rampung ngibadah. Enis nuli takon, dheweke wis ora kuwat ngampet, “kanthi cara punika desa Trawas boten ketaman pandemi?”

“Nek awakmu ngarani ngono, berarti ngono.” Cekak wangsulane Mbah Mahmud.

“Janma kacipta teka jagad, nanging jagad gak kacipta dening janma. Jagad iki wis tamba. Keri takon yakin apa gak.

Enis nyawang Darno. Aweh tandha supaya genti Darno sing takon. Nalika arep takon, Rama dhisiki takon. “Kula prelu data wonten desa mriki mbah.”

“Ya jaluka Pak Lurah, kok jaluk aku.”

Rama klakep, dheweke mandheng Ayu. Ngalamat engko bengi ora bisa langsung bali. Kudu ngenteni esuk supaya entuk data.

“Punika sing wonten gubug sami kena pageblug mbah?” Darno wekasane entuk kesempatan nggo takon.

“Iya.”

“Kok dibeta teng gubug tengah alas? Diadohaken saking listrik uga omah-omah warga. Kok boten dibeta dhateng gedung kelurahan kangge isolasi?” Darno nerusake pitakone.

“Sik le… Isolasi iku apa?” Mbah Mahmud bingung. Layak, karang blas ora mangan bangku sekolah.

Darno lagi wae arep aweh wangsulan, wetenge disikut Enis banjur dibisiki. Mengkono uga Rama aweh bisikan marang Ayu. Embuh padha bisik-bisik apa.

Mbah Mahmud sing weruh kedadeyan iku melu bingung. Orane diwangsuli malah ditinggal bisik-bisik.

Darno sing dibisiki Enis manthuk-manthuk. Semono uga Ayu sing lagi dibisiki Rama. Kaya-kaya kabeh antuk wahyu pepadhang. Dalan peteng ing ngarep kasingkap.

Mbah Mahmud jumangkah alon sinambi nyumet klobot, ninggalake cah enom papat sing ujug-ujug rembugan dhewe amerga bingung. 

Kebul klobot mrepeg angkasa, dadya megha. Mbah Mahmud alon lumaku nuju pondhokan. Ngancani pawongan sing kena pandemi kanggo khalwat mring jagad uga Sang Hyang Pangrumat.

Gombalamoh
Latest posts by Gombalamoh (see all)

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *