Hawa adhem wis ngrungkeb awakku sawetara suwene. Kulit tuwa iki sajake pancen wis ora kuwat ngempet adhem sing tuwuh saka silire angin wengi. Mapagake Subuh, lumrahe wong mesthi mapan mureb, turu ing kasure dhewe-dhewe. Nanging ora kaya ngono sing daklakoni.

Aku terus mancal gas, mobil tuwa iki daknggo kanca saben wengi, luru rejeki. Ing pinggir dalan iki, mung glandhangan, lan pengemis sing pisan pindho kumledhang ing ngarepku.

Tikus-tikus isih pating clurut luru pangan, dene asu mung turu nglengger ing trotoar apadene emperan toko sing wis tutup. Sesawangan kaya ngono iku sing manjing ing mripatku saben dalu.

Sawetara suwene aku njantrung ngenteni penumpang, sikilku terus bali mancal gas. Ing totokan protelon kae mengko aku bakal menggok ngiwa, nyoba nglari rejeki sing durung paja-paja daktemokake wiwit mau. Durung wae aku klakon menggok, panyawangku ketok sawijining wanita ing pinggir dalan. Dheweke mlaku dhewekan saka kidul ing sisih tengene dalan. Rem dakpancal kalem-kalem, gas daklongi.

Nalika wis klakon menggok ngiwa lan nyedhaki dununge wanita mau, aku mepet nengen. Mobil dakendheg, aku namatake wanita mau. “Arep menyang ndi wanita iki?” batinku. Dheweke nyangking rong kresek werna putih lan siji tas gedhe.

Sorot lampu mobil nyentrong dheweke. Daksawang mripate alum, ketara yen dheweke mentas nangis. Swarane mingseg-mingseg isih bisa dakrungu senajan ora pati cetha. “Mbak, badhe tindak pundi? Ngga, kula dherekaken.” Ucapku nalika dheweke kledhang liwat sandhinge mobilku. Wanita iku ora wangsulan.

Dheweke terus mlaku ngalor. Nalika dheweke wis adoh saka panyawangku, aku metu saka njero mobil. “Mbak, nyuwun pangapunten.” Pambengokku.

Wanita iku bali noleh aku. “Njenengan badhe tindak pundi?” pitakonku maneh. Dheweke terus noleh ngiwa nengen. Swarane asu jenggong nambahi swasana wengi iki. Saka panyawangku, jelas yen wanita iku dudu glandhangan, nanging cetha yen wanita iku lagi bingung lan ora duwe tujuwan sing pesthi.

Apamaneh iki wis jam telu esuk. “Terminal bus.” Dheweke wangsulan. “Mangga, mbak. Njenengan mlebet.”

Dheweke mlaku nyedhaki aku. Nalika dheweke mbukak lawang mburi, aku bisa nyawang kanthi cetha yen wanita iki banget sedhihe. Mobil bali dakgas kalem-kalem. Ninggalake dalan sepi iki. Ninggalake tumpukan sampah, tikus-tikus, lan asu sing turu ing trotoar.

***

Lagu sing disetel sopir taksi iki ora bisa mbendung tetese eluhku. Dheweke terus wae ngajak aku ngomong, senajan kanyatane aku babar pisan ora nggape apa sing dikandhakake. Wiwit mau, apa dheweke ora ngerti yen pikiranku lagi kosong? Embuh. Aku terus meneng lan ngupaya supaya ora nesu utawa mung nanggapi omongane wong lanang tuwa iki.

Nanging, dheweke isih wae terus crita ngalor ngidul sasuwene taksi mlaku ing dalan sepi iki. “Mbebayani menawi njenengan mlampah piyambak dalu-dalu ing dalan wau. Njenengan begja, Mbak.” Ucape sopir iki marang aku. Dheweke mentas ngeterake penumpang ing cedhake dalan mau.

Dheweke ngucap kaya-kaya dheweke wis dadi wong sing mentas nulungi aku. “Dalu ngeten niki njenengan paling mung kepanggih tiyang edan kados kula.” Sopir iki ngguyu. “Kula namung narik wanci dalu ngaten niki, Mbak.”

Dheweke milih dalan sing sepi lan ora mbuwak wektu ngadhepi macete dalan wanci awan. Lan maneh, dheweke rumangsa luwih seneng yen ta kumpul karo bojone yen wanci awan. “Njenengan pirsani bojo kula.” Ucape sinambi ngulungake potret lawas. “Poto menika sampun lawas sanget, nanging bojo kula tetep ketawis ayu.”

Wong lanang nganggo kupluk putih sing umure kira-kira 65 iki tansaya ndadra olehe crita. Aku tansaya mangkel. Pangrasaku wis tansaya ajur wengi iki. Potret lawas iku dakbalekake, aku njur ngucap supaya dheweke luwih banter olehe nyetir. Daksawang dheweke kaget. Saka spion katon yen praupane sopir iki pucet.

Aku terus wae nyoba nelpun Hendra, nanging tetep ora nyambung. Pikiranku tansaya ora kuwat. “Nyuwun pangapunten, Pak.” Ucapku marang dheweke. “Inggih, Mbak. Mboten punapa.” Wangsulane.

Taksi terus mlaku nlusur dalan pinggiran kutha. Aku uga bali nyoba nelpun Hendra, nanging tetep wae ora bisa. Dumadakan taksi iki menggok dalan cilik, atiku tansaya trataban. “Niki badhe teng pundi, Pak?” pitakonku. “Sekedhap nggih, Mbak.” Taksi iki mandheg. Sopir tuwa iki metu saka mobil, mlaku ngener bakul asongan pinggir dalan, daksawang dheweke tuku banyu rong botol.

***

“Sejatosipun, sampun wongsal-wangsul bojo kula ngandhani supados kula kathah ngombe banyu.” Ucapku marang wanita iku. Swasana bali amem. Daksawang saka spion, wanita iku katon ribet olehe nelpun, embuh sapa sing ditelpun.

Sajake ora ana wangsulan saka nomer sing wiwit mau dihubungi. Praupane isih katon ora jenjem. Malah-malah dheweke babar pisan ora nyauti omonganku sing ngalur ngidul nyoba mecah sepine swasana. Panyawange dibuwak menyang dalan sing sepi, dalan peteng merga akeh lampu sing mati.

“Mangga, Mbak. Njenengan unjuk!” ucapku sinambi ngulungake botol banyu sing mentas daktuku. Nanging dheweke babar pisan ora nggape.

Dheweke terus wae nyoba mijeti Hp-ne, nyoba nelpun embuh sapa. Swarane sesenggukan keprungu ing kupingku. Dheweke mbukak cendhela mobil, dumadakan HP-ne dibuwak. “Hloh, Mbak! HP njenengan.” Ucapku kaget.

“Nyuwun tulung, Pak. Njenengan mandheg.” Ucape wanita iki. Wanita iki nesu, dheweke nyentaki aku. Rem dakpancal. Mobil tuwa iki mandheg. “Wonten menapa, Mbak?” aku takon. “Menapa njenengan mboten mirsani kula? Menapa njenengan mboten saged mendel. Kula susah, Pak.

Kula bingung. Njenengan mboten usah nambahi ruwet ing pikiran kula.’ Ucape wanita iki. Aku mung meneng. Sajake critaku ngalor ngidul babar pisan ora bisa nglelipur atine. Daksawang mripate katon alum, praupane pucet. “Inggih, Mbak. Nyuwun pangapunten. Kula mboten mangertos menapa ingkang njenengan alami.” Ucapku, sinambi bali nyoba ngulungake botol banyu sing mau daktuku.

“Niki njenengan unjuk.” Dheweke nampani, aku terus bali madhep ngarep. Gas dakpancal kalem-kalem ninggalake dalan iki.

***

HP wis kadhung dakbuwak. Ora ana wong sing bisa nulungi aku ngrampungi perkara iki. Taksi iki nerusake lakune nuju terminal bus. Sejatine aku ora mentala nesoni wong lanang tuwa iki. Aku getun banget. Yagene aku bisa nyentak sopir iki. Sawise aku nesu-nesu mau, sopir iki katone luwih anteng.

Dheweke wis ora crita-crita bab uripe kulawargane. HP wis dakbuwak ing dalan mau, nanging swarane operator seluler isih keprungu ing kupingku. Aku terus merem, nyoba nata ambeganku sing sesenggugan.

***

“Mbak, sampun dugi.” Ucapku sinambi noleh memburi. Daksawang wanita iki keturon. “Mbak, wungu Mbak. Sampun dugi terminal.” Ucapku maneh. Dheweke melek kalem-kalem, terus ngematake swasana jaba. “Pinten, Pak?” Dheweke takon.

Aku mung mesem. “Mboten usah, Mbak.” Wangsulanku. Dheweke meneng sawetara. Sawise ngucap matur nuwun, dheweke metu saka mobil, mlaku kalem-kalem tumuju loket.

***

Daksawang bus-bus wis akeh sing budhal. Kabeh penumpang mlaku riwa-riwi nggoleki bus-e dhewe-dhewe. Ana uga sing katon mbayar karcis ing loket. Sawetara iku, aku lungguh ing kursi tunggu. Pikiranku isih nglambrang ora karuwan.

Aku rumangsa ambeganku wis ora ajeg. Panyawangku suwung. Aku bali sesenggugan.

Aku noleh ngiwa nengen, ora ana siji-sijia sing daktepungi. Aku ijen satengahe wong sing riwa-riwi. Ora ana sing bisa daktakoni. Aku mongga-manggu, ora ngerti apa sing kudu daklakoni.

***

Sawise ngeterake wanita mau, aku terus leren ing jero mobil. Aku mesen wedang ing bakul asongan. Durung wae wedang dakombe, wanita mau wis bali marani aku. “Pak nyuwun tulung njenengan teraken kula teng dalan wau.” Ucape. “Teng pundi, Mbak?” aku takon.

Aku kaget, dakkira dheweke getun wis mbuwak HP-ne mau, jebul ora. Dheweke njaluk dakterake menyang dalan nggone dheweke numpak mau. Ing protelon sing akeh sampah, tikus lan asu sing turu ing trotoar mau. “Cepet nggih, Pak.” Dheweke ngoyak.

Gas terus dakpancal, aku nuruti panjaluke wanita iki. Daksawang dheweke isih katon ora jenak. Nalika teka ing dalan sing dituju dheweke bali mbengok, “Mandheg ngriki, Pak.”

Dheweke terus mlayu metu saka mobil. Aku kaget njur melu metu saka mobil. Daksawang dheweke mlayu menyang papan nalika aku sepisan meruhi dheweke mau. Dheweke mlayu tumuju tumpukan sampah mau. Tikus-tikus isih pating clurut ing kono, asu uga isih turu ing trotoar.

Ora let suwe, wanita iku bali mlaku ngener mobilku. Daksawang dheweke nggendhong buntelan kresek werna ireng. Sadurunge mlebu mobil, dheweke nolah ngiwa nengen. Sajak ngematake apa ana wong liya ing dalan kono.

“Mangga, Pak. Dhateng terminal malih.” Ucape. Aku durung nganti noleh apa sing digendhong wanita mau, gas bali dakpancal, mobil tuwa iki daksetir tumuju terminal bus.

Sadawane dalan, aku nyoba ndelok apa isine kresek iku saka spion, nanging ora katon. Aku mung krungu swarane kresek iku dibukak. Aku terus wae madhep ngarep, nyawang dalan sing wiwit rame diliwati bakul sayur.

Ora let suwe, aku krungu swara tangise bayi. Daklirik saka spion katon praupane bayi saka njero kresek ireng mau. Wanita iki bali nangis sinambi ngruket bayine. Aku uga terus nyetir mobil tuwa iki, nyisir dalan kutha cilik sing sepi iki, nrajang angin nalika gagat enjang.

#cuthel

Yofi Prayoga
Latest posts by Yofi Prayoga (see all)