Seri tulisan kanggo sarana sinau narratologi sing nomer loro iki ora njagakake website, nanging saka kalawarti asli. Jalaran bar jaluk dikirimi potone kalawan ibu dhek Minggu wingi. Ibu langsung ngirimi rong judhul cerkak sing bisa daknggo sinau nelateni narratologi Jawa sakwayah-wayah.

Dilalah ibu wis suwe anggone langganan kalawarti basa Jawa. Biyen langganane Panjebar Semangat nek ora kleru, embuh wiwit kapan malih langganan kalawarti Jayabaya. Aku ya ora patia nggatekake, lha wong jaman mbiyen miturutku maca kalawarti basa Jawa kuwi mung marai sirah ngelu. Wkwkwk.

Untunge saiki wis ethel wae. Biyasa kaya dene maca basa Indonesia utawa basa Inggris. Ora ana bedane. Sakumpama ora mlebu jurusan Sastra Jawa cetha selawase ora bakal pisan-pisan nyandhak maca kalawarti basa Jawa.

Saka rong cerkak sing dipotretake dening ibu, dakpilih sing judhule ‘Lotre’ anggitane Ismoe Ranto. Kapacak ing kalawarti Jayabaya dina Minggu, 11 April 2020. Kena ngapa milih ‘Lotre’ sakjane waton wae. Amerga tujuwanku matengake teori narratologi sing lagi daksinau. Mula apa wae cerkake ora dadi masalah.

Cerkak ‘Lotre’ sing tinulis dening Ismoe Ranto nganggo basa Jawa dialek Jawa Timuran utawa  ‘Arek’. Bab iki pancen kerasa banget amerga akeh ukara-ukara khas Jawa Timur sing kerep dinggo, embuh kuwi minangka dialog utawa narasi, nek nganggo istilahe Gerrard Gennete, embuh kuwi minangka story utawa recit.

Supaya ora ngawang-awang isine kepiye, ing ngisor iki dakwenehi kasil jepretan potone ibu saka cerkak ‘Lotre’. Engko bisa disandhingake kalawan kasilku nganalisis. Mugya bisa dadi bahan diskusi mbesuk.

Cerkak ‘Lotre’ nyritakake kahanan nalika wong-wong desa nonton seni pertunjukan tradisi Jawa sing diselipi acara undian lotre. Anane undian lotre kuwi kanggo ngundang liyan supaya akeh sing mara.

‘Lotre’ ditulis nganggo teknik panulisan tumpuk. Maksude ana crita sing lumaku sajroning cerita. Sakorane ana rong layer lakuning cerita. Ing antarane, cerita swasana brayat sing lagi nonton lan cerita aluring seni pertunjukan tradisi Jawa (kethoprak).

Nek diuculi saka layer ing konteks carita, sakjane cerkak ‘Lotre’ iki puk-tinunpuk gagasan. Sajak penulis meksakake sesambugan panemune kalawan crita sing lagi lumaku. Babagan iki bakal diwedhar ing wekasan wae 

Saiki sing bakal daksorot yaiku piye Ismoe Ranto ngolah suspense lan surprise sajroning cerkak kanthi judhul ‘Lotre’ kuwi. Pitakonan utamane, apa cerkak ‘Lotre’ kerasa logis lan bisa nggawa swasana batin sing maca, utawa malah suspense lan surprise sing ditulisake ora kerasa lan ambyar.

Niteni Suspense & Surprise Panemune Seymour Chatman

Saben cerita sing sipate prosa ora mesthi ngemot kakuwatan suspense lan nawakake surprise sing bisa dadi kesan jeru tumrap wong sing maca. Ora sithik karya prosa malah suspense lan surprise sing digawa ucul kabeh. Kasarane ora tumata. 

Suspense cara basa Indonesiane kuwi ‘tegangan’, banjur surprise tegese ‘kejutan’. Tembung suspense lan surprise sajroning narratologi sing diterangake dening Seymour Chatman pancen ora beda adoh kalawan definisi sing wis umum. Nanging ana pambedane.

Luwih cethane, miturut Chatman, suspense kuwi, “Suspense is usually a curious mixture of pain and pleasure ….” Maksude, samubarang rasa sajroning sastra sing nyampur antarane rasa lara lan bungah, saengga marai sing maca deg-degan uga sansaya penasaran pamungkasing carita. Nalika nyandhak ing episode utawa babak carita jenis suspense, kasadarane awak dhewe bakal dikebaki rasa bingung. 

Banjur surprise minangka salah siji adegan utawa episode sajroning karya sastra, film, teater, utawa komik, sing ora kebethek dening wong sing maca utawa nonton. Surprise bisa wae diwujudake tanpa anane suspense, nanging sakdurunge tekan episode utawa adegan surprise sing dikarepake, wong bakal pedhot anggone maca utawa nonton.

Kamangka, Chatman nawakake konsep menawa kanggo mbiji surprise aja nglalekake suspense. Malah, sakjane, karya-karya gedhe ing donya luwih nelateni anggone ngolah suspense tinimbang mikirake surprise

Sajake, tuladha karya sastra sing rada cocok kanggo kasus ideal antarane suspense lan surprise, nek ing babagan sastra Jawa modern, yaiku novel karyane Suparto Brata sing Dom Sumurup ing Banyu. Sajroning Dom Sumurup ing Banyu, Suparto Brata bisa cerdas anggone ngolah. Utamane nalika adegan tokoh utama ana ing tengah tegalan kanggo ndelik, dilalah malah hohohihek ro cewek.

“Suspense and surprise are complementary, not contradictory terms” (Seymour Chatman, 1980: 60). Suspense lan surprise wis sakpaket. Dudu istilah sing malah mlaku dhewe-dhewe. Mengkono tetenger karya sastra sing bisa kasil anggone ngolah ‘tegangan’ lan ‘kejutan’.

Surprise ibarat nyelani suspense sing wis diwujudake sajroning karya sastra. Dadi kaya dene nalika guru nerangake pelajaran kanthi serius ujug-ujug ana siswa sing nibakake kursi nganti muni lan marai kabeh dadi kaget.

Engko ing bagiyan pungkasan, nalika sastra wis diwaca suspense lan surprise sing ana ing njerone, bakal tuwuh pangajab kanggo pamungkasing carita. Ing kene sing bakal nemtokake kasil orane suspense sing diolah supaya dadi surprise.

Cethane, suspense lan surprise ora bisa ucul saka konsep kernel – satelit sing ditawakale dening Seymour Chatman. Uga duweni sambung rapet kalawan rante plot carita sajroning karya sastra. 

Ngolah Surprise Lali Marang Suspense

Cerkak ‘Lotre’ karyane Ismoe Ranto pancen nggawa konsep sing menarik. Carane kanggo numpukakake layer sajroning cerita uga cukup tumata. Emane, Ismoe Ranto sajak lali menawa cerkak kuwi ora bisa dijejeli gagasan sing kokean. Tibane malah nuansa sing dibangun malih bias, ora kecekel.

Crita dibukak kalawan fokalisasi eksternal. Ismoe Ranto mlebu ana ing cerita banjur nguda rasa bab kahanan pertunjukan tradisional Jawa sing sansaya ilang wibawane. Supaya gagasan kuwi bisa angslup ing cerita, Ismoe nganggo setting swasana nalika Desa Glanthungan nganakake pentas seni.

Miturute Ismoe Ranto, wis arang banget ana wong Jawa demen nonton kethoprak, ludruk, utawa tari tanpa anane agenda lotre ing tengah pertunjukan. Dadi Ismoe njelasake menawa akehe penonton luduro utawa kethoprak ora liya amerga ana event undian. 

Sakumpama ora ana event lotre, mokal wong-wong padha gelem anteng nonton pertunjukan seni lan bisa nelateni saben adegan sing ditampilake ana ing dhuwur panggung. 

Satengahing anggone nguda rasa, Ismoe Ranto uga nyambi aweh deskripsi kahanan ing panggonan pentas seni tradisi ing Desa Glanthungan. Sakliyane kuwi, Ismo Ranto uga njalma dadi omniscent narrator. Dheweke rumasuk ana ing saben swara atine para tokoh banjur nyilih saben tokoh utawa adegan mau kanggo saranane nguda rasa.

Lagi tekan tengah carita, nuansa setting cerita owah dadi ing kahanan panggung. Ismoe Ranto nyertiakake lakon sing lagi dimainake dening kelompok kethoprak. Ing episode iki, layer nomer siji sing arupa kahanan swasana papan pertunjukan ditumpuk kalawan pertunjukan kuwi dhewe. 

Layer pertunjukan kala-kala dipedhot nganggo swara-swara tokoh sing nyelani lakuning pertunjukan. Luwih kerasa pedhote nalika Jo Glemboh njedhul ing panggung banjur nganakake kocokan lotre sing wis diarep-arep para penonton.

Kanthi cara nyusun cerita sing tumpuk undhuk kaya mangkono, cethane bakal akeh surprise sing metu. Luwih trep yaiku ing bagiyan transisi antarane layer siji lan liyane. Kaya dene ing layer swasana papan pertunjukan, banjur pindhah menyang layer ceritane lakon kethoprak. Transisi sing dinggo mengkene;

“Bareng diumumna lek sing kate digebyak lakone seje, pedhapukane gabungan, akeh sing kepancing kepingin ruh” 

Saka transisi ing dhuwur, cerita wis malih miwit mlebu lakon sajroning kethoprak. Nanging tetep sinambi aweh deskripsi swasana papan pertunjukan kaya ta kahanane para bakul, para penonton, lan para paraga kethoprak sing bakal main sakdhuwure panggung.

Kanggo luwih angslup menyang layer sakbanjure, diwenehi transisi meneh sing bisa dadi indikasi pindhahe layer, yaiku lumantar; “Kabeh gak ngerti, kapan gebyak dimolai, ruh-ruh ndhek panggung limalas prajurit beksan mubeng-mubeng”

Awit transisi ing dhuwur, crita wis pindhah layer ana ing lakon panggung. Adegan pambuka digambarake dening Ismoe Ranto kanthi permati. Wiwit saka beksan, lelagon, nganti sapa lan pira paraga sing ana ing dhuwur panggung (teknik kaya mengkono sing marai wewujudane omniscent narrator amerga ngerti donyane dhewe kanthi trangweca).

Pancen sajroning layer crita lakon panggung ora diwenehi dialog antarane paraga. Lakuning layer crita lakon panggung murni amung naratif. Nerangake adegan siji baka siji.

Nalika layer crita lakon panggung lumaku, ana transisi meneh sing dadi indikasi surprise pindhahe layer saka crita panggung menyang kahanan para penonton. Yaiku nalika ana dialog saka penonton, “dadi stadion Kanjuruhan ndhek Kepanjen iku jeneng kraton”

Saka dialog siji kuwi, njalari tuwuhe dialog antaraning para penonton. Nyiptakake kahanan penonton sing misah saka pertunjukane banjur jagongan dhewe, aweh komentar marang lakon sing dipentasake. Nalika para penonton rembugan, ana transisi meneh sing mbalekake crita menyang lakon panggung, “Dewa Sing Ha njelentrehna, kraton Kanjuruhan manggone ndhuk laladan Dinoyo….”

Sakumpama ditiliki kanthi permati, prasasat antarane penonton lan lakon utawa antarane layer kahanan papan pertunjukan lan layer lakon panggung ana sesambungane. Maksude, antara layer siji lan sijine bisa interaksi. Teknik pindhah layer sing mengkene dinggo terus nganti tekane adegan kocokan lotre dening Jo Glemboh.

Muncule Jo Glemboh didadekake titiking perkara utawa konflik. Pancen Jo Glemboh kadhapuk dadi wong sing ngocok lotre nanging para penonton emoh sing jupuk lotre Jo Glemboh, mula Bu Lurah sing dipasrahi penonton kanggo njupuk lotre sing digawa Jo Glemboh. Amarga Jo Glemboh diarani nggawe akal-akalan supaya sing entuk lotre bojone dhewe.

Transisi saka suspense sing arupa pindhahe layer menyang surprise ditandhani nalika pranatacara ngusulake supaya sing ngocok lotre kuwi Bu Lurah. Dudu Jo Glemboh. Wiwit saka transisi kuwi, cerkak Lotre lagi mlebu babagan konflik banjur langsung dirampungi

Munggahe Jo Glemboh uga dadi sarana sambunge antara layer swasana papan pertunjukan lan layer lakon panggung. Emane, wayah tekan episode Jo Glemboh, cerkak Lotre malah luwih akeh jupuk kacamatane tokoh liya tinimbang njupuk perspektif batine Jo Glemboh lan bojone.

Pancen ana andharan bab surasaning bojone Glemboh, nanging sing ditampilake kaya tanpa perlawanan blas. Prasasat wis diwudani peksa nanging emoh nglawan. Mung tampa pasrah tanpa gelem aweh pambela marang awake dhewe. Lha ing bagiyan iki cerkak Lotre luwih nimbangake surprise tinimbang nggayutake surprise marang suspense sing wis dibangun kanthi apik.

Sakjane ana transisi sing wis dibentuk dening Ismoe Ranto kanggo aweh jembatan antarane konflik lan layer lakon panggung, yaiku “Kethoprak dibacutna meneh. Gajayana mantu….” Masalahe, apa sambung rapete layer kethoprak kalawan konflik sing wis kebacut dibangun?

Orane milih ngolah fokus ing masalahe konflik, crita malah diselipi alur mundur sing nyeritakake kasuse Jo Glemboh ngakali lotre supaya menang dhewe bareng bojone ing event tontonan liya sing wis kelakon.

Intine, rasane percuma ana wedharan bab sejarah Kraton Kanjuruhan sajroning layer lakon panggung. Amarga ing layer gabungan malah nglalekake lakuning surprise. Iki sing anjalari kena ngapa cerkak Lotre ora bisa diwaca kanthi kepenak.

Gombalamoh
Latest posts by Gombalamoh (see all)