Kemajuan mensyaratkan pembangunan, khususnya pembangunan infrastruktur. Di dalam prosesnya, menurut khazanah kabudayan Jawa, ketika pembangunan dilakukan syarat yang harus dipenuhi di antaranya adalah tumbal. Ketika bicara tentang tumbal, seketika yang terbersit di kepala adalah hal-hal beraroma mistis, apakah memang demikian?
Jawasastra bersama dulur-dulur Panggurit Jagad yang tergabung dalam event Nulis Bareng Sastra Jawa & Lingkungan melakukan eksplorasi mengenai tumbal. Ternyata, tumbal tidak selalu bersentuhan dengan masalah-masalah supernatural. Ada kalanya tumbal adalah persoalan stratifikasi sosial.
Berikut adalah gurit-gurit yang telah terkumpul pada edisi Ngarak Gurit 1. Masih akan ada lagi Ngarak Gurit berikutnya yang dikaryakan oleh dulur-dulur Panggurit Jagad. Mugya manfaati.
Kita Wong Buwangan

Kasikut kasemper ing emperan
Kita wong buwangan
Lair tanpa guna kasantikan
Urip rekasa kesisih kahanan
Ngenggoni lemah warisan
Ora kuwasa nulak kabutuhan
Kita wong buwangan
Kasikut kasempar ing emperan
Ruko anyar sing jare
: bukti kamakmuran
“Pak bu, lemah sampeyan kula tuku.
Kanthi regi awis, artane saged damel samukawis.”
Kita wong buwangan
Ora tutug sinau ing sekolahan
Kapikut lambe kebak wisa lelamisan
“Ing ruko kae biyen aku dikudang wongtuwaku.”
:mangkono dongengku marang anakku
Surabaya, 8 Juni 2021
Dalan Cor Beton
Dalan-dalan kang dakambah
Saiki datan mambu lemah
Sebab kabeh wis dicor beton
Atose ngungkuli watu lan wesi
Embuh yen takeran materiale tanpa nganggo ati
Kae, ing njaban pager mung bisa nonton
Sliwar-sliwere kendharaan
Sajak keplayu
Apa malah sengaja mlayu
Keweden kaya ana sing ngoyak
Nalika dluwang-dluwang kwitansi dadi ngganda tlacak
Ing tengah-tengah dalan cor beton
Gari kesepen kinemulan samun
Atiku tansaya ngungun
Kendharaan-kendharaan kang banter playune
Jebul mandheg kabeh ing parkiran kang ora samesthine
Jiniret tali pepalang pindha ula welang

“Wong ora nganggo nandur endhas kebo”
Geneya atiku dadi maido
Ing njaban pager
Sirah sapirang-pirang ngungak-ungak
Tanpa swara tanpa tanjak
Adoh ing semone ngundha paidon
“Wong ora nganggo nandur endhas kebo”
Geneya atiku dadi maido
Yen sirah-sirah iku malah thukul sungune
Satleraman sesawangan iku dakkipatake
Kebumen, 6 Juni 2021
Bantening Pangrasa
Ngrangkul ngelmu
Nggo sarana laku
Nggegem teknologi
Kanggo mbangun negri

Pembangunan maju
rakyate kuru
Pemimpine gengsi
Mulane dha korupsi
Pejabate bedhigal
Rakyate dadi tumbal
Kapuren, 7 Juni 2021
Tumbal Proyek
Ngaspal asal-asalan
Dhuwite dinggo rayahan

Sing dadi tumbal sing nganggo dalan
Garap sawah dadine omah
Nandur pari thukule pondhasi
Sing dadi tumbal para tani
Wit-witan ditegori
Udan nggicek rina wengi
Banjir teka wong padha wira-wiri
Kabeh kuwi sawijine tuladha sayekti
Awake dhewe kabeh minangka tumbal proyeke para mandhor kuwi.
(2021)
Rerasa Alam
Jiwaning jejagad tansah sambat
Alaming karudapaksa manungsa
Sinawang amung pambangunan
Tanpa asih uga kasih
Tumrap kasisih
Alas kang kebak arupa werna
Muspro ora dadi ana
Bleduk uga kowe
Sirna ngure dewe
Kali kang kebak padas tuntas
Asat tanpa toya
Ilang dadi tambang
Mobal dadi tumbal

Kali kang kebak padas tuntas
Asat tanpa toya
Ilang dadi tambang
Mobal dadi tumbal