Aiko Gibo, praktisi supranatural kondhang saka Jepang, sajroning bukune Finding Your Guardian Spirit (2003), nyeratake pengalamane nglakoni proses ‘ngraga suksma’ nalika turu tanpa disengaja. Digambarake nek awake mumbul, banjur bisa nyawang badhane sing isih mapan ing dhuwur kasur. 

Dumadakan, saka sakwalike cendela kamar, ana cah wedok cilik gedhor-gedhor. Jebul cah wedok cilik kuwi sedulure sing mati dhisikan pirangane taun kepungkur. Aiko Gibo ngetutake sedulure sing sikile ora napak salju. Nganti tekan ing salah siji panggon sing diwenehi wewates arupa pager cahya.

Sedulure bisa nglewati wates pager cahya kuwi, nanging rikala Aiko Gibo arep ngetutake, dipenging dening sedulure, “Aja, durung wayahmu mrene, baliya. Engko aku sing kerep mara nyang ngomah.” Mengkono ujar sedulure. Wekasane Aiko Gibo bali menyang badhane, dheweke ketangi lan isih kelingan apa sing lagi wae dilakoni.

Aiko Gibo. Sumber: Pinterest

Miturut pocapan wong tuwane Aiko Gibo, pancen wiwit isih cilik Aiko Gibo kerep dolanan dhewean, omongan dhewe, embuh karo sapa. Senadyan mangkono, wong tuwane bisa mangerteni menawa anak sijine sing wis mati kerep dolan menyang omah.

Buku Finding Your Guardian Spirit iki wis diterjemahake menyang Basa Indonesia kanthi judhul Pengalaman Spiritual Berhubungan dengan Roh-Roh. Saka maca buku kuwi, jebul ana tradisi ing Jepang menawa saben seminggu pisan, wong Jepang kerep ngewenehi kembang seger ing papan kesenengan sedulur utawa kancane sing wis mati.

Wong Jepang sing rata-rata Shinto jebul duwe sesambungan kalawan agama Buddha. Nerangake menawa saben manungsa bakal entuk giliran lair meneh kajaba dheweke bisa uwal saka siklus kelairan. Bab kelairan meneh iki diadopsi Budha saka Hindhu nanging kanthi pola sing beda.

Siklus reinkarnasi. Sumber: Now Bali Magazine

Ing agama Hindhu, reinkarnasi (kelairan meneh) diwastani Samsara. Tegese, manungsa ing tembe mburi bakal ngundhuh wohing pakarti (karma) kanggo urip sakbanjure. Reinkarnasi sajroning Hindhu percaya menawa atman kuwi langgeng, ora bisa rinusak, lan bakal muter mbaleni kahuripan sing isih kebak lelakon ala. Banjur atman sing wis pindhah wadhah mau sithik akeh bisa ngelingi mangsane urip sakdurunge.

Konsep reinkernasi sajroning Hindhu nambahi menawa kabeh makhluk ing alam donya iki, klebu Dewa/Dewi, uga ketaman proses reinkarnasi saka Vidhata (Sing Kuwasa) kanggo nindakake karma. Bisa arupa paukuman, bisa arupa ganjaran, nanging ganjaran sing paling apik miturut Hindhu yaiku uwal saka samsara, mokhsa.

Banjur ing agama Buddha, reinkarnasi diwastani Tumimbal. Ing Buddha, siklus kelairan meneh pancen isih ditampa nanging dibedakake. Nek miturut Buddha, jiwa (atman) kuwi ora langgeg, bisa rinusak. Nalika proses Tumimbal kelakon, jiwa mau tetep bakal katut lair nanging ora kelingan mangsa urip mbiyen. Malah nek kandhane Buddha, sing langgeng ora liya yaiku ‘pancaran’ utawa ‘molekul’.

Tumimbal (reinkarnasi) sajroning Buddha ora bisa dipisahake saka konsep nirwana utawa kasuwungan. Malah, Tumimbal iki uga klebu lelaku ing alam suwung. Dawane proses lair, mati, lair, mati, lan sakteruse iki ora bakal ana enteke. Nanging kasuwungan sejati kuwi nek bisa medhot siklus Tumimbal banjur nyawiji papan ing kasuwungan.

Siklus reinkarnasi Buddha. Sumber: Medium

Tekan seprene, reinkarnasi isih dadi pitakonan paling gedhe. Agama-agama langit (samawi) ora aweh papan kanggo konsep reinkarnasi iki. Sakumpama pancen ana, ya kuwi tegese ditangekake nalika arep disidang Gusti. Mengkono panemune agama-agama Samawi ngenani reinkarnasi.

Ora sewates pitakonan ing konteks religius, ing konteks sains reinkarnasi isih terus diteliti. Kaya dene Ian Stevenson, 1997, ing bukune Where Reincarnation and Biology Intersect, nerangake salah siji tandha sing bisa dititeni menawa manungsa nglakoni reinkarnasi yaiku saka andheng-andheng. 

Wujud Konsep Reinkarnasi ing Teks Jawa

Sakumpama ana sing takon, apa konsep reinkarnasi kuwi asli produk budaya Jawa saka alam pikir wong Jawa? Cetha wangsulane, antarane iya karo ora, antarane bener karo pener. Dadi gumantung panemu apa sing arep disusun. Mula ora bisa angger jaluk menange dhewe.

Nek sreg aweh wangsulan ‘iya’, tegese jawabane ‘iya’ mau bisa dititeni nganggo tetenger piranti basa Jawa sing rumasuk sajroning konsep reinkarnasi (sinkretisme). Nanging nek luwih sreg kanthi jawaban ‘ora’, ya sing aweh jawabane kudu bisa njelasake kaya piye budaya Jawa sing asli, murni, tanpa anane pola sinkretis babar blas.

Pitakonan ing dhuwur mau dudu perkara utama ing wacanan iki. Piye-piyea, sakuntara iki, reinkarnasi ing Jawa sumbere katitik saka wewulang kawruh Hindhu lan Buddha. Konsep reinkarnasi uga dijelasake ing akeh karya sastra Jawa wiwit jaman sastra Jawa kuno mbiyen. Nanging, konsep reinkarnasi Jawa sajake kasil leburaning antara konsep reinkarnasi Hindhu lan Buddha. Banjur dadya konsep ‘manitis’.

Senadyan manitis bisa diarani leburaning konsep reinkarnasi antarane konsep reinkarnasi Hindhu lan Buddha, nanging tetep ana sing weh panemu nek nitis kuwi beda. Mula pambagiyane dadi samsara, tumimbal, lan manitis. Telung perkara mau ana wedharan dhewe-dhewe lan nelateni sabab sing beda.

Mas Prawira Atmaja, 1923, lumantar Serat Weddhakarana, nerangake; “Tumimbal lair punika sanes dipunsengaja, nanging saking kepeksa dening pengadilan utawinkepeksa dening karma utawi kekejengan remen dhateng kadonyan. Nanging nitis punika saking dipunsengaja, saged milih sedya nitis dhateng pundi utawi dhateng sinten ingkang kinajengaken.”

Serat Weddhakarana. Sumber: Sastra.org

Senadyan ana beda sing cetha, pangerten lan praktek satengahing masyarakat jebul ora ketara banget bedane. Kanggone wong-wong desa sing isih ngugemi ‘abangan’, manitis kuwi ya padha kalawan Samsara, ya padha karo Tumimbal.

Rata-rata karya sastra Jawa ora nyeritakake kanthi akeh babagan reinkarnasi. Biyasane malah ngewenehi wedharani dalan utawa ancer-ancer supaya manungsa bisa ucul saka reinkarnasi. Kasarane, reinkarnasi kuwi samubarang sing nek bisa kudu diendha lan aja nganti kelakon. Amerga reinkarnasi sing wujud kepenake kaya apa tetep kepetung kasangsaran.

Lakon wayang, minangka karya sastra Jawa, uga akeh ndudohi lakuning reinkarnasi ing saben paragane. Kaya ta Wara Srikandhi sing dipercaya reinkarnasine Dewi Amba kanggo nuntasake jejibahan mejahi Rsi Bhisma. Utawa Prabu Rama ing lakon Ramayana sing nglakoni reinkarnasi marang Prabu Krisna ing Mahabharata.

Pancen reinkarnasi iki ketara sangar, nanging ing sakwalike ke-sangar-an reinkarnasi, ana jejibahan utawa tanggung jawab supaya manungsa sing nglakoni reinkarnasi mau ngrampungi karmane ing urip sakdurunge. Cekake, reinkarnasi dadi kasil saka pengadilane Gusti.

Lukisan Srikandhi. Sumber: http://www.artnet.com/artists/pardoli-fadli/dewi-srikandi-27fVXisyPjVhEAWApOX3IQ2

Apa meneh reinkarnasi mau ora sewates mandheg ing sakjenis titah. Tegese, tanduran bisa reinkarnasi dadi kewan nek tumindak apik, lan kewan bakal reinkarnasi dadi manungsa watak ala nek nglakoni jejibahan minangka kewan kanthi apik. 

Tekan ing episode dadi manungsa iki, atman duwe pilihan, arep tumindak ala apa apik. Nek ala ya bakal kelakon reinkarnasine dadi kewan, nek apik ya dadi pandhita, nek apike banget bakal manjing ing alam kadewatan.

R. Adisupana,1935, ngimpun teks Islam lan Buddha ing Serat Pandom Pruwita, bab lakuning reinkarnasi ing serat kuwi diwastani manitis. Tumuli aweh wedharan bab gegayutane paukuman Allah lan reinkarnasi;

“Tiyang punika manawi pêjah sukmanipun oncat saking raga, sukma wau manawi botên sagêd sampurna wangsul dhatêng asalipun, punika dipun wastani sukma kêsasar utawi angsal ukumaning Allah. Kêsasaring sukma punika botên kenging tinamtokakên dhatêng pundi purugipun.”

“Wonten ingkang tumimbal lair malih taksih nunggil jinis,[19] wontên ingkang ngalam-alam inggih punika manggèn wontên ing alam kaalusan, wontên ingkang manitis dhatêng bangsaning kewan rumangkang, gêgrêmêtan, ibêr-ibêran lan ingkang gêsang wontên ing toya,”

“wontên ingkang manitis dhatêng bangsaning têtuwuhan, wontên ingkang dados bangsaning jin, setan, dhanyang, pêri, prayangan, brêkasakan ingkang sami manggèn wontên ing kajêng, sela, siti, pojokan, kuburan, wontên malih ingkang sirna dipun wastani manjing ing swasana utawi dados êndhêg amun-amun”

Nek niliki Tantu Panggelaran, proses reinkarnasi sing kelakon marang manungsa kuwi amerga nindakake Pancagati Sangsara (Setyani & Pudjiastuti, 2018). Pancagati Sangsara, lima lelara kasangsaran, iki nek ing teks Sunda, Sang Hyang Hayu, isine yaiku;

1) Buwana nggawe rusaking papan urip, 2) Sarira kerep sengaja nglarani awake dhewe, 3) Bayu nuruti godha tumindak ala, 4) Sabda pocapan sing ala, 5) Hedap duweni angen-angen angkara murka (Undang A Darsa, 2010).

Supaya ora kajiret ing Pancagati Sangsara, manungsa kudu tansah nyekeli Caturwarga. Aran liyane Caturwarga yaiku Caturpurusãrtha, tegese patang panjangaking urip manungsa. Isine Caturwarga yaiku dharma, artha, kama, lan moksa (Soeharto Mangkusoedarmo, 2005).

Tanpa bisa nyekel kanthi rapet Caturwarga, lelakon reinkarnasi ora mungkin bisa diakali utawa dienteki. Senadyan konsep reinkarnasi sajroning teks Jawa sing ngemu wewulang Hindhu lan Buddha wis arang, nanging ora banjur ing jaman Jawa modern iki ora ana tilas konsep reinkarnasi.

Tilas Konsep Reinkarnasi ing Jaman Jawa Millenial

Percaya orane marang reinkarnasi kuwi wis klebu urusan pribadhine dhewe-dhewe. Wacanan iki dudu jenis wacanan sing ngajak kanggo percaya reinkarnasi nanging mung aweh jlentrehan piye wujude konsep reinkarnasi ing Jawa.

Saka wedharan ing dhuwur mau. Bisa dijupuk pathisarine menawa ing Jawa konsep reinkarnasi Hindhu-Buddha ketambahan kalawan konsep manitis. Mula ana telung jenis reinkarnasi sing kelakon ing Jawa, yaiku Samsara, Tumimbal, lan Manitis.

Manitis mung bisa dilakoni dening wong sing pinilih. Dheweke duwe hak kanthi kersaning Gusti kanggo manjing ana ing sapa lan apa. Konsep iki sing paling akeh dianut dening wong Jawa, klebu wong Jawa modern sing ngrasuk agama Samawi nanging isih nggawa wewatek esoteris kejawen.

Pirangane tilas konsep reinkarnasi bisa dititik saka tembung-tembung falsafi sing isih kerep dinggo dening wong Jawa. Salah siji sing paling cetha tilase yaiku tembung Cakra Manggilingan. Awit saka tembung kuwi siklus manungsa ora sewates sebab-akibat nalika isih urip. Nanging ana terusane sing bakal mawujudake konsep reinkarnasi Manitis.

Cakra Manggilingan bisane kelakon jalaran kanggo sarana nindakake jejibahan lumantar Ngundhuh Wohing Pakarti. 

Perkara sing unik meneh bab reinkarnasi iki yaiku rasa penasaran sakjane awak dhewe iki titisane sapa, turunane sapa, lan reinkarnasine sapa. Aku ya duwe pitakonan kaya mengkono.

Nganti ing salah sijining wektu, nalika KKN ing Salatiga, keturutan ketemu karo wong sepuh desa sing bisa mbukak sapa sejatine wong sing manitis neng awakku.

Mbahe takon, “kowe pengin ngerti kowe kuwi titisane sapa?” Pitakonan mbahe ora langsung tak wangsuli. Takpikir jeru. Antarane pengin ngerti karo rasa wedi. Sakwise tak pikir mateng-mateng, wekasane tak tolak.

Aku ora pengin ngerti lan ora preduli sapa luluhurku lan sapa sing manitis neng awakku.

Aku ya aku. Tak lakonane uripku dhewe tanpa ana angen-angen sapa aku mbiyen. Sakumpama reinkarnasi manitis kuwi tenanan ana. Aku yakin wong sing dadi aku ing jaman biyen uga duwe pemikiran sing padha.

Awak dhewe urip kanggo mangsa jamane awak dhewe, dudu nerusake perkara ruwet ing jaman mbiyen. Mula dulur-dulur taksuwun. Wacanan iki dudu kanggo aweh legitimasi marang kadhemenanmu marang mistis. Wacanan iki wedharan pamikiran.

Sumber Wewacan

  1. Adisupana, ed, 1935, Pandom Pruwito, Tanaja: Soerakarta
  2. Atmaja, Prawira, 1923, Weddhakarana, Duk Kalimasada: Soerakarta
  3. Budianta, M, dkk, ed, 2018. Cultural Dynamics in a Globalized World, London: Taylor & Francis
  4. Darsa, Undang A, 2010, artikel, Sang Hyang Hayu Sebuah Pengetahuan Tentang Kebajikan, Jurnal Jumantara Vol.1 No.2, Perpusnas, Jakarta, 53-64
  5. Gibo, Aiko, 2003, Manusia Tidak Mati Pengalaman Spiritual Berhubungan dengan Roh-Roh, terj Dwi Helly P, Jakarta: JAKARTA
  6. Mangkusudarmo, Soeharto, 2005, artikel, Erotisme dalam Teks Sastra Jawa Kuno, Jurnal Humaniora Vol.17 No.1, UGM, Yogyakarta, 100-114
  7. Schoorl, J.W, 1985, artikel, Believe in Reincarnation  on Buton, S.E. Sulawesi, Indonesia, Bijdragen tot de Taal-, Land- en Volkenkunde 141 (1985), no: 1, Leiden, 103-134
  8. Stefonson, Ian, 1997, Where Reincarnation and Biology Intersect, USA: Praeger Publisher
Latest posts by jiwajawasastra (see all)