Mengunjungi Tilik sebagai alat legitimasi rasan-rasan. Mempertengangkan rasan-rasan berdasarkan kultur desa dan kota adalah kesalahan fatal

Biyen neng ulasan film Turah wis nate dakkandhani ta nek film basa Jawa bakale munggah ing wektu candhak iki? Durung garing tulisane, saiki wis ana film meneh, nganggo basa Jawa, tur kelakon viral, yaiku Tilik. Kenapa bisa viral? Percaya utawa ora, salah siji sebabe bisa viral yaiku anane subtitle.

Jajal nek ora diwenehi subtitle, dakjamin, wong Jawa dhewe wae mesthi akeh sing ora dhong. Wkwkwk. Apa meneh wong Jawa sing sakumur uripe ora akrab karo dialek Mataraman, wabilkhusus, ’embantulan’.

Tulisan iki ora bakal mbabar babagan subtitle, wedharan subtitle wis disiyapake kanggo nanggepi film liyane. Kanggo film Tilik, sing paling penak dirembug yaiku cangkeme wong wadon: rasan-rasan.

Ora prelu ngurusi perkara kritik film, moral, utawa perkara realita uripe wong Jawa. Saka akehe tulisan sing wis metu, durung ana tulisan sing nerangake film Tilik nganggo kacamripate wong Jawa dhewe. Kamangka, ora sithik wong sing aweh ulasan mau asline uga Jawa.

Meneh, film Tilik sing viral saiki mecah kumpulan wong. Ana sing nganggep film Tilik minangka hiburan wae, tur ana uga sing aweh perspektif lan kritik kanggo film Tilik. Sakliyane iku, nganti ana sing ngunekake bab kota vs desa.

Miturut sebagiyan netijen ‘desa’, wong kutha dianggep ora bisa lan ora ngerti apike film Tilik amerga ora ngerti kabudayan lan basa Jawa. Sakjane, sing bermasalah neng kene dudu wong sing ngritik film, nanging para penontone sing rumangsa ‘Jawa’ mau.

Ana uga sing muni nek film Tilik malah nduduhake sisi film sing ngajak penonton supaya percaya ‘hoax’. Bisa didelok ing wayah tutupan film. Ana adegan twist, sing miturut para kritikus film, dianggep mengampanyekan hoax, amerga adegan tutupan mau memihak utawa mbenerake kabeh rerasane Bu Tejo. Gandheng ana kritikus sing nganggep ngono, para penonton langsung ngunekake para kritikus film minangka kritikus sing nguber ‘nilai moral’ mirip penonton film jaman Orba.

Sumber: Twitter

Emane, para penonton mung sewates ngunekake si kritikus lumantar kolom komentar, durung ana sing aweh tulisan tandhingan kanggo mbantah anggepane si kritikus film. Nek wis ngono kuwi rak malah macet ta rembugane?

Mula nek disawang kanthi temenanan, sakjane dudu kritikus filme sing duwe masalah, nanging penontone. Nek ora pengin film favorite dicacat, ya gaweya tulisan tandhingan, ora mung nyacat-nyacat. Mula tulisan iki digawe kanggo para penonton.

Pancen ana ulasan sing jajal nolak anggepan si kritikus film, nanging tibane mung babagan kultur ‘kutha’ vs ‘desa’. Tulisane ing Terminal Mojok, nyoba aweh pemahaman nek wong desa kuwi kanyatane pancen kaya para tokoh ing film Tilik. Saben dina panganane wong wedok desa kuwi rasan-rasan. Realita desa kuwi kaya film Tilik. Tapi, sik ta. Rumangsaku wong kutha ya padha wae. Ora kurang uga wong kutha sing demen rasan-rasan, apa meneh ibu-ibu sosialita. 

Rasan-rasan kuwi luwih saka babagan kultur kutha vs desa.

Film Tilik diproduksi dening Ravacana Films kanthi dibandhani Kundha Kabudayan DIY. Cendhake, film Tilik nyeritakake para ibu-ibu, sing sawangane ibu-ibu iku kumpulan PKK, budhal menyang rumah sakit kanggo niliki utawa nyambangi utawa ngindangi ibu lurah sing lagi nandang lara.

Anggone budhal menyang rumah sakit kanthi numpak praoto sing dijenengi Gotrek. Satengahing dalan, para ibu-ibu ngetokake kabeh uneg-uneg bab ibu lurah, lurah, lan anak wedok sing jenenge Dian. Wiwit saka perkara selingkuhan, nganti perkara warta hoax.

Tokoh sing dadi sorotan utama yaiku Bu Tejo. Dheweke entuk tanggung jawab minangka wong wadon sing obong-obong blarak sajroning film Tilik. Kabeh masalah ing film Tilik, bisa kelakon amerga jasa saka lambene Bu Tejo sing bisa akrobat molah-malihake antara fakta lan imajinasi.

Coba bayangake nek sing dadi lakon si Gotrek, dadi ora film Tilik e? Ora ta? Lha wong Gotrek peran utamane ya mung nyopiri praoto. Masa iya dheweke sing dadi lakon ngobongi blarak.

Miturut Bausastra anggitane Poerwadarminta, tembung ’tilik’ kuwi padha maknane kalawan tembung ‘indang’. Artine, nekani wong lara, nyambangi wong sing lagi lara. Nyawang kahanane sing lara mau kepiye. Wis penakan utawa durung. Sinambi aweh sokongan moral kanggo kulawargane sing lara. Tradisi tilik utawa ngindangi iki pancen ora bisa ucul saka jati dhiri kolektife wong Jawa. Sing lara siji, sing nyambangi bisa wae nganti atusan.

Senadyan judul filme Tilik, awak dhewe ora bakal nemu adegan tilik sing saktemene. Antara rombongan ibu-ibu lan Bu Lurah, nyatane ora nate ketemu. Ora ana adegan tilik ing film Tilik. Tekan rumah sakit, para ibu entuk kabar menawa Bu Lurah isih neng ICU, durung bisa ditiliki.

Pancen, kanthi nyata ing filme ora ana adegan ’tilik’, sing artine nyambangi wong lara. Nanging, rombongan ibu-ibu mau numpak praoto tujune yaiku arep tilik Bu Lurah sing lagi lara. Banjur, kena ngapa kokdiwenehi judhul ’tilik’ nek ora ana adegan ’tilik’ temenanan? Apa mung amerga tujuwane ibu-ibu mau saengga dijudhuli tilik? 

Sakjane, nek titis nontone, wiwit saka bukakan nganti tutupan film Tilik, Bu Tejo lan ibu-ibu liyane mau ngakon penontone sing nindakake tilik. Maksude, awak dhewe minangka penonton sing nyatane malah budhal tilik, yaiku niliki kanyatan sajroning film. Kira-kira, sapa sing ditiliki? Ya para lakone. Tegese, sing lara sakjane dudu Bu Lurah, nanging ibu-ibu ing film Tilik. Dudu paragane, nanging karaktere sing lara.

Cilakane, para penonton Tilik malah bangga tur seneng amerga rumangsa pakulinan rasan-rasan ana sing ‘melegitimasi’. Miturut para penonton, rasan-rasan kuwi ora masalah, tur ora ana alane. Lha wong film sing isine rasan-rasan wae bisa nganti sukses.

Lha malah neng kene iki sing dadi masalah. Sakjane sakkarepe penonton arep seneng utawa ora bab rasan-rasan sajroning film Tilik, perkarane, nek para penonton langsung ujug-ujug ‘sepakat’ karo rasan-rasan tur nganti bangga sisan, tegese para penonton film Jawa kuwi isih durung diwasa, maksude, isih gampang kena pengaruh. Mesthine nek film Tilik dianggep ‘hiburan’, ya aja jupuk nilai apa wae saka film, klebu nilai supaya bangga nindakake rasan-rasan.

Ana sing percaya nek rasan-rasan kuwi wujud ‘bersosial’ kanggone wong Jawa, kamangka saktemene rasan-rasan kuwi sipate universal. Tegese, ora mung Jawa thok sing duwe pakulinan rasan-rasan.

Film Tilik luwih apik meneh nek dianggep minangka film sing mbukak wawasan nilai universal, ora mung nilai realitas Jawa. Nek dianggep mung nilai realitas Jawa, film-film Jawa liyane bakal mandheg ing batine wong Jawa, ora sumebyar tekan wong liyane Jawa.

Rasan-rasan bisa kelakon jalaran saka alur gethok tular. Bisa diarani, rasan-rasan kuwi uga klebu upaya kanggo ngumpulake informasi, embuh bener embuh ora informasine. 

Satus persen wani takjamin, penonton sing seneng banget marang film Tilik mesthi penonton saka kultur Jawa lan ora adoh banget karo basa Jawa. Mula ya wajar wae nek ana sing ngritik film Tilik, penontone langsung nesu, amerga ngritik film basa Jawa padha karo ngece wong kabudayan Jawa. Kamangka ora gumun sisan menawa film Tilik dadi viral. Cacahe wong Jawa sing wis semene akehe kirane cukup dadi daya dongkrak kanggo jaminan viral.

Luwih saka kuwi, kritikus film mbiji film saka filme dhewe, saka struktur filme, dadi ora urusan bab kabudayan Jawa sing digawa. Kanggo masalah iki, mesthine penonton film Tilik bisa nampa. Piye-piyea, tanpa ana kritikus film, film Jawa bakal angel maju ing babagan konsep lan teknis. Supaya ora ketinggalan, sakliyane dadi penonton, penonton uga bisa dadi ‘pembaca’. 

Wis pener judhule Tilik. Para penonton diajak niliki karakter-karakter sing ora sepira pener sajroning kabudayan Jawa. Entuk wae film Tilik dianggep minangka ‘legitimasi’ rasan-rasan, nanging awak dhewe sing nonton uga prelu nyawang utuhing film Tilik. Tur, awak dhewe kudu duwe jawaban, kena ngapa neng bagiyan pungkasan film rasan-rasane Bu Tejo bab Dian terbukti? Aja-aja Bu Tejo idu geni?!

Gombalamoh
Latest posts by Gombalamoh (see all)